Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

[ ii ]KEMPALAN CARIYOS
RAKYAT JAWI
Tim Juri Lomba :
- Drs. Octo Lampito, MM
- Drs. Muhammad Suhud
- E. Suharjendro
- Dra. Titi Mumfangati
- R. Bima Slamet Raharjo, S.S., M.A.
Tim editor :
- Yulia Rustiyaningsih, SIP, MPA
- Drs. RM Budi Santosa
- R. Bima Slamet Raharjo, S.S., M.A.
- Widiyastuti, S.S., M.Hum.
Naskah kacetak sami kaliyan aslinipun
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta
Jl. Subroto 11 Kotabaru Yogyakarta, Telp./Fax. 0274-588025
Website : http://pariwisata.jogjakota.go.id, Email : pariwisata@jogjakota.go.id
Ing wekdal samangke, basa Jawi ingkang mujudaken basa ibu menggahing warga kitha Ngayogyakarta kawawas sampun kathah dipuntilar, mliginipun dening para mudha. Bab punika amargi basa Jawi dipunraosaken angel wonten ing prekawis undha-usuk, paramasastra, lan sanes-sanesipun. Prekawis ingkang mekaten punika wau dipundadosaken pawadan tumrap para wiranem lajeng boten sami purun amarsudi dhumateng basanipun piyambak. Wonten ugi panganggep bilih basa Jawi punika menawi dipunujaraken mawi tembung sakpunika ga’ gaul, saengga para mudha lajeng kirang mangertosi lan boten utawi awis-awis dipunginakaken ing saben dintenipun. Ewa semanten, boten lajeng dipungebyah uyah mekaten kemawon. Menawi dipuntlusur kanthi setiti, pranyata taksih kathah ugi para mudha ingkang remen sarta amarsudi dhumateng basa Jawi. Basa Jawi sejatosipun taksih ngrembaka ing kalanganing masyarakat bebrayan agung, namung kemawon kawontenanipun tansah kadhesek majenging jaman. Wonten ing ngriki, lajeng pamarentah kupiya nggrengsengaken sarta njunjung basa saha kasusastran Jawi supados dipunremeni malih.
Minangka bebadan pamarentah ingkang gadhah jejibahan utawi kuwajiban kangge angrembakaken, nglestarekaken, angleluri, sarta anggulawentah dhumateng kagunan sarta kabudayan, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kitha Ngayogyakarta mawas wontenipun wekdal ingkang pas sarta mirunggan kangge mangertosi dumugi sepinten kawigatosanipun masyarakat dhumateng basa saha kasusastran Jawi punika. Wonten ing taun 2010 punika sampun kasil dipunwontenaken Lomba Penulisan Cerita Rakyat Berbahasa Jawa kangge tataran umum kanthi mendhet tema ageng “Cintai Budaya Jawa, Cintai Bahasa Jawa” Kridha punika dipuntindakaken boten sanes minangka wujud kawigatosanipun pamarentah salebetipun angrembakaken basa sarta kasusastran Jawi.
Sasampunipun dipunbiji, sangking 70 seratan naskah ingkang dipuntampi panitia, wonten 21 naskah ingkang kasil mlebet unggulan utawi dados nominator. Minangka kupiya sosialisasi ugi sarta angajab mekar sarta amiyaraken tebaning cariyos rakyat mawi basa Jawi, pramila dipunupayakaken supados saged terbitipun buku kempalan cariyos rakyat Jawi. Wontenipun buku punika kaajab saged dados perangan kupiya angrembakaken basa saha sastra Jawi wonten bebrayan agung, mliginipun kangge pelajar sarta para mudha. Ing mangkenipun, buku punika badhe dipunsukakaken wonten ing perpustakaan, pawiyatan, bebadan pendhidhikan, sanggar pasinaon, sarta masyarakat.
Ing pangajab, kanthi medalipun buku punika, basa sarta sastra Jawi badhe langkung ngrembaka sarta “akrab” ing masyarakat kitha Ngayogyakarta. Ing mangkenipun saged ngirangi pamanggih ingkang sipatipun kuwatos menawi basa saha sastra Jawi badhe ical kadhesek majenging jaman. Bab punika amargi basa sastra kasusastran Jawi taksih dipunangge lan dipunugemi sarta dipunjagi murih sempuluripun dumugi tembe wingking, mliginipun ing kitha Ngayogyakarta.
Sumangga, sesarengan basa Jawi tansah dipunginakaken, dipunuri-uri, sarta dipunremeni kanthi angulinakaken ing saben dintenipun wonten ing tataran kulawarga sarta salebeting bebrayan agung utawi masyarakat. Basa Jawi sageda dados basa padintenan. Mugi buku ingkang prasaja punika saged murakabi menggahing masyarakat kitha Ngayogyakarta
Kepala
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan
Kota Yogyakarta
Yulia Rustiyaningsih, SIP, MPA

ATUR CECALANIPUN WALIKOTA YOGYAKARTA
Ngayogyakarta (nami resminipun mawi basa Indonésia: Yogyakarta) sampun kawentar sami kaliyan Jawi, boten namung amargi dumunung ing Tanah Jawi, nanging ugi amargi theg-kliwering gesangipun kasaput ing kabudayan Jawi. Ngayogyakarta tetéla dados pusering kabudayan Jawi ingkang tansah setya ngrungkebi ajining budaya wonten ing gesang padintenan. Ngayogyakarta ugi sampun kawentar sami kaliyan santosaning daya makarti ingkang ngédab-édabi. Boten namung saking limpating nalar, nanging ugi saking kasetyaning bebrayanipun. Boten nggumunaken manawi Ngayogyakarta wantun pratéla bilih ngriki dunungipun Jawi ingkang nyata, Jogja The Real Java.
Woundene semangat "Njawani" nyangkul tanggel jawab ingkang boten ènthèng, amargi ngedahaken sinten kémawon tansah nglestantunaken ajining budaya Jawi wonten ing gesang padintenan. Menika ingkang dados kawigatosan kula salebetipun ngayahi lampahing papréntahan ing Kitha Ngayogyakarta. Boten ngemungaken ngecakaken ajining budaya wonten ing greget makarya, nanging ugi nggegesang ajining budaya wau wonten ing gesangipun bebrayan Ngayogyakarta. Nguri-uri tatacara ingkang laras kalian ombyak lan majenging jaman, mugi dados kepribadènipun Kitha Ngayogyakarta, kitha manékabudaya ingkang adhedhasar ajining budayanipun piyambak.
Basa Jawi menika sawenèhing budaya aji ingkang boten ngemungaken dados basa pagineman, nanging ugi ngewrat èdining tatakrami. Unggah-ungguh basa Jawi boten ateges mbédakaken drajating tiyang, nanging mujudaken èdi-éndahing tatakrami. Senadyan wonten ingkang nganggep bilih basa Jawi wiwit dipuntilar, nanging yèn purun nyinau, jebul nyatanipun boten makaten. Kanthi nyinau, ngresepi lan ngulinakaken malih basa Jawi, badhé kalampah malih basa Jawi dados basa ibu ing bebrayan Ngayogyakarta.
Kababaripun buku Antologi Cerita Rakyat menika mujudaken péranganing kupiya nyinau lan ngresepi basa Jawi ingkang katindakaken Pamarentah Kitha Ngayogyakarta. Mugi-mugi buku menika migunani tumrap kupiya nglestantunaken lan mekaraken basa Jawi.
H. HERRY ZUDIANTO
Atur Pambuka Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta |
iii |
Atur Cecalanipun Walikota Yogyakarta |
iv |
Daftar Isi |
v |
1. | Laku Tapa Kang Aneh (M. Priharti Wiyani) |
1 |
2. | Dumadine Tumbak Kiai Baru Klinthing (Sigit Hartanto) |
6 |
3. | Pangurbanan Kang Tulus (Hindardinah Sukadi) |
12 |
4. | Watu Gatheng (Siti Sumaryanti) |
17 |
5. | Kenya Kebak Reka (Komarudin) |
23 |
6. | Watu Kang Nggegirisi Ing Pucuking Gunung Mbecari
(Sri Rahayu) |
30 |
7. | Sendhang Klangkapan (Pardi Suratno) |
37 |
8. | Ki Ageng Paker Lan Ki Jaka Mangu (Rahman Wirawan) |
43 |
9. | Dumadining Desa Sumoitan (Ester Pratiwi) |
51 |
10. | Wengkon Kleben (Risang Yudhistira Sugiyana) |
60 |
11. | Jago Kluruk Tengah Wengi (Imam Wicaksono) |
67 |
12. | Rukun Agawe Santosa Crah Agawe Bubrah (Sri Haryanti) |
74 |
13. | Asal-Usul Jeneng Sakperangan Desa Ing Tlatah Bantul (Winarsih) |
80 |
14. | Mula Bukane Gunung Tambalan (M. Mariyam) |
85 |
15. | Tombak Naga (Yohanes Siyamta) |
90 |
16. | Sumur Pengadil (Retno Widowati) |
94 |
17. | Mulo Bukane Ana Tembang Gambuh (Rachmad Djoko Pradopo) |
99 |
18. | Dumadosipun Dwaja Kangjeng Kyai Tunggul Wulung Saha Kagungan Dalem Pasareyan Pajimatan (Gunawan Sigit Putranto) |
105 |
19. | Dhahnyang Gunung Tugel (Tulus Widodo) |
111 |
20. | Nglarah Bab Dumadine Kawah Jaka Pekik Lan Lara Dhenok. (D. Djumadi) |
116 |
21. | Mangir, Tanah Perdikan (Piet Hari Santosa) |
125 |
Laku Tapa kang Aneh
M. Priharti Wiyani
Rikala agama Islam mlebu ing tanah Jawa, kanthi tinengeran adege kraton Demak kang dipimpin dening Raden Patah. Agama Islam wis wiwit ngrembaka ing tanah Jawa. Dene kraton Majapahit wiwit ilang pamore. Apa maneh bareng Raden Patah nyebar wong-wong kang diutus nyebarake agama Islam ing tlatah Majapahit, akeh wong Majapahit kang padha nyingkir saka Majapahit, jalaran ora gelem ngrasuk agama Islam. Semono uga kang dialami dening Raden Bandhem, putrane Prabu Brawijaya, ratu ing Majapahit kang pungkasan, kang isih ngukuhi kapitayane yaiku agama Hindu.
Raden Bandhen lan para pandhereke jengkar saka Majapahit, tindak saparan-paran kedharang-dharang kanthi laku sesidheman, wusana tumeka ing tlatah Parangtritis. Dene ing Parangtritis banjur ngedegake padhepokan ing sandhuwure gumuk kang aran gumuk Pamancingan.
Gumuk Pamancingan sesawangane endah banget. Panggonane trep yen kanggo padhepokan, adoh saka papan padunungane para warga. Ya, papan kang kaya ngene iki kang dikersaake Raden Bandhem. Papan kang cocok kanggo semedi.olah kabatinan ngundhakake daya spiritual lan cocok kanggo olah kanuragan para pandhereke. Lan sing mesthi bisa nyingidake Raden Bandhem sapandhereke saka para utusane Raden Patah kang nyiarake agama Islam ing tanah Jawa iki. Dene Raden Bandhem madeg dadi sesepuhe padhepokan kono.
Sawise sawetara wektu suwene Raden Bandhem nglenggahi padhepokan Gumuk Pamancingan, ana pawongan utusane Raden Patah saka kraton Demak kang aran Syeh Maulana Mahgribi rawuh ing tlatah Parangtritis kono. Dene rawuhe ing kono mau amarga kadhawuhan dening Raden Patah, supaya mekarake utawa nyiarake agama Islam.
[ 2 ]
Ing sisih sabrang gumuk amancingan,padhepokane Raden Bandhem, ana gumuk kang aran gumuk Sentana. Sesawangan ing gumuk Sentana asri banget, apamaneh yen pinuju ana pucake gumuk Sentana, banjur nyawang samodra, sesawangane katon endah banget. Mulane Syekh Maulana Maghribi banjur kepingin nglenggahi gumuk Sentana. Gumuk Sentana banjur kabangun dadi pesantren. Syekh Maulana Mahgribi piyambak kang dadi tetunggule pesantren iku. Sesawangan kang endah lan swasana kang ayem tentrem mujudake papan kang cocok kanggo pesantren, uga papan kang cocok kanggo sinau para santrine. Para santrine Syekh Maulana Mahgribi banjur kaboyong nglenggahi gumuk Sentana.
Swasana ing gumuk Sentana dadi panjenengane regeng, swarane para santri sing padha ngaji, tansah ngrenggani swasana ing gumuk Sentana. Kabantu para santrin padha sregep nglumpukake wong-wong sakiwa tengene Parangtritis kono saperlu ngrembakakake agama Islam, kaya kang didhawuhake dening Raden Patah.
Wusana agama Islam cepet ngrembaka ing tanah Jawa. Syekh Maulana Mahgribi uga nate silaturahmi ana ing padhepokane Raden Bandhen, nanging Raden Bandhen sapandhereke isih puguh ngugemi marang kapercayane. Ing sawijining wektu embuh angin apa kang bisa mosikake penggalihe Raden Bandhen panjenengan banjur kesengsem mlebu marang agama Islam kang digawe/disebarake dening Syekh Maulana Mahgribi.Malah kabeh pandhereke padha diajak ngrasuk agama Islam. Wusana padhepokan Gumuk Pamancingan saiki malik dadi
pesantren, dene Raden Bandhen saikine dadi sesepuh pondhok kanthi ganti asma dadi Syekh Bela Belu.
Sanajan wus dadi sesepuh pesantren, Syekh Bela Belu isih kagungan pakulinan semedi, olah batin kaya adat saben rikala dadi sesepuh padhepokan biyen.
Pakulinan semedi lan olah batine cara piyambake kalebu aneh yen kawawas dening nalar. Dene olah batin iku wujude kanthi ngliwet, dhahar terus tanpa nganggo
ngaso, nganti slirane dadi lemu banget. Kaya-kaya yen dinalar mung nengenake kanikmatane ragane wae, nganti intipe dadi akeh banget, ditata, dipepe ing gendheng
sarta ing gedheg.
Sing dirasa aneh ana ing laku tapane Syekh Bela Belu yaiku sadurunge ngliwet, gabah dionceki mbaka siji, yen wis keanggep cukup, banjur diliwet, ditunggu nganti mateng. Dene yen wis mateng, banjur dikedhuk, nanging banjur disebar ing sadhuwuring wedhi, anggone dhahar sarana milihi sega sing wis campur wedhi iku, diresiki mbaka saelas, lagi didhahar. Mengkono iku dilakoni ing saben dinane. Dadi pagaweyane saben dinane mung ngonceki gabah, ngliwet, milihi utawa ngresiki sega saka wedhi lan dhahar, ngono terus wae.
Nyumurupi cara semadine Syekh Bela Belu kang ora lumrah iku, Syekh Maulana Mahgribi nate ngendikan mangkene :" Yen kaya mangkono iku ,dudu
[ 3 ]
laku prihatin, nanging mung nengenake kanikmatane raga, kanthi nggedhekake puluk, mung mangan wae, ora cocok karo ajarane agama.
Syekh Bela Belu mangsuli " Senajan ketingalipun kula namung nengenaken tedha, nanging kados ngaten wau wujuding lampah semedi kula ingkang sampun mataun-taun tetaunan kula lampahi, dene yen panjenengan kirang pitados panjenengan saged dhawuhi kula punapa kemawon kangge ndadar kesagedan ingkang sampun kula gadhahi, sarana lampah semedi kula menika."
Syekh Maulana Mahgribi gumun lagi iki kepethuk cara laku tapa kang aneh lan ora umume dilakoni. Amarga isih durung pitados cara laku tapa kaya sing
dilakoni dening Syekh Bela Belu iku wujuding laku tapa apa mung pawadan kanggo mbenerake anggone nguja kasenengane mangan.wae, mula Syekh Maulana banjur
mung gedheg-gedheg lan meneng wae.
Ing batin Syekh Maulana nglelimbang, kang tau diweruhi yaiku tapa ngidang, tapa ngeli,tapa ngrame lan sapanunggalane. Lha kok durung tau nemoni cara tapa kaya sing dilakoni dening Syekh Bela Belu iki. Panjenengane dadi duwe penemu yen laku tapane Syekh Bela Belu mung ngayawara, kanggo pawadan kasenengane
nguja anggone mangan wae. Kabeh kang dinuga dening Syekh Maulana, kaya-kaya dadi abot ing pamikire, lan kawetu ana ambegane kang landhung.
Sawise Syekh Bela Belu priksa yen Syekh Maulana isih durung percaya marang laku tapane kang aneh iku, Syekh Bela Belu banjur matur, "Kula pitados
bilih lampah semedi kula ingkang aneh menika ugi saged kangge lampah tumuju dhateng gegayuhan kula,dene menawi tiyang sanes saged ngginakaken cara sanes, sumangga kersa, kula tetep badhe ngginakaken cara kula piyambak kados ingkang sampun kula lampahi menika. Mbokbilih panjenenganipun dereng pitados, mangga dipun cobi. Panjenengan ngangge cara panjenengan, dene kula mawi cara kula piyambak kados ingkang sampun kula lampahi punika. Dene wekdalipun setunggal wulan wiwit dinten menika sasampunipun setunggal wulan, panjenengan badhe ndhawuhi kula menapa kemawon kula badhe ngladosi sasaged-saged kula"
Syekh Maulana sarujuk marang kersane Syekh Bela Belu iku. Ana ing batin panjenengane kepingin mbuktekake apa bener laku tapane Syekh Bela Belu iku,
apa mung pawadan kanggo mbenerake kasenengane mangan wae.
Syekh Maulana ngendika, "Yoh,aku sarujuk karo panemumu, yen sajrone sesasi iki, kowe laku tapa nganggo caramu dhewe, semono uga aku arep nggunakake
caraku dhewe. Dene yen wis tekan wektune, ayo padha dicoba dhisik endi anggone tekan ana Mekah, saperlu nindakake sholat Jumuwah bebarengan ana ing mesjid ".
Syekh Bela Belu uga banjur nyarujuki lan miwiti laku tapa kaya kang saben dinane dilakoni, yaiku ngonceki gabah mbaka siji, ngliwet, ngedhuk, banjur nyebar segane menyang tampah kang kebak pasir, dipilihi,diresiki mbaka saelas, lagi
[ 4 ]
M. Priharti Wiyani
didhahar. Mengkono iku sateruse nganti sesasi.
Ing dina sing wis ditemtokake, Syekh Maulana arep mriksani kepriye Syekh BelaBelu anggone tata-tata arep menyang Mekah. Nanging sepira kuciwane Syekh Maulana, bareng priksa yen Syekh Bela Belu durung ketok tata-tata arep menyang mesjid. Malah kepara lagi enak-enak ana ngarep keren, tunggu liwetan.
Ature Syekh Maulana; "Apa kowe lali marang kasaguhanmu,yen dina iki arep Jumuwahan ana Mekah, teka isih enak-enak ana ngarep keren?"
"Kula mboten kesupen kaliyan kasagahan kula, nanging kula dereng saged bidhal yen dereng nedha rumiyin, kamangka kula nembe ngliwet, punika dereng
mateng. Menawi panjenengan badhe tindak rumiyin, mangga kula aturi tindak rumiyin, mangke kula badhe nusul sasampunipun liwetan mateng" Mangkono ature Syekh Bela Belu kanthi sareh, sarta sinambi nyugokake kayu ing kerene.
Sajroning manahe Syekh Maulana sekel, dene Syekh Bela Belu nyepelekake marang janjine, tegese laku tapane mung kanggo pawadan supaya kasenengane
mangan tansah kasembadan.
Syekh Maulana banjur ninggalake papan kono kanthi sekeling penggalih lan banjur gegancangan tumuju menyang mesjid Mekah saperlu nindakake sholat
Jumuwahan kaya kang wus diucapake ing ngarep. Senajan Syekh Bela Belu kaya-kaya ora nggape mung ubeg nyugokake kayu ana ngarep keren kanggo matengake
liwete.
Gancaring carita, Syekh Maulana Mahgribi kanthi nggunakake daya kasektene, mung sakedhep netra wae, wus tekan Mekah, papan kang dituju kanggo
sholat Jumuwahan. Ing batin Syekh Maulana rumangsa mongkog dene bisa nggunaake kasektene kanggo lumawat menyang mesjid Mekah sing adoh banget saka kutha Ngayogyakarta. Mbok menawa yen nggunaake prau bisa kalakon pirang-pirang minggu rikala samana, nanging bisa katempuh dening Syekh Maulana mung sakedheping netra. Sajroning manahe Syekh Maulana Mahgribi rumangsa yen bisa ngalahake Syekh Bela Belu. Mulane ora enggal mlebu ing mesjid angkahe karo ngenteni tekane Syekh Bela Belu lan arep mbuktekake marang Syekh Bela Belu yen laku tapa cara Syekh Maulana Mahgribi sing bener-bener laku tapa kang apik lan bener. Ora kaya laku tapa kaya sing dilakoni dening Syekh bela Belu kang aneh, mung nengenake anggone mangan wae.
Kocapa bareng Syekh Maulana thingak-thinguk nggoleki Syekh Bela Belu ing antarane wong-wong kang lagi padha ilir teka ing papan kono, dumadakan panyawange Syekh Maulana tumuju menyang njeron mesjid Mekah. Saiba kaget lan gumune Syekh Maulana Mahgribi bareng priksa ing barisane para jamaah, kang ana ngarep wis katon Syekh Bela Belu lungguh sila. Kang ateges anggone teka mesthi luwih dhisik dhewe amarga bisa entuk papan ing ngarep.
[ 5 ]
Dene mau anggepe Syekh Maulana sing paling cepet tekan ing papan kono, merga bisa dilakoni mung sakedheping netra, nanging kena apa isih kalah cepet karo Syekh Bela Belu. Kamangka rikala Syekh Maulana tindak, Syekh Bela Belu lagi adang sega, durung ngadhuk sega lan milihi sega saka pasir, banjur durung dhahar sisan, teka saiki malah wis tekan mesjid Mekah luwih dhisik katimbang Syekh Maulana Mahgribi.
Syekh Maulana Mahgribi banjur nusul lenggah ing sacedhake Syekh Bela Belu lan kersa ngakeni yen pranyata laku tapane Syekh Bela Belu kang aneh iku uga bisa kanggo nggayuh tujuwan. Uga ngakeni yen kasektene Syekh Bela Belu luwih unggul katandhing marang kasektene Syekh Maulana Mahgribi.
Sajroning batin Syekh Maulana Mahgribi getun dene wis nyepelekake wong liya, ora gelem ngakoni kaluwihane wong liya, lan ngagul-agulake kabisane dhewe. Mula Syekh Maulana Mahgribi banjur tumungkul sujud ing ngarsane Gusti Allah, saperlu nyuwun pangaksama awit saka anggone ngagul-agulake kabisane.
Daftar Pustaka
- Bambang Suwondo ( 1980/1981 ), Cerita Rakyat Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Depdikbud, Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah.
- Haryana Harjawinaya, Supriya, Th (2000), Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa, Yogyakarta : Kanisius.
- Sudaryanto, Pranowo, (2001), Kamus Pepak Basa Jawa, Yogyakarta: Badan Pekerja Konggres Bahasa Jawa
[ 6 ]
Dumadine Tumbak
Kiai Baru Klinthing
Sigit Hartanto
Nalika samana ing tlatah Mangiran Bantul ana bocah wadon, isih prawan, ayu rupane, putra putrine Demang Mangiran. Kenya iku mau ora duwe bojo lan ora nate srawung klayan wong priya, nanging anehe dheweke nggarbini. Luwih aneh maneh, nalika kandhutanne genep umur sangang wulan sepuluh dina, dheweke mbatarake ula kang gedhene men sak lengene wong diwasa.
Kadadeyan iku mau gawe horeg wong-wong ing tlatah kademangan Mangiran. Demang Mangiran, bapakne Kenya iku mau kang aran Ki Demang Taliwangsa isin banget dene duwe anak sing nglairake ula. Dheweke paring dhawuh marang putrine iku mau supaya mbuwang anake kang awujud ula.
Nanging meksa aneh tenan pranyata, ula iku mau bisa tata-jalma kaya dene manungsa.
"Dhuh ibu, kenging menapa panjenengan badhe mbucal kula? Menapa ibu mboten tresna dhateng kula? Kula menika rak putranipun ibu, ta?" Mangkono celathune si ula.
Wanita mau banjur ora sida mbuwang si ula. Dheweke duwe krenteg arep ngingu ula iku mau, kaya apa wae goteke para tangga-teparo ora arep direwes. Dheweke uga matur bab iku mau marang Ki Demang Taliwangsa. Wong atuwane iya nyarujuki. Ki Demang Taliwangsa wanti-wanti supaya si ula aja pisan pisan oleh metu saka omah supaya ora gawe wedi tangga-teparone.
Saya suwe si ula iku mau saya mundhak gedhe. Nanging dheweke ora nate metu saka omah. Ing sawijining dina si ula iku mau duwe panjaluk supaya
[ 7 ]diwenehi jeneng.
"Ibu, ngantos semanten agengipun kula dereng dipun paringi nama. Kula nyuwun nama ingkang sae.." mangkono ature si ula marang ibune.
Ibune tumuli nyawang marang si ula kang gedhene wus sak pupune wong diwasa iku. Ibune mesem karo ngandika marang si ula.
"Anakku, kepriye menawa kowe tak wenehi jeneng Baru Klinthing?"
"Menika nama ingkang sae sanget tumrap kula, ibu. Maturnuwun." Kandhane si ula kanthi seneng. Wiwit iku uga si ula duwe jeneng Baru Klinthing.
Suwe ning suwe Baru Klinthing kepengin mangerteni sapa ta sejatine sing dadi bapakne. Ibune mangsuli kanthi dora yen bapakne iya Ki Demang Taliwangsa.
Nanging Baru Klinthing ora percaya. Dheweke mangerteni yen Ki Demang Taliwangsa iku wong atuwane ibune.
Saben dina Baru Klinthing nakokake sapa ta sejatine bapakne. Tundhone, ibune nyaritakake kedadeyan sing dilakoni sawatara tahun sing wis kapungkur.
"Anakku, Baru Klinthing, yen kowe kepengin mangerteni sapa ta sejatine bapakmu, ibu arep nyaritakake kedadeyan sing tak alami nalika sawetara tahun kapungkur. Rungokna ya ngger."
"Inggih bu, kula badhe mirengaken." wangsulanne Baru Klinthing.
Ibune tumuli nyaritakake lelakon kang dialami nalika sawetara tahun kapungkur. Ing tlatah Kademangan Mangiran, nalika samana Ki Demang
Taliwangsa lan para warga arep ngadani upacara gugur gunung (Ind: bersih desa). Ibune, iya putra putrine Ki Demang Taliwangsa kadhawuhan dening bapakne.
"Anakku, sowana marang Ki Wanabaya lan matura yen bapak ngersakke mundhut ngampil kagungane pusaka sawetara dina kanggo kaperluwan upacara gugur gunung ing Mangiran kene." Dhawuhe KI Demang Taliwangsa marang anake wadon.
Bocah wadon iku mau tumuli menyat lunga tumuju ing panggonanne Ki Wanabaya.
"Ki Wanabaya, sowan kula ing ngriki dipun utus dening bapak kula." ature bocah wadon iku.
"Bapakmu Ki Demang Taliwangsa ngandika apa marang kowe, ndhuk? pitakone Ki Wanabaya.
"Kula kinen ngampil kagunganipun pusaka ingkang awujud dhuwung, badhe kangge sarana tulak bala ing upacara gugur gunung ing tlatah Kademangan
Mangiran." atur wangsulanne bocah wadon.
Sakawit Ki Wanabaya kabotan yen pusakane disilih-silihke marang wong liya, apamaneh Ki Demang Taliwangsa mung utusan anake wadon. Ki Wanabaya [ 8 ]sumelang yen pusakane mengko malah dibegal uwong ana ing dalan. Nanging bareng dipikir-pikir, Ki Wanabaya ora tega nulak apa kang dadi ature bocah wadon
putra putrine Ki Demang Tali Wongso iku mau. Kabeh iku mau karana sesambungan antarane Ki Demang Taliwangsa karo Ki Wanabaya wis kadi dene sedulur dhewe.
"Yagene dudu bapakmu dhewe sing teka mrene?" pitakone Ki Wanabaya.
"Bapak saweg katemben wonten/ kathah karibedan nyawisaken samukawis." atur wangsulane bocah wadon.
"Sejatine aku was sumelang menehake keris pusaka iki marang kowe apa maneh kowe iku jejering wanita. Yen ora ngati-ati anggonmu nggawa bisa njalari cilakamu dhewe." Pangandikane Ki Wanabaya.
"Menapa leres makaten, Ki?" pitakone bocah wadon iku.
"Iya, mangkono. Bisa salah kedaden lamun anggonmu nggawa ora ngati-ati.
Awit saka iku aku wanti-wanti aja deleh keris iki ing papan kang ora samesthine. Aja pisan-pisan dedeleh keris pusaka iki ana ing pangkonmu, Ndhuk!" mangkono
pangandikane Ki Wanabaya.
Keris pusaka tumuli dipasrahke marang bocah wadon iku. Keris pusaka digawa dening bocah wadon iku tumuju ing Kademangan Mangiran. Nanging pusaka iku ora enggal diaturake marang Ki Demang Taliwangsa. Bocah wadon iku malah banjur ngambyuk melu rewang mangsak bebarengan karo para wanita ana ing pawon. Awit ketungkul anggone rewang, dheweke lali ora masrahake keris pusaka marang bapakne. Malah dheweke nindakake keluputan yaiku deleh keris pusaka iku mau ana ing pangkone. Sanalika iku uga keris pusaka musna, ilang.
Bocah wadon iku mau banjur njerit sora amarga kaget campur kaweden yen bakal didukani dening bapakne. Raine dadi pucet awit gawang-gawang ing pikirane nalika Ki Wanabaya wanti-wanti weling marang dheweke. Ki Wanabaya mesthi bakal duka yen nguningani keris pusakane ilang. Bocah wadon iku mau banjur
semaput, ora eling apa-apa.
Pawongan kang ana ing Kademangan Mangiran kono padha was sumelang marang keslametane putra putrine Ki Demang Taliwangsa. Sak wise putra putrine iku mau eling, Ki Demang Taliwangsa banjur age-age sowan marang Ki Wanabaya saperlu nyaritakake bab lelakon iku mau.
Ki Wanabaya tanggap marang lelakon kang nembe wae dicaritakake dening Ki Demang Taliwangsa.
"Ki Demang Taliwangsa, ayo saiki uga aku bakal ngetutake laku anggonmu bali menyang omahmu saperlu ngusadani anakmu."
Wong sakloron tumuli budhal menyang Kademangan Mangiran.
Dheeweke duwe pangira yen Ki Wanabaya mesthi paring deduka lan paukuman kang abot.
"Nyuwun tadhah deduka Ki. Keris pusaka ingkang kula ampil dumadakan musna." ature bocah wadon iku kanthi memelas.
Ki Wanabaya unjal ambegan, ora paring deduka marang bocah wadon iku mau.
"Kepriye genahe keris pusaka iku bisa ilang, Ndhuk?" pitakone Ki Wanabaya.
"Kula ingkang lepat Ki. Kula kesupen mboten tumuli ngaturaken dhateng bapak kula. Nanging kula malah lajeng tumut mbiyantu wonten ing pawon, keris
kula pangku. Sanalika keris wau musna..." ature bocah wadon iku kanthi luh kang dleweran ing pipine.
Ki Wanabaya manthuk-manthuk, banjur nyedhak marang Ki Demang Taliwangsa. Kanthi suwara kang lirih, tumuli ngandika marang mitrane.
"Ki Demang Taliwangsa, aku arep nyaritakake apa kang bakal tumempuh marang anakmu, kowe ora perlu sedhih."
"Lelakon apa kang disandhang dening anakku iki mengko, Ki?" pitakone Ki Demang Taliwangsa.
"Iki wis dadi pepesthen saka Sang Hyang Widhi, Ki. Lelakon iki pancen dudu kang mbok karepake. Sejatine aku wis wanti-wanti marang anakmu wadon iki supaya ora deleh keris ana ing pangkone. Nanging anakmu tumindak sleder, ora ngestokke dhawuh. Keris mau tumuli musna, ilange ora menyang papan kang adoh ananging lumebu ana ing guwa garbane anakmu iki. Lelakon iki mau bakal anjalari anakmu nggarbini.
"Apa bisa mangkono, anakku iki isis prawan, Ki?"
"Kabeh iku mau bisa kelakon."
"Wadhuh,..banjur kepriye kiyi... kepriye goteke wong-wong ing Kademangan kene marang anakku...kamangka dheweke durung duwe bojo?"
"Golekna wong lanang kanggo bojone."
"Ora gampang, Ki." Ki Demang Taliwangsa banget susah atine.
Ki Wanabaya uga ngrasakake apa kang dadi kesusahane mitrane. Mula banjur celathu marang Ki Demang Taliwangsa.
"Menawa kowe nayogyani, aku sumadya dadi bojone. Nanging iki among minangka ila-ila wae, aku ora arep nggepok-senggol marang anakmu wadon iku.
Sak uwise upacara neningkahan aku banjur kudu lunga. Kepriye, Ki?"
Ki Demang Taliwangsa tumuli nyedhaki anake saperlu ngrembug bab olehe arep neningkahan. Mangerteni lelakon kang bakal disandhang kaya mangkono iku mau, dheweke katon susah banget, nangis mingseg-mingseg. Dheweke ora bisa suwala, kudu nampa apa kang dadi dhawuhe bapakne kanggo nutupe wirange. Ing [ 10 ]wusana, upacara neningkahan dibarengake karo upacara gugur gunung.
Saparipurnane upacara neningkahan, Ki Wanabaya tumuli pamitan ninggalake Kademangan Mangiran.
"Aku saiki uga kudu lunga menyang erenging Gunung Merapi."
"Yagene kok enggal-enggal pamitan, Ki?" pitakone Ki Demang Taliwangsa.
“Sebab keris pusakaku uwis musna. Aku kudu mertapa ana ing kana. Jaganen anakmu kang lagi nggarbini iku!" wangsulane Ki Wanabaya.
Mangkono mau lelakon kang dialami dening ibune Baru Klinthing. Sak uwise mangerteni kabeh kang dicaritakake dening ibune, Baru Klinthing wusanane duwe krenteg ngupadi bapakne kang sejati.
"Ibu, Gunung Merapi menika dunungipun wonten ing pundi?" pitakone Baru Klinthing.
"Yagene ta kowe duwe pitakon kang kaya mangkono, anakku?"
"Kula kepengin pinanggih kaliyan bapak kula."
Wanita iku mung mbegegeg meneng wae. Mripate kembeng-kembeng sajak arep nangis. Dheweke uwis kebacut tresna marang anake senajan awujud ula. Dheweke sumelang menawa Baru Klinthing lunga menyang Gunung Merapi, mbokmenawa malah kesasar ora tekan panggonan kang dituju. Nanging Si Baru Klinthing adreng anggone duwe kekarepan, wusanane ibune nuduhake dalan kang
tumuju menyang Gunung Merapi.
"Anakku, menawa kowe pancen duwe kekarepan kang gedhe kepengin ketemu bapakmu, metua saka Kademangan kene ing wayah wengi mundhak gawe wedine wong-wong kang padha nyumurupi lakumu. Tumuli enggala tumuju menyang Kali Praga. Kowe kudu lerem neng kana ing sawetara tahun. Lamun awakmu wis gedhe lan rosa tumuli lumakua ing sajroning kali iku ngener mengalor suwening suwe kowe bakal tekan Gunung Merapi!" mangkono pangandikane ibune marang Baru Klinthing.
Baru Klinthing kang awujud ula iku banjur budhal ninggalake Kademangan Mangiran ing wayah wengi tumuju ing kali Praga lan banjur lerem ana ing kana sawatara taun lawase.
Kacarita sak uwise pirang-pirang taun lerem ana ing Kali Praga, Baru Klinthing dadi ula naga kang gedhe lan dawa banget. Lamun kena sunaring rembulaning wayah bengi sisike mengkilat kaya emas kang tinata ana ing awake. Dene mripate mencorong kaya srengenge kembar. Menawa dheweke ngobahake awake mengiwa lan menengen, tanggul ing sakiwa-tengene kali dadi jugrug. Para juru pamisaya mina padha wedi golek iwak ing kono.
Anane ula naga kang gedhene magila-gila ana ing Kali Praga agawe girising warga kang manggon ing sak pinggiring kali. Kahanan kang kaya mangkono iku [ 11 ]mau kaprungu dening Ki Wanabaya kang lagi tapa-teteki ana ing Gunung Merapi.
Ki Wanabaya banjur nyabarake anggone semedi tumuli mudhun saka gunung, lumaku tumuju ana ing Kali Praga.
Sejatine kang dadi ancas tujuanne Ki Wanabaya arep nundhung ula naga iku supaya lunga saka ing tlatah Kali Praga. Nanging bareng ketemu, ula naga mau bisa tata-jalma nyaritakake jati-dirine.
"Ki, ndherek nepangaken, nami kula pun Baru Klinthing. Kula mboten badhe damel susahipun warga ing ngriki. Kula gadhah pangangen-angen saged pinanggih kaliyan bapak kula. Kula badhe madosi bapak kula ingkang miturut cariyosipun ibu, bapak kula menika asmanipun Ki Wanabaya ingkang samenika saweg
nglampahi puja-brata, tapa-teteki wonten ing Redi Merapi," mangkono ature Baru Klinthing.
Midhanget ature ula naga Baru Klinthing iku mau Ki Wanabaya kaget banget, dene keris pusaka kagunganne kang nalika samana ilang, musna manjing ana ing guwa garbane bocah wadon anake Ki Demang Taliwangsa bisa lahir manjalma dadi ula naga kang gedhene ngedab-edabi nganti gawe girising wong-wong ing tlatah sak cedhaking Kali Praga.
"Heh,..Baru Klinthing,...menawa kowe nggoleki bapakmu, budhala saiki uga tumuju menyang Gunung Merapi. Kowe kelakon bisa ketemu bapakmu yen kowe mertapa ana ing kana. Kawruhana, bapakmu iku iya piyayi kang gentur tapane," mangkono pangandikane Ki Wanabaya.
"Lajeng kadospundi caranipun, Ki?" pitakone Baru Klinthing.
"Kowe kudu ndhepani Gunung Merapi kanthi cara mlungkerake awakmu. Pucuking pethitmu kudu bisa gathuk karo pucuking embun-embunanmu. Menawa kowe bisa kasil nglakoni iku mau, kowe bisa ketemu karo bapakmu!" dhawuhe Ki Wanabaya tanpa mratelakake jati-dhirine.
Baru Klinthing tumuli nuruti dhawuhe Ki Wanabaya. Dheweke banjur gage budhal menyang Gunung Merapi. Ana ing kana Baru Klinthing banjur mlungkerke
awake ndhepani gunung iku. Nanging eman, awake ora cukup kanggo mlungkeri gunung. Mung kurang sak dhepa. Baru Klinthing tumuli melet ilate kang dawa iku
supaya bisa nyandhak pethite. Barang kang iku, Ki Wanabaya banjur ngunus kerise kanggo nugel ilate ula naga iku. Sanalika ula naga mau jerit-jerit tumuli awake musna. Dene ilat kang tinugel dening Ki Wanabaya iku mau manjalma dadi tumbak. Tumbak iku banjur diwenehi tenger Tumbak Kiai Baru Klinthing.-@
Sumber:
Dwiko R, Firzatullah. 2006. Koleksi Cerita Rakyat Nusantara. Surabaya:Pustaka Media.
[ 12 ]Pangurbanan kang Tulus
Hindardinah Sukardi
Wanci wayah esuk umun-umun, laladan pesisir segara kidul banget anengsemake. Sang bagaskara mentas wae jumedhul ing iring wetan, sumunar cahyane abang mbranang, madhangi banyu segara kang kimplah-kimplah tanpa tepi. Angin kang sumilir anerpa rikmane Dewi Pandhansari kang dawa ngandhan-andhan.
Hawa pesisir kang adhem ora dirasakake. Tindake alon-alon, nelusuri wedhi kang kala-kala kasempyok ing ombak.
Dedeg piyadege kang lencir, pakulitane kang kuning nemugiring, lan pasuryane kang ayu mujudake wewujudan kang nengsemake ing pandulu. Nanging kabeh mau ora bisa sinawang kanthi wewantahan, jer sipate dudu awujud manungsa lumrah, nanging awujud lelembut.
Dewi Pandhansari iku salah sawijining putra putrine panguwasa ing laladan segara kidul. Senadyan putra ontang anting, sang Dewi ora diugung, nanging digulawentah kanthi tata cara kang sakmesthine lumaku ing laladan kedhaton. Sang Dewi dipingit lan ora diparengake metu saka kedhaton.
Ing esuk iku, Dewi Pandhansari kesengsem penggalihe mriksani solah bawane para kawula cilik kang lagi padha golek iwak ing segara. Penggalihe trenyuh nyumurupi kasunyatan dene uripe kawula cilik padha ngrekasa olehe golek pangan. Keluargane mujudake keluarga kang papa cintraka, jer kasile olehe makarya ngupadi iwak ora mesthi bisa dijagakake. Tarkadhang kala baline ora nggawa kasil, utawa asile ora cukup kanggo urip saban dinane. Sang Dewi kang luhur bebudene, banjur mbudi daya supaya bisa paring pitulungan, saengga para kawula cilik mau bisa urip kanthi raharja lan ora nandhang papa maneh.
Sawise kundur angedhaton, pirang-pirang wengi sang Dewi ora bisa sare. Penggalihe judheg lan bingung sebab durung nemokake cara supaya bisa angudhari panandhange para kawula cilik mau. Gegambaran kang disumurupi ing laladan pesisir tansah ngreridhu penggalihe. Para emban kang caos leladi uga gumun sebab sang Dewi ora kersa dhahar lan tansah katon sedhih.
Ora kanyana-nyana, ingkang rama tedhak rawuh ing papan kono. Nyawang putra-putrine kang banget ditresnani katon sedhih, penggalihe trenyuh lan banjur ngendika, "Ndhuk, kena apa kowe kok katon sedhih? Polatanmu suntrut, ora kaya biasane. Apa para emban anggone leladi dhaharan kurang resep, utawa ageman kang dicawisake kurang mranani ing penggalihmu?" Mangkana pangandikane ingkang rama kanthi sareh lan pengin melu nglipur penggalihe putrane kang lagi ora rena. Dewi Pandhansari kejot ing penggalih karawuhan ingkang rama kanthi dadakan. Sakwise penggalihe tumata, sang Dewi banjur matur kanthi groyok lan sabisa-bisa nahan tetekang waspane. Piyambake wedi yen ingkang ramane duka, nanging ing batin nedya arep blaka apa anane.
Ature mangkene, "Kanjeng rama, kula nyuwun duka dene kala wingi enjing kula sampun kumawantun nilar kedhaton". Ature mandheg sedela, kepengin mangerteni tanggap sasmitane kang rama saka ature dheweke. Sang Dewi banjur matur maneh kanthi suwara lirih lan pedhot-pedhot, "Rama...kula....kula kepingin sanget nyumurupi kahanan ing saknjawining kedhaton. Ing mriku kula sumerep gesangipun para kawula alit ingkang sami nandhang papa cintraka. Griya ing laladan pesisir ingkang apayon damen, gubug-gubug alit ingkang sampun sami dhoyong lan lare-lare alit sami nangis jalaran kaluwen, nengga wangsulipun bapakipun ingkang makarya pados mina ing seganten. Menika rama, ingkang dados keprihatosan kula. Dene kosok wangsulipun kula ing kedhaton gesang mulya mboten kekirangan satunggal menapa".
Mangkono ature sang Dewi kanthi jujur, ing pangajab ingkang rama bisa mangertosi apa kang dadi panguneg-uneging penggalihe.
Ingkang rama sumene sakwetara, banjur unjal ambegan lan paring pangandikan mengkene, "Terus apa kang rama bisa tindakake Ndhuk, supaya penggalihmu bisa ludhang?", pangandikane sareh lan nyawang putrane kanthi trenyuh.
Paningale Dewi Pandhansari katon kembeng, banjur mbacutake atur yen sang Dewi kepengin bakal ngaturake sawijining panyuwunan marang ingkang rama, dene panjenengan percaya yen ramane kang sekti mandraguna bisa paring pitulungan.
Ature kanthi ngati-ati lan astane sumungkem ing sampeyane ingkang rama, "Rama....kula nyuwun supados rama kersa paring nugraha saengga mina ing segaten kidul menika saged ngrembaka matikel-tikel kathahipun. Ing pangajab,
para kawula alit ingkang gesangipun mligi pados ulam, saged manggih karaharjan".
Kanthi kebak ing katresnan, mustakane sang Dewi diarasi, lan banjur paring pangandikan anyaguhi panyuwunane. Sanadyan abot, nanging panyuwunan iku mujudake kawigatene sang Dewi marang kawula cilik. Pangandikane ingkang rama mangkene, "Iya Ndhuk. Panyuwunmu dak saguhi".
Ingkang rama mongkog penggalihe dene kagungan putra kang luhur bebudene lan dhemen tetulung marang sapa wae.
Saka kasektene ingkang ramane Dewi Pandhansari, tenan, sakala iwak ing segara kidul banjur ngrembaka matikel-tikel, mahanani para kawula cilik bisa panen iwak ing saben dinane lan atine padha bungah.
Ananging kahanan kaya mangkono iku ora lumaku suwe, sebab ing titiwanci mangsa angin gedhe lan ombak segara kidul anggegirisi, para kawula cilik ora ana kang wani golek iwak ing segara. Dene kebutuhan urip ing saben ndinane kanggo mangan sak anak bojone tetep kudu dicukupi. Weteng kang luwe tetep njaluk diisi, ora bisa disemayani maneh.
Kanyata panandhange urip kang abot isih kudu dilakoni dening para kawula. Ananging dheweke percaya lan tetep nduweni pangarep-arep yen ing tembe Gusti bakal paring pitulungan, paring rejeki ing saben ndinane kanthi cukup, tanpa ngerti saka ngendi sangkan parane.
Kahanan kang nyedhihake iku ora luput saka kawigaten Dewi Pandhansari. Panjenengane nglenggana yen para kawula ing laladan pesisir kidul iku pangupa jiwane mung mligi saka golek iwak wae, pranyata durung bisa dientasake saka uripe kang sekeng.
Dewi Pandhansari banjur nilar kedhaton maneh, tindak neng pesisir segara kidul, nedya semedi.
Sang Dewi pengin maneges ana ing kersane Gusti lan pengin nyuwun pitedah supaya bisa tetulung marang kawula cilik. Ature ing batin, "Dhuh Gusti, kawula nyuwun pitedah, nyuwun margi supados kawula dalem ing laladan pesisir mriki saget gesang langkung sae lan kaparingan karaharjan.
Sak jroning semedi, Dewi Pandhansari priksa gegambaran kang beda karo adat sabene. Laladan pesisir kang adat sabene panas ngenthak-enthak, ing kono katon eyup, ijo royo- royo, wit-witan katon subur lan para kawula bisa urip ayem tentrem karta raharja. Ing kono uga katon gegambarane sang Dewi kang urip bebarengan karo para kawula cilik.
Sak watara suwe, sang Dewi isih menggalih apa jarwane gegambaran iku. Apa sejatine pituduh lan karsa dalem Gusti kang katon ing semedine kanggo mujudake panyuwunane. Sang Dewi wiwit mangerti apa kang dikersake Gusti yen panjenengane kudu manunggal karo para kawula. Ananging apa bisa, mangkono
[ 15 ]
penggalihe kang isih tidha-tidha.
Ing sak banjure, Dewi Pandhansari banjur nyenyuwun marang Gusti supaya bisa malik wewujudan dadi manungsa lumrah, saengga bisa makarya ing sak tengahe umat manungsa.
Pranyata panyuwunan iku kasembadan. Wiwit wektu iku, Dewi Pandhansari bisa paring panuntun lan tuladha marang para warga. Pangandikane mangkene, "Para warga, aja padha wedi kangelan. Ayo padha cancut taliwanda, anggula wentah tanah ing pesisir kene kareben bisa ditanduri palawija, palagumantung, sarta palakependhem, saengga bisa kanggo nambah karaharjaning uripmu".
Para kawula kang biasane mung urip kanthi golek iwak, wiwit ajar tetanen. Dene kasil pakaryan iku kanyata bisa ngrubah tanah pesisir kang panas ngenthak-enthak, dadi tanah kang subur. Wulu wetune bisa murakabi kanggo urip padinan, apa maneh ing mangsa kurang iwak utawa mangsa ombak segara lagi gedhe.
Sak wise kabeh tumata apik, Dewi Pandhansari rumangsa yen pakaryane wis ka anggep cukup, lan kepengin bali angedhaton, arep sowan marang
ingkang rama.
Sang Dewi banjur nyenyuwun marang Gusti, supaya dikeparengake bali dadi lelembut maneh. Kanyata Gusti anyembadani panyuwune, dewi Pandhansari malik rupa, bali dadi lelembut maneh.
Kanthi sumedhot ing penggalih, Dewi Pandhansari ninggalake laladan pesisir lan tindak angedhaton.
Kocapa, ingkang rama kang priksa sowane sang Dewi saka kadohan, wis sekel ing penggalih, rumangsa disepeleke lan dicidrani. Dewi Pandhansari kang lagi sumungkem ing sampeyane dikipatake lan sakala duka yayah sinipi. Pasuryane abang mbranang, paningale mencereng, lan jumangkah mundur ngedohi sang dewi.
Ing sakawit ingkang rama wis rumangsa nyembadani panyuwunane putrine kang kinasih. Ananging penggalihe kuciwa banget, sebab pranyata Dewi Pandhansari kanthi sesidheman ninggalake kedhaton maneh, nilarake kabeh tugas lan kwajiban saperlu semedi ing pesisir. Ingkang rama rumaos sang dewi luwih nengenake karepe pribadi tinimbang bektine marang wong tua.
Mula ingkang rama banjur ngendika kanthi suwara kang sora, nyepatani mangkene, "Wiwit saiki dadiyawit pandhan ing pesisir kana lan ora susah dadi putraku", mengkono panyebrate marang sang Dewi.
Saknalika Dewi Pandhansari malik wewujudan dadi wit pandhan kang ijo royo-royo ing sapinggire segara kidul ing tlatah Sanden.
Sakwise kadadeyan mau, ingkang rama keduwung penggalihe, amarga tega karo putrine kang banget ditresnani. Ananging kabeh mau wus dadi pepesthen,
[ 16 ]
kaduwung ing tembe mburi wis ora ana gunane.
Dene Dewi Pandhansari penggalihe ora rumagsa sedhih lan ora keduwung nilar kedhaton, jer apa kang diajab wis bisa kelakon. Bisa dadi lantaran kanggo
mujudake karaharjaning kawula cilik. Sang Dewi ora pengin urip mulya ing kedhaton, ananging anyipati panandhange para kawula cilik.
Sang Dewi rumangsa mongkog ing penggalih, bisa caos darmabekti lan pangurbanan kanggo karaharjaning manungsa. Sanadyan saiki dadi wit pandhan, sang Dewi rumaos luwih tentrem lan luwih migunani uripe lan bisa urip ing satengah-tengahing umat.
Ing batin sang Dewi tetep nyuwun pangaksama marang ingkang rama, kang wus kuciwa marang tumindake, anyingkurake panjenengane, lan ora manut kersane wong tua.
Kabeh mau wis dumadi saka kersane Gusti kang murbeng dumadi lan kawula mung bisa pasrah.
Ing rejaning jaman, saiki bisa nyumurupi laladan pesisir kang edi endah ing laladan Sanden. Pesisir kang eyup, kanthi wit cemara urang lan wit pandhan kang ijo royo-royo, sarta maneka warna tetanduran ing antarane kebon brambang, kebon buah naga, tanduran lombok, palawija lan liya-liyane.
Warga masyarakat uga ngalap serat pandhan utawa rami saka wit pandhan kang tuwuh kanthi subur ing laladan pesisir kono. Serat iku dadi bahan baku barang barang kerajinan, kanggo nambah pangupajiwane warga.
Para warga masyarakat saiki bisa urip ayem tentrem karta karahaja lan isih tetep nglestarekake nyupaya iwak ing wanci segara kidul ora gedhe ombake.
Lelabuhane Dewi Pandhansari pranyata ora muspra. Laladan pesisir kang mbiyen mung ana gubug-gubug dhoyong, saiki wis kebak omah-omah kang apik.
Bocah-bocah cilik kang biyen nangis kaluwen, saiki katon seneng. Kanthi karaharjan kang cukup, pambangunan kang luwih maju, laladan pesisir
Pandhansari wis bisa mujudake papan wisata kang nengsemake. Ora kalah karo papan wisata liyane malah kepara nduweni kaunggulan.
Muga-muga sansaya akeh "Dewi Pandhansari" jaman saiki kang nduweni kawigatosan marang kawula cilik kanggo nggayuh karaharjaning masyarakat, nusa lan bangsa.-@
[ 17 ]
Watu Gatheng
Siti Sumaryanti
Dheng Dheng! Dheng !
Bedhug tengange wancine, panase ngemplak-emplak kaya-kaya arep nglagar sakabehing kang gumelar aneng bumi. Wit-wit katon ijo royo-royo ngrembuyung sajak ngawe-awe kang padha liwat sacedhake kono gelema ngeyub neng sangisore.
Ing sajroning gedhong kraton Mataram katon lagi sapejagong Kyai Juru Martani klawan Kang Kanjeng Senapati Ingalaga, kang dirembug ora ana liya kejaba amung putra pembarepe Kanjeng Senapati kang mijil saka garwa kang isih turune Kalinyamat Arane Raden Rangga.
"Paman Juru, kados pundi kawontenanipun anak kula Rangga, punapa wonten bab-bab ingkang mutawatosi? " pamundhut priksane Kanjeng Senapati marang kang paman Kyai Juru Martani.
"Iya ngger Senapati, putramu Rangga pancen bocah kang angel ditata lan dituturi, seneng nggugu karepe dhewe, ora gelem ngrungokake kabeh pituturku,"
wangsulane Ki Juru ngemu rasa kuciwa.
Pancen kang jeneng Raden Rangga putra Kanjeng Senapati iku senadyan umure durung sepiroa nanging kelebu bocah kang linuwih, ya karosanane, kadigdayane uga anggone seneng nggegulang kanuragan.
Mula ya ora nggumunake menawa dheweke banjur duwe watak adigang-adigung adiguna, isih ketambahan cengkiling lan panas barang, gampang nesu.
Malah tau ana kedadeyan Raden Rangga nantang pawongan seka Banten kang nedya arep njajal karosanane Ramane.
"E pawongan, kowe teka wani nglurug neng Mataram mung arep njajal ngilane dhadhane Ramaku, wus njajala aku wae durung mesthi kowe bisa ngungguli
aku!" atos ukarane Raden Rangga.
"Oh, dadi kowe putrane Senapati ta ? Bocah kang isih durung sepiroa kathik wani nantang aku, ayo ora sah kakean wuwus, tak ladeni tantanganmu!" suwarane wong Banten mau santak.
Kelakon wong loro mau banjur padha adu atokang balung lan wuleting kulit, nanging sepira banggane wong mau mungsuh Raden Rangga. Ora gantalan wektu
wong mau kasoran tumekaning tiwas kanthi gulune remuk balunge dipithing tangane Raden Rangga.
Nguningani kedadeyan mau Kanjeng Senapati rumangsa jibeg banget penggalihe, angen-angene banjur tumlawung marang lelakone dhewe nalika jaman mudhane, ora sisib karo Raden Rangga saiki, ya watak wantune, kadigdayane sarta kekendelane.
Lan uga anggone seneng nggugu karepe dhewe, dhemen golek mungsuh, ananging gandheng Senapati kuwi jalma kang pilih tandhing, mula akeh negara-negara kang dikalahke lan dadi negara telukane, lha ya kacang masa ninggala lanjaran.
Gragapan Kanjeng Senapati bareng eling marang Raden Rangga kang mentas nggawe tiwase pawongan kang ngakune seka Banten nuli nimbali ingkang putra.
"Rangga putraku, ora ngiro jebul kowe bocah kang mumpuni, saiki coba nek mutung jempol sikilku bisa durung?" ngendikane Kang Jeng Senapati sinamudana dukane.
"Inggih, Rama" ature kanthi kormat tanpa ana rasa wedi.
Tanpa wigah-wigih, Raden Rangga kang mula duwe watak kongas nuli mateg aji karosane, jempole ingkang rama nuli dicandhak wani nedya ngatonake kaliwihane, semono uga ramane ngerti watak wantune kang putra uga ora katalompen kanggo ngawekani kedadeyan kang ora dikarepke nimbang mateg aji megeng napas.
Ananging tanpa dinuga pancen Raden Rangga ora kena disangga entheng, jempole krasa lara lan Raden Rangga banjur dikipatake nganti mlesat adoh.
Raden Rangga rumangsa isin konangan dening ingkang rama menawa dheweke temen-temen anggone kepingin ngasorake kadigdayane ramane.
Dheweke nuli nggeblas lumayu sumedya oncat seka ngarepe Kanjeng Senapati, ninggalake Mataram kanthi njebol pager bata kang aneng ngarepe amerga ora gelem liwat lawang, pager bata ambrol sededege Raden Rangga.
[ 19 ]
Kanjeng Senapati amung bisa gedheg-gedheg lan ngelus jajane, tanpa tumoleh playune Raden Rangga, sipat kuping kaya disawatake. Daya-daya enggal tekan
Pathi kang dadi tujuwane, arep ndherek kang bapa pamane.
Satekane Pathi, Raden Rangga ora nyuda ndhugale ananging malah nalika katimbalan mlebu ingkang paman isih kober gawe pangeram-eram kanthi numbuk watu gede kang kabener ngalangi neng dalan kang diliwati, watu sumyur dadi lebu, abdi-abdi kang padha nyipati mung bisa ndomblong lan ngowoh.
Mesthi wae kadigdayane Raden Rangga dadi kembang lambene wong sa Pathi, ingkang paman mung bisa ngrasa mongkog dene duwe keponakan kang banget ngedab-edabi. Nanging uga rumangsa prihatin.
Wus sawetara Raden Rangga dumunung aneng Pathi, gandheng rumangsa wus ora krasan nuli matur marang bapa pamane:
"Paman, gandheng sampun sawetawis kula ndherek wonten mriki, pramila keparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul dhateng Mataram, Rama temtu sampun ngantu-antu wangsul kula"
"Iya ta Rangga putraku, senadyan paman rumangsa seneng kowe gelem ndherek kene, aku ya ora kabotan, mung welingku lakumu aja nganggo slewengan,
enggal-enggal sowan ramamu lan aja lali aturna marang Kanjeng Senapati salam taklimku," ngendikane keng bapa pamane wanti-wanti.
Satekane Mataram, Raden Rangga gegancangan sowan marang ingkang rama, senadyan ana rasa wedi ing atine, dheweke bakal ndadha sakabehing kaluputane lan bakal nampa dukane ramane.
"Rangga, aku ngerti menawa kowe ora bakal krasan suwe ndherek bapa pamanmu, semono uga aku ora bisa jenjem yen kowe kesuwen aneng kana amerga aku ngerti sapa kowe, dadi rasa melang-melang lan kuwatir nek kowe nganti gawe derdah aneng kana."
"Inggih rama,"ature Raden Rangga cekak, sirah tumungkul ora wani nyawang ramane.
"Ngene Rangga, gandheng umure isih kena disebut bocah kang durung dhewasa, mula miturut pamawasku becike kowe saiki dak dhawuhi ninggalake
kraton, sowana marang eyangmu Kyai Juru Martani lan matura menawa kowe tak dhawuhi nggeguru ana ggone eyang Juru kanggo nambah kasekten lan kawruhmu," Pangandikane Kanjeng Senapati ngarih-arih.
"Inggih rama, sendika dhawuh," ature Raden Rangga ngungun ing batin, kepingin nduwa nanging ora wani mbadal dhawuhe ramane.
Budhale kanthi polatan kang sluntrut, alise gathuk lambe digeget kenceng, ketara atine lagi ngendhem rasa kang ora nyenengake, nanging senadyan lagi peteng, citrane kang bagus tetep isih katon yen trahing kusuma rembekang madu.
[ 20 ]
Lakune tetep entheng kaya playune kidang cukat trengginas mlumpat mrana, mlumpat mrene, sikile ora leren nyambi nendhang watu-watu kang tinemu ing sauruting dalan, kadhang kala mendhak njupuki watu mung perlu disawatake ngiwa nengen lan mendhuwur saengga manuk-manuk kang lagi padha mencok neng wit- witan bubar mabur nyingkiri playune watu-watu mau.
Wong-wong ing sakiwa tengen kono ora ana kang wani aruh-aruh nyaruwe, kaya adat saben mung padha ndhelik lan sekangidan nyawang sapari polahe Raden Rangga kang ngedab-edabi kuwi, apa maneh menawa wus dolanan watu ngono kuwi, ora mung watu-watu krikil kang dienggo gatheng utawa disawat-sawatake nanging wiwit kang sagegeman nganti sabopongan kang dadi dolanan.
"Wah! Wah! Ck, ck, ck! Ora umum lan ora ketemu nalar atase Raden Rangga kang isih ramaja putra kuwi wus nduweni kaluwihan kang ora sabaene !" Grenenge wong-wong padesan kang meneri meruhi kahanan mau ora mung ngungun nanging uga melu ngrasa mongkog.
Pancen watu-watu kang dienggo dolanan gatheng iku dudu watu sembarang watu, nanging watu pinilih kang atose nek mung digepuk nganggo bodhem ora bakal cuwil apa maneh remuk. Mula watu mau kasebut uga watu gatheng lan manut gotheking wong-wong, watu mau isih ana sewetara iji kang disimpen neng kampung Dalem, Kelurahan Purbayan, Kecamatan Kota Gedhe. Nganti seprene akeh kang padha ziarah mrono uga akeh kang percaya watu mau nduwe pangribawa, malah manut critane, watu mau asring ngatonake cahya.
Bareng wus jeleh anggone selewengan, Raden Rangga nuli nerusake lakune tumuju ndaleme eyange, kebeneran eyange lagi nindakake kewajiban sholat aneng mesjid, Raden Rangga ora wani njugarake, dheweke trima nunggu neng undhak-undhakaning mesjid kang digawe seka watu kemlasa, yaiku watu ireng kang atose ora karuwan.
Watake Raden Rangga kang ugal-ugalan lan ora bisa meneng, watu-watu mau padha dicublesi nganggo drijine nganti padha legok pating cromplong tepak driji.
Kyai Juru Mertani sarampunge sholat nuli marani ingkang wayah lan mung bisa gedheg-gedheg mriksani kang wayah kang mamerake keluwihane.
"He, jebeng Rangga wayahku, watu-watu ireng kuwi kok dicoblosi nganti pating cromplong apa ora atos?" ngendikane Kyai Juru karo mesem.
Raden Rangga ndengengek, weruh kang eyang wus ngadeg ana ing sangarepe lan dumadakan drijine krasa lara nalika dicublesake neng watu kang malih dadi atos, ora pasah dening drijine Raden Rangga.
Batine Raden Rangga ngungun banget lan mbenerake ramane kena apa kudu gelem nggeguru marang eyange, dheweke banjur nglenggana menawa wong tuwa mono ora kena diungguli kadigdayane lan kawruhe dening wong enom, mula Raden
[ 21 ]
Rangga wus ora gamang maneh kanthi eklas lan lila legawa nedya nyuwun wuruk marang ingkang eyang Kyai Juru Mertani.
Dene ingkang eyang ya ora tidha-tidha maneh anggone peparing marang Raden Rangga kanthi pangajab Raden Rangga bisa dadi satria utama kang gelem mikir lan mbiyantu katentremane kawula lan Negara.
Sasuwene ngangsu kanuragan lan kawruh ana nggone ingkang eyang, Raden Rangga tansah mugen lan temen-temen nggatekake apa kang diparingake lan didhawuhake eyange.
Ora ngemungake kanuragan lan kadigdayan kang digulang, nanging uga bab kaprajan, unggah-ungguh sarta samubarang lir kang dibutuhake kanggo sanguning ngaurip uga diparingake, lan Raden Rangga dhewe anggone necep kabeh peparinge ingkang eyang uga kanthi tumemen ora gelem sembrana.
Raden Rangga kang wus mula duwe keluwihan wiwit cilik lan ora ana kang ngerti sapa ta sejatine bapa gurune nganti bisa ndadekake dheweke keliwat lan pinujul yen dibandingke karo wong lumrah? Utawa pancen amerga turuning Kang Jeng Senapati kang kondhang kaloka kadigdayane.
Tan rinasa anggone ngangsu kawruh lan nggeguru ndherek eyange wus antuk sawetara candra, dheweke wus rumangsa buneg kudu ngundher ana njeron dalem kumudu kudu kepingin metu bali ngumbar kesenengane kaya nalika biyen.
Durung nganti kelakon nuruti pepingane ninggalake daleme eyange, ndadak Raden Rangga krungu lapuran seka sawenehing punggawa menawa ing desa Patalan kesasaban sawijining ula kang gedhene udakara sawit klapa nggangu gawe marang wong-wong padesan kono.
Wus akeh wong kang dadi korban pangamuke ula mau padha tiwas dimangsa utawa digubed nganti remuk balunge.
Rindhik asu digitik bareng Raden Rangga krungu pawarta mau, enggal pamit ingkang eyange samedya arep menyang desa Patalan, kepingin nyekel lan mateni ula mau supaya ora nambah korban.
Durung nganti oleh palilah seka eyange, Raden Rangga wus ndhisiki mlumpat lan nggeblas tumuju desa Patalan, jalaran atine rumangsa welas marang wong-wong padesan kono kang mesthi wae ora ana daya ngadhepi ula mau, mula adreng banget kekarepane tanpa bisa dipenggak.
Rembulan moblong-moblong ing sandhuwuring mbun-mbunan, sunare cemlorot madhangi saindhenging jagad raya, cemruwite lawa kalong kang padha golek woh wohan sarta unine manuk guweg mahanani wengi iku rinasa tansaya tintrim.
Ora ana sak sapaa kang wani metu seka omah, kabeh mung padha aneng njeron omah, kancing lawang kanthi ati kang melang-melang lan miris, amerga [ 22 ]bebaya bisa teka samangsa-mangsa.
Ing sasela-selaning pang wit randhu alas kang gedhe dhuwur, sunare rembulan nembus bulak amba kang sepi mamring lan katon angker itu ana regemengane sawehening uwong kang lagi gegancangan lakune miyak sepining swasana wengi iku kang ora liya ya Raden Rangga kang lumaku ijen tanpa kantha tanpa kanthi tumuju papane ula mau dumunung.
Satekane papane ula mau, Raden Rangga tumuli tata-tata, cancut penganggo, mripat mencereng ora uwal penyawangane marang ula mau, muli megeng napas mateg aji, semono uga ula mau, dheweke kaya-kaya nduwe naluri kanggo ngadhepi mungsuh, dheweke ngawaske sapari polahe Raden Rangga, nanging bareng tempuk panyawangane dumadakan ana daya kang aneh ora dimengerteni dening sasapoa, Raden Rangga sikepe dadi malih ora nedya nglawan ula mau nanging sewalike dheweke kaya-kaya sumedya masrahake pati uripe marang ula mau.
Kanthi ganti sikep, dheweke lungguh sila madhep mengidul, tangane sedhakep, mripat merem lan eseme ngrengani.
Ula mau bareng weruh patrape Raden Rangga nuli nyandher lan nggubed anggane sarta anyokot, nanging Raden Rangga mung anteng tanpa obah, tanpa mosik lan pungkasane Raden Rangga digawa ula mau mengidul parane.
Ilang saka pandulu anggane Raden Rangga ora ana kang nyipati kejaba angin wengi kang dadi seksi lan mbok menawa amung kang ramane Kanjeng Senapati sarta eyange Kyai Juru Mertani kang uninga apa sejatine kang dumadi marang Raden Rangga, amerga pancen Kanjeng Senapati jarene kang masrahake putrane marang Kangjeng Ratu Kidul supaya diemong, jalaran Kanjeng Senapati rumaos ora kuwageng momong lan ngawat-awati Raden Rangga lan pancen dudu wewadi maneh bab sesambungane karo Kangjeng Ratu Kidul.-@ [ 23 ]Kenya Kebak Reka
Komarudin
S aben titah kang cinipta dening Gusti Kang Murbeng dumadi duweni keluwihan kang ora didarbeki dening titah liyane. Ananging dening Kang Maha Kuwasa uga diparingi kekurangan. Semono uga jalma manungsa, uga duwe kekurangan lan keluwihan. Saengga ora samesthine yen uwong iku umuk gumedhe, rumangsa mulya dhewe, unggul dhewe lan sapiturute.
Ananging uga ora kena rumangsa asor dhewe. Yen Basa Landane minderwardegheit complect. Bocah kutha dadi uwong ya akeh. Bocah desa dadi pemimpin nganti tlatah nasional ya ora sethithik. Bocah kutha dadi winasis ora kurang, bocah desa duweni pangkat dhuwur ya ora mung siji loro.
Semono uga Sutimah, bocah iku uga omahe desa. Manut kojahe wong akeh, desa iku adoh ratu cedhak watu. Desa sing dienggoni bocah lugu iku desa kluthuk mencil, durunng ana listrik apa maneh telepon. Desa iku jenenge Kedhondhong. Bapake wong tani yutun. Ora ngerti tulis.
"Ibu menika sedanipun kapan, Pak?"
Nalika kowe lagi lahir. Mula banjur diarani seda konduran"
Panyawange tumlawung adoh tanpa wangenan. Kaya nyawang pinggir segara kang tanpa wates.
"Mula akeh-akehna olehmu ndongakake ibumu ben bisa munggah swarga "
"Inggih, Bapak ! "
Swasana ing omah iku bali sepi maneh. Manut basane dhalang, datan wonten [ 24 ]swantene walang alisik. Gegodhongan datan ebah. Samirana datan lumampah.
Nyumurupi bocah kang ndemenakke iku, bapakne Sutimah, kang jenenge asli Pak Wangsa iku genti tumlawung. Jroning ati nggagas
“Kepiye besuke bocah iki ?,
Pak Wangsa ora gelem ngumbar gagasan suwe-suwe. Enggal menyat saka lincak nyandhak pacul endhang-endhang menyang sawah.
“Kapan anggonmu arep mantu, Kang Wangsa?”, pitakone tangga sawahe nalika padha-padha endhang-endhang.
“Sapa sing gelem karo anakku, Kang ? ”
“E... sapa ngerti malah entuk wong pangkat ? ” bacute wong iku,
“Jare mbokne bocah-bocah, anakmu klebu bocah kang lantip”
“E... embuh, Kang. Gene kawit biyen orang tak sekolahke dhuwur, wong ragade ora ana ”
Swasana bali sepi amung keprungu kecipake banyu keneng pacul. Pak Wangsa lelangen ing angen-angene dhewe. Sing dirasani mula tansah keduten. Nyekel apa-apa tansah mrucut.
“Iki ana apa ?, batine. Pancen bocah siji iku tansah dadi kembang lambe. Ana ngendi-endi tansah dadi pocapan. Nek dedeg piadege mono ora sepiraa. Ora dhuwur, nanging uga ora nguciwani. Praenane ora pati ayu. Mung kulite resik. Kuning nemu giring. Rai rada bunder.
Sawise rampung sekolah sing cedhak omahe, gaweane saben dinane mung umbah-umbah. Rampung iku banjur masak. Sawise mateng banjur dikirimke bapakne menyang sawah. Mengkono padatan kang saben dina kudu diliwati. ”
“Wah bocah iku wis wayahe omah-omah nanging durung ana sing mengku, daheba senenge duwe bojo sing wasise kaya Bethari Saraswati, dewaning kapinteran “
“Pancen, mungguh anake wong kutha, mesthi disekolahke dhuwur, mesthi mulang wong kuliyahan “
Ngono rerasane tangga teparone Sutimah saben weruh gemlibet.
“Pak kintunane pun dugi kendel rumiyin “
“Ya, Ndhuk. Selehna kono iki tak rampungne sisan“
Ora let suwe sega kiriman iku uga enggal dirahapi nganti tapis.
“Kula mantuk nggih, Pak!“
“ Ya, sing ngati-ati “
Sinambi ngaso, dhudha anak siji iku klekaran, ngiras pantes nglempengke [ 25 ]boyok. Dhasar weteng wareg, awak kesel, ora let suwe, antarane turu lan ora kaya ditekani sawijining wong tuwa. Jenggote dawa wis putih. Sandhangane uga sarwa putih. Ndemok pundhake wong tani prasaja iku sarwi ngunandika
“Menawa kowe pengin sugih, macula lemah pojok lor kulon kana kae “
Gragapan, gregah tangi, isih nguceg-uceg mripate,
Impen mau ora enggal dileksanani. Bengine, wong tuwa iku teka maneh. Sawise telung dina teka terus, lagi dileksanani.
“Lha endi, bandha sing ana ing pojok kene ki ? “
Nanging dhasare kawit biyen wong lugu, mula ora mutung tekan semono. Pacule tansah diobahke, nganti
“ Cragggg …! “
Pacule ketemu barang atos banget. Atose ngungkuli watu item. Rasane ora kepenak. Ananging rasa pengin ngerti njalari barang iku digawa mulih.
“ Ndhuk, Bapak mulih ! “
“ Mbeta napa, Pak?“
Barang sing gedhene sa endhas wedhus iku diiling-ilingi
“Kok awrat sanget, Pak!“. Kandhane karo nyoba njunjung.
“Mula Bapak ya nganti kabotan. Njajal saiki resikana barang iku! “
Bocah sing dhasare ndemenakke iku age-age nindakke dhawuhe bapakne
Lemah sing nggubel barang sing ketoke watu iku mbaka sethithik diilangi.
“ Kok kuning!, kok kaya emas! “ ora sranta, kaya wong wedi, ngundang
“ Pak kok kados ngaten ! “
“Kepiye?“
“ Rupinipun kuning kados emas! “
“Pa ya ? “
Tangga-tangga sing krungu ana rame-rame ing omah iku uga kepengin ngerti. Dhasar wong desa. Isih guyup-guyup. Paribasan ana kepenake liyane melu ngempek, nanging menawa ana rekasa disangga bareng-bareng.
“Bener, iki emas! “ kandhane tangga teparone meh bareng.
Kahanan ing omah iku dadi rame banget. Nganti kaya pasar tumpah nek pas usum mudhik. Wong sedesa padha mlumpuk. Pengin ngerti lan weruh emas sing gedhene sa endhas wedhus. Sa jege urip rung tau weruh emas sing gedhene semono. Nganti wong-wong mau lali gaweane. Sing tani lali sawahe. Simbok-simbok lali omah. Cah angon lali karo kewane. Kabeh kesengsem karo emas gedhene ora ukuran. Ibarat wong-wong wadon Mesir lali nganti ra krasa ngiris [ 26 ]tangane nalika weruh sigite Nabi Yusuf.
Ngerti Pak Wangsa duwe mas kang ora sethithik, rondhane diundhaki. Menawa ana wong manca desa mlebu kono, ora suwe mesthi banjur ditlesih.
“Apike emas iki dicaoske menyang kraton mawon, Pak, bok menawi menika kagungane punggawa kraton ingkang nitipriksa sabine Bapak. Utawi saged ugi rumiyin kraton kenging lindhu lajeng emas menika kapendhem. Nembe samenika katingal. Mila kedah dicaoske teng kraton“
“Ora bisa, Ndhuk. Emas iki duwekku. Olehku nemu ing sawahku. Pokoke arep tak dol“.
Esuk-esuk Pak Wangsa wis tekan ngarep toko emas.
“Pa isa kuwat, toko ki tuku emasku “, grenenge batine.
Sidane wong sugih dadakan iku mubeng-mubeng golek toko sing paling gedhe ing kutha iku.
“Napa kersa numbas emas kula niki?“, kandhane Pak Wangsa sinambi ngetokke buntelane.
Sing duwe toko njenggirat kaget. Dipandeng wong sing katon letheg iku wiwit jempol sikil nganti tekan pucuking rambut.
“Kok sampeyan duwe emas semanten gedhene. Mesthi sampeyan nyolong.“
“Boten mawon!“
“Lha saking pundi?“
Wong sing ora tau goroh iku nyritakke pengalamane kanthi tapis. Nanging kanthi sesidheman sing duwe toko kongkonan tenagane supaya nglaporake marang prajurit kraton kang lagi nganglang praja.
“Kowe dak rangket“
“Lepat kula menapa?“
“Sesuk matura dhewe yen wis neng landrat“
Wong sing arang-arang neng kutha iku sidane diglangdhang menyang kraton. Ana ngarsane sang raja, Pak Wangsa getun, semu ngudarasa
“Nek aku manut anakku, lelakonku ra bakal dadi kaya ngene iki!“
Omongan sing mung kaya dene ngudarasa, iku pranyata dimidhangetke Sang Raja.
“Sapa peparabmu?, genea sira ngudarasa kaya mangkono?“
Sing didangu matur apa anane saka ha tekan nga.
“Apa bener anakmu bocah wasis?“
“Miturut gotekipun tiyang kathah mekaten, Gusti!“ [ 27 ]“Bakal ingsun buktekake. Anakmu entuk ingsun timbali?“
Sang raja banjur dhawuh, nimbali Sutimah.
“ Wonten dhawuh menapa, Gusti ?“
Sang raja kang pancen durung nambut silaning akrami iku rumangsa kepranan marang kenya senajan papan dununge ana desa. Nyritakke apa kang nemahi bapakne.
“ Ingsun arsa ngluwari bapakmu menawa sira bisa netepi bebananingsun “
“ Lajeng menapa bebana Paduka, Gusti ? “
“ Sira menawa sowan rene ora kena wuda mbledreng, nanging uga ora kena klamben. Sira ora kena mlaku nanging uga ora ingsun parengake nunggang jaran ! “
“ Menika bebana Paduka. Kula sagahi! “
“ Aja kesuwen. Selak mesakke bapakmu!“
“ Sendika dhawuh, Gusti “
Sutimah madal pasilan kanthi ora lali nyembah. Sang raja nampa sembahe kenya iku kanthi kebak kembang ing telenging ati. Kena digambarake atining Sang raja ing nalika iku kaya dene taman kebak kembang kang lagia megar bebarengan. Katon asri yen dinulu. Kupu-kupu pating sliwer, pating bleber. Kaya dene tetunggangan ing dina bakda.
Beda sing dirasakke sang raja, beda sing dirasakke kawula. Menawa ing atine sang raja tuwuh taman kang endah, si kawula pindha ngrasakake peteng dhedhet lelimengan pindha bangun kasaput lebu. Mripat batine lagiya kecoblong mikir anggone saguh ngluwari bapakne saka pandakwane sang raja. Ananging kepiyea wae menawa wis saguh, kudu dileksanani.
Ati buneg, pikir judheg njalari si bocah iku ora bisa ngresepi sesawangan kang endah. Ing dina iku sesawangan kang endah katon surem. Padhanging surya tan bisa madhangi petenging ati
Lakune dicepetake. Upamaa bisa cepeting lampah pindha lepasing warastra saka gendewa.
Tekan ngomah ngrasakke kemba. Adate karo bapakne. Isine omah mung wong loro. Gek saiki sing siji ora entuk mulih. Mula awakke banjur dibanting ana ngamben. .Mripate tanpa kedhep namatke ndhuwur, kaya-kaya kepengin ngetung usuk. Direm-remna tetep ora bisa turu. Bawane bocah utama, tansah bekti marang wong tuwa, mula salaku jantrane tansah jinangkung dening Kang Maha Kuwasa. Kang binudi dadi, kang sinedya nyata.
Amarga saka keseling awak lan uga kuranging turu, sidane awake isa tumuju pulau kapuk, turu ra ketang mung saleran nanging bisa gawe segering raga. [ 28 ]Jroning pangimpen weruh bocah dolanan neng ngisor wit randhu. Dilalah pas usum. Wite ndadi ra karuwan. Bocah iku nggulung-nggulung. Badan sekojur kebak kapuk nganti-nganti ra nganggo klambi wae kabeh ra ketok
“Apa iki sing diarani wangsit saka Gusti Kang Maha Murah, supaya aku nindakake kaya bocah iku. Apa alane yen tak coba “, gronjale batine.
Sabisa-bisa ayahane bapakne uga dirampungi. Menyang sawah, endhang- endhang tanduran. Mulih saka sawah nyawang bocah-bocah padha nunggang bandulan. Kaya-kaya entuk gambaran, kuwi sing bisa ngluwari bapakne saka pandakwane sang raja. Ora nunggang ning ya ora mlaku. Wis cetha sing kudu ditindakake, mula lakune digelak. Daya-daya kepengin selak ngluwari bapakne, uga selak kangen. Wis suwe ora ketemu bapakne, ora ditunggoni bapakne.
Tekan ngomah, tandange kaya kitiran. Mubeng kene nandangi iki. Mlayu rana ngayahi kana.
Omah wis katon temata. Sawah wis bisa dirampungi, mula enggal cepak-cepak kepreluan sing kanggo ngluwari bapakne. Kapuk sacukupe. Uga tali sing bakal kanggo nggantung awake ing wetenging jaran.
“ Lik-lik napa dene siwa-siwa, kula badhe ngluwari bapak saking pandakwane sang raja“.
“ Carane?“ semaure tangga teparone meh bareng.
Bocah kang pancen duwe keluwihan nalar iku nyritakake bebanane sang raja sarta impene kanthi gamblang lan wijang. Wong-wong kono percaya wae apa kang bakal dilakoni bocah kang wis tanpa ibu iku.
Sawise adus resik, banjur awake diubel-ubel kapuk nganti badan sekojur.
“Nyuwun tulung niki mangke awak kula mang gandhulke teng weteng jaran niki!“
Cekat ceket anggone padha tumandang gawe, ngewangi kembang desa iku. Kanthi ditutke saperangan pedunung ing desa Kedhondhong, Sutimah tumuju kraton, enggal kepengin ngluwari bapakne..
Ora ana sing kumecap turut dalan. Sajake kabeh padha ngewangi ndedonga ing ngersaning Gusti supaya kabeh padha slamet.
Amarga kabeh kepengin ndang rampung, mula sedhela wae wis tekan ngarep kraton. Deninng sing tumbuk kemit enggal dilarapke menyang ngarsane Sang Prabu.
“ Kowe sowan maneh, ngapa awakmu sira ubel-ubel kapuk, kaya mengkono, mengku karep kepiye? “
" Rumuyin sang prabu dhawuh supados kula sowan boten mawi rasukan nanging ugi boten pareng wuda. Mila badan kula, kula blebet mawi kapuk "
“ Lha genea sira malah gandhulan ana wetenge jaran “
“ Kula netepi dhawuh paduka, supados kula boten nunggang, nanging ugi boten mlampah. Ingkang nami nunggang menika menawi wonten nginggil gigir. Kula wau wonten ngandhap gigir dados kula boten nunggang kuda menika. Nyuwun ngapunten Sang Prabu.”
Sang Prabu midhanget ature Sutimah manthuk-manthuk sajak karenan ing galih.
“ Bener aturira, Sutimah. Ingsun mung pengin nguji sepira kawegiganmu ngudhari reruwet. Rehning sira bisa nyembadani bebananingsun, Ingsun ora wola-wali, dina iki uga ingsun luwari bapakmu. “
Sawise Pak Wangsa sowan ana ngarsane Sang Prabu,
“ Pak Wangsa, ingsun wus priksa kepinterane anakmu, mula dina iki uga ingsun nglamar anakmu bakal ingsun sengkakake ngaluhur minangka garwa prameswari.”
Pitung dina pitung bengi anggone pista pahargyan dhauping Sang Prabu. Wong-wong ing desa Kedhondhong, melu suka-suka awit bisa ngempek kamukten ana ngersane Sang Prameswari. -@
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
29
Sri Rahayu
Yen ndelok wujude mono pancen ya mung bongkahan watu gedhe kang mapan ana ing pucuking gunung kang mepet karo kali Opak. Ananging kasunyatane sanadyan mung bongkahan watu kang ing dhuwure thukul uwit ringin kang ora tau mundhak gedhe mau nyimpen sewu cerita kang ora ana enteke menawa diceritakake.
Watu kang mapan ing pucuk Gunung Mbecari, kang wujude pesagi rada lincip kadadeyan saka pucuking Gunung Merapi kang menculat lempeng arah ngidul nalika Gunung Merapi njeblug, banjur tumancep ana ing Gunung Mbecari, cedak karo pegunungan kidul kang rampunge ana gisik Parangtritis. Ana ing dhuwur
watu mau thukul uwit ringin kang saka jaman biyen ora tau mundhak gedhe. Ya saka watu lan uwit ringin mau kadadeyan kang aneh lan ora bias dinalar kerep ana lan dadi pengeling-eling wong kang urip ana sakiwo tengene.
Kaya kedadeyan kang dialami dhalang kondhang Ki Renggana.
Sore kuwi Ki Renggana lagi lungguh leyeh-leyeh ana ing lincak ngarep omah karo sisihane sinambi wedangan. Dumadakan ana tamu kang rawuh. Kanthi grapyak tamu mau dilungguhake ana pendhapa lan ora let suwe wus dicawisi unjukan barang.
" Nuwun sewu Ki sanak, sasampunipun lenggah sawetawis wonten wigati menapa Ki sanak rawuh wonten papan dunung kula mriki, " kandhane ki Renggana sawise ngaturake pambagya harja.
30
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta
" Mekaten Ki Renggana, kula badhe ngaturi panjenengan supadas babar ringgit wonten dhusun kula mbenjang malem Jemuwah Kliwon wulan ngajeng. Menapa kinten-kinten panjenengan longgar wekdal lan penggalih? "
Ki Renggono katon meneng sawetara lan manggut-manggut. " Kadosipun kula dereng wonten semadosan kaliyan piyantun sanes, "
" Matur nuwun sanget Ki."
" Lajeng kula kedah mbabar carios menapa ki sanak?"
" Sumonggo kersa ki, ingkeng baken lan kedah panjenengan emut-emut menapa kemawon carios ingkang panjenengan babar, menawi wancinipun medal panakawan, kula suwun Petruk mboten sah pun dal aken. "
" Kenging menapa kedah mekaten ki sanak?"
" Njih menika namung panyuwun ki Renggana. Kula suwun panjenengan emut babagan menika. Kados pundi ? Sagah menapa mboten ?"
Ki Renggana meneng sawetara. Pikirane rada bingung. Kamangka wayang kang diiseni kajiman kang njalari dheweke bisa dadi dhalang kondhang lan laris ya wayang kang awujud Petruk. Lha yen Petruk ora entuk metu apa ora padha kuciwa kang nonton? Pikire isih bingung. Ananging yen ora disaguhi panyuwune wong kang arep nanggap apa ora jeneng gawe gelane liyan?
Ki Renggana manggut-manggut sawise antuk jawaban. Apa susahe ora ngetokake Petruk ? Ngono batine.
" Kados pundi Ki ? “
" Inggih..inggih..kula sagah. Lajeng wonten pundi kula kedah dhateng ? Panggenanipun sinten? "
" Mekaten Ki. Mangke malem Jumuwah Kliwon bibar suruping srengenge panjenengan kula aturi lumampah. Wonten ing telas-telasanipun kali Opak panjenengan mangke sampun badhe pirsa lampu-lampu ingkang gumebyar padhang jingglang kados rina. Wonten panggenan menika panjenengan kedah babar. Lan
sepindhah malih kula weling sampun ngantos Petruk medal."
Sawise rembugan dianggep cukup tamune Ki Ranggana bali.
Ki Renggana banjur nemoni sisihane lan nyeritakake penjaluke tamune kang kaanggep aneh. Nyi Renggana mung mesem. " Dhalang rak ya ora kurang lakon to pake," sambunge karo mbayangake rejeki kang bakan ditampa sisihane.
Ki Renggana manggut-manggut. " Bener kandhamu Nyi. " bacute celatune.
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
31
Dina kang katemtokake wus teka. Kabeh wiyaga wus padha sumadiya. Sindhen utawa waranggana kang biasane uga wus macak nganggo kelambi abang, nambahi semangate para wiyaga. Gamelan sepangkon wus munggah ana ing gerobag biasane.
" Kepriye sedulus-sedulur ? Wus Ora ana kang lali ta ? " Pitakone Ki Renggana.
" Mboten Ki. Mangga enggal bidhal kemawon." Jawabe Sardi.
Ora let suwe arak-arakan gamelan lan wiyaga wus ngebaki dalan. Bareng kira-kira mlaku setengah jam, kabeh dumadakan padha mandheg. Greg. Kabeh bareng. Kabeh padha nget-ngetan lan pandeng-pandengan gumun. Gumebyare sorot lampu kang padhang banget ngluwihi padhange sokle. Bener kandhane wong kang sowan Ki Renggana kae. Bakal ana gebyar lampu kang njalari wengi kuwi kaya rina. Wong kang dodol ana sakiwa-tengene dalan uga rame banget. Pertandha menawa kang duwe gawe pancen ewuh gedhen tenan. Saka bocah cilik nganti tekan wong tuwa pada gumrayah blanja dodolan kang dipajang ing sakiwo tengene dalan.
Sawetara padha kami tenggengen nyumurupi kahanan kang elok mau. Tarub kang jembar banget lan katon asri katata angresepake disawang. Kabeh padha gedheg-gedheg sirah. Pikirane kabeh padha, pira ya bayaran kang bakal ditampa mengkone sawise rampung nyambut gawe?
Sawise padha entek gumune, sabanjure Ki Renggana lan rombongan mlebu ana papan kang wus dicepakake. Kaya ngapa senenge Ki Renggana ngrasakake anggone pada sumuyut mbagekake tekane. Pasuryane sumringah lan kebak esem.
Bareng kabeh ubarampe wus cumawis, ora let suwe ki Renggana miwiti anggone ndhalang. Kebake wong kang ndelok, nambahi gumregahing atine ki Renggana anggone ndhalang. Ananging embuh kepriye kedadehane, dumadakan ki Renggana babar carita Petruk dadi ratu. Mangka nalika ana ngomah lan nalika cepak-cepak uba rampe lan wiyaga sarta warangganane, dudu carita kuwi kang bakal kababar. Ananging pas tempuking gawe malah carita kuwi kang kababar. Kabeh wiyaga lan waranggana pada bingung. Uga Nyi Renggana kang ngetutake sisihane ndhalang. Kepriye mengko kedadeyane wong ceritane Petruk dadi ratu kok Petruk ora entuk metu? Ngono pikirane kang padha bingung. Ananging nalika kabeh padha ngelingake marang Ki Renggana, kanti tenang Ki Renggana mung kandha cendhak. "Tenang wae, dhalange rak aku ta."
Pepuntone ing bengi kuwi ki Renggana babar cerita Petruk dadi ratu. Penonton kang ambyuk ana ing papan kuwi kabeh padha marem nonton wayang kang dimaenake dhalang kondhang Ki Renggana. Dhasar suwarane gandem lan suluke manteb, uga akeh basa kang njalari kang padha nonton gumuyu. Katon banget menawa Ki Renggana pancen dhalang kang mateng lan terampil tenan ngolah
32
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta
cerita lan njogetake wayang. Ora ana penonton kang ora marem. Kabeh padha mongkog bisa nonton wayang kang kababar dening Ki Renggana. Kabeh kang mresani ora ana kang ngantuk. Kabeh padha mentheleng ora kedhep, kaya-kaya padha emoh kelangan sapangucap wae omongane Ki Renggana.
Uga nalika metu gara-gara kang lucune temenanan. Kabeh nganti padha kepingkel-pingkel. Malah nuwun sewu nganti ana kang padha kepuyuh-puyuh saking bungkele. Apa maneh nalika Ki Renggana paring wejangan-wejangan bab benering urip ing marca pada. Laku bener kang kudune dilakoni menungsa kabeh ananging
saiki wus ora padha digatekake, malah kepara padha diterjang wae kanti ora ana rasa salah. Kabeh mung padha manggut-manggut mbenerake apa kang lagi dikandhakake Ki Renggana.
Ananging saeba kagete Ki Renggana lan para wiyaga uga waranggana. Nalika ana jejer kang ngudokake Petruk metu, Ki Renggana lali marang welinge wong kang nanggap dheweke kang ora ngentukake Petruk metu. Lan kedadeyane ora padha karo kang dibayangake sadurunge. Kabeh padha pating jlerit. Ora nganti ganti menit sawise Petruk metu, kabeh lampu kang mau cumlorot padhang jingglang kaya rina mati pet lan njalari peteng dhedhet. Blencong kang dadi piandele Ki Renggana uga mati pet. Kabeh anane mung peteng karo peteng. Swara waranggana
kang padha pating jlerit nambahi gugupe Ki Renggana.
" Sareh..sareh..." Swarane Ki Renggana karo nenteremake atine dhewe.
" Sareh pripun Ki.. genah peteng dhedet ngaten je..." sahutane Parimin kang nyekel kendhang.
" Sik..sik...Iki yen ora kleru kok neng tengah alas ya, " Tarji nyambung.
" Leres Ki..kita wonten ing pucuk gunung... " Parjiyo ora gelem keri.
" Pucuk gunung? Kepriye awake dhewe le mudhun?" Tarti waranggana kang katone kenes jebul ya isa nangis marga panik.
" Aku wedi tenan Di..." Yu Retna waranggana kang awake lemu ginuk-ginuk uga tetangisan.
Ki Renggana meneng sedhela, ngeningake pikire. Ana apa kok dadi kedayenan lelakon kang kaya ngene. Dheweke lagi rumangsa yen dheweke kang luput.
" Sedulur-sedulur... Aku njaluk pangapura. Mestine kedadeyan iki ora perlu ana yen aku ati-ati lan wening ing pikir. Bener aku dhalang kondhang kang iso gawe carita wayang apa wae. Ananging Gusti Kang Murba Ing Dumadi ora marengake aku pongah lan umuk. Nyatane piwelinge wong kang ora tak rewes wae iso ndadekake cilakane kabeh sedulur iki. Aku nggampangake rembug lan nyilikake artine liyan. Ya jalaran iki aku antuk pepenget saka Gusti. Muga-muga iki dadi pepenget kang bakal ana gunane banget ana ing wektu-wektu candhake.
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
33
Sri Rahayu
Aku ora ngerti maneh aku kudu njaluk pangapura marang sapa. Panjenengan kabeh wus ngerti yen gamelan sepangkon, wayang sakothak kabeh wus ora ana wujude. Musna tanpa bangke. Ora ana wujude. Durung maneh awake dhewe kang ora ngerti kepriye carane mudhun saka watu kang gedhe banget lan samene dhuwure iki. Kamangka wit-witan uga dadi rubeda. Durung maneh krikil-krikil kang pating griyul. Aku njaluk iguh pertikel saka kanca-kanca kabeh. Apa awake dhewe arep ngenteni padhange wengi supaya anggone mlaku luwih permana apa bali bengi iki uga kanti petungan kang isih durung kita ngerteni. "
" Kula ndherek kados pundi saenipun Ki. " Jawabe Paimin.
"Kula nggih ndherek Ki. " celathune Supri.
" Ya wis....Yen ngono awake dhewe nunggu wae sesuk esuk yen srengenge wus katon, supaya awake dhewe uga ngerti ana ngendi awake dhewe iki. "
"Nggih Ki....kula setuju. "
Bengi iku sanadyan ora padha bisa turu, diputuske yen anggone mudhun yen wus mlethek srengenge.
Saeba kagete kabeh para wiyaga lan waranggana nalika ing esuke padha ngerteni yen wong-wong mau manggon ana ing pucuk watu ing dhuwur gunung kang lumayan mencit kang wus padha ngerti awan-awane biasane, yaiku ana ing pucuk watu Gunung Mbecari.
" Gandrik. Kok iso neng kene awake dhewe, Lik? " Pitakone Pardi marang Saidi.
" Kapan awake dhewe anggone mungggah ya, Lik? " Sawitri nimpali pitakone Pardi.
" Mangka mau bengi kae dalane alus tenan ya Lik? " Paijo nambahi nimbrung.
" Wis...wis... sing baku saiki awake dhewe golek cara kanggo mudhun saka kene. Watu iki dhuwur tenan, awake dhewe kudu ngrekel-ngrekel golek gujengan kang kenceng supaya ora keplorot. " Ki Renggana kang ngerti-ngerti wus ana cedhane anak buahe aweh gagasan.
" Inggih Ki. Bapak-bapak mandhap langkung rumiyin nembe ingkang putri-putri, "jawabe Lik Saidi.
" Bener. Ayo padha ati-ati dhewe-dhewe. Awake dhewe lagi dicoba kon ora nggresula lan bisa nampa kahanan iki kanthi pikiran kang wening. Kabeh isoa dadi pangeling-eling awake dhewe kabeh. Muga-muga kedadeyan iki bisa ana hikmahe tumrap awake dhewe."
Sabanjure Ki Renggana sakancane kanthi ngrekel-ngrekel lan dibiyantu sedulur-sedulur ing sakiwatengene Gunung Mbecari kono bisa mudhun saka watu gedhe kang mapan ana pucukeng.
[ 35 ]
"Mboten nembe sepindhah menika Ki kedadosan ingkang nggegirisi mekaten wonten ing papan mriki, "Pangucape Bekel kang nguasani tlatah Gunung Mbecari.
"Mbok bilih menika pepeling kangge kita sedaya, " bacute.
"Matur nuwun ki sanak awit sedaya pambiyantunipun. Mila kula ngrumaosi lepat. "jawabe Ki Renggana. "Mugi-mugi ing wekdal-wekdal samangke kula sarencang saget tumindak ingkang langkung sae tinimbang ingkang sampun-sampun," bacute.
Ora let setengah jam rombongane Ki Renggana wus tekan ngomah. Kanthi kebak pitakonan kang durung kejawab kabeh, Ki Renggana tansaya tambah kaget bareng mbukak lawang ngarep. Gamelan sapangkon, wayang sakotak lan uba rampe anggone ndhalang wung cumawis ana pendhapa ngarep.
"Ki, kenging menapa menika saget kedadosan nggih ? " Pardi kumowani takon marang Ki Renggana nalika dheweke meruhi gamelan kang wus ana pendhapa.
"Aku uga bingung, Di. Lelakon iki pancen aneh. Ananging kasunyatane ya awake dhewe ngalami temenan. Pancen watu kang ana pucuking gunung Mbecari kae wingit temenan lan ora kena kanggo baen-baen. Aku dhalang kondhang kang ngemu rasa umuk sethitik wae wus digawe rekasa lan wirang. Ananging kabeh mau tak tampa kanthi ikhlas lan narima kok Di. Muga-muga kedadeyan iki bisa njalari anggonku dadi uwong kang becik dan ora umuk."
Ananging sapa kang bisa ngira menawa ndhalang ana ing pucuk Gunung Mbecari iku minangka ndhalang kang pungkasan kanggone Ki Renggana, amarga wiwit wektu kuwi ora ana maneh sadulur kang mara ana omahe saperlu njaluk tulung marang Ki Renggana supaya babar wayang maneh.
Kasunyatane Ki Renggana kudu mbayar larang banget kanggo kaluputane anggone kumucap yen dhalang mono bakal bisa ndadekake wayange carita apa wae, kaya pocapan kang kerep keprungu ing kupinge kabeh uwong menawa dhalang kuwi ora bakal kentekan lakon. Kamangka sejatine dhalang kuwi uga mung manungsa lumrah kang duwe kapinteran linuwih yaiku nyeritakake paugeraning urip liwat wayang-wayang kang dimaenake.
Wiwit kedadeyan iku wingite watu kang ana pucuking Gunung Mbecari tansaya nggegirisi. Sedulur-sedulur kang manggon ana ing sakiwa tengene tansah padha ati-ati jaga sikap lan solah bawane. Kang biasane padha kumecap sakarepe uga padha metungake apa kang bakal diucapake.
Rahayu
Sanadyan katone nggegirisi, ananging watu kang tumancep ana ing pucuking Gunung Mbecari kang ora liya uga watu kang tumiba saka potholane pucuking Gunung Merapi sejatine mono kerep bisa gawe pangeling-eling dening para manungsa supaya bisa tumindak kang luwih becik ana ing wektu-wektu candhake. Kabeh carita kang ana sambung rapete karo watu Gunung Mbecari mesti bisa kanggo piwulang marang para manungsa, lan anehe para manungsa uga banjur sadar lan bali menyang paugeran yen wus diajar kahanan kang didunungake lewat watu Gunung Mbecari. -@ [ 37 ]Sendhang Klangkapan
Pardi Suratno, M.Hum.
Ujaring bakul sinambi wara, jaman mbiyen laladan Godean isih bawera. Isih rupa alas. Nalika iku durung akeh pawongan kang mapan ing tlatah tanah Jawa sisih kidul, klebu ing tlatah Godean. Laladan Godean apadene Sayegan isih mujudake alas kang wingit. Akeh kewan galak ing alas kono. Amarga isih mujudake alas kang wingit, tlatah iku diarani Ngara-ara kang ateges alas. Jaman samana isih klebu jamane para wali. Suwening suwe saya akeh pawongan kang manggon ing tlatah Ngara-ara mau. Wong-wong kang padha neneka ing kono mbudidaya mbukak alas saperlu kanggo padesan lan pasawahan. Para warga padha saiyeg saeka praya anggone nyambut gawe kanggo nyukupi pangan kulawarga ing saben dinane. Nalika semana kang dadi sesepuhe Ngara-ara aran Ki Tunggulwana.
Wong-wong ing desa Ngara-ara rumangsa seneng uripe. Pategalan dan pasawahane wis bisa nyukupi kabutuhan brayate. Mulane Ki Tunggulwana saya moncer asmane. Sinuyudan dening warga kabeh. Ki Tunggulwana pancen pawongan kang wicaksana, sregep nyambut gawe lan seneng tetulung marang sepadha-padha. Ora kendhat Ki Tunggulwana tansah menggalihake kepriye amrih warga ing laladan Ngara-ara saya becik uripe. Kajabane sregep nyambut gawe, Ki Tunggulwana uga seneng sesirih ing papan kang sepi saperlu dedonga marang Gusti Allah. Kabeh mau kanggo kamulyane warga ing tlatah Ngara-ara. Wis dadi garising kodrat, ing sawijing bengi, nalika Ki Tunggulwana semedi rumangsa ana swara ngemu wewarah. Ujaring swara ngandharake sarat-sarate wong Ngara-ara anggayuh marang kamulyaning nganti tekan anak-putu mbesuke. Ujaring wangsit dadi penggalihane Ki Tunggulwana. Dina wis gumanti sasi, ujaring wangsit isih sinimpen dening Ki Tunggulwana, durung kababar marang sapa wae. [ 38 ]Wong-wong ing laladan mau uripe saya kepenak. Anggone nenandur asile becik. Mula ana saperangan warga kepengin ngadani bersih desa minangka tandha panarima marang kamurahaning Gusti Allah. Kekarepan mau enggal diaturake marang Ki Tunggulwana minangka tetuwane desa. “Kula nuwun, Ki. Mugi sowan kula mboten damel cuwanipun Ki Tunggulwana. Dene wosing sowan kula, minangka utusanipun para warga, sedaya nyuwun Ki Tunggulwana ngadani bersih desa meningka tandha panarima marang Gusti Ingkang Murbeng Jagad sesambetan pemetunipun among tani ingkang saya sae. Kados pundi pamanggihipun Ki Tunggulwana?“ Mengkono ature salah sawijining warga. Dene bot-bote dituwake, Ki Tunggulwana meneng sedhela. Banjur unjal ambegan, ora suwe aweh wangsulan. “Iku panemu kang prayoga. Aku sarujuk banget. Kepara wis suwe aku duwe panemu kang kaya mangkono. Mula kandhakna marang kabeh pawongan, bersih desa mau bakal diadani mbesuk ing dina Anggara Kasih, mapan ing omahku kene. Aja lali, kabeh ubarampe mengko enggal dirembug sing becik.“ Sawise antuk wangsulan saka Ki Tunggulwana kabeh warga padha sengkut nyawisake kaperluane bersih desa iku. Ana kang pasok panganan, woh-wohan, lan sapanunggalane kanggo bersih desa mau.
Gancaring carita, ing dina Anggara Kasih tabuh sanga esuk, kabeh warga Ngara-ara gedhe-cilik, enom-tuwa, lanang-wadon ngumpul ana omahe Ki Tunggulwana. Mula saka itu, maneka warna panganan cumawis. Kepara turah awit saka suka lan rilane warga kabeh. Kajaba iku maneka warna panganan mau mujudake rasa sukur lan panarima wong-wong ing desa Ngara-ara awit kamurahaning Gusti Allah lumantar wetuning tetanen kang mundhak suwe saya akeh. Kena ingaranan desa mau gemah ripah, murah sandhang lan pangan. Kabeh mau ora liwat uga lantaran kawicaksanane Ki Tunggulwana anggone mranata wargane. Nalikane para warga wis padha mlumpuk, Ki Tunggulwana paring andharan gegayutan karo wangsit kang wis ditampa udakara limang candra kepungkur. Kanthi cetha Ki Tunggulwana ngendhika, “Sedulur kabeh, ngertenana, udakara limang candra kepungkur aku antuk wangsiting Gusti Allah Kang Akarya Jagad. Lumantar swara tanpa rupa, ujaring wangsit mangkene. Besuk desa kene bakal dadi papan reja. Wargane saya tambah akeh. Nanging, poma-dipoma aja nganti lali. Welingen anak putumu kabeh. Sepisan, aja nganti kendhat anggota manembah marang Gusti Allah. Kapindho, lamun mbesuke ana anak turune brayat kene kang cekel panguwasa aja nduweni watak kumingsun, adigang, adigung, lan adiguna. Kaping telune, kabeh brayat kudu rukun lan tulung-tinulung. Gegandhengan kabeh wis cumawis, kowe kabeh kena suka parisuka, kembul andrawina.“ Kang padha ngrungokake kabeh saur manuk, "Inggih, Ki. Inggih, Ki. Matur nuwun awit wewarahipun mugi saged dipuneling lan dipuntetepi sedaya brayat.“ Sarampunge paring wewarah, Ki Tunggulwana mlebu ing omah pandhapa kumpul
kalawan para sesepuh padukuhan. Dene warga kang klebu enom-enom nglumpul ana njaba padha andrawina suka parisuka.
Dilalah kersaning Allah, lagi nedheng-nedhenge para warga pedhukuhan mangan enak andrawina, tanpa dimangerteni sangkan parane, ing papan iku katekan pawongan loro. Lanang karo wadon. Kekarone nyandhang pating sruwal, suwek arang kranjang, kepara reged anggegilani. Pawongan kang lagi teka mau nandhang lara kang padha. Awake pating benyinyih kaya kudhisen kang kasep. Mulane ambu lan gandhane amis gawe jigreke kang padha kembul andrawina. Mula saka itu, warga kang suka parisuka sajak muntab atine rumangsa keganggu anggone mangan andrawina. Tanpa tidha-tidha, ana sawetara pawongan kang nyedhaki pawongan loro kang padha neka tanpa cecala mau.
Salah sawijing brayat Ngara-ara kang kondhang brangasan aran Jagal Kasusra. Pawongane gedhe dhuwur pakulitane ireng. Yen lagi nesu mripate katon abang branang, ngemu watak wengis. Kanthi swara kasar, Jagal Kasusra mbengok, "He, pawongan elek lan nggegilani. Mripatmu rak ya ngerti warga desa lagi suka parisuka mangan andrawina. Gandhamu anggegilani gawe cuwane sedulur kabeh. Ayo, cepet minggata saka papan kene!" Durung rampung Jagal Kasusra ngucap, kanca-kancane padha saur manuk, "Dikon minggat wae. Dilarak metu saka desa kene wae. Jan, ambune anggegilani." Ewadene pawongan loro mau tetep ngadheg jejer kanthi ulat dhingkluk. Kekarone sajak isin lan wirang. Kanthi prasaja wong lanang kang prasasat kaya wong lara owah mau kandha, "Ki sanak, nyuwun pangapunten, sampun pinten-pinten dinten kula mboten nedha. Mugi wonten keparengipun, kula nyuwun tedha sakedhik kemawon. Sasampunipun kaparingan tedha, kula badhe enggal mbacutaken lampah ngetutake kareping suku lan enering pikiran kula kekalih."
Ature pawongan loro mau ora direwes dening Jagal Kasusra sakancane. Dheweke wis lali marang wewarahe Ki Tunggulwana. "He, pawongan elek, cepet lunga. Lamun, ora gelem lunga, nyawamu bakal ilang ing papan iki." Jagal Kasusra sakancane banget anggone daksiya. Ana kang sumambung gunem, "Dipateni wae. Dipilara dhisik." Antuk pambujuke kanca-kancane kang brangasan, Jagal Kasusra tambah nesune. Pawongan loro mau dipilara sageleme. Kabeh kang padha milara dadi kaget bareng kekarone wis ilang nyawane. Kahanan ing papan kono dadi tintrim amarga ana rajapati. Kabeh rame pating bengok gawe kagete Ki Tunggulwana kang lagi lungguhan karo sesepuh padhukuhan liyane.
Rindhik asu digitik. Ki Tunggulwana gage metu nyedhaki kang lagi tiwas. Sanalika kejot penggalihe, sawetara wektu tan bisa ngucap. Bareng wis rada sareh, Ki Tunggulwana kandha, "We lah, iki kedadean apa? Kowe mau wis dakweling becik-becik. Aku wis weling aja tumindak daksiya marang liyan. Hem, kahanan kok kaya mengkene. Kowe, Jagal Kasusra, ora mari anggonmu tumindak
sesongaran. Tumindak sakarepmu dhewe. Apamaneh iki malah ana rajapati." Ki Tunggulwana mandheng Jagal Kasusra kanthi mripat mencereng kagawa saka kuciwane. Nanging, dhasar awatak daksura lan kumingsun, Jagal Kasusra atos guneme. "Ki Tunggul, ora idhep, pawongan iki wis ngganggu anggonku suka parisuka kalawan kanca kabeh. Mula dakpateni."
Ki Tunggulwana meneng sadhela. Ing batine sengit marang tumindake Jagal Kasusra kang sesongaran. Manut pamawase, mbesuk bakal ada kadaden kang nyalawadi ing papan kene. "Wis, barang wis kebacut arep dikepriye maneh. Becik jisime pawongan loro iki cepet dirumat manut tata rakite agama. Kekarone becik kasarekake ing pakuburan desa kene." Kabeh wong kang ana ing papan iku meneng. Kabeh mesakake marang Ki Tunggulwana kang katon cuwa awit tumindake Jagal Kasusra sakanca. Nanging, Jagal Kasusra lan kancane ora rumangsa getun. Tanpa taren marang Ki Tunggulwana, jisime pawongan loro mau digeret kanthi daksiya dening Jagal Kasusra sakancane. Pangangkah jisim mau arep dibuwang ing kali kang ora adoh saka desa kono. Kahanan mangkono gawe kagete Ki Tunggulwana lan sesepuh desa liyane. Tanpa kakehan wicara, Ki Tunggulwana nglari nggoleki jisim kang dilarak dening Jagal Kasusra.
Kaelokaning jaman tan bisa digerba sadurunge dening sakebehing titah. Jisim loro iku ilang tanpa lari nalikane diselehake ing pinggiring kali gedhe. Ki Tunggulwana rumangsa getun jalaran ora bisa nemokake jisim mau. Nalika tekan pinggiring kali, jisim wis musna tanpa lari. Kahanan mau saya gawe getering Ki Tunggulwana. "Wis, kabeh wis kebacut. Ora bisa digetuni. Poma dieling-eling, mbesuk desa dan brayat kene bakal kena bebendhune Gusti Allah. Kabeh mau jalaran kowe wis tumindak daksiya marang liyan," sabubare ngendhika Ki Tunggulwana banjur mulih. Wong kang padha tut lakune mung padha meneng. Kabeh rumangsa sumelang marang kahanan apa kang bakal dumadi. Kabeh mikir mbesuke bakal ana kedaden apa. Jagal Kasusra uga katon getun. Nanging getun ing mburi iku tanpa guna. Sawise iku kabar rajapati kang nyalawadi sumebar marang desa sakiwa tengene Ngara-ara.
Sesasi rong sasi panguripane warga desa Ngara-ara ora owah. Isih panggah tetep kaya kang wis lumaku. Para tani nggarap sawah lan tegale. Meh kabeh brayat ing kono sengkut anggone ngupakara raja kaya. Kayata sapi, kebo, wedus, lan jaran. Nanging Gusti Allah duwe garis kang ora bisa tinulak. Tanpa kanyana-kanya, wong-wong ing papan kono padha bingung. Jalaran kabeh kewan raja kayane padha lara. Kabeh kebo, sapi, wedus, lan jarane lumpuh lan kena lara gudhigen. Kahanan mangkono gawe jibege warga kabeh. Mula ana saperangan warga sowan marang omahe Ki Tunggulwana saperlu njaluk iguh lan pratikele.
"Ki Tunggul, kahanan saya nganeh-anehi. Damel kekes lan tintrime brayat desa mriki. Sedaya kewan lara lumpuh lan gudhigen. Mesakaken. Nemawi mboten
[ 41 ]enggal pikantuk usada, tamtu sedaya badhe kecelan rajakayanipun. Pramila, kados pundi pamanggih Panjenengan?“ mengkono ature Ki Sura. Kanthi pasuryan sedih marang kawulane, Ki Tunggulwana alon ngendhikane, “Bener, iki pageblug jalaran tumindake Jagal Kasusra anggone mateni pawongan kang tanpa dosa. Saiki mengkene wae, prentahna marang warga kang duwe kewan supaya ngguyang kewane ing kali gedhe njaba desa kae. Aja lali kewan-kewan mau dikosoki nganggo godhong sambilata. Wis cepet byawarakna marang warga kabeh! Aja kasuwen!“
Ki Sura sakanca cepet njaluk pamit. Dhawuhe Ki Tunggul wis ditekakake marang warga desa. Ing wektu kang ora suwe kabeh warga nggawa kewane menyang kali gedhe ing pinggiring desa. Nanging saeba kagete. Kali kang sakawit banyune bening lan gedhe iline iku dumadakan asat. Wong-wong padha bingung.
Ki Tunggulwana wis ngira bakal ada kedaden kang aneh. Mula banjur nututi wong-wong mau menyang pinggiring kali. Ing batin was sumelang kabal ana kahanan apa maneh. Kajaba iku mesakake marang raja kayane brayat padhukuhan kang nandhang lara lumpuh lan gudhigen. Ki Sura nyedhaki Ki Tunggulwana, “Ki, kedadosan menika nggegirisi. Kula pitados pageblug menika wonten sambetipun kaliyan tumindakipun Jagal Kasusra sakancanipun.“ Kanthi sareh Ki Tunggul ngendhika, “Bener, kandhamu. Kabar kang daktampa, biyen ing Desa Tempel uga tau ana kedadean kaya mangkene iki. Kala samana ana wong neka njaluk ngombe. Nanging brayat ing Desa Tempel kepara daksiya. Pawongan mau dipilara nganti tekan patine. Ora let suwe, Desa Tempel uga ketaman pageblug.“
Dumadakan Ki Naya sumela atur, “Ki Tunggul, menawi mekaten, priyantun ingkang pejah kala emben menika wali ingkang nylamur lampah?“ Sabanjure Ki Sura matur marang Ki Tunggulwana, “Punapa priyantun rumiyin menika Kanjeng Sunan Kalijaga, Ki?“ Kanthi pasuryan kang tumungkul awit ngrasakake sedihing ati jalaran panandhanging brayate, Ki Tunggulwana mangsuli, “Aku ora bisa mestekake. Sapa pawongan mau. Uga ora wani nemtokake pawongan iku Kanjeng Sunan Kalijaga kang nyamudana laku. Nanging aku percaya, pawongan iku dudu wong lumrah.“ Krungu wangsulane Ki Tunggulwana, kabeh brayat Ngara-ara sangsaya tambah getune. Getun dene wis tumindak daksiya tanpa deduga lan prayoga.
Ora let suwe akeh wong cluluk yen Ki Tunggulwana lunga tanpa cecala. Kabeh padha ribet lan bingung. Pancen sawetara dina Ki Tunggulwana tetirah semedi. Brayat kono ora ngerti papan dununge. Udakara pitung dina, Ki Tunggulwana kondhur. Baline Ki Tunggul gawe bungahing para warga Ngara-ara lan Sayegan. Mula akeh pinisepuh desa kang banjur sowan menyang dhaleme Ki Tunggulwana. Ing sangareping brayate, Ki Tunggulwana ngendhika, “Sedulur kabeh, mangertiya, sawetara dina aku tetirah nyuwun marang kamurahaning Gusti Allah, muga ora kleru panampaku, sawijining wektu wayah tabuh loro bengi, aku [ 42 ]nampa wangsit. Dene ujaring swara wangsit mau mangkene, "Desa Ngara-ara, Sayegan, lan kiwa tengene iki bakal uwal saka pageblug. Ananging ana telung prakara kang kudu ditindakake dening brayat kabeh. Sepisan, brayat kene perlu ngunjukake rasa sokur utawa panarima marang ulu wetuning bumi ing saben taune, kang diarani bersih desa. Kapindhone, brayatku kudu netepi laku utama, aja tumindak daksiya marang sapapadhaning wong. Kang pungkasan, brayatku kabeh kudu nglakoni ngibadah marang Gusti Allah." Sawise unjal ambegan, Ki Tunggulwana mbacutake wewarahe, "Iki uga wigati. Dakjaluk brayatku kabeh, tuwa-enom, lanang-wadon padha mbuwanga sene ana sangisore wit waringin kang ana ing pinggir desa kae."
Wong-wong padha nindakake dhawuhe Ki Tunggulwana. Wiwit wektu iku kabeh wong mbuwang sene utawa nguyuh ing sangisoring wit waringin gedhe ing njaban desa. Eloking lelakon, nalika esuk umun-umun akeh wong alok. Ana sendhang loro cacahe ing sacedake wit waringin mau. Dene sendhang kang banyune akeh diarani sendhang lanang mapane ing sisih elor. Sijine kang tuke lan banyune rada sethithik dijenengi sendhang wadon kang prenahe ana sisih kidul. Brayat ing Ngara-ara lan Sayegan nggumun meruhi ana sendhang tiban dadakan. Ki Sura lan Ki Naya matur marang Ki Tunggulwana, "Ki, punapa sendhang niki wonten gayutanipun kaliyan pawongan ingkang dipunpejahi dening Jaga Kasusra sakancanipun kala emben?" Wangsulan Ki Tunggul, "Manut penemuku pancen mangkono. Nanging sing baku brayat kene wis antuk sumbering banyu." Ki Naya nyelani atur, "Ki Tunggul, lajeng keparingipun sendhang menika badhe dipuntengeri sendhang menapa? Sawise unjal ambegan sawetara, Ki Tunggulwana wangsulan. "Iya, sendhang iki mapan ing sangisore wit waringin kang wis tuwa umure. Kulite wit waringin wis padha nglothok utawa nglingkap. Mula seksenana sendhang iki takwenehi jeneng Sendhang Klangkapan. Desa iku uga dakwenehi tetenger Desa Klangkapan. Tembung klangkapan dakjupuk saka kulite wit waringin kang wis nglingkap (nglothok) amarga saka wis banget tuwa umure."
Brayat ing Desa Klangkapan padha seneng awit wis uwal saka panandhang. Kabeh urip bebrayan kanthi welas asih, tulung-tinulung, ora kekurangan sandhang lan pangan. Wong-wong ing desa mau padha sengkut anggone tetanen. Ora lali ngibadah marang Gusti Allah. Ki Tunggulwana disuwun wargane tetep dadi sesepuhing desa. Ora kendhat Ki Tunggulwana tansah ngelingake supaya kabeh wong tulung-tinulung, ora kena daksiya marang liyan. Kepara tumindak becik welas asih lan andhap asor marang liyan. *** [ 43 ]Ki Ageng Paker
lan Ki Jaka Mangu
Rahman Wirawan
Hurketekuk....kuk....kuk....kuk. Hurketekuk....kuk....kuk....kuk. Swara manuk kutut kang lumrah keprungu ing wayah bengi, esuk, trontong- trontong srengenge mlethek saka sisih wetan. Ananging esuk kuwi beda karo adate, katon sepi ora ana suwara anmggunge kutut kang bisa nuwuhake rasa ayem marang sapa wae kang mirengake.
Kacarita ing papan liya ana priyagung kang lenggah katon sungkawa, yaiku Prabu Brawijaya, amarga wiwit wungu sare ora mireng suwara kutut kaya padatan, mula Sang Prabu banjur nimbali abdi sing ngrumat klangenane Sang Prabu.
"Nyadhong dhawuh ingkang kathah sinuwun, dene wanci enjing makaten sampun nimbali ingkang abdi", ature ingkang abdi kanthi ngaturake sembah.
"Hem ngene ya Paman, apa kowe ora krasa menawa wayah esuk iki ana sing katon nganeh-anehi ing njrone kraton kene", ngendikane Sang Prabu Brawijaya.
"Kados mboten wonten ewah-ewahan wonten salebetipun kraton mriki sinuwun", mangkono wangsulane abdi Dalem mau.
"Nek ngono coba kana nilikana neng kurungan kutut, wiwit mau esuk kok durung keprungu suwarane si Jakamangu".
"Ngestokaken dhawuh, Sinuwun". Kanthi ngaturake sembah abdi mau banjur nyuwun pamit niliki kurungan kutut klangenane Sang Prabu. Ora watara suwe keprungu suwara abdi mau kanthi laku sajak kesusu, "Adhuh ketiwasan sinuwun".
"Kepriye Paman, ana apa?"
[ 44 ]
"Ketiwasan sinuwun, peksi klangenan dalem mboten wonten".
"Ilang apa piye?"
"Inggih… sinuwun, nanging… elokipun sengkeranipun mboten bikak sinuwun", ature kang abdi kanthi tumungkul amarga wedi yen kedukan.
Nanging Prabu Brawijaya ratu ingkang wicaksana, landhep ing panggalihe lan tanggap ing sasmita.
"Aku pancen wis duwe panggraita manawa si Jakamangu ilang, amarga mau bengi aku ngimpi. Ing sajroning pangimpen, aku ketemu karo wong tuwa kang pamit karo aku manawa arep lunga adoh golek papan sing samengko bakal dadi kutha kang gemah-ripah tata raharja. Mula ya… Paman, aku ora arep duka marang kowe, nanging mengko ing wayah sing wis tak temtokake. Aku arep nggoleki dhewe si Jakamangu, nganti ketemu lan arep tak ampil kondur mlebu maneh ing kedhaton kene", mangkono ngandikane Sang Prabu.
"Kasinggihan, Sinuwun. Mugi samangke Sinuwun saged ngasta kondur pun Jakamangu, lan kula saged ngrumat malih", mangkono ature abdi dalem mau.
Ana ing papan liya, ing sawijining desa iring kidul alas Mentaok sacedhaking pesisir segara kidul, ana saperangan kulawarga kang manggon ing desa kono. Salah sijine pawongan kang diangkat minangka sesepuh, yaiku kang aran Ki Ageng Paker. Satemene Ki Ageng iku nandhang cacat wuta, nanging marga dheweke kerep paring piwulang marang sapa wae babagan maknaning urip kang kudu manembah marang Ingkang Maha Agung, uga mulangake wewarah tansah asih marang sapa wae. Wayah esuk sawise semedi Ki Ageng mireng suwarane manuk kutut kang anggunge, thuthukane genep tur merbawani.
Alon-alon Ki Ageng metu saka sanggar banjur nimbali Nyi Ageng lan putra kakunge, "Nyi apa kowe krungu suwara anggunge kutut? Kok apik banget ki njur neng ngendi panggonane lan duweke sapa?"
"Nggih mireng, ning kula nggih mboten ngertos gadhahane sinten, nek kadose teng wit-witan mriku mawon kok", semaure Nyi Ageng. "Kadose teng wit ranndhu alas sisih kidul rika, Bapa", ature ingkang putra.
Sawise priksa manawa kutut mencok ana wit randhu alas, Ki Ageng banjur metu neng latar tumuli lenggah lan donga marang Ingkang Maha Kuwasa supaya dikeparengake ngupakara kutut kasebut. Amarga Ki Ageng kalebu wong kang gentur tapane saengga Kang Maha Kuwasa ngijabahi apa kang dikersakake.
Manuk kutut cumlorot mudhun mencok ing pundhake Ki Ageng. Kanthi ngati- ati kutut kacandhak lan banjur kaparingake putrane supaya dilebokake kurungan.
Kaya ngapa seneng atine Ki Ageng amarga saben esuk sawise semedi banjur mirengake kagungane kutut kang tansah manggung, sinambi ngadhep wedang sere panas gulane jawa lan sawetara pacitan. Ora lali putrane uga tansah dielingke [ 45 ]supaya ngupakara kutut kanthi menehi pakan, omben uga ngresiki kurungan. Awit sanajan mung kewan nanging yen dirumat kanthi kebak asih mesthi bakal lulut uga niteni marang sing duwe. Ki Ageng Paker uga asring metheti kutut kuwi karo nirokake anggunge. Yen wis mengkono manuk iku terus kekablak sajake rumangsa diajak guneman.
Miturut crita wong Jawa manuk kutut iku bisa nggawa kabegjan marang wong kang ngingu nanging uga bisa nggawe cilaka tumrap sapa wae kang ngopeni. Awit saka kersane Kang Maha Kuwasa kutut si Jakamangu menehi kabegjan marang Ki Ageng Paker, amarga dheweke sak liyane tansah asih marang sapa wae kalebu karo kewan lan tetuwuhan. Kanthi lantaran Jakamangu kang kerep kekablak/kekebet ing sacedhake Ki Ageng yen pinuju metheti, mbaka sethithik mripate Ki Ageng bisa kanggo mriksani maneh. Kaya ngapa bungahe atine Ki Ageng Parker. Pranyata si Jakamangu pancen duwe katuranggan apik, wulu kang resik saengga nggawe senenge wong kang nyawang, kalebu Ki Ageng Paker kang saiki wis saged mriksani manuk/kutute kang aran Jakamangu. Mula dheweke tambah tresna lan gumati marang ingon-ingone mau.
Kadadeyan kang kaya mengkono mesthi dadi pocapan utawa kembang lambene wong ing desa Paker sakiwa-tengene lan uga sumebar nganti tlatah liya, klebu tekan Majaphit yaiku kraton asale si Jakamangu. Mesthi wae pawarta kepireng dening Prabu Brawijaya. Sawise, mireng lan uga pirsa ancer-ancere desa Paker yaiku desa kang klebu alas Mentaok iring kidul lan sak loring pesisir Segara Kidul, mula saka iku Sang Prabu sedya ngupadi panggonane Jakamangu.
Ana dina kang wis ditemtokake, Sang Prabu pamit marang ingkang garwa uga marang kabeh punggawa kraton Majapahit tumuli budhal kanthi ngaturake donga marang Ingkang Maha Kuwasa supaya ing dalan tansah kaparingan karahayon lan bisa kasil anggone ngupadi apa kang dadi jangka-panjangkane. Ora keri uga ngasta sawetara sangu amarga bakal mbutuhake wektu kang suwe lan durung karuan kapan anggone bakal kondur ing Majapahit.
Supaya tindake Sang Prabu bisa rancag lan ora marakake cubriya marang sapa wae mula Sang Prabu arep tindak piyambakan kanthi pangagem kaya dene wong ndesa namung nganthi segawon kanggo kanca ing sajroning ngupadi Jakamangu.
Tindake Sang Prabu terus mengulon kaya pawarta kang wis sumebar menawa anane Ki Ageng Paker iku ing sacedhake alas Mentaok. Ing sajroning lumaku nylamur laku, Sang Prabu ganti asma kanthi sesebutan Ki Prajaya. Sawise sawetara wektu anggone mlaku mlebu-metu alas gung liwang-liwung uga munggah mudhun jurang, ora krasa lakune wis tekan sapinggiring alas Mentaok sisih wetan, rikala samana alas iku isih katon wingit merga wit-witan gedhe isih akeh lan uga sato-kewan kang mbebayani tumrap sapa wae kang wani mlebu ing
[ 46 ]
alas kono. Nanging miturut pawarta kang sumebar, desa Paker kuwi ana sisih kidul alas Mentaok. Mula Ki Prajaya uga banjur menggok mengidul nurut dalan cilik sing wis ana, mbok menawa dalan kuwi kerep kanggo liwat wong kang arep padha golek kayu ing sapinggiring alas mau.
Bareng wis sawetara anggone mlaku ngidul katone asu kang digawa Ki Prajaya katon kesel banjur ndhekem njaluk leren. Mula rejane jaman desa kono kasebut desa Suren, asu leren. Wis dianggep cukup anggone ngaso Ki Prajaya banjur nerusake lakune. Saka kono wiwit ketemu wong kang padha arep ngarit, ana kang arep menyang sawah lan sak panunggalane. Alon-alon lakune Ki Prajaya karo ndeleng sesawangan ing desa kono kang katon subur lan uga ayem kahanane, ora kanyana krungu lamat-lamat suwarane kutut manggung. Dheg, atine Ki Prajaya, “Ora kleru maneh. Kae mesthi suwarane si Jakamangu", kandhane Ki Prajaya lirih.
“Ki sanak, niki kok onten swara kutut sae penere sisih pundi nggih?", pitakone Ki Prajaya marang wong lagi ngileni sawah.
“O… nika kutute Ki Ageng Paker, penere nika kidul bulak nika”, wangsulane.
“Nggih matur nuwun ki sanak, kula ajeng ningali kutute, kadose kok sae sanget anggunge”, kandhane Ki Prajaya karo mlaku ngidul. Kanthi rada rikat sinambi nuntun si Buntung, ngono arane asu /sona, kang tansah nganeh-anehi lakune Ki Prajaya saka Majapahit tekane desa Paker
Ana ing desa Paker Ki Ageng kaya adat sabene wayah esuk mesthi ngerek kutute supaya kena srengenge supaya manuk mau tansah bregas. Ora lali Ki Ageng nyambi wedangan lan sawetara nyamikan. Saking senenge lan ngrungokake anggunge Jakamangu ora krasa yen sacedhake Ki Ageng ana pawongan kang uga melu nyawang kutute.
“Kulanuwun Ki Ageng. Menapa kula pareng ndherek ningali kutut panjenengan?” kandhane wong iku kang ora liya Ki Prajaya.
“Oh… mangga ki sanak. Nganti ora ngerti nek ana tamu”. Wangsulane Ki Ageng. “Lha … terus pajenengan niku sinten gek saking dhusun pundi?” ujare Ki Ageng.
“Kula niki saking dhusun iring wetan mriku Ki Ageng, lan nama kula Ki Prajaya". Ngono wangsulane Ki Prajaya semu goroh.
“O …layak kula dereng tau kepanggih, mangga ta nek ajeng mirengke kutut kula. Pendhak enjing kutut niki temtu kula pepe onten latar mriki”, kandhane Ki Ageng.
“Nggih kleresan kula sepasar sepisan mesthi langkung mriki", ujare Ki Prajaya.
[ 47 ]
Kekarone banjur padha nyaritakake kahanan ing desane uga tukar kawruh babagan urip nganti gayeng awit antarane Ki Ageng lan Ki Prajaya pancen ora adoh umur-umurane nanging isih sabarakan. Mula Ki Ageng yen nyebut Ki Prajaya kanthi sesebutan adhi. Sanajan ketemu ya lagi sapisan, nanging ora basan-binasan.
“Lha … kaya aku rak ya klebu wong sing begja kemayangan, ta Dhi”, celathune Ki Ageng.
“Begja kemayangan piye, Kakang?” wangsulane Ki Prajaya.
“Rikala semana aku rak ora bisa nyawang padhanging srengenge. Kok mbareng aku duwe kutut iki, saka kersane Ingkang Maha Maha Kuwasa, lantaran kutut kuwi aku banjur bisa weruh padhanging hawa. Kamangka manuk kuwi teka
dhewe rene, banjur mencok ing pundhakku. Terus tak cekel lan tak openi tekane saiki kuwi”, mangkono caritane Ki Ageng.
“Wah … wah yen ngono manuk kutut kuwi, ya ora manuk sebaene ya Kakang? Satemene aku ya kepingin ngopeni kutut iku ning yen kakang pareng, utawa tak ijolane dhuwit pira kang dikersakake kakang?” ujare Ki Prajaya.
Ki Ageng meneng sadhela awit ora ngira manawa Ki Prajaya kepingin ngopeni kewan kang wis bisa ngusadani mripate.
“Mengkene wae, Dhi. Yen sliramu kepingin mirengke swarane, bisa sawayah-wayah mampir ing gubugku kene sinambi ngraketake anggone kita paseduluran”, wangsulane Ki Ageng.
Ki Prajaya uga sarujuk banjur kekarone nerusake anggone jagongan nganti ora krasa manawa srengenge wis ngglewang mangulon. Mula Ki Prajaya banjur pamit yen arep bali menyang omahe, ing liya dina bakal mampir maneh.
“Ya … Dhi, sing ngati-ati muga-muga kaparingan keslametan”.
“Matur nuwun kakang”, wangsulane Ki Prajaya karo nuntun si Buntung kang tansah dikanthi menyang ngendi wae.
Mangkono sabanjure saben sepasar sepisan Ki Prajaya mesthi mampir ana omahe Ki Ageng, lan yen pamitan mesthi nyedhaki kutut lan metheti. Ki Ageng Paker tansah maspadakake, katone antarane Ki Prajaya karo manuk kutut ana sesambungan batin kang wis rapet.
Ora kaya adat sabene, esuk kuwi Ki Prajaya menyang omahe Ki Ageng nganthi sawetara gawan wujud kanfhong. Sawise bage-binage kaya adate, Ki Prajaya banjur celathu menawa arep kepengin ngopeni kutut lan bakal diijoli dhuwit kang wis digawa. Senajan abot rasane amarga wis kebacut tresna marang kutute, nanging uga ora mentala marang Ki Prajaya kang katon adreng arep ngingu kutut kuwi.
“Ya, Adhi Prajaya. Yen sliramu pancen duwe karep mengkono, senajan abot nanging kepriye maneh, ya welingku wae openana kanthi becik lan ati-ati
lan muga-muga bisa krasan ana ing panggonan kang anyar”, welinge Ki Ageng.
“Ya, Kakang. Pangestumu tak suwun, lan yen kakang arep tindak menyang gubugku sinambi nglaras swara kutut. Kakang ora perlu bingung menawa arep nggoleki omahku. Si Buntung tak tinggal kene, mengko dheweke bisa nuduhake dalan tumuju omahku, Kakang”, ujare Ki Prajaya.
Kanthi diuntapake Ki Ageng sabrayat, Ki Prajaya banjur budhal bali menyang ngomahe. Sapungkure Ki Prajaya kaya ngapa kagete Ki Ageng, Nyi Ageng apa dene anake sakloron. Isi kanthong iku ora liya dhuwit saka perak lan sawetara saka emas. Kaya ngapa bungahe Ki Ageng sa-anak bojo.
Wektu terus lumaku, ora krasa wis satus dina kapungkur Ki Prajaya ninggalake desa Paker. Rasa kangen marang Ki Prajaya wiwit tuwuh, ora lali uga marang swarane kutut kang wis tau diopeni sawetara wektu.
“Nyi, yen aku arep menyang omahe Adhi Prajaya, piye ya? Awit manut petungan dheweke mesthi wis tekan omahe”, celathune Ki Ageng sawijining dina.
“Kula nggih sarujuk. Rasane nggih pun sawetara dangu anggene nilar dhusun mriki, njenengan rak saged nganthi si Buntung kajaba kangge kanca lan nuduhke mergine”, wangsulane Nyi Ageng.
“Ya wis yen ngono sesuk esuk dak mangkat karo Belang”, ujare Ki Ageng.
Dina candhake wayah esuk sadurunge srengenge mlethek Ki Ageng wis budhal kanthi nuntun Belang lan anggawa sawetara sangu lan sandhangan sacukupe. Lakune mengetan terus ngliwati alas gedhe kang isih akeh kewan galak, uga munggah gunung mudhun jurang ngliwati dalan-dalan kang isih rumpil. Ora krasa, lakune tekan panggonan kang jembar kang kasebut alun-alun, lakune Ki Ageng rada kandheg marga sejatine dheweke wedi. Nanging si Buntung tetep nggeret wae. Tekan sacedhaking gapura Ki Ageng dicegat dening prajurit kang njaga.
“Mandheg dhisik, Ki Sanak, kowe iki sapa lan banjur arep ngapa dene kumawani arep mlebu ing kraton kene?” pitakone prajurit kang jaga gapura.
“Nuwun sewu Ki Sanak, kula menika Ki Ageng Paker, badhe kepanggih Ki Prajaya, nggih sedherek kula”, wangsulane Ki Ageng karo nyembah. Nalika dheweke nyembah, rante kang ana Ki Ageng ucul mula si Buntung enggal mlayu ing sajroning kedhaton.
Kocapa ing jero kedhaton nembe mirengake anggunge si Jakamangu, ya kutut kang tau ucul lan saiki wis diasta kondur Sang Prabu kang ora liya Ki Prajaya iku. Dumadakan si Buntung mlayu lan banjur nubruk sampeyane Sang Prabu, awit wis sawatara wektu ora ketemu, mbokmenawa kangen karo ndarane.
“Kakang Paker mesthi tekan kraton kene, ketara si Buntung uga bali tekan Majapahit”, ngendikane Sang Prabu ing batin. Sang Prabu banjur nimbali prajurit lan ngendika supaya supaya ngendheg pawongan kang teka karo si Buntung.
[ 49 ]Sabanjure Sang Prabu ganti ageman ngrasuk busana kaya dene wong desa lan nylingker miyos lawang butulan supaya Ki Ageng Paker ora kaget menawa mangerteni. Tekan gapura, mendah senenge Ki Ageng kang weruh lakune Ki Prajaya saka kadohan, saya cedhak kekarone banjur gapyuk rerangkulan.
“Adhi Prajaya …”
“Kakang Paker …”
“Piye dhi … kahananmu sasuwene iki?” pitakone Ki Ageng.
“Pangestumu … kakang … apik wae", wangsulane Ki Prajaya. Kaya ngapa kagete para prajurit kang meruhi kahanan kaya mangkono, dene ana pawongan kang katone wis kulina malah ora basa marang Sang Prabu.
“Banjur omahmu kuwi ngendi dene neng kene ana omah kang apik banget kaya ngene, malah platarane uga jembar”, ujare Ki Ageng. Kanthi sareh Ki Prajaya banjur ngandika, "Ya iki kakang omahku. Kaya mengkene kang aran Kraton Majapahit, lan jejulukku Prabu Brawijaya”.
Kaya dilolosi otot bebayune, Ki Ageng Paker ndheprok karo ngaturake sembah. “Nyuwun pangapunten Sang Prabu dene kula wantun nungkak krama kaliyan Pajenengan Sang Prabu sembahan kula”, ature Ki Ageng karo tumungkul.
“Mangga kakang, becike tindak mlebu wae, ora apik ana tamu kok ditemoni ing gapura”, ngendikane Sang Prabu.
“Mangga sinuwun kula dherekaken ”, wangsulane Ki Ageng. Sang Prabu banjur njujug gandhok sisih kulon kang kasediyakake kanggo tamune pribadi.
“Kakang aja jiguh-pakewuh ana kene. Awake dhewe tetep kaya rikala ketemu mbiyen, kajaba yen pinuju pisowanan kakang arep basa karo aku ora dadi ngapa. Nanging yen saliyane pisowanan ora perlu basan-binasan”, pangandikane Sang Prabu.
Udakara sesasi Ki Ageng Paker ana ing kraton Majapahit. Saya suwe ora kepenak awit Ki Ageng ora kulina urip ana ing suasana kaya mengkono. Sejatine Sang Prabu isih nggondeli nanging kepriye maneh, sanajan kanthi awrating penggalih Sang Prabu ngeparengake yen Ki Ageng arep nyuwun pamit.
“Kakang aku ora bisa nggondeli yen kakang arep kondur menyang desa Paker. Aku mung bisa nyangoni waluh loro pinangka atur panuwunku marang kakang, lan kanggo oleh-oleh Nyi Ageng sarta putra-putramu. Nanging piwelingku aja nganti dibukak yen durung tekan ndalem”, mangkono ngendikane Sang Prabu.
“Matur nuwun sanget Dhi. Muga-muga anggone paseduluran awake dhewe ora mung tekan semene”, ujare Ki Ageng kanthi sumedhot.
“Tak estokake kakang dhawuhmu lan aku uga tansah ngopeni Jakamangu kanthi kanthi becik, awit kutut kuwi kejaba dadi klangenanku uga kang ndadekake awake dhewe anggone paseduluran”, ature Sang Prabu. [ 50 ]Dina kuwi Ki Ageng budhal bali menyang desa Paker. Kanggo namur laku supaya ora kawistara, mula gawane dibuntel jarik banjur dipikul. Ing dalan sajroning mlaku bali menyang desa Paker Ki Ageng uga ngrasakake kesel awit mlaku ijen ora ana kancane. Mula ya kepingin leren, yen wengi mbokmenawa ana sing gelem dinunuti kanggo ngaso. Wis ana telung lawang nanging ora ana sing mbukakake. Bareng ndhodhog sing kaping papat, lagi gelem dinunuti kanggo nginep awit wis kewengen ing dalan. Saking senenge Ki Ageng banjur menehake salah sijine waluh mau supaya dipangan kanggo lawuh. Nanging ndaheba kagete bareng dibukak isine mas inten raja brana kang maneka warna. Nanging rumangsane wong sing nginep kuwi mesthi dudu wong sembarangan nganti menehi raja brana kang semono akehe. Sabanjure bubar disuguhi lan padha dhahar bebarengan Ki Ageng banjur mapan ngaso kepenak banget. Ya dhasar awak kesel. Ing wayah esuk sawise reresik awak lan tata-tata gawane, Ki Ageng banjur budhal nerusake laku kanthi ngaturake panuwun.
Lakune sajak kesusu awit daya-daya tekan ngomahe lan ketemu Nyi Ageng uga putra-putrane. Ora nganti wayah sore Ki Ageng wis tekan omahe lan dipethukkake kulawargane. Kaya ngapa senenge Nyi Ageng apa dene putra kekarone awit entuk oleh-oleh sandhangan kang sarwa endah.
“Nyi iki lho diparingi oleh-oleh saka Ki Prajaya lan tak kandhani ya kowe kabeh. Sajatine Ki Prajaya kae Sang Prabu Brawijaya, ya ratu ing Majaphit kang misuwur kae.” kandhane Ki Ageng. Sanalika Nyi Ageng lan putrane sakloron kaget ora ngira menawa Ki Prajaya kang saben-saben jagongan ing omahe tetela Sang Prabu kang kondhang saka Majapahit.
“Lha napa perlune dene sinuwun keraya-raya dumugi dhusun mriki ki Ageng?” pitakone Nyi Ageng isih sajak ora percaya.
“Ya … kuwi ora liya Sang Prabu ngupadi si Jakamangu ya manuk kutut klangenan ndalem sinuwun, mula layak yenkutut kae merbawani lan uga bisa marekake anggone mripatku wuta”, ngono celathune Ki Ageng. “Wis saiki ndang dibukak waluh paringane saka Sang Prabu”, ujare KI Ageng. Bareng dibukak, isine cindhe kang endah warnane kaya sing diagem para penggedhe ing kraton Majapahit. Nanging Ki Ageng banjur mikir terus bokor/waluh kang diwenehake wong kae isine apa dene katon luwih abot. “Wah yen ngono kliru aku amarga wis diweling Sang Prabu aja dibukak sadurunge tekan omah, malah tak wenehke wong liya”, ngono batine Ki Ageng.
“Ah … ya ora dadi ngapa. Saiki aku wis waluya lan bisa weruh padhange donya lantaran si Jakamangu, ya kutut klangenane Sang Prabu Brawijaya saka kraton Majapahit kang misuwur”, mangkono ujare Ki Ageng lirih. -@ [ 51 ]Dumadining Desa Sumoitan
Ester Pratiwi
Kelurahan Girikerto Kecamatan Turi wonten dhusun ingkang subur kang Kkaapit lepen Duren lan lepen Sempor. Dhusun punika tentrem lan gemah ripah lohjinawi, ketingal amongtani ingkang sami dateng sabin bekta rajakaya kangge makarya, semahipun begta wulu wekdalipun sabin kadosta bayem, kacang lanjaran, kobis lan sakpanunggalipun badhe dipun sade. Anggenipun nyade wonten sacelakipun dhusun, awit pasaranipun namung saben Kliwon. Wonten ing peken punika sesadean warni-warni kadosta kewan iwen, menda, alatipun tiyang tani, pokokipun boten nguciwani.
Ing wanci subuh Ki Sumaita mlampah- mlampah boten wonten tujuwanipun, ing batos ngaturaken panuwun dhateng Gusti Allah kang murbeng dumadi, ingkang maringi kaendahan lan kasuburan dhusun. Anggenipun mlampah dumugi lepen ingkang lebet lan toyanipun wening, sacelakipun wonten luwangan ikang lebet ugi, sareng ningali pereng remeng-remeng wonten sima loreng ingkang ageng nggereng, Ki Sumaita noleh sima wau ningali mangadhap, Ki Sumaita bingung nanging sumoroting sengrenge dumugi ngandap ketingal gogor wonten ngadhap, lajeng nggraita bilih sima badhe mendhet anak ipun boten saget. Yoh macan tak tulungi anakmu sing ana luwangan iku, Ki Sumaita mandhap nanging saya dangu saya padhang sima lajeng kesah. Ki Sumaita dumugi ngandhap kanthi ngatos-atos mendhet gogor, gogor kabopong dipun bekta minggah nanging sima loreng sampun boten wonten. Ki Sumaita wangsul kanthi mbegta gogor, dumugi griya dipun pethukaken semahipun, kok nganti awan ta pak? nika wedange selak adhem, ya mengko dhisik, anu mbokne gawekna wedang gula jawa sing anget ya, kaliyan mlebet nggih ning gek di unjuk wedange, Ki Sumaita linggih sacelakipun kaliyan mangku gogor dipun elus-elus, semahipun mlebet kaget sumerep semahipun
ngelus-elus kewan," lo niku napa pakne? Iki gogor, kene wedange gula jawa Lajeng dipun ombekaken sekedhik-sekedhik sareng sampun meh telas gogor pun selehaken, gentos Ki Sumaita lajeng ngunjuk kanthi ngendika mbokne aku mau nulungi gogor sing kecemplung jurang mula nggonku mulih nganti awan, o.. ngaten ta wong pdatanki nek esuk saka sawah kondure ora nganti awan, la terus jenengan nggih ajeng ngopeni gogor niku ngaten napa?Lha iya rak rapapa ta mbokne? la nggih boten napa-napa ning mangke nek mbokne mriki pripun kula wedi lo..., ya mengko didelok wae wong awake dhewe gawe becik supaya gogor iki bisa ngadeg, wong ketoke lara, wis ayo aku tak ngaso ning tulung golekna besek diwenehi gombal terus gogor kuwi selehna kono, Nyi Soma lajeng madosaken besek, gogor pun papanaken wonten pawon.
Enjingipun sasampunipun solat subuh Ki Sumaita ngedalaken lembu saking kandhang tumuju dhateng sabin makarya kados sabenipun. Among tani sanesipun ugi makaten. Ing margi pinanggih Pak Karya," makarya, ki ? Wingi kok kados boten ketingal dhateng sabin" panyapanipun Pak Karya.
"Iya, wingi lagi ana perlu," wangsulanipun Ki Sumaita.
"O, ngaten, kados mendanipun ingkang dipun gadhuh Sariman sampun kathah lo Ki. Punapa boten pun longi dipun sade kangge mundhut lembu," usulipun pak Karya.
"Ya apik usulmu kuwi, nanging ngingune kepriye lawong ngingu siji ki repot je", wangsulanipun Ki Sumaita.
"Lha nggih utusan, rak wonten lare ingkang purun yen dipun dhawuhi ta Ki?
"Ya, sesuk tak pikire dhisik, wah wis tekan, kapan - kapan ditutugake anggone omong-omong, ya dhi" ngaten ngendikanipun Ki Sumaita.
"O, inggih Ki, monggo sami makarya.
Lajeng sami pepisahan lan makarya wonten sabinipun piyambak-piyambak. Sareng srengenge sampun inggil Ki Sumaita mantuk, dumungi griya semahipun saweg ngopeni gogor wonten ngajeng griyo, wis kok wenehi wedang gula jawa nyi? empun mula niki kula pepe ben kena srengenge ngoten lo karep kula, wangsulanipun Nyi Sumaita, sasampunipn ngandhangaken lembu Ki Sumaita mlebet pakiwan siram, sareng sampun gantos ageman lajeng dhahar dipun tenggani semahipun.
"Pripun enak boten jangane lodheh? 'Ature Nyi Sumaita.
"Enak cocok lawuhe tempe." Wangsulanipun Ki Sumaita.
Nyi Sumaita mesem kaliyan nyingkiraken ajang lan ingkang sami reget, Ki Sumaita lajeng nuweni gogor ketingal sampun radi bregas.
Ing dinten Ngaad wanci tabuh sedasa, kula nuwun, ( Ngadilan putranipun Ki Sumaita) ingkang nothok kori, dereng ngantos medal putunipun mlajar nyelaki, [ 53 ]mbahipun, kucinge apik nggih kula suwun nggih?
"O.., putuku sing bagus dhewe," ngendikane Ki Sumaita, iki dudu kucing lenanging gogor anak macan.
"Parna, rakya sungkem dhisik karo simbah," Celathune bapakne Parna, kaliyan nyelaki sugeng siyang pak piyambakan kemawon pak?
"Ora, mbokmu neng mburi lagi resik-resik, kok bojomu ora melu mrene?"
"Inggih wong sing cilik radi mboten kepenak, si thole nyuwun niliki simbah.
Dereng tutug anggenipun pangandikan nyi Sumaita medal kaliyan ngedika,"
E.. kowe ta le wis suwe? Lawendi putuku sing bagus dhewe?", Ngendikane Nyi Sumaita.
"Inggih mbok lha nika sek dolanan gogor", karo nudingi si Parna.
"Le, kene simbah tak ngambung kaya ngapa baguse" Parna ngadeg marani mbahne, mbah tak suwune nggih mbah anak macane tak gawa bali karo ngrangkul.
"Ya, matur mbah kakung" kaliyan ngambungi putunipun dangu mboten pinanggih Parna noleh mbahipun kakung kados badhe matur nanging mboten wantun, ki Soma gumejeng lajeng ngedika kaliyan putunipun,
"Aja ya le mengko yem gogor tok gawa bali, mbokne mara nggoleki piye?" Ngono wangsulane ki Somo. Parna kendel kemawon gela awit mboten kepareng mbekta wangsuil gogor.
"Wis ayo dha ngicipi jangane simbah, ayo le anamu dijak mangan sisan". Ngono ngendikane nyi Sumaita.
Lajeng sami mlebet dhahar sesarengan, ketingal eca sanget, awit Ki Sumaita dhahar kaliyan semah ugi anak putu. saksampunipun ragi lingsir srengenge utawi ragi eyup Ngadilan matur nyuwun pamit badhe wangsul awit sampun dangu.
"Ya.., takira isih mengko", makaten ngendikanipun.
"Ayo le gek nyuwun pamit simbah", Ngadilan criyos kaliyan anakipun.
"Sampun mbah Parna nyuwun pamit". Makaten aturipun Parna.
"Ya..., sing ngati-ati slamet tekan ngomah". Nyi Sumaita lajeng nyelaki putunipun kaliyan ngedika," le tak paringi kanggo jajan ya".
"Inggih maturnuwun", lajeng sami wangsul mlampah alon-alon.
Ndalu sasampunipun nuweni gogor sampun tilem Ki Sumaita lenggahan woten amben kendel kemawon kaliyan menggalih aturipun pak Karya enjing wau bab menda ingkang dipun gadhuh sampun saya kathah. Semahipun nyelaki kaliyan pitaken, "Ki, onten napa kok kendel mresani nginggil nyawang napa ta?"
"Nganu aku ki rak lagi mikir ature si Karya mau esuk nyi"
"Lha napa ta ature niku," wangsulanipun.
"Kuwi lho bab wedhus sing digadhuh Sariman kae rak wis dadi akeh." Ngendikanipun kaliyan mrisani semahipun.
"Lha terus sambunge napa njenengan lan Sariman kalih menda niku.?pitakenipun semahipun.
"Sambung ya ana ta, di Karya ngomong yen wedhuse sing digadhuh Sariman kae dilongi kanggo tuku sapi maneh, piye sliramu sarujuk ora, Nyi.? Semahipun kendel kaliyan mikir, lho kok meneng dijaluki pratikel je, "ngendikane Ki Sumaita.
"Lha nggih niku leh kula meneng, terus wedhus pinten sing ngge tuku sapi,?"
"Yen pikirku ora tuku sapi ning pedhet wadon wae, sarujuk ora Nyi?.
"Nggih, kula sarujuk ning le nggoleke damen tambah. Jenengan boten tambah kesel wong siji mawon damene okeh je," makaten criyosipun.
"Ya gelem, lha wong gaweane megawe rak ya bisa nyambi ngarit. Mengko kon ngrewangi Sariman ta ?" sambunge Ki Sumaita.
"Nggihpun, suk Paing teng pasar kewan tumbas pedhet, milih sing apik!" Nyi Sumaita matur mantep
Ki Sumaita mireng aturipun, mesam-mesem, ing batos kok semahipun kagungan penggalih ingkang sae. Boten kraos anggenipun ngendikan ngantos dalu, wah wis wengi nyi ayo padha ngaso." Ngendikanpun kaliyan jumeneng. Lajeng mlebet senthong.
Enjangipun kados padatan makarya dhateng sabin, nanging siyangipun mboten lajeng kondur nanging badhe dhateng griyanipun Pak Sariman, awit griyanipun radi tebih kaliyan dalemipun Ki Sumaita. Kulanuwun.., "E, mangga Ki, kadingaren, mangga-mangga lenggah papanipun reged" Kaliyan nebahi lincah.
"Ya, wis-wis, aku ya reged, lagi mulih saka sawah terus rene iki" wangsulanipun.
"Lha, inggih njanurgunung Ki, badhe mresani mendanipun," ature pak Sariman.
"Iya, ngene le aku arep takon wedhuse wis pira ya?, pitakenipun Ki Somaito.
"O..., nganu sampun wonte selangkung kersanipun dos pundi, Ki ?. Wangsulanipun Pak Sariman.
"Dadi duweku ana rolas, karepku arep tak longi lima apa enem", ngendikanipun Ki Sumaita.
"O.., ngaten ta, lajeng badhe kagem punapa Ki?, panyuwun pirsanipun pak Sariman.
"Ngene, ning mengkone ya njaluk tulung sliramu uga"
[ 55 ]
"O.., inggih-inggih kula temtu sendika badhe pun dhawuhi punapa kula sagah",
aturipun Pak Sariman.
"Ngene, wedhuse pilihna sing apik-apik lanang telu wadone ya telu terus diijolake pedhet wadon ngono lho karepku", makaten ngendikanipun Ki Sumaita.
"Inggih, lajeng mbejang punapa lan anggenipun dhateng peken kaliyan penjenengan punapa kula piyambak.
"Ya suk Paing wae lha becike karo aku ora? Wangsulanipun.
"Menawi saenipun inggih kaliyan panjenengan, awit ingkang milih saenipun panjenengan rak langkung mantep." makaten aturipun pak Sariman.
"Ya, wis yen ngono aku tak mulih mundhak di arep-arep sing neng omah, suk Paing rak isih telung dina maneh ta?" lajeng pamit.
"Inggih Ki nyuwun pangapunten namung dipun angguraken kemawon. Awit semah kula tasih wonten peken" makaten aturipun. Sareng tamunipun kondur Pak Sariman tumuju kandhang ningali mendanipun lan dipun sisihaken supados mboten klentu utawi kesupen awit yen sampun nyambut damel sanes asring kesupen.
Semahipun wangsul saking peken lajeng wonten griya wingking, nyelehaken blanjan. Pak Saiman mlebet lajeng pitaken, "lagi bali ta mbokne" panyapanipun pak Sariman.
"Nggih nika teng meja senengane jenengan," wangsulanipun.
"Ya, gethuk alus karo tempe bacem," wangsulanipun pak Sariman kaliyan mendhet gethuk.
"Enggih, tempe benguk boten onten." Kaliyan nyelehaken unjukan lajeng linggih wonten ngajengipun ingkang jaler.
"Nganu mbokne mau Ki Sumaita tindak rene arep ngelongi wedhus suk Paing iki arep dijolke pedhet," criyosipun dhateng semahipun.
"O, ngaten lha pun dipilihke dereng kang,? wangsulanipun.
"Ya uwis suk Paing kari nuntun neng pasar karo ngapiri," wangsulanipun Pak Sariman.
Tindakipun Ki Sumaita saking griyanipun pak Sariman gliyak-gliyak kaliyan mrisani sesawangan ingkang endah. Awit dhusun punika dereng kathah warganipun dados boten pinanggih salah satunggalipun warga, mila anggenipun dumugi griya boten ngantos siyang sanget. Nyi Sumaita sumerep semahipun kondur, lajeng methukaen kaliyam matur, "kok cepet ki empun rampung anggenipun pinanggih pak Sariman?" mangaten panyuwun pirsanipun nyi Sumaita.
"Uwis lan suk Paing semayan neng pasar kewan, "ngendikanipn Ki Sumaita.
"Ngaten, ning nggih ampun lali gogore nika ditiliki, "makaten aturipun.
Gogor dipun selehaken, murugi semahipun kaliyan ngendika," Nyi sesuk yen neng pasar tukua madu tawon diombekake si gogor kareben luwih kuwat" Ngedikanipun kaliyan semahipun."
Dalu menika katon kekes asrep sepi mboten wonten suwaten walang ugi kewan sanesipun ingkang sesaba, boten kados padatan, Ki Sumaita lajeng mbikah kori mresani njawi wonten sima nggereng dereng ical kagetipun jranthal medal saking nglebet griya lajeng nyelaki sima. "O dadi kowe marani anakmu, arep tak gawa ya ora dadi ngapa wong wis katon bregas," mengaten ngendikanipun Ki Sumaita. Macan lan gogor lajeng mundur sawetawis jangkah mbalik lajeng mlajar.

Ki Sumaita lajeng mlebet griya, murugi semahipun wonten pawon tasih nyepakaken ingkang badhe dipun begta dhateng peken. "Nyi, orasida tuku madu tawon," ngendikanipun Ki Sumaita.
"Lha onten napa," wangsulanipun.
"Gogore wis digawa biyunge,"
"Lha tujune kula ora weruh, yen weruh rak gila,"ature Nyi Sumaita.
Enjangipun Nyi Sumaita bidhal dhateng peken, boten dangu pak Sariman dhateng kaliyan nuntun menda, Ki Sumaita ingkang sampun wonten njawi lajeng ngendika," wis ayo budhal, "nggih mangga Ki. Boten kacariyos lampahipun, sampun dumugi peken rame tiyang ingkang sami badhe tumbas utawi sade kewan kathah. Pak Sariman matur Ki Sumaita," menika pedhetipun sae Ki," iya lajeng mresani kaliyan ngendika. [ 57 ]"Dhi, yen pedhet niki kula suwun tak ijoli wedhus pripun,?" Ngendikanipun Ki Sumaita.
"Lha mangga, ning wedhuse kaya napa?" wangsulanipun ingkang gadhah pedhet.
"Niki wedhuse,"pak Sariman nedadahaken.
Bakulipun ningali, "Lajeng criyos nggih sedaya ta?"
"Lha nggih boten, lima mawon jenengan milih sing endi, sing siji tak gawa bali," ngendikanipun Ki Sumaita.
"Nggih, wadon sing niki sing dibekta kondur," criosipun.
Sareng sampun sami cocok lajeng kondur. Pedhet dipun ingah piyambak, dumugi dhusun lajeng pepisahan, "Ki, kula lajeng nyuwun pamit," aturipun pak Sariman.
"Iya, nuwun," ngendikanipun lajeng sowang- sowangan tumuju wonten dalemipun piyambak. Dumugi griya semahipun sampun wonten. Ugi unjukan sampun woten. Sareng sampun wijik lajeng ngunjuk. Boten wonten pangandikan.
Enjangipun Nyi Sumaita medal badhe nyapu latar, lho! Ana kidang kidang neng ngarep lawang. Ki Sumaita medal nyelaki," Ana apa nyi?" pitakenipun.
"Niku, "kaliyan nudingi kidang.
"Ki Sumaita mriksani. O.., kuwi ta?," Kaliyan menggalih apa macan sing menehi
"Kok kendel Ki? napa njenengan menggalih yen sing nyukani si macan ngaten?" aturipun nyi Sumaita.
Dereng ngantos dipun wangsuli pak Karya nyuwun pirsa, "wonten punapa ?Ki"

"Di Karya iki lho ana kidang, aku karo nyai nggraita yen iki saka macan sing gogor ngaat kepungkur dak tulungi." ngendikanipun kaliyan nudingi kidang.
"O.., dados sima mbales kabecikan dumateng Ki Sumaita," Aturipun pak Karya.
"Iya dhi, arep megawe saiki ?"
"Inggih, mangga, Ki" Pak Karya lajeng dhateng sabin.
Ki Sumaita lan semahipun lajeng mlebet kaliyan mbekta kidang, sareng sampun dipun wragat, Ki Sumaita dhateng sabin, semahipun lajeng olah kidang wau. Sasampun nyawisaken kangge semahipun ugi maringi tangga tepalih ingkang radi celak lan mboten kesupen pak Karya lan pak Sariman. Dumugi dalem sasampunipun wijik lajeng dhahar ingkang dipun cawisaken, Nyi Sumaita mlebet [ 58 ]kaliyan matur, "Ki ulamipun kula paringaken tangga tepalih lho," aturipun Nyi Sumaita.
"Yo,ora dadi ngapa," ngendikanipun Ki Sumaita.
Wulan gantos wulan, taun gantos tahun, sima temtu ngintun ulam, ngantos tanggo tepalih sami gumun. Crita menawi sima ngintuni ulam punika kasebar tangga dhusun, mila saya dangu dhusun tambah regeng. Ki Sumaita tambah sepuh nanging tetep ketingal gagah prakosa, nanging dalu punika ngendika kalyan semahipun.
"Nyi, umur kuwi sing kagung Gusti Allah, mula yen aku ditimbali, sliramu sing ati-ati"
Nyi Sumaita matur, "mbok yen ngendika mboten sing aneh-aneh!"
"Lho, rak ya ngono ta,?" Ngendikanipun kaliyan gumujeng.
Nanging injingipun nyi Sumaita wungu, Ki Sumaita kendel kemawon, dipun hoyog-hoyog mboten wungu, kasunyatan Ki Sumaita sampun kapundhut Gusti. Nyi Sumaita njerit kaliyan nubruk, sareng tangisipun kapireng warga, lajeng mlebet dalem nyuwun pirsa "wonten napa nyi?
"Iki dhi Ki Sumaita," wangsulamipun kaliyan tasih muwun.
Sareng sumerep lajeng wangsul nyritosi ingkang jaler menawi Ki Sumaita tilar donya. Sedanipun cepet sumebar salebeting dhusun ugi dhusun sakiwa tengenipun. Siyangipun sareng mboten wonten ingkang dipun tengga, lajeng kasarekaken kanthi pangormatan ingkang ageng. Pesareanipun mboten tebih namung wonten kidul dhusun.
Salebetipun pitung dinten, ing dalemipun dipun wonteni pengajian kangge panglipur ingkang dipun tilar,ugi arwahipun Ki Sumaita dipun tampi wonten ngarsanipun Gusti Allah kang murbeng dumadi.
Enjangipun sanak kadang sami kondur, katingal sepi namung tangga ingkang celak tasih.
"Lho dhi kuwi bangke kidang banjur sing menehake kene ki sapa?" ngendikanipun.
"Lha nggih sinten nyi?" Aturipun sesarengan.
Nyi Sumaita menggalih, apa ya si macan ngerti yen kyaine wis ora ana? Lajeng ngendika "O,mesthi si macan!"
"O.inggih dados anggenipun pisungsung punika mboten namung rikala tasih sugeng," ngaten aturipun nyi Karya.
"Lha ya ngono kuwi yu, kewan wae bisa bales kabecikan apa maneh manungsa kang dititahake nduweni budi pekerti, "ngaten sambetipun nyi Sariman.
"Ya, wis, kembange paringna sacedhake bangke kidang kuwi" ngendikanipun.
"Inggih" wangsulanipun sareng.
Sareng sampun cekap, badhe kondur mandheg mangu kados-kados mboten badhe kondur, lajeng nyi Karya matur.
"Nyi, manga kondur Kyaine rak inggih sampun pirsa menawi nyai nuweni."
Lajeng mundur alon kaliyan ngusap waspa, sami kendil mlampah ngantos dumugi griya.
"Tak trima ya nyi sliramu wis ngancani aku ana kyaine," ngedikanipun ningali.
"Inggih nyi sami-sami kula lajeng nyuwun pamit nuweni nggriya," wangsulanipun sesarengan.
Dumugi griya sami nyriyosanken bab bangke kidang ingkang wonten sareanipun Ki Sumaita dumateng semahipun piyambak-piyambak. Gethok tular cariyos punika kasebar sadhusun, salajengipun para warga ing dhusun punika sami ngunandika mbok bilih benjang rejaning jaman dhusun punika kasebat 'DHUSUN SUMOITAN"
Ngantos sapunika dhusun reja sesrawunganipun sae guyub mboten mbedakaken agama, tiyang sugih, tiyang ingkang mboten gadhah, pekennipun sapunika dipun pindhah sakidul bale dhusun. Dados mboten nganggu ingkang badhe dhateng greja. -@ [ 60 ]Wengkon Kleben
Risang Yudhistira Sugiyana
Carita iki kalebu lelakon kang nyata, nanging cawuh lan gothek kang elok alangka kadadeyane, mula banjur manjing dadi dedongengan kang angel dipracaya. Aku Risang Yudhistira mung minangka juru carita, bakal ngandharake apa anane kang dak rungu saka tuture kang padha ngabarake, prakara bener lupute, sesa-sesa panganggepe dhewe-dhewe.
Isih klebu jaman wiwitane agama Islam mlebu ing tanah Jawa, ana ratu gung binathara jejuluk Panembahan Senapati. Kraton misuwur aran Mataram, tebane wengkon meh sajembare pulo Jawa lan pulo-pulo cilik ing sacedhake. Kanjeng Panembahan Senapati kagungan guru ngaji agama Islam lan minangka parampara nagara magepokan bab kukuming agama, kang asale saka tanah Persia, kang aran Kyai Saridin, utawa Syeh Jangkung. Nalika angejawa Kyai Saridin isih timur, lan maguru kawruh kabatinan kanggo ganeping laku marang Kanjeng Sunan Kalijaga. Kanggo ngawekani supaya guru ngaji mau aja nganti kondur ing nagarane, Kanjeng Panembahan Senapati karsa ngganjar putri kang kapernah rayi dalem, kang sesilih Raden Ajeng Retna Jumali. Labuh labete Syeh Jangkung menyang negara banget gawe rena penggalihe ratu, mula Kanjeng Panembahan Senapati banjur karsa ngganjar bumi perdikan. Dene bumi kang kaparingake dumunung ing sakulone kali Progo sisih kidul, wujude isih alas blegedhegan isih arang kambah manungsa. Saking abote sesanggan mau Kanjeng Panembahan Senapati karsa nodhi sepisan maneh marang kasaguhane Kyai Saridin, iya Syeh Jangkung.
“Kyai, ndika apa kuwawa tenan anggawe rejane bumi perdikan paringan Ingsun?” sabdane Kanjeng Panembahan Senapati. [ 61 ]“Selak mboten, sagah dereng kantenan. Kula nyuwun lilah saha pangestu, bidhal nyendikani dhawuh Paduka Kanjeng Panembahan. Insyaallah kasembadan anggen kula bebadra dados cikal bakal,” ature Kyai Saridin, ya Syeh Jangkung.
“Iya Kyai, Ingsun precaya tekadira.”
Tanpa mbuwang wektu mundhak dadi siya, Kyai Saridin banjur budhal ngluru dununge papan, kanthi sawatara pendherek kang ngrilakake baune perlu tandang gawe. Sawatara suwene wis tekan papan kang dituju, Kyai Saridin miwiti ngemonah cadhongan bumi perdikane. Kawitane babad alas gung liwang-liwung, mblandhongi wit kang gedhe-gedhe, nyingkirake kewan-kewane galak, ula mawa wisa mutawatiri, lan sarehne alas iku isih dadi dhangkane setan brekasakan, mula padha diprema supaya mire. Sawise entuk sawatara jembare nggawe papan padunungan lan sawah-sawah, Kyai Saridin kang wicaksana iku paring dhawuh marang pandhereke.
“He, sedulur-sedulur kabeh wae, kaya wis cukup jembare tanah perdikan iki tumrape awake dhewe. Alase aja dientekake, mesakake kewan-kewane mundhak kentekan padunungan.”
“Nuwun Kyai, kasinggihan dhawuhipun Kyai. Nanging rehning kula menika ingkang mandhegani kanca blandhong, menawi wonten keparengipun Kyai, kula nyuwun bageyan sekedhik kacek kaliyan sedherek-sedherek kula,” ature salah sijine santri pandherek. Kyai Saridin mesem ing batos.
“O, yoh! Yen pancen adile kaya ngono, iya dak idini. Babada alas maneh kanggo kowe, jembare sepira sakarepmu, dak wangeni suwene pitung dina.”
“Kyai, menawi namung pitung dinten angsal menapa? Kula nyuwun tambah wekdal.”
“Yen pitung dina kurang akeh, dak idini sepuluh dina.”
“Taksih kirang.”
“Rong puluh dina.”
“Kula nyuwun selapan dinten.”
“Yen pancen dadi kemantebanmu, aku mung saderma nglilani, etungen dhewe wektune, wiwitana dina sesuk esuk.” Sawise ngendika kaya ngono iku, Kyai Saridin penggalihe kaya disendhal mayang, prihatin kaworan nenutuh dhiri, dene durung bisa maringi wulang kang piguna tumraping bebrayan, buktine isih ana muride kang awatak kemaruk.
Kosok baline santri pandherek mau atine marem banget, panyuwune dikabulake. Rumangsane dheweke iku santri kang paling apik dhewe, sebab ya mung dheweke sing wis pinter maca kur'an, dene kanca liyane mung kaya dene ketepu melu wae. Saiki si “Santri” ngen-ngene bakal duwe panggonan kang jembar dhewe katimbang karo kanca-kancane. Sesuk emben lemah darbeke iku bakal [ 62 ]dadi pekarangan, tegal lan sawah jembar-jembar, pametune akeh. Wis cetha bakal dadi wong sing sugih dhewe sadesa. Uripe bakal kepenak, ketunggon donya brana, sugih kebo, sugih sapi, sugih jagung, sugih pari, makmur misuwur jibar- jibur, blura-bluru blabur madu. Ora wurung bakal klakon duwe bojo ora mung siji. Jeneng bojo mono kena wae loro, telu utawa papat sisan.
Saking notoling kekarepan, wong sing diparabi Santri mau ora sranta yen kudu ngenteni dina sesuk esuk. Luwih becik diwiwiti saiki pupung isih awan, setengah dina ya luwung kanggo lanjarane sing selapan dina. Bab iku ora tembung urik ngapusi, dadi ora dosa. Wis lumrahe ana lanjaran etungan, kaya dene wong tetuku, ora kudu lagis, welasan utawa rolasan ya kena. Si Santri banjur akon kancane tata-tata tumandang. Merga kancane wedi ndhak disatroni mula ya teka manut wae, ora ketang njerone grundal-grundel. Tekan pok alas bukakan, si Santri banjur aba tumandang, nanging kanca-kancane nggone tumandang ya mung sakepenake wae. Si Santri dadi mangkel banget, mula dheweke dhewe sing kudu ndhepani kekarepane. Goclak-gaclok wadunge nenggel kayu saprangkul-prangkul, siji loro klakon rubuh, wit katelune nusul rubuh.
“Ah, gene gampang wae, dhasar dha ora niyat bebantu,” batine muni. Wit kang cilik-cilik uga dibabati, gegrumbulan dipecoki. Godhong lan kayu-kayu mblasah. Sedhela wae dinane wis mrambat nyedhaki wengi, si Santri aba nguwisi, kancane banjur mak bradhat mlayu bali, salonge wis ana sing ndhisiki.
Ora ana crita sajrone sawengi. Esuke si Santri wis siaga ngayahi kardi. Lakune nguncluk, pundhake manggul wadung, dheyang-dheyangan tanpa ngajak kanca. Tuwas ngajak kanca, yen tandange ora ngarusi, trima diayahi dhewe. Bareng tekan pok alas bukakan, si Santri plenggongan kecampuran bingung. Rumangsane nggone nuju panggonan sing arep diblandhongi ya wis bener, ning kok ora ana tepake sing ditandangi dhek wingi. Wit-wit gedhe sing pating glundhung wingi endi, kok ora ana? Ojoa wit gedhe, grumbul-grumbule isih ngganggeng wutuh getuh, bundhet bebondhotan ora bisa dipiyak, uga babar pisan ora ana katon pecelan-pecelan kayu sisaning wadung.
“Mejanani temen,” grenenge si Santri, “apa kira-kira dudu panggonan iki sing dak blandhongi wingi?” Si Santri mikir-mikir maneh. Dhasar karepe mbregundung, mula banjur muntu tekad. Upama papan sing ditandangi dhek wingi pancen dudu
panggonan iki, ning sesuk-sesuk mesthi gathuk, tegese ora ana ilange, kabeh ketandangan. Si Santri banjur lekas tumandang. Sing dadi lesan manggawean dhisik dhewe, si Santri marani wit bendha rong prangkul gedhene. Dheweke nlasak-nlasak grumbulan, awake kebundhet-bundhet oyot sulur, kulite keberut eri rendhet. nyenggol godhong ingas lan rawe, ora digawe rasa. Tekan nggone banjur namakake wadunge, grewal-grewal kayune padha singsal mbaka rong geblok gedhene. Saking [ 63 ]titise pamadung, ora suwe meh separone delegan kayu iku wis growong. Kringete dleweran ndadekake glugut kang tumemplek ing awake saya ndadi rasa gatel lan panase, si Santri uga saya panas atine, dadi ringut tandange. Growongane kayu diambakake, banjur dipethukake ing perangan suwalike. Swara gajluge wadung bablas adoh numbuk ing desa pentogane pategalan, swarane jumeglug gawe mirise kewan kang umpetan sakupenge papan iku. Bareng ana swara kretek-kretek, si Santri gage ngedohi papan, sabanjure wit bendha iku katon saya ndhoyong saya ndhoyong, 'krosaaak... bruooong.... Wite wis ambruk, ngrubuhi wit liyane padha pokah, sempal keprapal, lemah sakubenge krasa obah kaya kataman dayane lindhu.
Mangkono tandange si Santri tanpa leren nganti srengengene ngglewang mangulon. Pirang-pirang delegan uwit rumangsane wis ditegor, tur sing ditegor milih uwit sing gedhe-gedhe, ya wit rahu, wit bendha, wit kepuh. Ketang sayah lan ngelak ngelihe, si santri mulih perlu mangan dhisik, sabubare mangan bakal mbaleni gawean. Mulihe ngetiging tanpa noleh, gambaran ing pikirane duwe tegal sawah amba sedhela engkas bakal katekan.
Tekan ngomah si Santri banjur mangan lan ngombe satutuge. Rampung mangan ngombe, tanpa leren banjur cengkelak bali menyang papan panggaweane. Gene apa ndandak leren, mundhak kesuwen anggone duwe tegal sawah jembar. Bareng tekan panggonane mbukak alas, si Santri kagete kaya kasamber gelap luput. Dheweke ndomblong, mripate mlolo, awake ndredheg wel-welan, kringete mak brol, gegrontolan, sebab weruh wit-witan kang ditegor mau isih wutuh ngadeg, kiwa tengene kang mau kembrukan uga ora ana tilase rusak. Mangka genah ora kleru papan kang dituju, wadunge uga isih ajeg semendhe ana sandhing papan kono. Saking wedine si Santri mlayu sipat kuping, nubruk bentus kamigilan. Playune ngener ana padhepokane Kyai Saridin.
Tekan ngarepe Kyai Saridin, si Santri banjur ndheprok, guneme ndremimil nadyan ora pati cetha, ning genah karepe nyuwun ngapura lan nyuwun pangayomane Kyai Saridin.
"Ngger, sarehna atimu. Ana prakara apa, kok ambeganmu krenggosan kaya dioyak kewan galak," ngendikane Kyai Saridin. Si Santri sawise nata ambegan banjur matur apa anane, saka lekasan nganti pungkasan. Sarampunge atur Kyai Saridin nyebut asmane Gusti, ketang anggone mesakake karo kahanane si Santri.
"Lelakonmu iku dadia pengeling-eling yen panggonan lor desa sakidul gumuk, kang embuh jembare sepira, tekan sawatara wektu ila-ila kareben tetep dadia alas, mbesuk wae embuh jaman kapan dimen resik karepe dhewe mbaka sethithik, anut lakuning kodrat."
Si Santri mundhi kabeh dhawuhe Kyai Saridin, banjur martakake marang kabeh kancane, yen alas saelore desa sakidul gumuk, saka dhawuhe Kyai Saridin wis "kareben". Kancane uga banjur tundha-tinundha martakake menyang kanca [ 64 ]liyane, nganti kemput warata kabeh uwong padha ngerti menawa papan iku wis kareben. Suwe-suwe papan iku diarani Kareben, mingset pangucape dadi Kaleben utawa Kleben.
Alas Kleben pancen kondhang medeni. Kewane galak pancen wis lunga kesuk tekane manungsa, nanging papan iku isih dadi dhangkane jim, setan lan prayangan. Merga kaprabawan dening Kyai Saridin, bangsane lelembut mau kepeksa kendhak, ora wani ngganggu gawe manungsa nganti neniwasi. Dadi uripe kaya dene srawung tetanggan wae. Mbokmenawa aran lumrah kang jeneng srawung mono para lelembut mau sok kepingin aruh-aruh lan geguyon, utawa elik-elik apa kapiye karepe. Nanging uga kadhang kala kasluru tembung lan salah panampa ing sawijining tumindak, dadi kalamangsa benthik padha pathak. Upamane, dhek biyen ora awan ora wengi, kerep banget senajan wong desa sacedhake kono, yen mlaku cedhak Kleben dadi bingung, kuwalik-walik keblate. Dadi wong iku mung mlaku mubeng, dalan sing diliwati mau diliwati maneh, arahe ora menyang panggonan kang dituju, nganti kekeselen, malah ana kang nganti semaput ora bisa bali. Tembunge digondhol dhemit Kleben, tembung aluse diajak mlaku-mlaku sing tunggu Kleben. Yen ngepasi rembulan purnama, para jim setan padha kothekan kaya wong rondha, kala mangsa kaya ana swarane gamelan prajurit budhalan utawa sawise ana seni reog, jim-jim mau padha tetabuhan sing unine kaya gamelan reog. Saka kadohan ngungkung swarane bendhe, sauran, teteg lan dhodhog. Nanging yen diparani swara mau alihan enggon. Ana maneh wong sing dipanjingi dhemit Kleben, wong mau banjur ngomyang njaluk diterake mulih menyang Kleben, yen ora diterake trima lara awake. Kadaden werna-werna sabangsane iku, sing luput banjur sapa? Lumrahe manungsa ora padha weruh lakune bangsa alus, dadi akeh wae kanthi ora kejarag ndadekake bangsa alus mau rumangsa keganggu. Kosok baline tumrape manungsa, yen disasarake utawa diangslupi uga ngandharake diganggu dhemit.
Kanggo nyuda karibedane manungsa kang pancen tinakdir memungsuhan karo jim setan mau, Kyai Saridin anggone dhedhukuh ing sacedhake Kleben, kanthi mangkono bisa kanggo tameng para pandhereke, mundhak keganggu trekahe setan.
Kyai Saridin anggone mrentah wewengkone kalambaran tekad nggawe lelabuhan, Kyai Saridin adoh saka kamelikan donya, adoh drajad pangkat donya. adoh rasa legining donya. Sugenge sarwa prihatin, kanthi nggarap wulu wetuning kebon. Jroning penggalih wis ora kepingin kondur ing tanah Persia, penjenengane wis dadi wong Jawa kang ngugemi tindak prasaja. Wong-wong pandhereke uga ndherek nggilut gebengan urip prasaja, pagaweane nggarap kebon lan sawah, uga padha ngingu kebo bule utawa kang diarani kebo landhoh, merga putih rupane kaya wong landa. Nganti wengkon bumi perdikan kono katelahe perdikan Landhoh. [ 65 ]Dene Kyai Saridin banjur karan asma Kyai Landhoh, merga dedunung ing Landhoh.
Bumi perdikan anyar wewengkone Kyai Saridin, iya Kyai Landhoh nemoni kahanan jenjem ayem, ndadekake akeh wong padha kelu kepingin manggon ing kono. Cacade tanpa nyuwun lilah marang Kyai Landhoh. Dene Kyai Landhoh dhewe uga ngrumangsani mung wong neneka, anggere kabeh padha guyub, Kyai Landhoh uga wis trima. Kyai Landhoh anggone menggalih prakara iku ngepasi ana ing gumuk saelore desa. Para sedulur kang pating bluru tanpa jawab kula nuwun tekane, mbokmenawa lagi lali, kaya wong mendem kecubung. Ing pamburine kanggo pangeling-eling, gumuk cilik mau dijenengi gunung cubung.
Ora let suwe banjur saya akeh wong neneka gawe trukan anyar, saking akehe banjur dadi rebutan enggon, drengkine dikatonake, sikut-sikutan, pidak-pidakan, benthak sirah menang-menangan, ndadekake bungahe para jim setan kang banjur nrembunuh, nyaru wuwus gawe dahuru pagebluk, akeh lelara, lan pepati, wulu wetune kebon lan panene padha gagar wigar tanpa karya. Wong-wong kang neneka iku banjur ngira menawa kuwalat karo Kyai Landhoh, merga melu truka ing kono tanpa nyuwun palilah, mula banjur sowan nyuwun pangapura lan senjata pitulungan bisane kaslametan.
"Kyai, kula sadaya ingkang sowan mriki, ngrumaosi lepat. Kula nyuwun pangapunten. Kyai kula suwun ngicali walat ingkang kaparingaken dhateng kula sadaya," mangkono ature pangarepe wong trukan anyaran iku.
"E … sedulur, aja kleru panemu. Sedulur kabeh ora kuwalat karo aku. Mung mbokmenawa anggone para sedulur rebut menang karo kanca iku menehi dalan para dhedhemit anggone ngganggu gawe kowe kabeh," ngendikane Kyai Landhoh sareh.
"Kyai, kula sampun mboten badhe cecengilan malih. Kula nyuwun pangayoman Kyai."
Kyai Landhoh tuwuh welase, banjur enggal nuduhake dalane katentreman, sarana eling marang kang gawe urip. Golek kadonyan prayoga ora susah murka, mundhak ngedohake rasa narima. Sapurnane ngendika Kyai Landhoh kanthi kadherekake para warga kirab ngubengi wengkon. Kabeh sawah pategalan padha disarati sarana diungkuli nganggo kudhi pusaka, kang lara padha ditambani sarana ngombe banyu bening kang diwadhahi bathok bolu pusakane Kyai Landhoh. Kersane Kang Maha Kuwasa pagebluk mbaka sethithik bisa ilang. Wengkon Landhoh bali ayem tentrem, reja, mulya.
Kyai Landhoh seda taun pira ora ana kang ngerti, anggone nyarekake ing Kleben. Nganti saiki papan pasareane isih padha diziarahi, pasareane uga dadi wengkon makam umum, lan kang disebut Kleben ya mung sajembare wengkon pasarean iku. Sanajan wis ora wujud alas, nanging isih ana wite bendha, wit rahu [ 66 ]lan kepuh gedhene saprangkul, nuwuhake sesawangan kang sinub medeni. Tilarane Kyai Landhoh isih dirawat kanthi becik, isih bisa dipriksani, padha dipepundhi minangka bukti sejarah, wujude: kitab Al Qur'an kanthi aksara gondhil, kudhi wujude pedhang cendhak perangane ganja awangun elar garudha, lan bathok bolu wujude bunder kaya bathok digawe saka kayu trembalo. Bumi perdikan Landhoh saiki katelah Lendhah, wengkone didadekake kecamatan, kabawah ing Kabupaten Daerah tingkat II Kulon Progo. Dene gunung Cubung saperangan wis rusak, dijupuki watune kanggo gawe labur, utawa kanggo gawe pondhasi omah.
Dene mungguhing kang pracaya, sajatine wengkon Kleben yen dideleng saka jagad walikan rupa sendhang gedhe, mula saelore pasareane Kyai Landhoh sawatara jembare nganti seprene ora bisa dienggoni. Akeh kang wurung, utawa mandheg tengah anggone gawe omah, sebab papan iku dudu dharatan, dadi ora bisa diedegi omah. Senadyan wengkon Kleben saiki wis dikupeng desa kang reja, nanging para sedulur kang kersa tindak mrana dak suwun ngati-ati. Wengkon Kleben isih kagolong papan angker, isih akeh wong kang bingung arahe laku, kala-kala ing tengah wengi isih keprungu swarane gamelan reog, nanging yen dicedhaki swara mau mbalik saka arah asale kang padha nyedhaki. -@
Waallahuallam. [ 67 ]Jago Kluruk Tengah Wengi
Imam Wicaksono
Wis pirang-pirang dina jagone kluruk ana satengahing wengi. Kluruke kang welas asih, saguh nyuweki sepi. Wengi katone sangsaya ngranuhi. Prekara mau oratakprayitna temenan. Daksawatake adoh gegambaran lan wewayangan kurang prayoga kang sengkut lelumban aneng panonku. Coba taklali kahanan iki, coba takakali kareben gelis anggonku turu kepati. Babar blas, ora takanggep kabeh mau sasmita. Sasmita kang nyasmitani sedhela maneh ana rajapati.
Wis pirang-pirang dina uga, angel anggonku nendra. Bola-bali sesihanku ngaturi kareben aku ora kelantur-lantur anggonku mapan ngaso.
“Mangga kula aturi saré, Kangmas! Sampun ngantos kelantur-lantur, langkung-langkunng kasep. Awit menika kirang prayogi.” mangkono aturé.
Pisan pindho coba daklegani panyuwuné, anangin ora mung pisan pindho uga aku tetep klisak-klisik nyekseni dawane wengi.
Ora krasa, kongsi pirang-pirang jam anggonku tetep puguh melek. Jagone kluruk maneh, nandakake wengi kang sepi iki katone tambah atis lan tintrim. Kluruke ora memper kluruk kaya adate. Memper kluruk jago kang kumalungkung lam sembada. Miturut rasa pangarasaku kaya-kaya ana barang kang nyalawadi. Coba taksetitekake maneh, taksetitekake kanthi setiti klawan ngati-ati. Klurukè ambal-ambalan sangsaya ngeres, sangsaya nyedhih-nyedhihi. Taksuwun ajaa ana prastawa apa-apa ing tembe mburi.
“Kangmas menapa dereng sare?” pitakonane sisihanku.
“Durung, Nimas! Tangia sedhela, aku takblaka marang sliramu.” [ 68 ]Imam Wicaksono
wangsulanku.
"Wonten dhawuh menapa, Kangmas? Ketingalipun wigatos saestu."
Wis taktimbang bola-bali, taktraju apa kang bakal takwetokake saka lésanku
Aku ora sambat marang sisihanku, amung nyoba ngelong-longi apa kang
mbebundhet pikiranku. Mbokmenawa kanthi kawicaksanane lan kanthi endah ature
bisa ngudhari bebundhet iki.
"Ngertenana, Nimas! Taksuwun rungokna kanthi prayoga. Sepisan maneh taksuwun ajaa apa kang takaturake iki ndadekake ciliking atimu. Apa maneh nambah-nambahi pikiranmu ing tembe." coba arep takblakaké apa kang ndadekake angel anggonku mapan turu marang sisihanku.
"Kasinggihan, Kangmas! Menapa ingkang dipunpenggalih mapinten-pinten dalu menika?" ature kaya-kaya disawatakake.
Aku ora bisa kumecap, blangkemen. Lambeku kinunci nalikane taksawang pasuryane. Netramu, Nimas! Netra kang kadya manila iku katone isih sulistya. Soroting netramu kaya-kaya bisa nyawang jero, jero, lan jero nrabas telenging panon lan kedunging pangarasaku. Kaya-kaya saguh namatake reribet kang ndadekake petenging pikiranku. Dhuh, netra sing rikala semana saguh ngawut- awut atiku. Netra kang saguh gawe nandhang branta. Netra kang kasulistyane saguh gawe ngame.
"Kangmas, menapa ingkang punpenggalih?" ature. "Ngertenana, Nimas! Anggonku klisikan tengah wengi mangkene ora liya karana kahananing atiku kang tansah goreh, ora bisa jenjem apamaneh sumeleh barang sedhela. Coba setitekna urubing senthir ana bangku kae. Setitekna sedhela, Nimas! Setitekna kanthi premana." gage-gage takwangsuli pitakonane kanthi suara abot.
"Sampun, Kangmas! Sampun mawi cangkriman kados mekaten. Kula ajrih menawi seserepan kula ingkang sekedhik menika kirang prayogi tumrapipun menapa ingkang Kangmas kersakaken." suarane lirih.
"Ora, Nimas! Aku ora cangkriman. Aku amung coba nggathuk-nggathukake kahananing atiku memper urubing senthir kae. Setitekna urube kang mobat-mabit kae. Sedhela mlayu ngalor, sedhela mlayu ngidul. Mengko mlayu ngulon, lan pungkasane mlayu ngetan. Dipulasara samirana kaya ngana, urube tetep puguh. Semono uga aku, Nimas! Umpama aku kudu mbengok, dakmbengok sakrosane uger bisa ngentheng-enthengi kahananing atiku. Kahananing atiku kang tansah mobat-mabit iki. Kaya-kaya aku kumudu-kudu sumingkir adoh saka papan taksokake kabeh apa kang dadi reribetku marang sisihanku. iki"
"Kepareng matur, Kangmas! Menapa ingkang Kangmas penggalih menika
sami kaliyan menapa ingkang kula raosaken, Kangmas!" tangane gage-gage
68
kumleyang nyandhak lan nyekeli kenceng driji-drijiku.
"Sejatosipun sampun mapinten-pinten dalu ugi kula muwun. Raos manah kula ugi mboten nate sekeca bilih mireng sawung ingkang kluruk wonten satengahing dalu, Kangmas! Kepareng matur, Kangmas! Menapa ingkang kula raosaken wonten ing manah kula menika sasaget-sagetipun mboten kula aturaken, sasaget-sagetipun kula sidhemaken. Kula ajrih, ajrih saestu menawi kula matur samangke ndadosaken raosing manah panjenengan langkung kirang prayogi. Senajanta, Kangmas! Senajanta menika awrat sanget tumraping kula." ature ditata kanthi premana.
Dhuh, Nimas! Kongsi semono labuh labetmu tumrapku. Taktampa temenan anggonmu nggulawenthah rasa pangrasaku. Babar blas aku ora mangerteni umpama sliramu uga nampani reribet kang padha tumrapku. Babar blas ora takgagas anggonmu kelara-lara mblebet panjeriting atimu. Sineksen eluhmu, Nimas! Sineksen eluhmu aku datan bisa maido abote reribet tumrapmu.
"Sampun ta, Kangmas! Sampun dipunpenggalih saestu, awit umpami kalajeng-lajeng saestu menika kirang prayogi. Pramila mangga, kanthi kawicaksanan kula aturi Kangmas kendel rumiyin anggenipun menggalih. Awit ingkang punbetahaken sakmenika mboten sanes namung wekdal ingkang cekap anggenipun Kangmas ngaso, mboten wonten sanesipun.
Ukara-ukara mau metu ambal-ambalan saka lesaning sisihanku. Dakrasak-rasakake pancen okeh benere, keparaa malah ora ana lupute. Kanthi kawicaksanaa lan sarehing ature kelakon sethithik mbaka sethithik nentremake atiku.
"Iya, Nimas! Cukup."
Kepeksane takpunggel ature. Aku ora kepingin sisihanku nangis ngaruara nggetuni kahanan. Apa meneh iki wayahe wis lingsir wengi. Ora ana dalan kang luwih becik kejaba nyembadani apa kang wis diaturake mau. Wengi iki, senajan tanpa sineksenan Ri Sang Purnama, kelakon anggonku lan sisihanku turu kepati,
nututi playuning impi.
Dumadakan ana sawijining dina atiku kaya didhodhog sakrosane, kaya-kaya jebol kawicaksananku lan kumudu-kudu anggonku nesu. Pitakonan-pitakonan kang saksuwening suwe taksiriki lan taksingkiri saiki uwal lan metu saka lesaning dyah ayu kang dadi pepujaning atiku. Pitakon-pitakonan kang ssaben-saben takgoleki wangsulane, ora nate ketemu. Amung branta ngunjara lathi, amung bundhet kang
saya njiret-njiret.
Wewayangan kang wus ilang pirang-pirang pasaran takblesek-blesekke adoh, saiki teka tanpa sasmita. Lelakon kang saksuwening uripku tansah bakal takwadekake, dumadakan kumudu kudu teka tanpa taha-taha. Nalika semana, aku kondhang minangka kraman. Emoh lan ora sudi aku mituhu marang ratu.
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
69
Aku wis lali, malah keparaa ora tau nggagas maneh. Wis kaping pira anggonku ngendhani pisowanan lan nampik sakwernane bebana minangka pisungsuning ratu. Butuhku aneng Mangir iki amung nggayuh tentreming urip, nggegulang kalbu amrih sumelehing atiku. Ora ana sapa ratu lan sapa babu. Prekara aku antuk pisungsun gedhe saka wong-wong Mangir, kuwi merga aku minangka pepundhene tlatah iki. Aku ora nglungguhi kalenggahan ratu, aku ora kepingin nduweni apa kang diarani Sabda Pandhita.
"Kangmas, umpami sampun sekeca penggalihipun mangga kula aturi sowan rama." ature ngati-ngati.
"Apa ora kesusu kuwi, Nimas?"
"Nuwun sewu, Kangmas! Saestu mboten. Awit sampun mapinten-pinten wulan menika kula sampun tatas, mboten nate sowan malih. Kula ajrih, Kangmas! Kula ajrih saestu, sampun ngantos rama kagungan penggalih ingkang kirang prayogi tumraping kula. Langkung-langkung kula minangka lare estri, Kangmas! Kelangkung mboten prayogi umpami ngantos nyidrani penggalihipun rama. Awit tiyang estri menika sejatosipun tuking katresnan saha welas asih. Umpami sekedhik kemawon kula mboten saget ngugemi paugeran menika kula ajrih, Kangmas! Kula lingsem kaliyan manah kula piyambak."
"Iya, Nimas! Takcoba taksilemi reribetmu." sambungku
Nimas, luwih prayoga kaya mangkono. Luwih trep tinimbang kudu takundang Pembayun. Pembanyun, senajan nama kang arum nanging aku suthik ngundang mangkono. Kuwi ateges aku ndilat iduku dhewe. Aku nyiriki apa kang mambu Mataram, ananging aku isih ngenganggo barange Mataram. Contone isih ngenganggo nama reriptane Mataram. Bejane, bejane sisihanku ora nate ngudarasa sasambungan karo namane kang takreka meneh sawise bisa takrengkuh katresnane. Pembayun, wus angel pangeling-elingku umpama sliramu nedha aku wangsulan, kapan anggonku ketrajang katresnan mring sliramu. Amung kang [ 71 ]banget dadi pepilingku nalika semana, nalika sliramu kumawani ngrogoh atiku kang wis tadkdelikake primpen, paribasan sumimpen aneng impen. Sangsaya taklali-lali wewayanganmu, sangsaya wewayanganmu ngrerujit ati. Isih cetha nalikane sepisan sliramu teka ana tlatah iki. Dumadakan ana gendhing-gendhing tinabuh alon, disusul kupingku kang nyandhak endahe tembang-tembang Asmaradana. Atiku kaya-kaya ditinting, ditanting, lan pungkasane ditantang marani keramean kuwi. Bareng takcedhaki, durung mandheg getering atiku dumadakan gendhing-gendhing mau diowahi malik dadi gendhing-gendhing tlutur. Dhuh, Gusti! Prebawane kaya-kayaa mlesat mlayu kadya jemparing kang playune bisa ngungkuli wektu. Nrabas sakwernane pepalang, lan pungkasane nigas ilining katresnanku. Tumancep jero, ninggal branta jroning ati kang banget takrasakake tumekaning saiki. Pungkasane taksawang kanthi prayoga beksanmu. Taksawang tanpa kendhat drijimu kang kadya pucuk-pucuking eri katone edi, apameneh nalikane ngipatake sinommu kang katon renuh-renuh. Durung cukup semono, lathimu. Lathimu, Pembayun! Kang lir manggis karengat sanalika ngulungake besusing esemmu. Esem kang tansah ngreridu lan ndadekake pangimpen-impenku. Pungkasane netramu, Pembayun! Netra kang kadya manila intening bumi. Netra kang tansah sulistya, ngandharake endahing samodra tresna. Setitekna, Pembayun! Setitekna ora bisa-bisa aku. Iya aku, Mangir! Kang sesumbare sembada kadya Kakrasana, kang kumalungkung diileni getih Majapahit, kang ora tau nggugu marang ratu iki bisa-bisaa nyungging endah, edi, lan besusing kuwandamu, Pembayun! Pembayun, aku nandhang branta! Kasulistyanmu saguh mbedhahake brantaning asmara kang saiki lir bengawan bena.
Semono bingungmu, Panembahan! Semono bingungmu ngadhepi prebawaku. Apa wis tobat anggonmu menggalih kepiye nyranani nyingkirake aku? Saengga anakmu, kathi kasulistyane kokutus kanggo mulasara tresna lan ngawut-awut branta tumrapku. Ana ngendi jayakawijayanmu? Aku mangerteni, umpama koirid wadyabalamu menyang Mangir, sliramu bisa wae menang. Ananging umpama menang, sliramu uga ora bakal kondhang. Memper umpama ratu menang, nyilakani tlatah cilik. Ananging umpama kalah, apa ora kondhang anggonmu wirang. Bingungmu, padha bingunging atiku nalikane Pembayun matur minangka utusanmu. Luwih ajur meneh nalikane Pembayun uga matur minangka putri kinasihmu, Panembahan! Gelem ora gelem takulur-ulur ususku. Aku wis keblebet tresna marang putri kinasihmu. Takeluk atiku, kepiye wae saiki sliramu gelem ora gelem, kudu dadi wongtuwaku. Kathi alesan mangkono sethithik mbaka sethithik taklunturake drengki minangka sliramu satru tumrapku. Awit aku ora kepingin nyidrani atimu ateges duraka.
Kanthi golonggiliging tekad, taksarujuki panyuwune sisihanku sowan marang ramane.
[ 72 ]
"Ayo, Nimas! Sowan rama!" suaraku abot.
"Ngestokaken dhawuh, Kangmas!"
Aneng ndalan atiku tansah ora bisa jenjem. Ora pisan pindho takwurungake pisowanan iki. Atiku kaya-kaya sempal keprapal umpama ngelingi anggonku satron marang Mataram. Aku rumangsa mangkel, uga rumangsa kleru marang panemuku. Kanggo pepeling tlatah iki takjenengake Palbapang. Mbesuk umpama ana sawijining pawongan kang kahanan atine kaya-kayaa sempal, tansah eling-elingana tlatah iki. Awit ana tlatah iki uga, kaya mangkono kang takrasakake. Lakuku kaya-kayaa taksengkakake, aku wis ora jenjem maneh. Tansah ora bisa sumeleh umpama durung midak lemah Mataram lan sungkem aneng suku Panembahan.
Lakuku menggok mengalor. Bareng karo anggonku jumangkah, atiku sangsaya ora karu-karuan. Mendat mentul pating glangsur mbebeda laku. Kanggo pangeling-eling maneh takwenehi peparab tlatah iki Mbantul. Peparab mau kareben tekan mbesuk bisa nyunggingake kahanan atiku nalikane sepisanan sowan Panembahan.
Durung suwe anggonku mlaku maneh, aneng saklore tlatah Mbantul dhadhaku kaya-kayaa dijojoh alu kang banget gedhene.
"Leren sedhela, Nimas! Mandhega sedhela, dhadhaku mobat-mabit banget larane." sambatku.
Kanggo unjal napas rasane uga banget lara. Takrasak-rasakke kaya-kaya iga-igaku sangsaya njepit. Mbokmenawa kuwi kang marai angele anggonku unjal napas.
"Eling-elingen, Nimas! Iki dudu prastawa sepele. Prastawa iki mbokmenawa nyasmitani anggonku sowan ana Mataram mengko. Takparabi tlatah iki tlatah Cepit. Mbesuk kareben dadi pangeling-eling samubarang wong kang ana tlatah kene. Mbiyen pepundhene tau ngrasakake banget lara ana dhadhane memper dijepit-jepit." takterusake aturku.
Lakuku kang takrikatake njalari cepete anggonku tumuju Mataram. Ambal-ambalan aku nyabda tlatah-tlatah kang takliwati bareng sisihanku mau. Ndhongkelan, nalika rasa pangrasaku didhongkel panepsu kang bisa murungake anggonku sowan. Tegalgendhu, nalikane aku tekan satengahing pategalan kagungane Mataram. Pungkasane Ndharakan, tlatah kang kanggo ninggalake samubarang gawan kalebu pusaka umpama arep sowan marang ratu. Apa kang taksabdakake ora liya amung kanggo pepeling kawicaksanan mbesuke. Senajanta atiku sempal keprapal, rasa pangrasaku mendat mentul, dhadhaku memper dijepit kang njalari kandhege lakuku sauntara, lan pungkasan dongkelaning panepsu kang kumudu-kudu tansah dipesu. Kabeh mau taksungging ana tlatah-tlatah mau. Muga [ 73 ]dadia pepeling, apa kang taktampani aneng ndalan mau ora ngurang-urangi antebing tekadku sowan, ngaturake sembah sujud pangabekten ana Mataram.
"Kene, Ngger! Nyedhaka marang ramamu, Bagus Mangir!" ngendikane.
Kanthi esem kang njalari rasa pagrasaku tentrem aku didhawuhi nyedhak marang ramaku, iya ramaning Pembayun. Priyayi iki kang saksuwening suwe takanggep satru, saiki kanthi esem edi lan kebak pangalembana nampani tekaku
kanthi kurmat. Gage-gage anggonku arep nyembah sukune, ngaras dlamakane, ngaturake sembah bektiku. Ora lali taksuwun kersaa paring pangkasama saksuwening suwe anggonku menthang-menthang, murang tata.
"Ingkang sepisanan kula ngaturaken sembah bekti kula dhumateng Sinuwun Nata Mataram tuwin sedaya kadang saha kulawarga Metaram. Lan inkang nomer kalihipun kula nyuwun agunging..."
Durung genep anggonku matur kesusu pambengoke Pembayun ngobong kahanan. Disusul wutahe getih saka pilinganku. Tangan kang mau kanthi welas asihe ngelus-elus rambutmu ginanti sikil, sikil kang kebak panepsu. Tanpa welas mblesek-mblesekake sirahku aneng dhampare.
"Nimas, apa kang takwedeni saiki wus pinasthi. Aku kumudu-kudu nampani mati. Mati aneng ngarsane rama kang banget anggonku tresna, senajanta amung sakedheping netra. Jejegna uripmu, dhuh Nimas! Kanthi kawicaksanan lan kanthi ngelmu kang wis tokgegulang sasuwening suwe sliramu dadi sisihanku. Aku kleru, Nimas! Aku kleru nampa endahing esem pulasan ramamu. Aku dilali lelamisaning lathi. Golekana, Nimas! Ngendi dununge tuladha laku utama kuwi? Ngendi dununge lan endi kawicaksanane priyagung ing Ngeksiganda kuwi? Kang tansah tapa brata lan kang tansah nenepi ing siyang ratri. Memper, Nimas! Memper! Kacang mangsa ninggal lanjaran. Sakmesthine umpama aku dadi duraka. Awit, awit, Nimas! Aku isin, aku isi, Nimas! Ramamu tumindak culika. Tumindak culika memper durjana, Nimas! Pungkasaning aturku, Nimas! Aja sumelang. Aja sumelang tumraping katresnanku. Ora ana kang bisa ngungkuli tresnaku marang sliramu. Ora ana kang bisa ngilangi katresnan iki, Nimas! Senajanta kudu takgawa mati." sambatku lirih. -@
Crah agawe Bubrah
Sri Haryanti
Wiwit zaman biyen, Semut iku klebu kewan kang kondhang sregep nyambut lan tetulung marang sapa wae. Kajaba iku Semut uga ora seneng gawe crah karo liyan, senengane nandur kabecikan lan tansah sayuk rukun karo kewan liyane.
Wayahe wis ngancik mangsa rendheng. Saben dina wis bisa dipesthekake mesthi mendhung, swarane gludhug uga wis wiwit ngganter-ngganter, kala-kala malah wis dibarengi udan sanajana durung kerep. Akeh bangsa kewan sing wis wiwit pindhah panggonan golek papan panggonan sing kebeneran ora pas kena mangsa rendheng supaya bisa urip lan gampang anggone golek pangan. Dene kewan sing ora pindhah, wis wiwit keklumpuk pangan kanggo celengan nalika mangsa udan wis teka, kayata sing ditindakake bangsa Semut. Saben dina wiwit esuk tekan sore, bangsa Semut padha gugur gunung sayuk rukun golek pangan bebarengan banjur ditumpuk ing leng sangisore wit ringin kang dadi papan panggonane bangsa Semut. Kabeh mau ditindakake supaya nalika mangsa rendheng teka wis ora padha susah golek pangan.
"Ayo, ayo... siji, loro, telu padha maju golek pangan bebarengan," ujare Semut Abang kang dadi rajane bangsa Semut.
"Siji, loro, telu. Sayuk rukun golek pangan," wangsulane para kawula Semut.
Kabeh bangsa Semut wiwit panggedhe tekan kawula cilik padha sayuk rukun golek pangan bebarengan. Ora lanang, ora wadon, lan ora ndelok pangkate, kabeh padha giyat anggone nyambut gawe. Kabeh mau ditindakake amarga ngelingi
nalika udan pancen angel tenan anggone golek pangan. Semut-semut mau padha baris urut kacang diwiwiti saka leng tekan papan panggonan anggone golek pangan. Sawise Semut sing ana ing papan panggonan golek pangan oleh pangan, banjur diwenehake marang kanca jejere. Kanca jejere mau menehake marang kanca ing ngarepe. Kaya mangkono mau ditindakake terus nganti pangan mau tekan ing leng. Semut sing ana ing njero leng padha numpuk panganan ing njeron lumbung. Kanthi mangkono pagaweyan sing kudune abot mesthi wae banjur krasa entheng amarga ditindakake kanthi sayuk rukun.
Ing sandhinge papan panggonane Semut uga ana leng tikus. Tikus mau klebu kewan kesed. Gaweyane mung turu wae lan ora seneng nyambut gawe. Apa maneh golek pangan. Anggone golek pangan mung nalika arep mangan wae.
Awan kuwi langit wis wiwit mendhung. Wiwit esuk Semut wis golek pangan. Mangerteni dina wiwit mendhung, Semut-semut saya sigrag anggone golek pangan.
"Ayo, kanca-kanca rada dicepetake anggone golek pangan. Langite wis katon mendhung, gludhuge kawit mau ya wis pating jleger, sapa ngerti sadhela maneh udan," ujare raja Semut.
Krungu kandhane raja Semut mau, para kawulane sangsaya sigrag lan mempeng anggone nyambut gawe. Kabeh padha ngestokake dhawuhe rajane amarga kabeh padha ngerti yen kuwi mau pancen kanggo kabutuhane para Semut.Dene tikus sing kabeneran lagi lungguh leyeh-leyeh ing ngisor wit lan uga krungu kandhane raja Semut malah ngguyu latah-latah.
"Ha... ha... ha....," guyune Semut.
"Ana apa, Kus kok kowe ngguyu latah-latah?" takone raja Semut.
"Oalah, Mut. Kowe kabeh iku pancen kurang gaweyan. Saben dina gaweyane mung baris golek pangan, kaya ora ana dina liya apa piye. Panggonane awake dhewe iki sugih pangan. Kiwa tengen akeh pangan. Ora usah tetuku, pangan wis teka dhewe. Dadi keneng apa ndadak angel-angel nglumpukake pangan barang. Manawa ngelih ya langsung golek wae, mesthi olehe. Rasah kuwatir," ujare Tikus karo tetep lungguhan leyeh-leyeh.
"Ora ngono kuwi, Kus. Kewan utawa manungsa iku tansah mbutuhake pangan. Yen awake dhewe ora sregep golek pangan apa sing arep awake dhewe pangan," wangsulane Raja Semut.
"Alah, kowe kuwi kaya donyane arep kiamat wae, saben dina mung nglumpukake pangan," ujare Tikus.
[ 76 ]
saiki mesthi wae bisa ngrekasakake awake dhewe. Amarga yen mangsa rendheng, hawane mesthi adhem," wangsulane raja Semut.
"Ha... ha... ha... Pancen kowe kabeh iku kewan ringkih, dadi ana udan sithik wae mesthi wedi," ujare Tikus mangsuli omongane raja Semut karo ngguyu latah-latah.
"Ya, uwis yen kowe ora arep golek pangan ya ora apa-apa. Nanging aku lan kawulaku tetep arep nerusake anggone golek pangan. Nek gelem tak kandhani, golekana pangan kawit saiki wae, Kus banjur klumpukna. Mengko yen wayah udan utawa mangsa rendheng kowe mung kari urip kepenak, ora kangelan metu-metu golek pangan. Katone mangsa rendheng taun iki rada dawa lho wayahe, iku kandhane manuk gagak," kandhane raja Semut.
"Sakarepku ta Mut! Sesuk wae anggonku golek pangan. Awakku gedhe lan wuluku kande. Mesthi bisa ngayomi aku nalika udan saengga aku tetep krasa anget. Uwis kowe rasah kakehan omong, yen kowe gelem rekasa golek pangan kawit saiki ya goleka pangan dhewe rasah ngajak-ngajak aku. Apa maneh aku mesthi luwih pinter tinimbang kowe," sumbare Tikus.
"Ya, uwis sakarepmu, Kus. Sanadyan awakmu gedhe lan wulumu kandel, mesthi wae tetep kalah karo kuwasaning Gusti Allah. Sing baku aku wis ngelingake kowe. Dadi sesuk aja nyalahake liyan yen ana apa-apa," ujare raja Semut.
"Urip pisan kok digawe rekasa, Mut. Urip iku yen bisa mung kanggo seneng-seneng wae supaya ora gelis tuwa," kandhane Tikus.
Tikus tetep lungguhan wae, dene bangsa Semut tetep sregep golek pangan malah sangsaya rikat lan grengseng. Saben dina tanpa ngrasakake kesel bangsa Semut tetep sregep nyambut gawe. Saliyane nglumpukake pangan, bangsa Semut uga nglumpukake gegodhongan supaya nalika mangsa rendheng, leng papan panggonane bisa tetep anget, ora kademen. Ewadene, tikus tetep ora nggatekake apa sing wis dituturke raja Semut. Dheweke isih titip durung gelem keklumpuk pangan. Panggonan kanggo turu uga isih pating blaseh durung tumata. Saben dina gaweane mung turu wae. Kamangka mangsa rendheng wis arep tekan titi mangsane.
Ora let suwe mangsa rendheng teka. Saben dina, ora esuk ora awan lan ora sore utawa bengi wis kena dipesthekake udan terus. Kewan-kewan bisane mung ana ing omahe dhewe-dhewe. Ora ana sing gelem metu saka ngomah saliyane kodhok. Pancen mangsa rendheng iku wis ditunggu dening kodhok lan iwak-iwak ing kali amarga banyu kali yen mangsa rendheng padha agung. Beda yen mangsa katiga, kali-kali lan blumbang padha asat. Saengga yen mangsa rendheng iwak lan kodhok bisa lelumban. Kahanan kaya mangkono mau temtu wae mesthi beda kanggone para kewan sing bisane urip mung ana ing dharatan. Kewan-kewan dharatan rumangsa susah amarga nalika mangsa rendheng anggone golek pangan
padha rekasa.
Kewan dharatan kang uripe bisa kapenak nalika mangsa rendheng, salah sawijine yaiku Semut. Semut bisa kapenak nalika mangsa rendheng amarga bangsa Semut iku bangsa kang sregep nyambut gawe. Sadurunge mangsa rendheng, bangsa Semut padha sregep keklumpuk pangan. Dene yen mangsa rendheng, bangsa Semut bisa ngaso lan seneng-seneng ing leng, sangisore wit ringin sing dadi omahe. Semut-semut mau padha jejogedan tanpa kuwatir kentekan pangan. Papan
panggonane uga katon rapet lan anget amarga wis dialing-alingi godhong lan samubarang liyane supaya ora kebanjiran.
"La......la......la......li......li.....li," suara Semut sing padha nyanyi. Pancen nalika mangsa rendheng iku bangsa Semut mung manggon ana ing omahe. Semut-semut mau ora tau metu amarga kabeh sing dibutuhake kanggo urip saben dinane wis kacukupan. Mula ya ora gumun yen bangsa Semut bisa seneng-seneng. Kahanan iki beda adoh karo apa ding dialami dening tikus. Tikus sing manggon ana leng ing sacedhake omahe Semut ora bisa urip tentrem lan kepenak. Omahe teles lan ora duwe celengan panganan amarga sadurunge mangsa rendheng, Semut kesed nyambut gawe. Gaweane saben dina mung turu lan leha-leha wae. Dadi nalika mangsa rendheng teka, tikus malah urip rekasa. Tikus ora bisa turu, amarga omahe teles lan wetenge krasa ngelih. Kamangka saben dina udane nggrejih ora tau leren. Hawa ing njaban leng uga krasa atis banget. Kahanan kaya mangkono iku wis udakara meh telung dina. Tikus mung bekah-bekuh ing jeron leng. Anggone turu ndhepis ana ing pojok leng, wedi yen samangsa-mangsa lenge kabanjiran amarga wingi-wingi lali ora ditutupi nganggo apa-apa, dadi ya mung kalingan oyot wit ringin. Wetenge uga krasa ngelih banget. Telung dina iki dheweke ora mangan apa-apa.
"Dhuh biyung wetengku lara banget. Kamangka udan ora tau leren. Hawane adhem banget, hih.......", sambate tikus karo gigilen. Wulune wis ora bisa ngangetake awake maneh. Kajaba iku kajurung weteng sing krasa ngelih marakake awak krasa lemes lan sangsaya krasa adhem.
"Nek sesuk udane tetep ora leren, aku mesthi mati kaliren ing njeron leng. Keneng apa kok aku wingi manut kandhane Semut ya supaya nyelengi panganan. Saiki aku malah rekasa dhewe", tikus gentuni apa sing wis kelakon.
Wayah candhake wiwit esuk udan during leren, isih tetep nggrejih sanajan ora deres. Jam siji awan udane terang. Tikus krekel-krekel nyoba nginguk ing njaban leng. Hawa ing njaba isih krasa atis banget. Kahanane uga katon sepi, ora ana kewan liyane sing padha metu.
"Dhuh, kok sepi banget ya. Hawane adhem maneh," ujare Tikus ing njeron ati.
Tikus rumangsa wedi nanging amarga wetenge wis ora kuwat ngampet
Sri Haryanti
ngelih, mula kapeksane dheweke metu saka leng. Ing ngendi-endi banyu isih katon megung. Tikus mlaku kanthi alon-alon, nyingkiri banyu, golek papan sing garing kanggo mlaku tumuju menyang papan sing biasane dianggo dheweke golek pangan. Tekan ing papan panggonan sing dituju mau, Tikus rumangsa gela. Papan mau kebak banyu dadi ora ana panganan sing bisa dipamgan kanggo ngganjel wetenge sing krasa ngelih banget.
Tikus terus mlaku saparan-paran, ancase mung siji yaiku luru pangan. Ananging ing ngendi-endi padha wae, ora ana pangan. Sangsaya suwe weteng Tikus sangsaya ngelih. Sikile wis abot kanggo jumangkah.
"Huh... huh... huh..., dhuh biyung wetengku ngelih banget. Aku wis ora kuwat mlaku maneh, kepriye iki menawa aku mati ing tengah dalan," sambate Tikus karo nyekele wetenge. Dumadakan ana bledheg muni banter banget. Atine Tikus saya gigrig. Wusanane Tikus bali ing omahe tanpa asil apa-apa. Anggone mlaku alon banget, awake gumeter, kringete dleweran. Sikile krasa abot kanggo jumangkah. Nanging mbaka sithik wusanane Tikus bisa tekan ing ngomahe. Nalika arep mlebu ing omahe, dheweke krungu suwara kewan sing lagi pesta sinambi nyanyi lan nabuh tetabuhan. Tikus njreng kupinge, maspadakake ing ngendi asale suwara mau.
"Sapa ya sing seneng-seneng nalika wayah mangkene," ujare ing njero batin. Sikile jumangkah nuju asale suwara mau. Pranyata suwara mau asale saka leng, papan panggonane bangsa Semut. Tikus banjur dhodhog-dhodhog lawang omahe Semut tanpa daya.
"Mut, Semut. Aku tulungana. Silihana aku panganan," ujare Tikus. Wis udakara suwe Tikus dhodhog-dhodhog lawang nanging tetep ora ana Semut sing mbukakake lawang amarga kabeh Semut ora ana sing krungu. Kabeh lagi padha seneng-seneng. Amarga ora ana sing mbukakake lawang, wusanane Tikus bali menyang omahe. Awake Tikus saya suwe saya lemes, bisane mung gereng-gereng.
Dina candhake wiwit esuk langite terang. Srengengene jumedhul. Hawane uga rada anget. Ing njaba kewan-kewan liyane uga wis padha metu. Sejatine Tikus kepingin melu metu golek pangan nanging awake wis ora kuwat maneh. Arep mbengok njaluk tulung, suwarane wis ora kuwat. Ora krasa, Tikus semaput. Anggone semaput rada suwe. Dheweke bisa eling amarga awake krasa anget. Mbaka sithik Tikus melek. Tikus rumangsa kaget amarga awake wis ana sing ngemuli. Mripate ndelok kahanan sakiwa tengene, jebul dheweke dirubung dening bangsa Semut.
"Piye Kus. Kowe wise ling. Puji syukur dhuh Gusti," ujare Raja Semut.
"Kowe sing nulungi aku, Mut?" pitakone Tikus.
"Wis, aja kakehan omong dhisik. Iki dipangan dhisik panganane supaya enggal waras. Kowe mesthi ngelih banget. Nek uwis banjur diombe wedange,"
[ 79 ]
kandhane Raja Semut.
Sawise mangan, awake Tikus krasa kepenak. Wetenge wis ora krasa ngelih maneh.
"Kowe kok bisa tekan kene, Mut?" pitakone Tikus.
"Nalika aku lan kawulaku mlaku-mlaku, aku krungu suwara gereng-gereng saka omahmu. Banjur aku lan kanca-kanca niliki. Jebul kowe sing gereng-gereng. Ora let suwe kowe banjur semaput. Mula aku lan kanca-kanca nunggoni kowe kawit mau. Ana sauntara anggonmu semaput," kandhane Raja Semut.
"Nek ngono, aku ngaturake matur nuwun marang kowe, Mut. Nek ora kok tulungi mesthi aku wis mati. Manawa aku wingi nuruti kandhamu, mesthi ora kaya mangkene kadadeyane," Tikus ngaturake matur nuwun marang Semut.
"Ya, padha-padha Kus. Sing baku kowe wis slamet lan waras maneh. Mula sanadyan rumangsa awake kuwat lan pinter, mesthi wae ana apese. Embuh iku kewan, apa dene manungsa. Saumpamane nduweni kaluwihan lan kapinteran ora kena umuk amarga mesthi isih ana sing ngluwihi sakebehe yaiku Gusti Kang Maha Agung. Durung mesthi salawase sing cilik iku kalah karo sing gedhe. Lan aja lali kudu sregep nyambut gawe, seneng tetulung, lan tansah gawe kabecikan sarta karukunan marang sapa wae. Bebasane "Rukun Agawe Santosa Crah Agawe Bubrah," kandhane Raja Semut.
Tikus manthuk-manthuk nandhakake yen dheweke sarujuk karo kandhane Raja Semut.
"Iya, Mut aku sarujuk karo kowe. Saiki aku eling. Aku ora arep umuk maneh," wangsulane Tikus.
"Ya uwis sarehne wis rada sore aku arep bali. Kae isih ana panganan kanggo kowe mengko manawa krasa ngelih," ujare Raja Semut.
"Sepisan maneh aku ngaturake matur nuwun ya Mut. Aku ora bakal nglalekake kowe," kandhane Tikus.
Sabanjure Raja Semut ngajak kawulane bali menyang omahe amarga langit wis wiwit mendhung arep udan maneh. Sabudhale Semut, Tikus nduweni tekad ora arep umuk maneh. Tumindake ya arep luwih becik, gelem tetulung, arep nandur kabecikan lan karukunan marang sapa wae kaya apa sing dikandhakake Raja Semut "Rukun Agawe Santosa Crah Agawe Bubrah". -@
[ 80 ]
Asal Usul Jeneng
Sakrepangan Desa
Ing Tlatah Bantul
Winarsih
Suwara jangkrik ngramekake wengi ing desa kuwi. Salah sawijining desa sakwetane kali Praga, ora adoh seka segara kidul. Ana ing desa kuwi, sawah lan pategalan isih jembar. Sakperangan kewan-kewan cilik kang biasa metu golek pangan ing wayah bengi padha nyuwara, ora wedi marang menungsa kaya-kaya diayomi dening petinging ratri.
Wengi iku, ing salah sawijining omah cilik kang manggon ing desa kuwi, ana simbah kang ngadhepi loro putu-putune lanang kang lagi arep ngancik dewasa. Saklawase preinan sekolah, bocah lanang loro iku ditinggal wongtuwane supaya nginep ana ing daleme simbahe. Saben bengi sakdurunge turu, bocah-bocah kuwi seneng yen didongengake dening simbahe.
"Ayo Le, mrene padha mapan turu. Bengi iki Simbah arep ndongeng larah-larahe jeneng sakperangan desa ana ing Bantul kene. Gelem apa ora?"
"Purun Mbah, kula kalih Mas remen didongengi. Pripun dongenge Mbah?"
"Iyo, rungokna iki critane."
Ana ing tlatah Bantul sisih kidul, ana desa kang arane Ganjuran. Desa Ganjuran klebu ing wewengkon kelurahan Sumbermulyo, kecamatan Bambanglipura. Jeneng desa Ganjuran lan Bambanglipura ana gandeng cenenge karo sejarah madege kraton Mataram.
Sakdurunge kraton Mataram madeg, Danang Sutawijaya putrane Ki Ageng Pemanahan diparingi bebungah arupa Alas Mentaok dening rama angkate yaiku Sultan Hadiwijaya saka Demak. Bebungah kasebut diparingake jalaran Sutawijaya
kasil ngalahake Aryo Penangsang saka Jipang kang ngreridu pamarintahane Sultan Hadiwijaya.
Sutawijaya mbukak Alas Mentaok mengku karep arep mbangun kraton Mataram. Ananging pambukake Alas Mentaok kasebut ora gampang jalaran dialang-alangi dening jim sing nunggu alas kasebut aran Jim Jalumampang utawa Jathamamrang. Jim kasebut sekti banget saengga Sutawijaya rumangsa kangelan anggone nglungakake jim iku saka Alas Mentaok.
Gandeng Sutawijaya ora bisa ngalahake jim kasebut mula piyambake banjur tapa ana ing kisike segara kidul. Miturut crita, ana ing sakjroning tapa Sutawijaya ditemoni dening ratu segara kidul kang aran Nyi Rara Kidul.
"Danang Sutawijaya, coba delengen sapa kang tedhak ana ing sakngarepmu iki," ngendikane Ratu Kidul.
Krungu suwara mengkono iku, Sutawijaya mbadharake tapane, banjur matur, "Nyuwun pangapunten Nyi, kawula ngusik katentreman paduka."
"Apa reribet kang njalari sira marak sowan nemoni ingsun?"
"Kawula badhe mbikak Alas Mentaok paringanipun rama Hadiwijaya, sakmangke badhe kula damel kraton."
"O, mengkono. Banjur apa perkarane?"
"Alas menika dipun tengga dening jim Jalumampang ingkang ngalang-alangi kekajengan kula. Kula mboten saged ngalahaken jim menika. Paduka menapa kersa mbiyantu kula nyingkiraken jim menika?"
"Iyo taksaguhi. Nanging ana sranane.
"Menapa srananipun Nyi Ratu?"
"Kowe lan kabeh anak turunmu kang dadi raja kudu dadi sisihanku. Saguh?"
"Injih, ngestokaken dhawuh," ature Sutawijaya.
Sutawijaya banjur perang tandhing klawan Jim Jalumampang. Jalaran diewangi dening Ratu Kidul, mula jim kasebut gampang dikalahake dening Sutawijaya. Alas Mentaok bisa uwal saka pangregeme jim kasebut. Sakbanjure Alas Mentaok banjur dibangun mbaka sethithik.
Sakwise papan mau wiwit dibukak, Sutawijaya mangu-mangu nemtokake ngendi papan kang bakal didadekake punjere pamarintahan. Sakjeroning nenimbang kasebut, Sutawijaya nenepi ing sawijining papan cedhak pinggiring alas. Panggonan kasebut bisa nentremake penggalihe sing lagi kuwur. Panggonan mau sakbanjure diparingi tetenger Lipura saka tembung lipur kang tegese ngleremake ati. Ing wektu saiki, panggonan kasebut diarani Bambanglipura.
Sutawijaya nate menggalih yen panggonan mau bakal didadekake punjere pamarentahan. Ananging niyat mau diwurungake jalaran Lipura ora dumunung
Senajan kraton Mataram saya maju lan ngrembaka, ananging uga ana kang ngalang-ngalangi kemajuane. Ana kawula sing madeg kraman, salah sawijining kawula iku aran Ki Ageng Mangir Wanabaya. Ki Ageng Mangir ora gelem tunduk marang Panembahan Senopati amarga rumangsa duwe kasekten kang ngedab-edabi jalaran kagungan sipat kandel sing aran Tombak Baru Klinthing. Dene Panembahan Senopati ngersakake nyawijine sakabehe tlatah Mataram, saka lor mengidul tekan pinggiring segara.
Kanggo numpes kraman mau, Panembahan Senopati nyuwun iguh pretikel marang sesepuh kraton kang asmane Ki Juru Martani. Dening Ki Juru Martani, Panembahan Senopati diiguhake supaya mikut Ki Ageng Mangir kanthi cara alus. Kanthi cara alus, ora bakal ana bebanten kaya lumrahe paprangan. Apa maneh tlatah Mangiran kuwi ora adoh saka punjere Mataram. Dening Ki Juru Martani, Panembahan Senopati diaturi ngutus putrine yaiku Rara Pembayun.
Nalika semono Ki Ageng Mangir surung kagungan garwa. Mula Panembahan Senopati ngutus putrine mbarang turut lurung dadi ledhek. Ancase supaya yen anggone mbarang tekan panggonane Ki Ageng Mangir, piyambake bisa kesengsem marang ledhek kasebut. Yen kesengsem banjur digarwa dening Ki Ageng Mangir.
Rara Pembayun nglakoni apa kang dadi didhawuhake ramane. Rombongan ledhek mangkat saka kraton Mataram nuju ing papan kang klebu kuwasane Ki Ageng Mangir. Papan kang saiki diarani Mangiran iku arahe kidul kulon kraton Mataram. Rombongan ledhek mau mbarang turut lurung. Jalaran adoh nggone mlaku tumuju ing papan dununge Ki Ageng Mangir, rombongan ledhek wis nate arep njugar olehe nerusake laku. Gandheng gedhe tekade mbangun turut dhawuhe Panembahan Senopati, mula lakune tetep diterusake.
Sakdurunge tekan desa Mangiran ana kedadean kang ora dinyana-nyana yaiku kayu kang dinggo mikul gamelan tugel. Ngadhepi kahanan kaya mengkono, para punggawa kang ndherekake Rara Pembayun matur marang bendarane.
"Kados pundi menika Ndara Putri? Kajeng ingkang kagem mikul gamelan tugel?"
"Yo uwis ora punapa, kuwi dudu salahmu Paman. Mbok menawa pancen wis suwe anggone nganggo kayune, saenggo gampang tugel. Saiki Paman dadhawuhi golek gantine ing desa sak kiwo tengen kene." [ 83 ] "Sendika dhawuh Ndara."
Para punggawa banjur golek kayu ing desa kono nanging ora bisa oleh gawe jalaran regane larang. Jalaran kadadeyan mau, mula desa mau banjur diarani desa Nglarang. Dene panggonan tugele kayu piranti mikul gamelan kasebut dijenengake Gunung Sepikul. Jeneng papan sakloron isih dilestarekake. Papan iku kalebu ing kukuban Pandak, kabupaten Bantul.
Kacarita, amarga akeh wong kang seneng nanggap ledhek mau, saya suwe kabar anane ledhek iku saya kawentar. Ki Ageng Mangir kang uga mireng anane rombongan ledhek mau nuli ngersakake mirsani dhewe kaya ngapa kaendahane. Mula rombongan ledhek didhawuhi pinarak ana ndaleme. Nalika Ki Ageng Mangir priksa ledhek mau, piyambake rumangsa kesengsem, banjur mratelakake yen piyambake kepengin nggarwa ledhek mau. Ledhek kang saktemene Rara Pembayun mesthi wae sarujuk marang kersane Ki Ageng Mangir jalaran pancen panglamar iku kang dituju.
Ki Ageng Mangir lan Rara Pembayun klakon dhaup. Nanging Ki Ageng Mangir ora priksa yen Pembayun iku sejatine putrine Panembahan Senopati, mungsuh bebuyutane. Sepisanan Pembayun pancen ora duwe rasa tresna marang Ki Ageng Mangir. Nanging suwening suwe jalaran saka kulina, Rara Pembayun dadi tresna marang garwane. Apa maneh ora let suwe Pembayun nggarbini. Tresnane marang garwane saya kandel.
Mireng yen putrine klakon kadhaup dening Ki Ageng Mangir, panembahan senapati banjur ngirim utusan supaya ngelingake putrine marang kuwajibane. Pembayun didhawuhi supaya mikut Ki Ageng Mangir kanthi alus. Ananging Pembayun ora mentala jalaran kadhung tresna marang garwane iku. Katresnan kang sejati antarane Pembayun lan Ki Ageng Mangir kasebut karipta ana ing tembang Kala Ganjur. Sabanjure tembang kasebut kanggo tetenger desa Ganjuran uga klebu ing tlatah Bantul, ana ing lor Mangiran.
Senajan Pembayun banget tresna marang garwa, nanging piyambake banjur nyuwun marang garwane, nanging panjenengane uga kapang marang ramane. Mula piyambake banjur nyuwun marang garwane supaya ngeterake sowan marang rama ibune.
"Banjur wong tuwamu iku sapa Dhiajeng?" ngendikane Ki Ageng Mangir marang garwane.
"Nyuwun pangapunten Kangmas, menawi kula matur sinten tiyang sepuh kula, kula ajrih Kangmas duka dateng kula."
"Lho kepiye bisane dingerteni asmane marasepuhe malah duka? Ora Dhiajeng."
"Saestu njih? Menawi Kangmas mboten duka, kula bade matur.
"Nyuwun sewu, tiyang sepuh kula menika Panembahan Senopati ratu wonten ing Mataram."
Mireng yen garwane jebul putrine Panembahan Senopati, Ki Ageng Mangir duka gedhe. Tanpa dipenggalih, Pembayun arep diperjaya. Pembayun pasrah marang Ki Ageng Mangir. Nanging sakdurunge diperjaya, piyambake nyuwun dimirengake ature. Pembayun ngaturake yen rila diperjaya jalaran dianggep putri mungsuhe Ki Ageng Mangir. Nanging bayi kang dikandhut iku ora dosa. Yen Pembayun diperjaya padha karo Ki Ageng Mangir merjaya putrane dhewe. Kanthi atur mau Ki Ageng Mangir mendha dukane.
Sabanjure Pembayun nyuwun marang garwane kersa sowan marang Panembahan Senopati. Rara Pembayun matur yen Panembahan Senopati mesthi kersa nampa pisowanan Ki Ageng Mangir. Mesthi wae Ki Ageng Mangir ora kersa, nanging jalaran saka pangrimuke garwane, Ki Ageng Mangir banjur kersa nuruti panyuwune garwane.
Ana ing dalan, Ki Ageng Mangir mangu-mangu apa ya piyambake bakal ditampa tenan dadi putra mantu dening Panembahan Senopati, kaya sing diaturake dening garwane. Panggonan Ki Ageng Mangir mangu-mangu mau sakbanjure ciarani Bantul amarga penggalihe Ki Ageng Mangir mendat mentul antarane terus mlaku utawa mandeg, kondur Mangiran ora sida sowan Panembahan Senopati. Panggonan kuwi tekan saiki isih diarani Bantul.
Akhir carita, Ki Ageng Mangir sida sowan Panembahan Senopati ing Mataram. Kaya patrape sapa wae kang arep marak sowan ratu Mataram, kabeh gegaman kudu dipasrahake marang prajurit Mataram, kalebu Tombak Baru Klinthing kang dadi sipat kandele Ki Ageng Mangir. Ana ing pasowanan iku Ki Ageng Mangir ditampa dadi putra mantu, nanging uga tetep dianggep musuh. Mula ana ing pisowanan iku Ki Ageng Mangir diperjaya dening Panembahan Senopati kanthi migunakake dhampar kencana.
Pasareyane Ki Ageng Mangir saiki bisa ditemoni ing Pasareyan Ageng Raja-raja Mataram ing Kotagede. Jalaran Ki Ageng Mangir iku mantu dalem uga musuh, mula pasareyane separo ana ing njero beteng lan separo ana ing njaban beteng kang ngupengi pasareyane sentana dalem.
Ora let suwe saka rampunge dongeng simbah, bocah-bocah iku nuli turu nglintek. Kanthi mesem, simbah mbenakake kemul supaya bocah-bocah ora kadhemen. Crita bab piye asal-usule sakperangan panggonan kudu dingerteni bocah-bocah iki supaya bisa duwe rasa handarbeni marang kabudayane dhewe.-@ [ 85 ]Mula Bukane Gunung Tambalan
M.Mariyam

Saman biyen kahanan durung kaya jaman saiki. Contone kahanan lingkungan, dalan-dalan uga cacahe wong kang manggon ing bumi iki. Isih akeh papan kang kebak tanduran, rerungkutan, apa maneh papan kang dianggep wingit. Panguripan masyarakat jaman samono uga isih caket banget karo alam, uripe katon prasojo merga cedhak alam saben dina. Dene kahanan alam ing wewengkon Ngayogyakarta uga warna-warna wujude, ana gunung, pesisir, lemah, lan liya-liyane. Saka tulisan iki arep dakceritakake mula buka kadadeyane "Gunung Tambalan", sing mapan uga ana ing tlatah Ngayogyakarta.
Ing jaman samana, ana salah sawijining papan sing dhuwur nanging ana ing saktengah-tengahe padesan merga kiwa tengene papan mau diubengi sawah. Ing kono durung ana siji wae wong sing manggon, kejaba papan rungkut, adoh saka omah-omah penduduk uga pancen cacahe wong durung akeh kaya jaman saiki.
Gandheng ora tahu kasrambah pawongan, papan mau katon ora kopen, wit-witan sawernane padha thukul ora kerumat. Suwening suwe dadi kaya alas grumbul ana ing papan kang dhuwur mau. Masyarakat sakiwatengene uga ora wani nyrambah apa maneh methik tanduran saka papan mau. Mula akeh kang ngarani papan mau wingit utawa angker. [ 86 ]Pinuju ing sawijining wektu, rikala bumi nuswantara iki dijajah manca, wong-wong padha ndhelik arep nylametake awake. Anggone ndelik golek papan-papan kang adoh saka karamean saengga ora bakal konangan tentara mungsuh. Papan kang dituju biasane ana ing padesan-padesan lan gunung-gunung kang arang diambah wong-wong.
Kacirita ana salah sawijining pawongan kang keplayu tekan papan kang durung ana arane mau. Pawongan iku kena diarani misterius marga durung padha dikenal masyarakat ing sakiwatengene kono. Ananging gandheng katon ora nyemelangi pawongan mau oleh manggon ing papan anyar iku. Dheweke milih manggon ana ing papan dhuwur, kang dianggep wingit iku. Wong-wong padha gumun, geneya kok wani mapan ing kono.
Sawise mapan ing kono, dheweke lekas mbabadi rerungkutan kang ora migunani, diresiki mbaka saperangan lan gawe papan kangge ngaso. Yen ora duwe kepentingan pawongan mau arang-arang mudhun saka papan mau.
Apa kang ditindakake pawongan mau? Kanyata pawongan mau saben dina nindakake laku prihatin kanthi semedi nenuwun marang Sang Hyang Maha Agung. Sajak piyambake duwe niat kang becik kanggo tujuwan uripe.
Kahanan bab sekane pawongan mau kapireng ana ing sesepuhing tlatah wewengkon kono, kang duweni panguwasa tlatah kono mau. Mula terus utusan abdine supaya golek keterangan bab anane.
Pagawean ing saben dinane ngupakara lemah ing papan kono lan uga golek iwak ana ing sagara, kuwi kanggo nyambung uripe, saliyane iku dheweke uga nindakake laku kanthi pasa, semedi nenuwun marang Sang Hyang Maha Agung. Pawongan anyar ing tlatah kono. Dhawuhe marang Abdi-abdine: "Goleka sisik melik ana ing tlatah kulon Lipura, marga ing kono ana priyayi kang durung pati dimengerteni". Abdi-abdine banjur padha nindakake apa kang didhawuhke mau, padha mangkat arah mangulon ing sakulon panggonan kang arah Lipura.
Pirang-pirang dina anggone padha mlaku lan takon-takon, akhire ketemu papan sing dituju. Ing kono ketemu karo pawongan kang pinuju lagi nenandur ana ing kebon anyar ing papan kang dhuwur iku. Prisa ana tamu pawongan mau enggal mbagegake: Sampeyan punika sinten dene karsa rawuh ing papan kula mriki?"
"Kula punika utusanipun sesepuh ingkang gadahi panguwaos ing tlatah mriki. Lajeng punapa ingkang dados wigatosipun rawuh mriki? "Kula kadhawuhan nyenyuwun prisa bab karawuhan panjenengan, injih Asma, asalipun. Tuwin maksud tujuanipun ngantos panjenengan manggen ing papan punika." O makaten, kula badhe matur bilih kula kaparingan asma "Ki Tambal", asal kula saking wewengkon sak lor Ngayogyakarta, wondene pedaleman kula tetanan menapa dene asring pados ulam ing seganten. Dados menika mergi kula boten badhe nyilakakake tetiyang ing mriki. [ 87 ]Mireng apa wangsulane mau, abdi mau padha manthuk-manthuk lan pracaya. Sawise iku age-age padha nyuwun pamit. Saka apa kang dikandhakake pawongan marang abdi mau, wis dingerteni menawa asmane mbah Tambal, ora ngerti larah-larahe kok asmane kaya mangkono.
Abdi mau wis tekan ing dalane sesepuh tlatah iku terus padha matur ngaturake apa kang wis dingerteni. Apa ature abdine ditampa apik, pranyata tekane pawongan anyar mau ora nyemelangi.
Kepriye uripe "Ki Tambal" kanggone masyarakat ing sakiwatengen ngisor gunung kono? Pranyata apa kang saben dina ditindakake ing bab tetanen padha ditiru. Kepriye anggone ngrabuk tanduran nganggo gegodhongan kang sadurunge dicampuri tlethong utawa inthil padha ditiru. Saengga tanduran pari lan palawija katon subur ijo royo-royo. Saliyane kuwi uga apik kanggo kasarasan. Kepriye anggone ngopeni tetanduran kang dianggep ora migunani nanging jebul duwe kasiat marasake sawernaning lelara. Sik penting uga anggone laku prihatin nenuwun marang Sang Hyang Agung iku uga padha ditiru dening wong-wong kang padha tepung karo Ki Tambal. Dadi tekane ing papan kono duwe pengaruh panguripan masyarakat ing tlatah iku.
Minangka janima limrah ingkang cinipta, Ki Tambal mbutuhake kanca anggone nglakoni urip iku. Piyambake omah-omah karo bocah wadon saka padesan ora adoh saka kono. Sawise dadi garwane bocah wadon iku katelah kanthi sebutan Nyi Tambal. Dadi ing kono wis ana pawongan loro kang manggon yaiku Ki lan Nyi Tambal.
Wektu tansah gilir gumanti. Ki Tambal sekalian urip ana ing papan iku katon tentrem. Saben dina nindakake pagawean-pagawean lumrah lan ora ngedap-edapi. Saka pagawean lumrah iku ngasilake bab-bab kang apik kang uga pada diconto masyarakat kang padha ngerti, kayata anggone rukun karo sisihane, sregep nyambut gawe lan tansah setya suhu marang Sang Hyang Agung.
Masyarakat ing tlatah kono kang maune padha percaya marang kekuatan-kekuatan alam kayata watu gedhe, wit gedhe, lan liya-liyane terus padha wiwit nata pengandele nganggo carane dhewe-dhewe kepriye anggone pracaya marang Sang Hyang Maha Agung. Dadi uripe Ki Tambal sekalian wis gawa owah-owahan padatan ana ing papan kono.
Tekan wektu iku oran dingerteni sapa sejatine Ki Tambal kuwi lan ngopo ujung-ujunge teka ing papan kono, kamangka wektu iku lagi ana penjajahan bangsa manca. Ki Tambal ora ngatonake jati dirine kang satenane. Asring uga menawa ana serangan saka pihak mungsuh, rakyat padesan dadi korban, mula akeh kang padha ngungsi keplayu ana ing papan panggonane Ki Tambal. Mungsuh angel anggone ngerteni merga papane rungkut, dhuwur, adoh saka omah-omah penduduk.
Nuju ing sawijining wengi, rikala kaya padatan Ki Tambal nindakake tirakat, [ 88 ]dheweke kaya digawa angin tumuju papan kang dhuwur, endah lan jembar. "Ngger, Ki Tambal anakku, delengen papan ing ngisor kae." Ki Tambal nindakake apa kang didhawuhke swara mau. Ing kono Ki Tambal weruh kang mili, ora ono pampete kaya banyu tan kena dindeke. Ki Tambal age nyuwun pirsa: "Lepen pundi ingkang mili kados boten kendhat toyanipun punika?"Swara mau paring wangsulan: "Kuwi pralambang urip Ngger, besuk kowe bakal mangerteni kang dak duduhake iku. Mung pesenku aja nglalekake Sang Hyang Maha Agung, merga iku kang tansah paring pitulungan marang kowe", barengan karo binukane mripate Ki Tambal. Ki Tambal ora crita marang sapa-sapa bab kang dialami iku. Dheweke karo urip kang saben dinane nyoba nggagas-gagas apa ta tegese kabeh kang wus dialami mau.
Urip iku saupama rodha, bisa ana dhuwur lan bisa uga ana ngisor, kahanan uga ora ajeg. Semono uga kang dialami masyarakat kang wektu iku durung ngalami jaman kamardikan. Urip sok dadi ora tentrem, nanging kanthi usahane Ki Tambal anggone tansah nyaket Sang Hyang Maha Agung, bisa nentremake ati kang asring krasa tintrim. Kayata kadadean ing tlatah kono, rikala lagi wae mangsa tetuwuhan padha thukul ing kono kedadeyan ana udan barat nganti pirang-pirang dina. Banyu bisa dadi kanca kang bisa nguripi nanging uga bisa dadi mungsuh kang marakke mati. Prahara udan barat pirang-pirang dina iku ora mung ndadekake wit-witan ambruk, tanduran ing sawah padha mati keleban banyu,
longsoring pegunungan kang kanggo manggon Ki Tambal. Anggone longsor ora ana kurban jiwa nanging banget gegirisi. Ana saperangan gunung kang growong. Ki Tambal nampa kahanan mau minangka pacoban ana ing uripe, dheweke tetep matur nuwun ing kahanan kaya mengkono marga papan kanggo dienggo manggon Ki Tambal ora owah, kamangka sakiwa tengene padha longsor. Ki Tambal gagas-gagas apa sakjane kersane Sang Hyang Maha Agung kanthi kedadean iku. Dheweke ke lingan rikala digawa ing papan kang dhuwur, endah lan jembar kinanthen ana swara. Ki Tambal nyoba nggathukake kedadean mau. Pranyata saka swara mau dheweke wis dijarwani menawa bakal ana kedadean koyo mengkono iku.
Ki Tambal duwe panggraita kepriye anggone bisa mulihake kahanan gunung kang padha longsor mau. Rikala wong-wong padha bingung marga kahanan iku, Ki Tambal kang tansah laku prihatin lan cerak marang Sang Hyang Maha Agung mau oleh pitedah. Papan iku bakal bali apik menawa Ki Tambal gelem ngurbanake barang pangaji kang tekan saiki isih kasimpen. Ki Tambal mikir barang pangaji apa kang seprene isih digawa, kang wus suwe ora karumat. Mak byar kaya binuka paningale Ki Tambal, dheweke kelingan menawa isih duweni barang pangaji awujud gong kang digawe saka emas, mbok menawa iki kang dikersakake barang pangaji. [ 89 ]Sabanjure Ki Tambal ngajak saperangan pawongan kang sacedhake kono, diajak tirakat nyenyuwun supaya ora bakal ana prahara udan barat maneh dikantheni kurban gong emas duweke Ki Tambal.
Kanthi gomolonging ati tanpa rasa eman marang barang pangaji, bengi iku kaleksanan apa kang dadi niate Ki Tambal. Kaseksen pawongan kang mbiantu anggone tirakat, gong emas kagungane Ki Tambal dipendhem ana ing tengahing gunung mau. Kabeh padha ikhlas merga kanthi tujuan mulya yaiku nylametake kahanan lan tetuwuhan ing papan kono. Ora ana kang duwe niat bakal ngedhuke lan njupuk gong emas mau, mergo padha pracaya menawa gong emas kang kanggo nambal mau wus lebur lan ngasilake kamulyaning urip.
Ki Tambal lan sisihane banget ditresnani dening warga, marga wis akeh lelabuhane marang warga ing kono. Uripe sabanjure ora akeh kacritakake. Pitakon sapa ta sejatine Ki Tambal iku saprene durung dingerteni.
Kanyata kanthi lelabuhane Ki Tambal kahanan alam pulih maneh malah saya subur. Piyambake ninggal tuladha kang luhur yaiku tansah setya marang Sang Hyang Maha Agung lan gelem ngurbanake barang pangaji kanggo keslamatene wong akeh.
Sawuse sepuh lan sedo, Ki Tambal disarekake ana ing gunung iku, persis sadhuwure anggone mendhem gong emas. Tekan saiki pasareane padha diuri-uri. Papan iku tekan ujaning jaman saiki katelah Gunung Tambalan.
Gunung Tambalan katon asri, ing perangan dhuwur kanggo paserangan, ana uga kang sumare ing kono KRT. Jayadiningrat ingkang nate ngasta paprentahan ing kabupaten Bantul. Dene kahanan alam ing kono arepa papane dhuwur tetep akeh wit-witan kang subur lan sawah kang ngubengi gunung tansah subur ora tahu kekurangan banyu. -@ [ 90 ]Tombak Naga Baruklinthing
Yohanes Siyamta
Kali Praga isih panggah mili. Wiwit saka lengkehig Gunung Sindoro tumuju Samodra Kidul. Iki kabeh mujudake kanugrahaning Pangeran marang kawulane. Krana banyune kang ajeg mili njalari sawah-sawah dadi subur lan sakehing iwak loh uga bisa dadi panguripan tumrap kawula ing kiwa tengene.
Rikala semana, ing iring wetan Praga meh pepuntoning kali, yaiku ing desa Mangir madeg sawijining pawongan kan remen mesu budi utawa mertapa. Panjenegane tansah tumindak becik ing saben dinane. Dhemen tetulung lan nduweni kawaskithan sarta kanuragan kang linuwih. Mula karo wong-wong ing desa kono banget diajeni lan jinunjung minangka pamimpin kanthi sebutan Ki Ageng Wanabaya.
Sawijining wektu, rikala lagi manungku puja Ki Ageng Wanabaya pikantuk wangsit saka Sang guru, "Wanabaya, murid kang tuhu daktresnani. Rungokna kandhaku: Budhala mertapa ana ing gunung Merapi dene pertapan Mangir, lintirna marang putramu. Wis ya, ngger. Enggal tindakna!"
Mituhu marang dhawuhing Guru, mula wisik mau banjur katindakake. Ki Wanabaya banjur dhawuh marang atmajane, "Ngger, anakku. Mituhu dhawuhing guru, aku bakal nindakake mertapa ana ing gunung Merapi. Padhepokan kene sakukubane dakpasrahake marang kowe.
Semu kaget lan wedi putrane banjur matur, "Menapa kula sampun pantes, bapa?"
"Miturut pamawasku, kowe wis pantes. Olah kanuragan lan kawaskithan kang wus dakwulangake marang kowe dakkira wis cukup kanggo ngembani padhepokan kene. Welingku marang kowe, tansah tumindaka adil, wicaksana lan sing baku udinen murih para kawula ngrasakake tata titi tetrem kerta raharja. [ 91 ]Kuwi kabeh sangumu murih langgeng anggonmu madeg minangka parampara.
"Inggih, bapa. Kula sagah lan badhe tansah kula estokaken."
Bakda kuwi, Ki Ageng Wanabaya banjur ngumpulake kabeh warga padhepokan lan ngandharake menawa penjenengane bakal nindakake laku tapa ing gunung Merapi sarta ngangkat putrane minangka gantine anggone ngrenggani desa Mangir. Nunggak semi marang ramane Ki Ageng Wanabaya I, putrane diangkat kanthi sebutan Ki Ageng Wanabaya II.
Sapungkure Ki Wanabaya I, Wanabaya II nindakake dhawuhing ramane minangka pangarsa kang becik. Kabeh tindake tansah adil, wicaksana lan nyipta tentrem lan karta raharja. Yen ana kawulane kang luput ora banjur didukani utawa dipidana, nanging dituturi kanthi reseping manah lan padhanging budi.
Sawijining dina, Ki Wanabaya II kagungan kajat mitoni garwane anggone antuk kanugrahan bobot. Ing kajat kuwi dheweke ngaturi rawuh Ki Wanabaya I - ramane. Rikala rawuh ing kono, sinambi lenggahan Ki Wanabaya I ngelus-elus lading utawa peso.
Ing kono ana bocah wadon sing budhal rewang ing kajat kuwi lan kapinujon ora nggawa lading lan banjur matur marang Ki Wanabaya I, "Menapa kepareng kula nyuwun ngampil lading menika?"
Mangu-mangu anggone Ki Wanabaya I nanggapi panembunge bocah wadon mau. Amarga lading sing diasta kuwi ora sabaene lading. Lading kang duwe daya linuwih lan landhepe ngedab-edabi. Kegawa rasa ewuh pakewuh mung disilihi lading wae kok owel, mula penjengenane bnajur nglilakake maringi ngampil kanthi piweling mawanti-wanti, "Ati-ati anggonmu nggunakake lading iki. Aja diselehake ing saenggon-enggon lan welingku aja pisan-pisan lading iki kopangku."
Bocah wadon mau manthuk lan gage nampani lading mau. Sawise suwe anggone tumandang gawe kagawa rasa kesel lan ngantuk bocah wadon mau kebablasen turu, ora krasa lading mau dipangku. Bareng tangi, kaget! Awit lading sing mau dipangku pranyata ora ana. Digoleki ing endi-endi lan ditakokake marang pawongan sing padha tumandang ing pawon uga ora ana lan ora ketemu. Wusanane, saking bingunge banjur ngaturake perkara iki marang Ki Wanabaya I.
Krungu ature bocah mau panjenengane banjur ngendika, "Ya wis, yen lading mau ora ana kuwi kabeh mula wis kersaning Jawata. Pokoke yen ana lelakon apa-apa tumrap awakmu, ora perlu sedhih lan ora perlu digetuni. Eling-elingen welingku iki!"
Bocah wadon mau banjur pamit senadyan ora mengerti bab wigatine weling mau. Sawise kabeh mau kelakon, Ki Wanabaya I pamit kondur nerusake anggone mertapa ana ing gunung Merapi kanthi weling marang putrane menawa sok sapaa sing nakokake, supaya diwangsuli yen penjenengane nerusake lenggah mertapa ana ing gunung Merapi. [ 92 ]Kaelokaning jagad, bocah wadon - sing kacarita maumbobot. Dheweke gumun, bingung, sedhih lan isin, amarga durung diwengku priya nanging mbobot. Pirang-pirang dina bocah wadon mau ora metu-metu amerga bingung lan isin. Ewa semana dheweke eling marang welinge Ki Wanabaya I menawa ana kedadeyan apa wae ora perlu sedhih lan digetuni.
Pindhane siniram banyu gege, kandhutan mau saya suwe saya mudhak gedhe malah rinasa cepet banget undhake. Saking bingunge bocah wadon mau lunga saka ndesane lan wedi ketemu marang sapa wae. Banjur mlayu mlebu alas gedhe, ing alas mau ana blumbang lan banjur duwe niyat nyegerake awake kanthi adus nylemplung blumbang mau. Rikala wiwit kungkum, ora kanyana-nyana bayine lair. Saeba kagete dene sing dalairake mau dudu bayi nanging wujud naga.
Kaelokan-kelokan terus dumadi. Naga mau saya suwe saya gedhe. Blumbang mau ora nyakup gedhene naga nganti pecah lan banyune mbleber lambah-lambah metu. Banyu saya suwe sangsaya akeh lan mawujud dadi rawa. Gotheking wong akeh rawa mau banjur katelah Rawa Jembangan.
Bocah wadon mau keweden lan terus mlayu ngedohi naga mau. Nanging rumangsa yen bocah wadon iku ibune, mula naga mau ngoyak terus nganti bcah wadon mau ora kuwawa mlayu maneh banjur tembunge, "Aku pancen ibumu, ngger. Yen kowe kepingin mangerti sapa bapakmu, takona marang Ki Gedhe Wanabaya ing desa Mangir."
Krungu tembunge ibune, naga mau banjur tumuju ing desa Mangir. Dheweke bisa ngambah jumantara utawa mabur. Sisik kanthi warna ijo mengkilap obah-obah lan swaraning sisik kumrincing pindhane sewu klinthing muni bareng. Krungu swara mau wong-wong desa padha metu lan gumun nyawang ana naga kang bisa mabur ing awang-awang.
Naga mau banjur muni, "Para sedulur, aja padha wedi! Aku ora duwe karep ala. Aku mung kepingin takon marang Ki Wanabaya, sapa ta sejatine bapakku."
Bubar kandha mangkono mau naga banjur mabur maneh kanthi swara kumlinthing pindhane klinthing sewu muni bareng. Mula wong-wong desa mau banjur ngarani naga mau kanthi sebutan Naga Baruklinthing.
Ringkesing carita, Naga Baruklinthing wus tumiyup ing plataran padhepokan Mangir. Wong-wong padha mlayu wedi dene Ki Wanabaya II banjur ngunus keris saperlu ngusir naga mau.
Mulat kahanan iki Naga Baruklithing banjur celathu, "Nuwun sewu, Ki. Kula boten badhe sumedya tumindak awon. Kula namung badhe nyuwun priksa, menapa Ki Ageng mangertos sinten ta ingkang ngukir jiwa raga kula."
Swasana wening sawetara, Ki Wanabaya nyarungake kerise banjur kanthi aris ngendika, "Aku iki Ki Wanabaya. Yen kowe takon sapa sudarmamu. Bapakmu padha karo bapakku. Penjengenane saiki lagi teteki mangun tapa ing gunung Merapi. Golekana lan sowana mrana!" [ 93 ]Krungu tetembungan mau Naga Baruklinthing sumringah, banjur pamitan sumedya nggoleki ing gunung Merapi.
Datan kacarita lakunine ing dalan. Naga Baruklithing wus bisa nemokake guwa papan anggone Ki Ageng Wanabaya I mangun tapa. Banjur sowan lan matur, "Bapa, kepareng matur. Kula menika naga ingkang dipunlairaken dening sawijining ibu ing blumbang sapinggiring alas. Miturut pangandikanipun Ki Ageng Wanabaya ing Mangir, penjenengan ingkang nedheng mangun tapa ing gunung Merapi menika, sudarma kula. Mila mugi kaakenana kula minangka atmajanipun bapa.
Ki Ageng Wanabaya I mendel sedhela banjur pangandikane, "Iya, ngger. Ora selak maneh menawa sejatine kowe anakku. Nanging aku nduweni panjaluk, yaiku yen kowe bisa ngubengi gunung Merapi iki nganggo awakmu, bakal daktampa suwitamu minangka anakku."
"Inggih, bapa. Kula sagah."
Ora suwe saka kuwi Naga Baruklinthing banjur ngetog karosan sumedya ngubengi gunung Merapi kanthi dawa lan gedhene awake. Pethit lan tutuke meh wae gathuk, nanging senadyan wus ngetog karosan tetep wae durung kelakon nyambung. Ewa semana Naga Baruklinthing ora mung mandheg sumarah lan pasrah. Enggal-enggal melet ngetokake ilate kanggo nyambung kareben gathuk pethite. Ing kene kaelokaning jagad kelakon. Ilate murub mubyar geni mangalat-alat lan makantar-kantar. Dumadakan, ilat kang murub mau wujude owah dadi pucuk ing tombak. Dene sirahe owah dadi warangka lan badan tekan pethite dadi garan tombak.
Tombak, garan dalah warangakane mau gumlethek ing ngarepe Ki Ageng Wanabaya I. Dumadakan ana swara dumeling saka angkasa, "Mangir Wanabaya, openana lan simpenen tombak iku. Tombak mau minangka tetenger lan jenengana Tombak Naga Baruklinthing. Ing tembe, tombak iku bakal dadi salah sawijining sipat kandel utawa pusaka salah sawijining raja kang darbe panguwasa ing tanah Jawa. Wus, jugara anggonu tapa lan muliha ing Mangir. Tapamu ing gunung Merapi iki wis paripurna."
Wusana, Ki Ageng Wanabaya I banjur jugar anggone tapa, kondur ing Mangir kanthi nggawa sipat kandel utawa pusaka awujud tombak. Tombak Naga Baruklinthing. Sawise Ki Ageng Wanabaya I seda, tombak mau diwarisake marang Ki Ageng Wanabaya II, lan sabanjure dilintirake uga marang Ki Ageng Wanabaya III.
Sabanjure, Ki Mangir Wanabaya III kapilut putri Pembayun, mula Tombak Naga Baruklinthing sipat kandele uga bisa kecepeng Panembahan Senapati lan dadi salah sawjining pusaka ing Kraton Mataram.
Tumeka saiki, Tombak Naga Baruklinthing iki lan pusaka-pusaka liyane isih diopeni kanthi permati lan sinimpen ing gedhong pusaka Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.-@ [ 94 ]Sumur Pengadil
Retno Widowati
"Ha...ha...ha...Pak Lurah ora bakal ngerti, takjamin!" Mangkono ujare Pak Badrun marang andhahane, sesongaran. Tangan kiwane kang lagi nyekel botol ijo isih bisa nuding-nuding fotone Pak Lurah kang kapajang ing tembok kantor kelurahan. Jebule wengi iku Pak Badrun lagi seneng banget, rumangsa bebas jalaran Pak Lurah lagi niliki sedulure ing kutha. Ambune alkohol ngebaki ruangan kang ora sepira jembare. Ing njero kono Pak Badrun minangka wakil Lurah ora menehi conto kang becik marang andhahane. Para andhahane malah dijak mendem. Syukuran, jarene. Iya, syukuran amarga kasil anggone nilep dhuit kas desa.
"Lha, dalah, kae lho, Pakne, wong dadi pimpinan kok kaya ngono, panggresahe Mbok Nah karo bojone nalika liwat ing ngarep kantor kelurahan. Warga kang ngonangi kedadeyan kuwi mung bisa ngelus dhadha sinambi ngrencanakake yen sesuk Pak Lurah bali, bakal cepet-cepet dilapurake. "Inggih, kula sarujuk, benjing kita sowan Pak Lurah," ujare para warga.
Dhasare mabuk, dadi wong kang ora eling, kabeh omongan ndlujur tanpa tedheng aling-aling. Omongan kang biyasa-biyasa wae tekan omongan kang kudune dadi wewadi, ora sida dadi wewadi jalaran wis bocor. "Krungu dhewe ta, kowe?" ujare Pak Dana klesak-klesik karo Pak Bari nalika ngindhik ing mburi motore Pak Badrun, motor abang kinclong kang isih mambu toko.
"Melas temen, Pak Lurah, wonge apik ning andhahane kok ora karuan, ora Pak Badrun, Pak Suta, Pak Heri, kabeh kok ora ana sing bisa dipercaya," ujare Pak Dana kanthi swara rada dhuwur lan tangane kumlawe nyampluk cagake cakruk. Pak Dana anyel atine. Semono uga warga liyane, gregeten ndelok [ 95 ]kedadeyan kang bola-bali dumadi ing desane. Desa Kembangsari kang asri ning wargane ora bisa urip ayem jalaran pangarsane ora jujur lan ora bisa dadi patuladhan kang becik. "Inggih, Kang, jaman saniki pados tiyang pinter niku gampang, sing angel niku pados tiyang jujur," kandhane Pak Bari sinambi ngrogoh rokok kretek ing sak kaos irenge. Para warga nganti padha gumun. Pak Lurah kang ditresnani banget dening wargane mesthi wae kok oleh andhahan kang seneng slingkuh.
"Sugeng siyang, Pak, pundi kula bekakaken tasipun," ujare Pak Badrun mapag Pak Lurah ing kidul jembatan Desa Kembangsari. Jam rolas awan soroting srengenge krasa sumelet kaya jutul bun-bunan. Dhasar mangsa ketiga, hawane krasa panas banget. Bareng bleng, mlebu ing rodha papat krasa luwih kepenak. "O, ya, Pak Badrun, iki kancaku, ngersakake nginep sawetara ing desa kene, asmane Mbah Kerta Kuncara, sing kasil nambani adhiku," kandhane Pak Lurah. Pak Badrun ngulungake tangane, salaman, dene tangan sing kiwa nggegem kunci kontak. Mobil digas, ing njerone keprungu swara obrolan. "Wah, desa ngriki katon asri nggih, sesawangan ijo royo-royo, boten kados ing dhaerah kula, sumpek," ujare Mbah Kerta sinambi nglirik Pak Badrun saka kaca kang ana ing ndhuwur setir. "Nggih, ngaten nika, Mbah, sugeng rawuh ing Desa Kembangsari," ujare Pak Badrun ngendhalekake mobil katon wis trampil banget.
Mobil sedhan abu-abu kang nggawa penumpang telu kuwi direm persis ing ngarep gerbang kantor kelurahan. "Kae, kae, Pak Lurah wis rawuh, piye, iki, sapa sing arep matur?" ujare Pak Bari. Numpak pit onthel, Pak Bari boncengan karo bojone dene sawetara papasan karo motore Pak Dana. "Pripun niki, Kang, njenengan ta sing matur Pak Lurah?" pitakone Pak Bari rada bingung. "Lha, yen warga sarujuk, mengko aku sing matur, ning kudu ana warga sing melu, aku butuh seksi," wangsulane Pak Dana. "Wis kana, Bune, pite kokgawa wae, iki aku ana urusan penting," ujare Pak Bari. Pak Bari mudhun saka pit banjur mbonceng motore Pak Dana. Bebek abang kuwi banjur digas tumuju ing cakruk. Neng kono Pak Dal, Pak Man, lan Pak Tana wis ngenteni. Jebul warga desa wis nunggal krentege kepengin swasana desa bisa ayem tentrem.
"Apa tenan, kuwi?" pitakone Pak Lurah. Pak Lurah rumangsa kuciwa lan sedhih krungu lapurane para wargane. "Aku wis ora ngerti meneh kudu piye," ujare Pak Lurah pasrah. "Hm...hm...hm." Swara mau jebule dheheme Mbah Kerta kang wengi iku nanggo setelan lurik lan blangkon, nambahi kawibawane. "O, iya, bapak-bapak kabeh, iki asmane Mbah Kerta Kuncara, priyayi luhur saka kutha kang kasil nambani adhiku," ujare Pak Lurah. "Wah, alhamdulillah, nggih, Pak, Bu Siti sampun dhangan, kamangka rak sampun dumugi papan pundi-pundi dereng mantun-mantun," kandhane Pak Dana bungah.
[ 96 ]
Senadyan wis wolung puluh taun yuswane, Mbah Kerta isih katon sehat lan gagah, jejuluk wong pinter isih rumaket tekan seprene ing dhaerah asale, njaban rangkah, nyabrang samodra. Jenenge wong pinter, ora mung sekti bab nambani wong lara, nanging uga ing samubarang bab. Kaya bab sing siji iki, Pak Lurah yakin banget menawa Mbah Kerta bisa mbiyantu warga desane mujudake kepenginane yaiku nduweni pangarsa kang apik amrih swasana desa bisa ayem, tentrem, lan makmur.
"Sumur, iya, sumur tuwa," ujare Mbah Kerta sajake bubar oleh wangsit. "Sumur, sumur tuwa?" pitakone Pak Lurah lan wargane. "Iya, neng desa iki ana sumur tuwa ta, sing mapan neng kulon kali kono," kandhane Mbah Kerta nambahi andharane. Miturut Mbah kerta sumur tuwa kang mapan ing alas wingit iku bisa dadi sarana ngadili wong kang duwe niyat ala lan wong kang tumindak culika. Sumur kuwi uga bisa kanggo sarana milih pangarsa kang becik pakartine. "Iya, yen pancen Badrun kae, tumindak kaya ngono kuwi mesthi wae bakal nampa piwales ora nganggo itungan dina," ujare Mbah Kerta. Mak clep, krungu omongan kaya ngono kuwi, swasana ing ruang tamu daleme Pak Lurah dadi sepi nyenyet, ora ana sing wani komentar.
Sadurunge srengenge jumedhul, para warga wis rampung anggone ngresiki sumur tuwa kuwi. Nganggo panerangan saanane, para warga gotong royong ngrumat sumur kuwi. Para warga akeh sing ora mangerteni kenapa kok bengi-bengi Pak Lurah ndhawuhi kerja bakti, ing alas wingit maneh.
Bagaskara cumlorot cahyane, swasana ing sekitar sumur katon luwih padhang tinimbang sadurunge jalaran wit-witan ing sekitare wis dibabati. Sumur sing bakal dadi andhalane para warga mujudake kepenginane iku saiki katon resik, banyune bening, lan wis siap digunakake kanggo ngadili lan menehi bukti sing becik bakal ketitik, sing ala bakal ketara.
Mbah Kerta pamitan amarga kelingan yen ana urusan penting liyane. Sadurunge pamit, Mbah Kerta janji bakal mbiyantu warga desa kono. Mula dheweke ora kepengin ninggalake desa kono yen durung menehi bukti bab apa sing diandharake mau bengi. Mbah Kerta ngaturi Pak Lurah nyoba banyu sumur kuwi. Banjur ing ngarepe para wargane Pak Lurah njupuk banyu sumur kuwi banjur diombe. Banyu kuwi uga kanggo raup. Gandheng sing ngombe lan sing raup nganggo banyu kuwi wong apik, Pak Lurah ngrasake segere banyu lan ora krasa apa-apa sing aneh. Para warga kang melu rembugan mau bengi padha bungah atine, Pak Lurang kang ditresnani dening para warga pancen wong kang apik. Dene para warga liyane kang durung ngerti apa-apa, mung plonga-plongo. Nanging ora suwe, Pak Lurah banjur ngandharake. Para warga manthuk-manthuk, ana sing percaya, ana uga sing ora percaya.
[ 97 ]
Ora nganti sajam kepungkur Pak Lurah njlentrehake bab sumur tuwa sing saiki minangka sumur pengadil, warga sing mau padha ora percaya, banjur percaya. Ya, amarga lagi wae ana kedadeyan kang nggegirisi, Pak Badrun kang raup nganggo banyu sumur kuwi raine banjur gosong lan kisut. Dene bubar ngombe banyu sumur kuwi, awake langsung bungkuk kaya wong kang lagi nggendhong barang kang abot ing gegere.
"Jebul bener pangirane Pak Lurah, Pak Badrun ora gelem ngaku yen dheweke wis nilep dhuit kas desa asile ngedol glugu," ujare Pak Dana. "Inggih, saniki mang tingali nika, kaya wong tuwa banget awak lan raine," ujare Pak Bari ngematake Pak Badrun kang liwat ing ngarep omahe. Ora suwe saka kedadeyan kuwi, andhahane Pak Lurah diganti wong-wong kang bisa dipercaya. Carane milih, ora mung manut pinter lan dhuwure le sekolah, nanging kang luwih penting kejujurane. Sumur pengadil diandhalake kanggo nemtokake sapa kang pantes kepilih dadi andhahane Pak Lurah. Pak Dana lan Pak Bari klebu loro ing antarane sing bisa lulus.
Taun gumanti taun kedadeyan nggegirisi kaya ora mung dialami dening Pak Badrun lan bekas andhahane. "Akeh wong kang ngakune jujur lan pantes mimpin desa kene, ning sawise dibuktekake, mbel gedhes," ujare Mbok Nah. Warga liyane uga padha komentare. Para warga rumangsa kangelan nggoleki penggantine Pak Lurah kang sedhilit maneh bakal pensiun.
Para calon penggantine Pak Lurah wonge pinter-pinter, nanging nalika dites neng sumur pengadil, ora ana sing lulus. Ana sing bubar raup nganggo banyu sumur banjur gatel-gatel, ana kang ngombe langsung muntah getih, uga malah ana kang bubar mijiki tangane banjur kaku kabeh lan drijine ora bisa megar kaya biyasane. Nanging kok ya isih akeh wong kang gelem nanggung resiko, ya merga ora percaya kuwi mau. Ana saperangan kang malah nantang pengin njajal kasektenane sumur kuwi. Kayata kang dumadi ing wayah wengi iku, Duraka kang tau kewirangan amarga ora disarujuki dadi calon lurah rumangsa kuciwa banget lan nyalahake sumur pengadil kuwi. "He, sumur, sumur, wujudmu rak mung kaya ngono, ning ngapa warga kok malah percaya marang kowe, ora percaya marang aku. Ngerti, ora, aku iki isih keturunan ningrat, mbahku biyen ya tau dadi lurah ing desa kene, ning merga kowe sing mung kaya ngono, aku kokjegal ora bisa nerusake lelabuhane simbahku," ujare Duraka kang durung suwe bali ing desa jalaran dadi buronan kasus perampokan. "Ben, ben, saiki, kowe arep ngapa, aku ora wedi, wingi kowe nggawe raiku dadi gosong kaya ngene iki, saiki takwales kowe!" pambengoke Duraka.
Duraka ngetokake bungkusan putih saka clanane, bungkusan kuwi banjur dibukak, isine disuntak ing njero sumur. "Ha...ha...ha...bakal cilaka kabeh wong sing ngombe banyumu, sumur! Warga kene ben dha mati sisan ora sing ala, ora
[ 98 ]
sing apik, padha wae, ora bakal percaya maneh marang kowe, sumur!" pambengoke Duraka.
Hurug...hurug...hurug...lemah ing sekitar sumur kuwi sakala obah. Warga padha tangi jalaran krasa yen ana lindhu. Saka arah kulon, ya saka papane sumur pengadil, para warga ndelok ana kedadeyan aneh, banyu sumur bisa mumbul. Para warga kaget merga ing ndhuwure banyu kang mumbul kuwi ana wujude manungsa kang bengok-bengok njaluk pitulungan. Para warga nyedhaki swara wong kang njaluk tulung kuwi mau. Nanging durung nganti tekan sumur pengadil, swara mau wis ora keprungu. Jebul Duraka wis dadi mayit, sing nggegirisi, awake kebak tatu lan ngetokake nanah kang mbanjiri lemah sekitar sumur. Nanah kang akeh, pating dlewer kuwi ambune ora enak, nganti akah warga sing muntah-muntah, lan ana sing semaput amarga ora betah nyawang. Bubar kedadeyan kuwi akeh wabah penyakit lan Pak Lurah mrentahake para warga pindhah saka Desa Kembangsari.
Wus meh seabad kepungkur, Desa Kembangsari ora disebut-sebut maneh. Penduduk kutha sing akeh banget nyebabake kebutuhan omah sangsaya ndadi. Pembangunan saka kutha wis wiwit ngrambah ing desa.
Ing sawijining wengi, wong loro kang duwe niyat ala arep maling ing omahe Pak Feri. Dumadakan salah sijine kebelet ing mburi, banjur wisuh ing sumur omah kuwi. Ora let suwe sikil lan tangane abuh lan kaku, ora bisa mlaku, lan konangan sing duwe omah. Jebul wis meh seabad, sumur kuwi isih duwe daya kekuatan. Sapa meneh kang bakal nemu cilaka kaya kuwi mau? -@
[ 99 ]Mula Bukane ana Tembang Gambuh
Rachmat Djoko Pradopo
Dhek jaman biyen, yaiku jaman sugenge Sultan Agung Hanyakrakusuma, Kraton Mataram iku mapan ing kutha Plered. Kutha Plered iku dumunung ing sacedhake Kali Opak. Jeneng Kali Opak iku saka tembung Sansekerta, yaiku Aupaga, kang tegese 'Kali kang mili ing sacedhake kraton', ya Kraton Mataram sing mapan ing Plered iku. Sabanjure, tembung Aupaga kasebut dadi Aupag, banjur owah dadi Opag, lan saiki dadi Opak.
Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma kang ngasta pusaraning adil ing Mataram iku kawentar minangka ratu kang agung binathara, adil paramarta, tresna lan asih marang kawulane. Panjenengane uga kawentar ora tau mbedak-mbedakake asihe marang kawulane kanthi dhasar pangkat utawa drajat. Cekake, kabeh kawulane digatekake! Para kawulane kabeh diparingi pagaweyan, sandhang lan pangan, malah uga diparingi papan uatawa omah. Mulane, para kawula ing Mataram ora ana sing nganggur. Kabeh padha sengkud nyambut gawe, werna-werna gaweyane, saperangan ana sing dadi nayaka praja, nenukang, bebakulan ing pasar, lan liya-liyane, nanging ake3h-akehe padha dadi tani. Kabeh padha urip kecukupan, duwe sawah utawa tegalan, duwe omah, malah akeh uga kang duwe jaran kanggo tumpakan. Maklum, jaman semana durung ana pit, montor, mobil, apa maneh montor mabur. Kanjeng Sultan Agung yen tindakan nitih kreta kencana.
kepenak, tata tentreme negara, sumrambahe marang para kawula kabeh. Para bupati padha suyud, malah para ratu cilik ing tanah Jawa padha bekti marang Panjenengane. Sultan Agung ing Mataram pancen kasusra kadigdayane, malah Panjenengane tau nundhung kompeni Walanda kang duwe markas ing Betawi, utawa Jayakarta, ya Jakarta.
Kanjeng Sultan Agung ing Mataram ora mung digdaya bae, uga ora mung bisa nelukake bangsa manungsa, nanging uga bisa ngalahake lelembut, ora karana perang, nanging saka apike penggalihe. Lelembut bae padha diasihi, ora diganggu gawe, malah diparingi papan panggonan. Papan panggonane para lelembut iku ing wit-wit gedhe. Mulane, Kanjeng Sultan Agung ora marengake para kawulane negori wit-wit gedhe, umume kang ana ing alas. Miturut pamawase Sultan Agung, wit-witan iku ora mung bisa dadi papane para lelembut, luwih-liwih wit-witan kang gedhe-gedhe, nanging uga rerontogan gegodhongan bakal dadi rabuk kang nyuburake lemah kanggo tetanen. Semono uga, wit-witan lan alas iku bisa nahan banyu udan saengga yen udan deres ora marakake banjir. Dadi, soksapaa kang arep negor wit-witan ing tlatah Kraton Mataram kudu nganggo aturan, ora kena sakarep-karepe dhewe.
Kanjeng Sultan Agung iku kagungan kadigdayan mirunggan, yaiku bisa rariksani lan ngendikan karo para lelembut, kayata dhemit, gendruwo, banaspati, wewe, peri, thethekan, lan sapanunggalane. Malah jarene wong Jawa, Kanjeng Sultan Agung ing Mataram iku kagungan garwa, Ratu Lelembut kang nguwasani Samodra Kidul, kang katelah Nyai Ratu Kidul. We lha, Kanjeng Ratu Kidul iku kondhang ayu banget, ngungkuli ayune para widadari ing kayangan, lan kadigdayane uga ngedab-edab! Mula, saben taun Kraton Mataram mesthi caos sesaji marang Kanjeng Ratu Kidul sabalane, para lelembut. Nganti saprene, tradhisi iku isih lestari, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kang dadi bacutane Kraton Mataram ing Plered, pendhak taun uga mesthi caos sesaji kang dilarung ing Samodra Kidul. Kanthi mengkono, Kraton Mataram lan Kraton Ngayog-yakarta Hadiningrat diajab tetepa slamet, rahayu tumeka wewengkon-wewengkon kukubane. Mengkono iku kapercayane para kawula Mataram lan kawula Ngayogyakarta Hadiningrat kang isih sempulur tumeka saiki. Kapercayan mono pancen ora bisa dipaido, utawa diduwa kanthi ukuran nalar utawa logika lumrah.
Alun-alun Kraton Plered iku jembar, lan ing satengahe alun-alun ditanduri wit ringin kembar, ing kiwa lan tengene dalan. Wit ringin sakembaran iku gedhe banget, pang-pange tumiyung mubeng, kayadene ragangane payung, Dene godong-godhonge tansah ijo ngrembuyung saengga bisa kanggo ngeyub sapa bae yen ngaso, utawa yen kepanasen.
Wit ringin gedhe sakembaran ing alun-alun Plered mau uga kanggo omah gendruwo. Jarene wong Jawa, bojone gendruwo iku wewe. Ananging, lelembut [ 101 ]kang mapan ing wit ringin sakembaran iku ora padha ngganggu gawe marang kawula Mataram amarga saka becik lan asihe Kanjeng Sultan Agung.
Yen wanci surup, utawa wektu sore, nalika srengenge angslup, para lelembut biyasane padha metu, embuh amarga arep nyambut gawe utawa tumandang apa bae. Dene yen awan padha turu, ora tangi yen ora ana parigawe, upamane diganggu manungsa kang jail. Dadi, walikan karo adat saben dinane manungsa. Manungsa yen awan nyambut gawe, lan yen bengi turu. Dene kosok walike, lelembut yen awan turu, yen bengi nyambut gawe. Amarga saka iku mau, wong-wong sing jirih mesthi wedi yen metu bengi amarga wedi marang lelembut, gendruwo, lan sabangsane.
Yen wektu surup, gendruwo ing wit ringin kembar alun-alun Plered iku uga padha tangi. Sing Wadon menyang Kali Opak kang papane ora adoh saka Kraton lan alun-alun Plered. Embuh perlune apa wewe menyang kali iku. Mbokmenawa wae padha reresik awak, utawa umbah-umbah. Mesthi wae ing alun-alun Plered rak ora ana sumur kanggo keperluan kasebut saengga para lelembut kudu menyang kali! Malah wong-wong Plered yen umbah-umbah uga ing Kali Opak, kang wektu semono banyune pancen isih bening kinclong, luwih-luwih yen nedhenge ora banjir, banyune bening nylaring. Mulane, wong-wong ing Plered yen padha adus ing Kali Opak iku, ora susah nimba lan bisa adus sapole, nglangi, ciblon, lan sapanunggalane.
Ing wektu surup iku uga, Kanjeng Sultan Agung nuju kondur saka tindak-tindak, kaya padatane, ninjo kahanane para kawula ing tlatah Kraton Plered, mbokmenawa ana bab-bab kang perlu diwigatekake. Padatane, kanthi cara mengkono iku yen ana bot-repoting kawula, Panjenengane mesthi banjur enggal bisa paring pitulungan.
Wektu sore iku, Kanjeng Sultan Agung kondur menyang kraton liwat alun-alun lor, ngliwati dalan ing satengahe wit ringin gedhe sakembaran. Dhek semana, ing alun-alun durung ana lampune listrik kaya saiki. Mulane, yen surup, apa meneh bengi, alun-alun iku peteng, apa maneh yen wamcine ora ana rembulan, kaya ing wanci surup mau. Ringin kurung sakembaran ing tengahing alun-alun Plered katon ireng nggameng, njenggereng medeni! Saka kadohan Kamjeng Sultan mireng kaya ana wong ura-ura. Ananging, sing ura-ura iku mau sajatine gendruwo kang mapan ing wit ringin gedhe ing tengahing alun-alun iku.
Kanjeng Sultan ngendika, "He para abdi dalem, kae ana gendruwo ura-ura." Nanging, para abdi dalem sing nderekake Kanjeng Sultan rumangsa ora ana sing krungu, lan ora weruh yen ana gendruwo kaya sing dingendikakake Kanjeng Sultan.
"Kula sedaya mboten mireng, Kanjeng." [ 102 ]"Mara padha nyedhaka mrene, dakusape githokmu mengko mesthi padha bisa weruh!"
Para abdi dalem banjur padha nyedhak. Kanjeng Sultan ngusap githoke para abdi dalem iku, mbaka siji. Byar, kabeh banjur bisa weruh wujude gendruwo kang gedhe dhuwur, rupane medeni, wulune dhiwud-dhiwud. Mulane, para abdi dalem banjur padha wedi, ndherodhog kamithotholen.
Kanjeng Sultan ngendika, "E, aja padha wedi, ora apa-apa. Gendruwo iku ya mahluk kang becik angger ora dimunasika, utawa diganggu gawe. Coba padha tontonen, gendruwo iku mengko daktimbalane lan dakdangune lagi nembang apa iku mau."
Bareng para abdi dalem wis padha cedhak wit ringin, Kanjeng Sultan lan para abdi dalem krungu luwih cetha ura-urane gendruwo, mengkene.
"Lela ledhak, lela ledhung
Wis menenga anakku Si Kuncung
Kuncung Balung mbokmu lunga menyang kali
Ngumbah popok nyangking beruk
Cep menenga ana uwong!"
Kanjeng Sultan banjur ndangu,
"Tembang apa iku Gendruwo?"
Gendruwo mangsuli, nanging gendruwo mangsuli kanthi basa ngoko, lha wong ora tau sekolah, lan ora tau diwulang unggah-ungguh. Wangsulane srogol, mengkene.
"Ya embuh ya, wong aku mung ngeneng-enengi anakku sing dakgendhong iki. Dheweke kepengin melu embokne menyang kali, ngumbahi. Aku sing momong neng omah."
Kanjeng Sultan gumun, dene ing atase gendruwo wae kok bisa urip tembayatan kanthi apik, "kerja sama" utawa gotong-royong, nyambut gawe bebarengan, gentenan lanang-wadon.
Kanjeng Sultan ngendika, "Wah, tembangmu mau apik banget, Gendruwo! Kowe aja sok ngganggu para abdi dalem lan kawulaku, ya?"
"Aku ora bakal ngganggu gawe manungsa angger ora padha nakal, kayata nguyuhi omahku!"
"Ya, bener, mengko para abdi dalem lan kawulaku kabeh dakdhawuhake ora kena nguyuhi omahmu!" Pancen iya bener, wong-wong sok sene utawa nguyuh ing sangisore wit gedhe, luwih-luwih bocah-bocah nakal. Mulane, sabubare iku sok banjur lara werna-werna, sing jarene amarga mentas nguyuhi omahe dhemit, [ 103 ]gendruwo, wewe, lan sapanunggalane. Lha, padha kena walate!
Kajeng Sulotan Agung banjur pamitan, nanging sadurunge pamitan, Panjenengane ngendika, mangkena.
"Gendruwo, alun-alun lan kraton jaganen, yen ana wong nakal lan yen ana mungsuh. Kowe sakbrayat mengko dakparingi sandhang, pangan, lan papan kang kepenak. Aku dak kondur!"
"Ya, aku mesthi njaga alun-alun lan kraton. Aja sumelang!"
Kanjeng Sultan lan para abdi dalem banjur mbacutake kondur menyang kraton. Sauwise para abdi dalem kondur, Kanjeng Sultan Agung nggagas, kok apik temen tembange gendruwo mau. Capet-capet Kanjeng Sultan isih kemutan tembange gendruwo mau, banjur nembangake, "Lela ledhak, Lela ledhung....(sapiturute)".
"Wah, kok apik ya, tembange gendruwo ika?" pangandikane Kanjeng Sultan, "Coba daktembangke nganggo jenenge kekembangan!!"
Tembang kang ditembangake gendruwo iku ana limang larik, lan dhong-dhinge mangkene.
- Larik sepisan 8 wanda, guru lagune...u
- Larik kapindho 10 wanda, guru lagune..u
- Larik katelu 12 wanda, guru lagune.. i
- Larik kapapat 8 wanda, guru lagune..u
- Larik kalima 8 wanda, guru lagune.o
Dene notasine mengkene.
/1 5 1 5/1 2 1. 3/..../
Ji ma ji ma/ji ro ji lu/. . . ./
/1 5 1 6/1 5 5 1/3 2 . ./
/Ji ma ji nem ji ma ma ji/ lu ro . ./
/5 2 5 6/ 5 5 5 5/2 5 6 1/
Ma ro ma nem/ ma ma ma ma /ro ma nem ji /
/5 5 5 5/6 5 6 1/..../
Ma ma ma ma nem ma nem ji/. . . . /
/1 5 1 6 3 2 3 1./..../
Ji ma ji nem lu ro lu ji. . . ./
"Kembang gedang iku tuntut
Gleges iku kembangipun jagung
Uwit turi iku kembange ya turi
Drenges iku kembang suruh
Uceng iku kembang mlinjo"
"Coba, saiki daktembangake nganggo tetembungan saka jenenge isi woh-wohan," ngendikane Kanjeng Sultan Agung, lan banjur nyekarake maneh kanthi rakitan tetembungan saka isi woh-wohan iku, unine mengkene.
"Isi asem iku klungsu
Isi nangka beton naminipun
Isi sawo pancen duwe jeneng kecik
Duren pongge isinipun
Isi salak iku kenthos"
Sawise nyinau lan nglanyahake tatanane tembange gendruwo mau kanthi rerakitan tetembungan maneka warna, Kanjeng Sultan Agung nuli menggalih, apa becike jenenge tembang mau.
"Apa ya becike jenenge tembang iki? Mau, dhek dakdangu jenenge tembange, Gendruwo mangsuli, Ya mbuh...! Lha, nek ngono, becike, tembang iki dakjenengi tembang 'Ham--buh'. Ah, iki bae: Tembang Gambuh!!!" Kanjeng Sultan Agung gumujeng lega, awit rena banget penggalihe bisa maringi tetemger utawa jeneng marang tembange gendruwo kang narik kawigatosane mau. Mengkono iku mula bukane ana tembang Gambuh kang dirakit dening Sultan Agung Hanyakrakusuma saka Mataram. Panjenengane pancen Ratu kang remen nguri-uri kabudayan, mesthi wae kabudayan Jawa, kaya ta gamelan, joged, tembang, kasusastran, lan liya-liyane. Nganti saprene, para ratu ing Tanah Jawa, mligine ing tlatah Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat, isih padha remen nguri-uri kabudayan Jawa. Umpamane, Sultan Hamengkubwono IX ing Ngayogykarta, ngripta tari lan tembang Jawa. Lha, mengkono uga putrane, Sultan Hamengkubuwono X kang saiki mandhegani Kraton Ngayogyakata Hadiningrat, uga nguri-uri lan ngrembakakake kabudayan Jawa kanthi ngripta tari Jawa.
Sabanjure, Kanjeng Sultan Agung banjur mulangake tembang Gambuh iku mau marang para abdi dalem. Suwe-suwe, tembang Gambuh mau banjur sumebar warata ing tlatah Bumi Mataram, amarga tembang mau gampang disinau, cacahe larik ora akeh, wiramane prasaja, lan isine ora abot. Mula, nganti seprene, tembang Gambuh tetep dilestarekake minangka salah siwijining jinis tembang Macapat.-@ [ 105 ]Dumadosipun Dwaja Kanjeng Kyai Tunggulwulung saha Kagungan Dalem Pasareyan Pajimatan
Gunawan Sigit Putranto, SH
Sacariyos ing Negari Mataram, ing Kreta, ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Panjenengan Dalem Nata kacariyos ing saben dinten Jumuwah anggenipun nindakaken salat Jumuwahan temtu tindak ing Mekah.
Nuju satunggaling dinten Jumuwah, sapurnaning Jumuwahan Sultan Agung lajeng manggihi Imam Sufingi, pangagenging Mekah. "Imam Sufingi, yèn pareng ing penggalih sampéyan, kula badhé yasa Astana wonten ing Mekah ngriki, saperlu kanggé kula piyambak. Yèn kepareng kula nyuwun nunggil papan kaliyan para Nabi, wonten sakilènipun Mesjid", pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.
Gurawalan Imam Sufingi caos atur, "Ooo....Sultan, punika mboten kepareng, menawi panjenengan badhé sumaré wonten ing ngriki. Awit panjenengan punika bangsa blasteraning manungsa, jim lan bangsa déwa, ing mangka ingkang sumaré ing ngriki sedaya bangsa manungsa ingkang suci. Mesakaken sedaya ingkang sumaré, temtu ngraosaken prabawa bentèr."
Mireng wangsulanipun Imam Sufingi ingkang kados mekaten wau, sakalangkung duka Ingkang Sinuwun, lajeng ngendika kanthi sereng, "Oo, makaten ta paugeranipun menawi badhé sumaré ing ngriki? Yèn kula kaanggep bangsaning [ 106 ]blasteran nggih sampun, kula nyuwun pamit badhé wangsul ing Mataram, tinimbang saya dangu kula kaanggep ngregeti Mekah ngriki !" Mboten nengga wangsulan saking Imam Sufingi, Kangjeng Sultan nuli jumeneng lajeng kondur ing Mataram.
Kacariyos kondur Dalem Kangjeng Sultan Agung mboten tumuju ing Kraton Mataram nanging kondur ing Kraton Kidul. Ing ngriku kapapag Kangjeng Ratu Kidul lajeng énggal-énggal manjing salebeting Kedhaton.
Sasampunipun lenggah satata sarta sawetawis imbal pangandikan, Kangjeng Sultan Agung medhar sabda lelampahan ingkang nembé kadadosan, inggih punika babagan Kersa Dalem badhé yasa Astana wonten ing Mekah ananging dipun duwa kersanipun déning Imam Sufingi sakanca, awit Kangjeng Sultan dipun anggep titah bangsaning blasteran manungsa, jim lan déwa. Tanggap ing sasmita liriking nétra Dalem Kangjeng Sultan Agung,
Kangjeng Ratu Kidul énggal matur, "Menawi kados mekaten punika naminipun Imam Sufingi sakanca kumawani ngepak jaja nyampar talingan Panjenengan Dalem Kangjeng Sultan. Prayogi Mekah lajeng kateluh kemawon, supados risak lebur papan tanpa dadi.”
Sangsaya mungkat dukanipun Kangjeng Sultan Agung, katitik waja kerot, kumedut padoning lathi, netra kocak ngondar-andir.
"Prakara kuwi Ingsun sekarep apa kang dadi kersamu Kangjeng Ratu. Mangsa bodhoa sliramu. Arep sira jur nganti dadi pangamun-amun ya sakarep sira." Sereng sabda Dalem anawung duka.
Sasampunipun matur "Sendika Kangjeng Sultan," Kangjeng Ratu Kidul lajeng nyuwun pamit medal ing Pagelaran, badhé dhawuh dhateng para prajurit Kraton Kidul.
Gegancangan Kangjeng Ratu Kidul nimbali Pepatih Kraton Kidul inggih Nyai Roro Kidul saha Nyai Kidul. Sasampunipun Patih kekalih marak, lajeng kadhawuhan mandhégani bidhaling wadyabala Kraton Kidul, jim, sétan, peri perayangan, ili-ilu, banaspati, wéwé, thèthèkan, sedaya kerig lampit tumuju Mekah badhé damel teluh lan pageblug.
Saèstu kelampahan, sasampunipun dumugi ing kitha Mekah, para wadya bala Kraton Kidul lajeng damel ontran-ontran nyebar teluh. Ing satemah Mekah kataman pageblug. Tiyang énjing sakit sonten pejah, sonten sakit énjing pejah. Sangsaya dangu saya kathah ingkang pejah. Ingkang kalis saking teluh lan pageblug namung ingkang wonten salebeting mesjid.
Nuju satunggaling dinten Jumuwah, Kangjeng Sunan Kalijaga tindak Mekah saperlu nindakaken salat Jumuwahan. Sasampunipun salat, Sunan Kalijaga lan para pengageng sami lelenggahan ing èmpèr, sinambi imbal pangandikan. Ingkang dipun rembag mboten sanès kejawi bab risaking kitha Mekah awit kataman pageblug. [ 107 ]"Dhuh Kangjeng Sunan, kula sakanca rumaos lepat awit mbadal dhawuhipun ingkang wayah Kangjeng Sultan Agung ing Mataram, saéngga kitha Mekah kataman bebendu pageblug. Ingkang punika kula sakanca nyuwun tulung, mbok inggiha kula dipun suwunaken pangapunten ing wayah Paduka, déné ingkang dados sarana panebusing kalepatan kula, Kangjeng Sultan kula caosi pusaka agemdalem swargi Kangjeng Nabi ingkang awujud serban sutra wulung. Punika énggal kaparingna ing wayah Paduka." aturipun Imam Sufingi.
Kangjeng Sunan Kalijaga paring pangandikan, "Kula namung sadermi sampeyan kèngkèn, nanging bab pangapuntenipun wayah kula, kula mboten saged tanggel."
"Mangsa borong Kangjeng Sunan bab mulya lan risakipun Mekah" aturipun Imam Sufingi.
Kangjeng Sunan Kalijaga énggal-énggal kondur ing Tanah Jawi, tumuju ing Kraton Mataram.
Nuju ing dinten Kemis, Kangjeng Sultan Agung lenggah siniwaka ing Bangsal Kencana, ing ngadhep Panembahan Purubaya, Kyai Pengulu Katégan, lan Patih Singoranu. Nembé éca imbal pangandikan, kasaru rawuhipun Kangjeng Sunan Kalijaga, sedaya lajeng bagé-binagé.
Sasampunipun lenggah, Kangjeng Sunan Kalijaga lajeng ngendika "Jebèng Sultan, aku dak kandha marang sliramu. Aku teka ing Mataram awit disraya déning Imam Sufingi ing Mekah, saperlu njalukaké pangapura marang sliramu, déné dhèwèké wus ngrumangsani kang dadi luputé. Lan iki sliramu dicaosi pusaka, rupa serban, yaiku agemdalem swargi Kangjeng Nabi Muhammad. Iki wujudé, mara énggal tampanana."
"Inggih Eyang Sunan" pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.
Kangjeng Sunan Kalijaga lajeng ngendika malih, "Jebèng, serban iki kang bakal dadi pusakaning Kraton ing Tanah Jawa, lan ing tembè yèn wus tekan canggahmu, serban iki bakal dadi tetungguling dwaja ing Tanah Jawa. Mula padha seksènana, iki serban pusaka, dak paringi asma Tunggulwulung. Tunggul ateges pepundhèn, sarèhning iki pusakadalem Kangjeng Nabi. Wulung, mula pancen rupané wulung. Lan iki ana sastrané Arab, mratandhani sing sapa darbé Tunggulwulung iki, yaiku wus dadi karsaning Allah dadi ratu Islam. Yen mangkono ayo saiki padha menyang Mekah, Jebèng."
Kangjeng Sultan Agung nyendikani "Inggih sumangga Kangjeng Eyang." Priyagung kekalih sesarengan tindak tumuju Mekah.
Sareng Kangjeng Sunan Kalijaga saha Kangjeng Sultan Agung sampun dumugi ing kitha Mekah, Imam Sufingi sakanca gurawalan mapagaken rawuhipun priyagung kekalih, sarta matur nyuwun pangapunten awit kalepatanipun nduwa [ 108 ]kersa Dalem Kangjeng Sultan Agung lan nyuwun tulaksarik kajabel, sageda sirna pageblug saking kitha Mekah. Mireng panyuwunipun Imam Sufingi sakanca punika wau, Kangjeng Sultan Agung namung ngendika sawanda "Gampil" lajeng jumeneng, miyos saking mesjid sarta ngampil Kangjeng Kyai Tunggulwulung.
Kangjeng Sultan Agung lajeng nimbali tetindhihing para teluh, Nyai Rara Kidul ingkang marak sarwi matur "Abdidalem kula ingkang marang Sinuwun. Wonten kepareng Dalem paring dhawuh."
Kangjeng Sultan Agung lajeng paring dhawuh, "Mangertiya, wong Mekah wis mertobat marang Ingsun, malah kepara Ingsun dicaosi pusaka serban agemdalem Kangjeng Nabi Muhammad. Saiki serban diparingi asma dening Eyang Sunan Kalijaga, yaiku Kangjeng Kyai Tunggulwulung. Pusaka Kangjeng Kyai Tunggulwulung iki Ingsun gawé tengara, samangsané kowé sawadyabalamu nindakaké dhawuhé Yayi Ratu Kidul, ndikakaké golèk banten, yen Tunggulwulung iki wus Ingsun wiyosaké, kowé sawadyabalamu kudu énggal bali menyang Kraton Kidul. Wis saiki énggal bali, gawanen kabèh balamu!"
"Sendika, Kangjeng Sultan", caos aturipun Nyai Rara Kidul.
Sasirnaning pageblug wau, Mekah manggih tata, titi tentrem, karta raharja. Imam Sufingi lajeng naturaken panuwun wonten ngarsanipun Kangjeng Sultan Agung.
"Matur sembah nuwun Kangjeng Sultan. Lan ing samangké menawi Kangjeng Sultan ngersakaken badhé yasa Astana lajeng kula aturi milih badhé yasa genthan piyambak, menapa nunggil oara Nabi, menapa celak para Nabi, kasumanggakaken sakarsa Sampéyan Dalem Kangjeng Sultan."
Kangjeng Sultan Agung paring dhawuh, "Gampil, mbenjing samangsanipun, kula nyuwun nunggil para Nabi."
Sareng midanget pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung, Sunan Kalijaga lajeng paring dhawuh :
"Jebèng Sultan, yèn sliramu ngersakaké sumaré ing Mekah, trus sapa kang bakal dadi pepundhèné wong Jawa. Sabab ing Tanah Jawa ora ana loro kejaba sliramu. Yèn mung kepingin ngagem lemah Mekah, kuwi bab gampang, Jebèng. Aku dak njupuk lemah saka pasaréyané para Nabi, mengko dak sawatné, mula banjur tututana. Mesthi tiba ing Tanah Jawa."
Sunan Kalijaga énggal mundhut siti pasaréyané para Nabi, lajeng kabuntel ing kacu sarta kabuncang tumuju ing Tanah Jawi. Kangjeng Sultan Agung gegancangan tutwuri kumléyangipun ponang balang.
Kacariyos ing Kasultanan Cirebon, Kangjeng Sultan Cirebon pinuju lenggah semadi, priksa cloroting balang. Prastawa paningalipun Sultan Cirebon bilih ponang balang punika isi siti suci. Gegancangan Sultan Cirebon jengkar praja, nilaraken [ 109 ]Kasultanan Cirebon saperlu nututi cloroting balang siti suci.
Balang siti suci dhawah ing gumuk Girilaya, ing ngriku Kangjeng Sultan Cirebon lajeng lenggah nenggani ponang balang siti suci. Mboten antara dangu kasaru rawuhipun Kangjeng Sultan Agung.
"Sampun dangu. Paman? Kagungan karsa menapa paman lenggah ing Girilaya ngriki?", pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.
"Kula mbenjing badhé ndhèrèk kapetak ing ngriki, jer punika siti suci." Pangandikanipun Sultan Cirebon.
"Menawi paman mila sampun mantep saèstu badhé sumaré ing ngriki, kenging menapa mbenjing, mbok inggih sapunika kémawon!" sereng pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung anawung duka jalaran karsa Dalem jugar.
"Inggih sendika." Sabdanipun Sultan Cirebon. Noyah-nayuh baskara titi mangsa sampun dados keparengipun Gusti, séda sanalika Kangjeng Sultan Cirebon, ugi lajeng kasarèkaken ing gumuk Girilaya.
Kanthi penggalih ingkang cuwa lan anawung duka, Kangjeng Sultan Agung lajeng tindak tumuju Kraton Kidul. Nembé dumugi ing Parangtritis tindakipun kapapag Kangjeng Sunan Kalijaga.
Kangjeng Sultan Agung lajeng ngendika dhumateng Kangjeng Sunan Kalijaga, bab ingkang nembé kalampahan.
"Balang siti suci ingkang dipun sawataken Sunan Kalijaga tumuju Tanan Jawi, dhawah ing gumuk Girilaya nanging balang punika sampun dipun tenggani Sultan Cirebon. Lajeng paman Sultan Cirebon kula anteb, ngersakaken sumaré ing Girilaya. Tinimbang mbenjang nengga menapa, kula suwun séda sapunika kémawon. Sasampunipun séda lajeng kula petak ing Girilaya ugi." pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.
"Wus prastawa dhawuhé kang Maha Kuwasa, Jebèng. Sira ora kena sumaré ing siti suci Mekah." pangandikanipun Kangjeng Sunan Kalijaga.
"Yèn mengkono, balang iki tututana, mesthi tiba ing lemah suci ing Tanah Jawa." sabdanipun Sunan Kalijaga. Kangjeng Sunan Kalijaga lajeng nyawataken ponang balang kang awujud krikil ing gisik, Kangjeng Sultan Agung nututi cloroting balang.
Balang dhumawah ing pucaking gumuk Merak, satunggaling gumuk ingkang tansah kasasaban pedhut.
"Éyang Sunan, gumuk Merak ingkang tansah kasasaban pedhut menika kula paring tetenger Imogiri. Imo ateges pedhut, giri ateges gunung. Ugi sinebat Pajimatan, awit punika dados papan sumarénipun para luhur. Ananging ing ngriki sakalangkung awis toya, lajeng kados pundi ingkang ndhèrèkaken layon kula Éyang, temtu sami kasatan." pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung. [ 110 ]"Kuwi gampang" pangandikanipun Sunan Kalijaga. Nuli tindak mangetan, lan ing ngriku Sunan Kalijaga nancepaken cis ing ponang séla. Séla pecah lan mili toya wening. Cis lajeng kagèrèt mangilèn nuju gumuk Pajimatan. Ilining toya wening nurut purugipun cis.
"Saiki wus ana banyune Jebèng, mula payo andum basuki, sira baliya ana ing Mataram" pangandikanipun Kangjeng Sunan Kalijaga.
"Sendika Éyang" Kangjeng Sultan Agung nyendikani.
Sasampunipun dumugi ing Kraton Mataram, Kangjeng Sultan Agung nimbali sedaya punggawaning Kraton Mataram. Sasampunipun sedaya pepak andhèr, Kangjeng Sultan Agung lajeng medhar sabda. "Siwa Purbaya, kakang Pengulu Katégan lan kowé Singoranu. Mula Ingsun rada suwé ora mapan ing Kedhaton, Ingsun mentas saka ing Mekah saperlu nyirep anané pageblug srana pusaka Dwaja Tunggulwulung. Mula yèn ing tembé kadadéyan pageblug, Tunggulwulung banjur di miyosaké, pageblug mesthi ilang sakala. Lan Ingsun nedya yasa Astana ing gumuk Merak kang Ingsun paring tetenger Pajimatan. Mula saka karsaningsun, andhawuhaké marang Bupati Jepara, Tumenggung Citrasoma supaya yasa Astana, laras karo dhawuh Ingsun."
"Sendika" wangsulanipun Tumenggung Citrasoma, énggal bidhal tumuju gumuk Merak, nindakaken dhawuh Dalem Kangjeng Sultan Agung yasa Astana.
Purna Sabda Dalem Kangjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Mataram, nglenggahi sabda pandhita ratu, kinurmatan Ladrang Golong.
Purnaning pisowanan, Kangjeng Sultan Agung kondur Kedhaton, para ingkang sami sowan bubaran sowang-sowang.-@ [ 111 ]Dhanyang Gunung Tugel
Tulus Widodo
Diarani Gunung Tugel awit miturut critane gunung mau ditugel utawa dikethok kanggo gawe dalan murih gampang kanggo liwat dening wong-wong kang manggon ing sakiwa tengene gunung mau, kang pancen gununge ya ora patia gedhe lan dhuwur, mula luwih gampang anggone nugel.
Desa-desa ing sakiwa tengene kono dadi desa sing makmur lan kena diarani gemah ripah loh jinawi, apa wae kang ditandur bisa thukul kanthi subur lan bisa dipethik woh-wohane dening warga ing kono. Gunung Tugel yen disawang saka kadohan ketok ijo royo-royo, akeh wit-witan kang gedhe sing kayune bisa kanggo bahan bangunan lan liya-liyane, uga akeh wit-witan kang bisa dipethik woh-wohane. Ing cedhake kono ana kali cilik sing banyune bening lan ora tau asat kanggo keperluan ngoncori sawah-sawahe wong ing karang padesan. Gunung Tugel lan sakiwa tengene sing katon ijo royo-royo mau hawane seger lan sesawangane endah banget, mula ora mokal yen ing laladan kono padha kanggo jujugan wong-wong saka manca desa sakperlu kanggo ngenggar-enggar pikiran utawa seneng-seneng lan kena diarani papan kono kanggo papan wisata. Warga Desa Wanareja bareng ngerti akehe wong-wong sing saben dina padha nekani utawa wisata luwih-luwih yen dina minggu utawa dina prei, banjur padha nggelar dagangan maneka warna kanggo ngladeni para wisata mau, malah kala-kala para wisata disuguhi tontonan dening warga kono, kayata jathilan, angguk, lan liya-liyane, dhasare wong-wong ing desa kono padha seneng ngudi marang seni lan kabudayan. Kanthi akehe wong kang padha wisata, desa kono bisa dadi papan sing kanggo golek pangupa jiwa, kejaba tetanen sing wis wiwit biyen dilakoni. Wong ing desa kono padha seneng uripe awit mapan ing desa kang makmur, mung emane para wargane akeh-akehe [ 112 ]isih padha bodho-bodho awit ing desa kono durung ana sekolahan, semono uga marang kawruh bab agama uga isih durung padha ngerti tenan, mula isih padha ketarik bab-bab tahayul utawa gugon tuhon.
Salah sawijine warga ing desa Wanareja ing ereng-erenge Gunung Tugel mau arane Pak Dira, dheweke klebu wong sing paling sugih ing desa kono, pakaryane dagang kayu, negori kayu ing Gunung Tugel banjur diedol menyang kutha, bathine akeh banget mulane Pak Dira enggal dadi wong sugih, andhahane kang ngrewangi nyambut gawe uga akeh.
Gandheng wit-witan ing Gunung Tugel mau saben dina ditegori dening Pak Dira lan para andhahane, wit-witane saya suwe saya suda suwe-suwe gununge dadi gundhul,. Bab mau ora dipikir dening Pak Dira yen mengkone kepriye kedadeyane menawa Gunung Tugel kayune sing gedhe-gedhe dadi entek lan gununge dadi gundhul.
Pak Dira sing dipikir mung bathine wae ora mikir rugine ing samengkone, sing baku waton oleh dhuwit anggone dodolan kayu.
Ing sawijine dina wancine mangsa rendheng ana udan gedhe, saking bantere banyu udan mula dadi banjir lan ana lemah kang padha jugrug; wong-wong padha wedi kanthi anane kedadeyan mau.
Gandheng sing dianggep wong pinter lan mumpuni ing desa kono Pak Dira, mula wong-wong padha takon marang Pak Dira ngenani bab udan sing marakake banjir lan lemah longsor.
Salah sawijine, wong-wong sing takon marang Pak Dira jenenge Slamet, nom-noman ing desa kono:
"Nuwun sewu Pak Dira, sak menika dhusun ngriki saben-saben jawah kok lajeng bena lan wonten siti ingkang longsor, kang mangka rumiyin rak mboten ta Pak Dira?"
Wangsulane Pak Dira: "Sakjane aku ngerti sebabe, sing salah kuwi ya wong-wong ing desa kene.
"Lepat kepripun ta Pak, kok malah tiyang-tiyang ngriki ingkang dipun lepataken" celathune Slamet.
"Lha wong kene saiki padha lali karo pepundhen utawa leluhur sing mbaureksa desa kene sing mapan ana watu gedhe sak kulon kali, sak ngisore wit randhu alas kae." Wangsulane Pak Dira.
"Menapa wonten pepundhen ingkang wonten sela celak lepen nika ta, Pak Dira?" wangsulane Slamet.
"Lha iya, kae rak Dhanyange Gunung Tugel kene, saiki ora ana sing ngopeni, paling-paling ya mung aku sing sok ngopeni, nggawa kembang menyan mrana, mulane desa kene saiki kerep banjir, lemah padha longsor, awit Dhanyange [ 113 ]Gunung Tugel nesu, ora ana sing ngopeni. Lan kowe ya ngerti dhewe ta Met, barenga aku sregep caos sesajen lan ngopeni Dhanyange Gunung Tugel kae, uripku saya kepenak, rejekiku dadi lancar lan wong-wong padha ngajeni marang aku," celathune Pak Dira.
"Menapa nggih Pak Dira?" celathune Slamet.
"Kowe percaya apa ora karo aku, yen ora percaya ya wis, nanging yen mengko Dhanyange ngamuk aku ora tanggung jawab, desa kene banjir gedhe, lemah padha longsor, sing rugi rak ya warga desa kene ta, mula kowe balia kandha karo tangga-tanggamu, supaya gelem ngopeni pepundhen kae, mengko ya aman ora ana alangan apa-apa," wangsulane Pak Dira.
"Oh enggih Pak kula pitados, mangke kula tak sanjang kaliyan kanca-kanca bab menika," wangsulane Slamet.
"Ya wis kana ndang mulih," wangsulane Pak Dira.
Sakwise cukup anggone rembugan, Slamet banjur mulih, tekan ngomah crita marang bapakne, apa sing dikandhakake dening Pak Dira marang dheweke.
Bapakne Slamet sing jenenge Pak Reja kandha :
"Apa tenan ya Met, merga wong-wong kene ora tau ngopeni watu sing neng kulon kali kae banjur kerep banjir, lemah-lemah padha longsor."
"Nggih ngoten niku ngendikane Pak Dira, awak dhewe menapa mboten percaya Pak kaliyan Pak Dira," wangsulane Slamet.
"Iya aku percaya, wong sak desa kene sing tak anggep paling pinter lan mumpuni ya mung Pak Dira," wangsulane Pak Reja.
"Lha nggih sinten malih yen mboten Pak Dira ingkang dipun pitados?" celathune Slamet.
"Banjur Pak Dira ngendika apa maneh Met, amrih desa kene aman ora banjir lan ora ana lemah longsor?" pitakone Pak Reja.
"Inggih Pak, kula didhawuhi ngabari tanggi-tanggi sak kiwa tengen ngriki supados sami purun ngopeni lan caos sesajen watu ageng ngandhap randhu alas menika, papanipun Dhanyang Gunung Tugel", wangsulane Slamet.
Sabanjure Slamet lan Pak Reja wara-wara marang tangga-teparone supaya padha gelem ngopeni watu gedhe ngisor randhu alas. Nanging tanggapane tangga-tangga werna-werna, ana sing percaya nanging uga ana sing ora percaya. Wong-wong kang padha percaya nuli padha budhal menyang watu ngisor wit randhu alas saperlu ngresiki lan menehi sesajen ana ing watu mau.
Kahanan mau lumaku nganti pirang-pirang wulan, pancen ora ana kedadeyan apa-apa ing desa kono, mula wong-wong banjur padha percaya tenan yen sing marakake banjir lan lemah longsor awit pangamuke Dhanyang Gunung Tugel, [ 114 ]kaya sing dikhandake dening Pak Dira, nyatane bareng saiki diopeni lan disajeni kahanan ing desa kono dadi aman.
Nanging tan kocapa bareng tekan titiwancine mangsa rendheng akeh udan lan angin gedhe ing desa kono kedadeyan banjir bandhang, lemah padha longsor, wit-witan padha rungkat, malah nganti ana wong kang nemahi tiwas marga kembrukan omah. Wong-wong padha sambat ngaruara, awit ana sing wargane tiwas, omahe ambruk, lan uga ora bisa panen saka tanduran kang digadhang-gadhang metu asile.
Ana kedadeyan kaya ngono mau pimpinan pamarintah kabupaten ngerti lan padha mertinjo ing Desa Wanareja sing pancen wargane mbutuhake bantuan merga kahanane pancen mrihatinake banget. Ngerti para pimpinan kabupaten padha rawuh, warga ing desa kono padha nemoni, klebu Pak Dira sing dianggep sesepuh ing desa kono. Salah sawijine pimpinan rombongan saka kabupaten kandha marang warga kono, "Bapak-bapak, ibu-Ibu, tuwin para sedherek ing Dhusun Wanareja ingkang kula tresnani, kula ndherek prihatos awit ing Wanareja ngriki kenging alangan banjir, siti longsor, lan ugi wonten saperangan griya ingkang sami ambruk, langkung-langkung wontenipun tiyang ingkang tilar donya, kula namung saged nyaosi bantuan sekedhik kangge ngentheng-enthengi bot-repotipun warga ngriki. Lan saking pemanggih kula, dhusun ngriki ngantos kedadosan kados ngaten menika sebabipun wit-witan sami dipun tegori, ngantos Gunung Tugel ketingal gundhul, menawi rumiyin ketingal ijo royo-royo, mila mboten nate banjirlan siti longsor."
Krungu pangandikane pimpinan Kabupaten kaya ngono, Pak Dira rada kesenggol atine, rumangsa sing duwe pokal negori wit-witan mau dheweke dibantu dening para andhahane, banjur dheweke cluluk, "Kula boten pitados Pak, menawi ingkang murugaken banjir lan longsor awit wit-witan dipun tegori, nanging sebabipun Dhanyang Gunung Tugel ingkang ngamuk." Pimpinan Kabupaten wangsulan, "Kula boten pitados yen sing damel bencana Dhanyang Gunung Tugel ngamuk, niku namung gugon tuhon utawi tahayul, ampun pitados, ing dhaerah sanes ugi wonten kedadosan kados ngaten niki lan sebabipun inggih awit alas-alas sami dipun tegori wit-witipun, gunung-gunung sami gundhul, pramila mangga mangke kita sareng-sareng nanemi malih wonten ing Gunung Tugel ngriki, mangke saking kabupaten badhe nyaosi bibitipun, wonten sengon, albasia, jati, lan sanes- sanesipun, bapak-bapak sami purun ta?", wangsulane para warga, "Nggih, Pak. Sawise kuwi pepanggihan bubar banjur padha mulih menyang omahe dhewe- dhewe.
Pak Dira atine krasa mangkel marang pimpinan kabupaten sing ngandhakake banjir mau sebabe merga Gunung Tugel saiki wis gundhul. Nanging dhasar Pak Dira wonge pancen mung dakmenang mula tetep kepengin negori kayu-kayu didol ana ing kutha. [ 115 ]Swasana ing Desa Wanareja dadi tintrim, awit akeh wargane sing nandhang kasusahan. Senadyan ngono ing batin padha mikir marang pangandikane pimpinan kabupaten bab asale banjir mau, mbok menawa pancen bener merga gunung sing gundhul nyebabake banjir bandhang, suwe-suwe uga padha mikir yen sing nyebabake gunung dadi gundhul mau Pak Dira lan andhahane, nanging arep cluluk padha ora wani marang Pak Dira sing dianggep sesepuh ing desa kono.
Ing sawijining wengi ing Desa Wanareja ditekani rombongan polisi kang tujuane ora liya nggoleki Pak Dira. Bareng tekan omahe Pak Dira, polisi tumuli nangkep Pak Dira. "Kenging napa bapak-bapak polisi kok nyepeng kula?" pitakone Pak Dira karo ngendhani tangane polisi. "Inggih Pak Dira, kula pikantuk tugas saking komandan kula kedah nyepeng Pak Dira dalu niki, awit kula wau nyepeng andhahan sampeyan ingkang mbekta kajeng dateng kitha tanpa serat idin, lan piyambakipun criyos menawi ingkang kengkenan sampeyan, sakniki sampeyan kula bekta dateng kantor, "wangsulan polisi. "Nanging Pak.....," kandhane Pak Dira ora diterusake merga tangane dikecrek dening polisi lan ditumpakake mobil, digawa menyang kantor polisi.
Kabar yen pak Dira ditangkep polisi wis sumebar ing desa kono, dene para warga akeh-akehe padha kaget awit Pak Dira sing dianggep sesepuh jebulane nerak bebener, anggone negori wit-wit mau kanthi ora resmi tanpa oleh idin saka pamarintah, dadi wis sak trep yen mengkone Pak Dira kena paukuman sing abot, sebab tumindake kena diarani nyolong kayu sing cacahe ora sethithik, malah nganti ndadekake banjir lan lemah longsor kang gawe rugine para warga, malah nganti ana warga kang nemahi tiwas. Wong-wong banjur padha ngerti pokale Pak Dira anggone ngalihake kawigatene warga sing kanthi pawadan kang nyebabake banjir lan lemah longsor mau Dhanyang Gunung Tugel ngamuk.
Sajerone ngantu-antu kabare Pak Dira kepiye anggone duwe urusan karo polisi lan pengadilan, ing desa Wanareja ditekani para petugas saka kabupaten kang nggawa bibit-bibit tanduran kanggo gawe ijone Gunung Tugel lan sakiwo tengene. Warga nanggapi kanthi bungah lan padha gotong royong nandur bibit tanduran mau, lan duwe pengarep-arep ing tembe mburine gunung Tugel dadi ijo royo-royo maneh kaya maune, sing sakbanjure Desa Wanareja bali dadi desa kang makmur gemah ripah loh jinawi. -@ [ 116 ]Nglarah Bab Dumadine Kawah Jaka Pekik lan Rara Dhenok
D. Djumadi
Kala samana, udakara tabuh sepuluh; nalika Laras mudhun saka bis patas King terminal Purwadadi. Laras wiwit mlaku ngener sawijining hotel ing sacedhaking terminal iku. Bareng tekan ngarep hotel mau, Laras kepengin nakyinake, apa yen dheweke mlebu ing hotel iku, bisa antuk sisik melik bab Kawah Jaka Pekik lan Rara Dhenok. Ing batin Raras ngudarasa, ya sanadyan durung bisa antuk sisik melik kaya sing dakkarepake, saora-orane bias mangerteni papan dununge kawah iku. Alelandhasan pangudarasa mangkono mau, Laras mutusake mlebu ing hotel karo uluk salam, "Kula nuwun, sugeng enjing, Pak." Sing jaga hotel, karo ngadeg, mangsuli, "Sugeng enjing. Ee, mangga. Menapa kula saged caos bebantu?"
"Matur nuwun, Pak. Bokbilih maksih wonten kamar kothong, kula badhe ndherek ngaso ing hotel riki," tembunge Laras sopan.
Sing jaga hotel mangsuli, "Inggih, kaleresan. Maksih wonten satunggal kamar ingkang kothong. Kamar nomer 11."
"Oh, kaleresan menawi makaten. Menika KTP kula," wangsulane Laras rumangsa lega. Sing jaga hotel, karo nampani KTP kandha, "Sakedhap, kula cathetipun ing Buku Tamu." Dheweke banjur njupuk kunci lawang kamar nomer 11, dipasrahake marang Laras karo kandha, "Menika kuncinipun.
Laras nampani kunci kamar nomer 11 karo kandha, "Matur nuwun, Pak. [ 117 ]Terus jumangkah nuju kamar nomer 11. Dheweke mbuka lawang kamar, terus mlebu ing kamar. Kanthi kebak ing pangati-ati, Laras nitipriksa kamar iku. Sawise dheweke ngrasa ora ana sing perlu dicubriyani, Laras nuli ngresiki badan ing kamar mandhi. Kanthi mangkono, badan lan pikirane krasa seger. Laras maca Koran ing dina iku. Saking sayahe, kawimbuhan edhum papane, Laras turu. Dheweke rada kaget, nalika nglilir, jebul wis jam telu sore. Mula engal-enggal metu saka kamar, nuju menyang kamar mandhi, arep adus. Sarampunge adus, Laras mlebu kamar. Eling marang rancangan kang bakal katindakake ing sore iku, Laras ngringkesi barang-barang gawane, ditata ing jero tas. Sawise samekta kabeh, Laras metu saka kamar hotel, nemoni sing jaga hotel. Tembunge, "Pak Bas, satemene kula niki badhe dhateng Kuwu, papane bledhug ingkang sampun kawentar niku. Kula nyuwun dipunparingi priksa marginipun." Sawise mikir sadhela, Pak Bas sing ora liya nama Baskara mangsuli semu pitakon, "Ndika badhe tindak dhateng Kuwu?"
"Inggih mila makaten, Pak," wangsulane Laras. Baskara migatekake pamintane Laras, kandhane, "Kuwu menika satunggaling dhusun ing laladan Kradenan, Kabupaten Grobogan, Propinsi Jawa Tengah. Saking papan riki tebihipun kirang langkung 28 km, mangetan."
Sawise nampa katrangan saka Baskara sing dirasa cukup, Laras katone ngrasa lega. Tumuli pamit, budhal tumuju menyang desa Kuwu.
Gancaring carita, Laras anggone lumaku wis tekan ing tapel watese desa Kuwu. Wayahe wis meh surup. Mudhun saka bis, Laras lumaku alon-alon ing dalan desa kono. Ati ngrasa tentrem. Rasa kang mangkono iku arang dirasaake ing omahe. Saka anggone kalegan atine, Laras ora nglegewa, manawa anggone lumaku wis wiwit munggah. Sangsaya suwe sangsaya munggah ing lempenging gumuk Kuwu. Suwe-suwening suwe, Laras ngrasa sayah. Dheweke leren ing pinggiring lurung.
Durung suwe anggone leren karo nganam-anam pikir, ora kanyana-nyana, saka kadohan katon ana sawijining nini-nini sing lumaku satujuan karo dheweke. Ing sajroning ati Laras ngrasa bungah, awit bakal ana kanca sing bisa kanggo rowang sasuwene andon laku.
Bareng lakune nini-nini mau wis cedhak, Laras gita-gita methukake. Karo ngathungake tangane, njawat astane nini-nini iku, karo matur, "Nini, kepareng nepangaken, nama kula Laras, saking Ngayogyakarta." Dene nini-nini iku paring wangsulan, "Daktrima, ndhuk; aku Bremani, Nyai Bremani. Lha sliramu arep tindak menyang ngendi, nduk?" Sing ditakoni atur wangsulan, "Kula badhe dhateng kawah nginggil nika." Nyai Bremani sumambung, "Lho, wis wayah surup ngene kok arep menyang pucak gumuk, apa maneh nyaket ing kawah. Apa ora mbebayani? Luwih becik sliramu cumondhok lan nginep ing pondhokku. Dina [ 118 ]sesuk bisa koterusake, munggah ing pucak Kuwu iku."
Nyetitekake pamrayogane Nyai Bremani mau, Laras nangkep lamun pamrayoga mangkono, becik. Mula ora nganggo tidha-tidha, Laras matur kanthi urmat, "Menawi makaten, kula ngaturaken agenging panuwun, Nyai. Namung kemawon, kula maksih nyuwun gungan, mugi Nyai kersa medharaken bab kawah ing pucaking Kuwu menika.
"Bab iku tinemu gampang, ndhuk, waton sliramu ora kesusu ngantuk, wangsulane Nyai Bremani. Dene Laras mung matur, "Sendika, Nyai."
Bakda iku kekarone padha lumaku ngener menyang pondhoke Nyai Bremani. Gancaring laku, Nyai Bremani sing didherekake Laras wus tekan ing pondhok sing dituju. "Ayo nduk, mlebua ing pondhokku," pangajake Nyai Bremani. Laras atur wangsulan, "Inggih, Nyai." Bareng wus padha lumebu ing omah, Nyai Bremani kandha: "Nduk Laras, yen sliramu arep siram, ing pojoking omah iki ana pakiwane sing pantes kanggo adus. Dene yen rumangsa kadhemen, prayoga lamun suryan wae, supaya ora mangsuk angin." Laras mung matur, "Inggih, Nyai." Tumuli jumangkah menyang papan sing dituduhake Nyai Bremani mau.
Bareng karo Laras anggone ngresiki awak, Nyai Bremani nyawisake lawuh kanggo mangan bebarengan. Karo ngenteni Laras samekta, Nyai Bremani ngeningake cipta. Pamrihe supaya bisa njlentrehake bab bledhug ing pucaking gumuk Kuwu kanthi wijang lan runtut.
Ora let suwe, Laras sing dienteni wis samekta. Nyai Bremani gita-gita ngacarani, "Ayo nduk Laras, kita padha miwiti kembul mangan." Antuk dhawuh mangkono mau, karo mesem, Laras malah matur, "Nyai, menapa dalu menika, kula estu badhe nampi jlentrehan bab bledhug Kuwu wau?"
"Aja sumelang, ndhuk. Saiki ayo padha mangan dhisik. Kanthi mangan, daya kekuwatanmu lan kekuwatanku, pulih."
"Oh inggih mangga, Nyai," sambunge Laras. Sanadyan ora akeh anggone padha omong-omongan sasuwene padha kembul mangan, ewadene wiwit iku sesambunge Laras karo Nyai Bremani katon rumaket. Ora mantra-mantra kaya tamu lan sing ketamuan, kaya dene embah lan putune.
Sabakdane kembul mangan, Laras ngrewangi ngresiki meja dhahar. Piring, sendhok sarta piranti kembul mangan, kabeh digawa menyang papan sing wis tinamtu, perlu diasahi. Mlebu ing omah, Laras weruh Nyai Bremani wis samekta anggone njlentrehake bab bledhug Kuwu. Sawise Laras lungguh ing cedhake, Nyai Bremani miwiti ndongeng, tuture:
"Miturut dedongengan sing dakrungu, nalika iku, wayah sore. Ana penganten anyar ing Kuwu kene, sing durung sepasar umure. Sanadyan penganten sakloron iku, wiwit cilik wis mapan ing desa Kuwu kene, kekarone uga durung nate antuk [ 119 ]seserepan bab bledhug mau. Mula sore iku, penganten sarimbit padha kepengin meruhi kahanane kawah ing pucaking gumuk iku. Sanadyan wis padha ngrungu saka gotheking wong akeh bab wingit lan angkering kawah mau, kekarone ora padha ngandel; malah kepara maido. Nalika penganten anyar iku nyuwun pamit karo wong tuwane, kepengin ngenggar-enggar ati karo ngrasaake nikmating swasana ing wektu iku. Wong tuwane wis manti-manti, supaya ngati-ati, aja padha ninggal duga lan prayoga. Kepara malah dipambengi. Ewadene parikudu kepengin meruhi kawah mau.
Dhek samana, penganten sarimbit wis munggah ing lambunging gumuk. Bareng tekan ing tengah-tengahing lambung gumuk, ora kanyana-nyana kekarone weruh muncrate bledhu saka kawah. Dumadi ambal-ambalan. Kagawa saka wedi kecipratan bledhu, penganten wadon, tanpa sraba-sraba misah saka sing lanang. Lakune nrabas mangidul-ngulon. Dene sing lanang terus munggah. Miturut petunge dheweke ora bakal kecipratan bledhu mau.
Sawise padha bisa nyingkirake sakehing rintangan lan pepalang, penganten sarimbit padha tekan ing pucaking gumuk. Satemene kekarone padha duwe rasa uwas. Luwih-luwih penganten lanang. Bareng wis padha ketemu ing pucaking gumuk, kekarone padha rerangkulan. Nanging sepira kagete nalika padha meruhi, lemah sing padha diidak, horeg. Nuli gonjing bola-bali. Malah sawise iku, lemah sing padha diidak iku pethal saka sakiwa tengene. Dadi saemper prau kapurba ing alun. Saking kaget lan wedine, arep padha mbengok njaluk tulung. Durung kelakon njelih, penganten sakloron ilang musna tanpa lari. Penganten iku sing lanang Jaka Pekik, lan sing wadon Rara Dhenok. Mula kawah iku banjur kawentar ingaran "Kawah Jaka Pekik lan Rara Dhenok".
Laras anggone migatekake Nyai Bremani nganti kaya kami tenggengen. Dheweke sadhar, sawise pundhake dicablek dening Nyai Bremani, sing muwus, "Mangkono ndhuk, dedongengan sing dakrungu saka biyungku suwargi." Karo rada gragapan, Laras mangsuli, "Oh, inggih ta, Nyai?" Nyai Bremani sumambung, "Wis ndhuk, saiki ayo padha ngaso. Turu sing kepenak, sesuk esuk badan dimen pulih seger, isa nutugake laku.
"Inggih Nyai, sugeng sare." Matur mangkono, Laras mlebu kamar, wiwit ngaso.
Esuke, sawise padha sarapan, padha gojegan lan omong-omong sawatara, Laras duwe niyat arep pamit, nerusake laku. Sanadyan ngrasa abot arep ninggalake Nyai Bremani, dheweke kudu bisa ngendhaleni rasa kang mangkono mau. Nuli, kanthi pedhot-pedhot tembunge, njaluk pamit marang Nyai Bremani, "Nyai,... rehne samenika sampun padhang, kula... badhe... nyuwun pamit.... nglajengaken lampah....Kula ngaturaken agenging panuwun, awit pitulungan panjenengan. Damel repot panjenengan. Kula rumaos boten badhe saged caos piwales dhateng [ 120 ]kasaenan panjenengan wau. Ingkang menika, namung kula sumanggaaken dhumateng sih kamirahan Dalem Pangeran ingkang mahamirah. Mugi Panjenenganipun karsa paring piwales dhateng kasaenan panjenengan. Lan kula, nyuwun lubering sih pangaksama, bokbilih sadangunipun kula cumondhok ing griyanipun Nyai, pinanggih wonten bab-bab ingkang boten ndadosaken renaning panggalih panjenengan. Samangke, kula nyuwun pamit, badhe nglajengaken lampah. Mugi Nyai tansah winantu ing karahayon lan tansah manggiha suka-basuki. Dene kula nyuwun donga pangestu panjenengan."
Samono uga, Nyai Bremani ya ngrasa sumedhot, nalika mangsuli kandhane Laras, "Iya Ndhuk, aku samono uga. Ya mung donga dinonga, muga Gusti tansah ngayomana kowe ing lakumu lan aku ana ing kene. Ora liwat sing ngati-ati. Muga kasembadan sedyamu, tanpa nemu alangan sawiji apa."
"Amin," sambunge Laras. Karo njawat astane Nyai Bremani lan ngarasi, Laras ngaturake dhuwit 'eketan-ewon' loro, nanging diduwa lan ora ditampa dening Nyai Bremani. Dheweke mung kandha, "Gendhuk, aku wis rumangsa seneng kokancani, sanadyan mung sawengi. Sebab, nalika aku ketemu kowe ing lurung wingi sore kae, kaya-kaya aku ketemu putuku, sing mungguha isih urip, gedhe-cilike, enom-tuwane, ya sapantaran kowe kuwi. Mula saka iku, aku ora bisa nampa dhuwit kuwi. Dhuwit kuwi bisa kogunaake liya, samangsa prelu. Dene mengko sore utawa sesuk yen sliramu mudhun saka gumuk Kuwu, mampira maneh." Laras mangsuli, "Inggih, Nyai; kepareng."
"Iya... iya, Ndhuk," wangsulane Nyai Bremani, karo ngepuk-epuk pundhake Laras. Sapisan maneh Laras nyalami Nyai Bremani karo ngaras astane, tumuli budhal saka omah kono. Nini-nini kuwi nguntapake lakune Laras, nganti dheweke ilang saka pandelenge.
Laras, anggone lumaku kanthi lon-lonan. Lumaku watara rong jam, dheweke tekan ing ngarep sawijining kantor. Bareng diwaspadaake jebul Kantor Lurah Desa Kuwu. Laras ngudarasa, 'Begja temen awakku, dene aku ora kesasar. Kacihna aku tekan ing Kantor Lurah Desa Kuwu, kaya sing dikandhaake Pak Baskara wingi.' Dheweke tumuli nothok lawang. Kaping bola-bali anggone nothok lawang, ora ana kang mangsuli. Mula Laras duwe pangira, ora ana punggawa ing kono. Dheweke lali, lamun dina iku dina Ngahad. Dina libur. Sawatara anggone ngadeg ing ngarep lawang, Laras uluk salam, "Kulo nuwun...." Ora let suwe, ana sing mangsuli, nanging saka omah ing buri kantor, "Mangga... sakedhap. Laras isih ngenteni, banjur lawange kantor katon dibuka, ana sawijining pawongan sing wis ndungkap sepuh. Umure udakara 60 taun. Weruh ana tamu, dheweke ngacarani, "Oo mangga, mangga; katuran lenggah."
"Inggih, Pak. Matur nuwun," ature Laras karo mapan lungguh ing kursi. Sawise Laras nepungake, Pak Sagotra, sing ora liya lurah ing desa Kuwu [ 121 ]kono, pitakon marang Laras, "Dados, Nak Laras badhe dhateng pucaking gumuk nginggil menika?" Laras caos wangsulan, "Inggih, Pak. Namung kemawon, sejatosipun ingkang baku tumrap kula, sanes kawahipun menika kados pundi, kados menapa. Ananging larah-larahipun kados pundi, denea wonten kawah menika."
"O, nek bab niku, kula gadhah dedongengane sing kula tampi saking para leluhur kula. Sanadyan bokmenawi boten saged jangkep kados sing ndika maksud," kandhane Pak Sagotra karo nata lungguhe. Laras nyambung ngandikane Pak Sagotra kanthi suka gambira, ature, "Oo inggih langkung prayogi menawi makaten, Pak Lurah." Kandha mangkono mau, sajroning ati Laras ngunandika, 'Yen Pak Lurah kagungan dedongengan liya, sing ora padha sing dicritaake Nyai Bremani wingi, bisa kanggo nambahi kawruhku.' Iya awit kang mangkono iku, Laras gita-gita matur marang Pak Sagotra, "Menawi makaten, sumangga Bapak kula aturi medharaken kanthi wijang, kula badhe mirengaken." Pak Sagotra tumuli miwiti ndongeng:
"Duk inguni, embuh kapan kuwi. Ing lambunging puntuk Kuwu, ana mbok randha loro, sing urip ing bebrayan agung ing laladan kono. Mbok randha tuwa manggon ing pojok lor-wetaning kawah. Dene mbok randha sing luwih enom, manggon ing pojok lor-kulon. Kala semana, omah sing padha dienggoni cagake pring, dene payone atep. Mbok randha wetan duwe anak siji, lanang, jenenge Jaka Pekik. Jaka sing bagus, gagah tur becik bebudene. Watak mangkono iku diwarisi saka embokne, mbok randha wetan. Mbok randha iki becik uripe, tansah ngudi kautaman. Nduweni watak andhap asor, lembah manah, grapyak sumanak tur dhemen tetulung marang sapa wae. Watak wantu sing kaya mangkono mau njalari dheweke sakulawarga disuyuti dening warga sakiwa tengene. Ora mung iku, dheweke uga dianggep wong tuwa sing sugih kawruh. Malah-malah dadi paran pitakonan tumrap tangga teparone. Jaka Pekik, wiwit cilik mula digegulang kautaman. Sopan, andhap asor, jujur, asih tresna marang pepadha, welas asih marang para miskin, papa lan cacad. Watak wantu kang kaya mangkono iku ora mung kandheg ing rasa, nanging mawujud ing uripe sadina-dinane. Dadi ora nggumunake menawa dheweke uga disuyuti dening kanca-kancane. Uga oleh pangalembana tangga sakiwa tengene.
Mbok randha sing cumondhok ing pojok lor-kuloning kawah, ora akeh bedane karo mbok randha tuwa. Mbok randha iki uga nduweni watak wantu sing becik. Sing beda amung papan lan enom-tuwane. Mbok randha iki umure udakara enem taun luwih enom. Kang mangkono iku njalari kaya-kaya kautamaning uripe kaprabawan dening kautamaning uripe mbok randha wetan, Sanadyan mangkono, dheweke ora nate duwe rasa meri, serik utawa lara ati. Mbok randha enomg laladan kono. Mbok randh iki anake uga mung siji, wadon. Nalika iku dheweke umur kurang-luwih 15 taun. Tangga ing kiwa tengene ngundang dheweke, Rara [ 122 ]Dhenok. Bebasan kembang, Rara Dhenok wektu kuwi wis wiwit ngongasake ganda kang amrik. Ora mokal, lamun akeh kombang sing kepingin necep madu sarining kembang mau. Sanadyan mangkono, wong-wong ing desa Kuwu kono wis padha mangerti, manawa mbok randha loro kuwi wis padha sarujuk, yen ing tembe buri bakal njodhokake Jaka Pekik karo Rara Dhenok dadi bojone.
Rehne wektu kuwi Rara Dhenok wus pantes kawengku ing kakung, dene JakaPekik dhewe uga wus katon adreng anggone kepengin mengku Rara Dhenok, mula ora let suwe kekarone diresmekake. Sanadyan mung sarwa prasaja, nanging ora ninggal tatacara adat ing desa kono. Uga ing bab tatacaraning panembah. Kang mangkono iku, njalari tampuking gati bisa kaleksanan kanthi becik, rancag tur kali sing rubeda lan sambekala. Sapurnaning wiwahan ing omahe mbok randha lor-kulon, panganten sarimbit terus diboyong menyang omahe mbok randha lor-wetan.
Kacarita, sore sabakdane diresmekake, panganten anyar iku kepengin arep weruh kawah ing punthuk gumuk, ngiras pantes ngenggar-enggar ati. Nalika kandha marang biyunge, dheweke ora nayogyani. Anehe, sangsaya dipambengi, panganten sarimbit sangsaya adreng anggone kepengin mbuktekake. Paribasan, dirantea medhot, dipalangana mlumpat. Mula bareng karo wong-wong sakiwa tengen omahe, padha mangkat arep adus ing kali sacedhake desa kono, Jaka Pekik lan Rara Dhenok padha nylingker liwat lawang butulan. Biyunge ora nyana lamun anak lan mantune metu liwat lawang butulan.
Metu saka lawang butulan, Jaka Pekik lan Rara Dhenok gegancangan tumuju pucaking gumuk. Sawise rada adoh, anggone padha lumaku wis ora rerikatan maneh. Karo nyawang endahing swasana meneri srengenge wiwit angslup ing kuloning gunung, kekarone padha ngrasa tentrem lan begja. Apa maneh kawimbuhan meruhi anane tanem tuwuh sing lagi gumadhung. Godhonge sing ijo royo-royo, mahanani sangsaya tentreming ati.
Bareng anggone lumaku wus meh tekan pucaking gumuk, dumadakan penganten sakloron padha weruh muncrate bledhu saka ing kawah. Bledhu mau muncrat mandhuwur, marambah-rambah, kaya-kaya arep ngenani sing lagi padha andon laku. Ora kanyana-nyana Rara Dhenok methal saka sisihane, amarga wedi. Jaka Pekik, sanadyan atine rada was-was bab pethale Rara Dhenok saka dheweke, dheweke nerusake lakune. Ora antara suwe tekan ing pycaking gumuk. Tumuli katon jumedhule Rara Dhenok saka iring kulon. Kekarone tekan sacedhake kawah.
Nalika iku wayahe wis repet-repet meh surup. Mbok randha wis suwe anggone nggoleki rek kanggo nyumed diyan. Nuli metu saka ngomah arep njaluk geni tanggane. Bareng dheweke tekan ing njaban pager, mengo mangidul. Saka kono mbok randha weruh, yen anak lan mantune ana ing pucak punthuk. Jaka Pekik ing sisih wetan, dene Rara Dhenok ing sisih kulon. Weruh anak-anake [ 123 ]padha ana ing pucak punthuk, mbok randha enggal-enggal mbengoki sarosane. Bola-bali anggone mbengoki, nganti meh entek suwarane. Bareng karo pambengoke mbok randha sing pungkasan, panganten sakloron ilang musna tanpa lari. Anak-anake ora padha katon, mbok randha gita-gita mlaku rerikatan munggah ing gumuk. Tekan ing kono dheweke weruh, kawahe imbuh loro. Awit sakawit mung siji, saiki ana telu. Sing siji ana wetan kawah lawas, sing siji liyane ana ing sisih kulon. Weruh kang mangkono mau mbok randha nakyinake, Manawa kawah anyar loro iku dumadi bareng karo musnane Jaka Pekik lan Rara Dhenok. Mula kawah anyar mau banjur ingaran 'Kawah Jaka Pekik lan Kawah Rara Dhenok'.
Sabakdane kedadeyan iku, mbok randha wetan ngrasa nggrantes atine. Anak sing dilelithing wiwit bayi, lagi wae mlebu ing jagading bebrayatan, wis ndhisiki sowan ing pangayunan Pangeran. Malah-malah bareng karo anake mantu. Kamangka durung ganep sepasar. Wiwit wektu kuwi mbok randha tuwa iki lara. Pranyata sing ngalami rasa nggrantes ora mung dheweke. Dalasan mbok randha kulon uga ngalami. Nalika antuk kabar bab kadadeyan iku, dheweke kaget kepati. Malah sakal semaput. Sawise diupakara tangga teparo sing isih padha ana ing kono, dheweke eling purwaduksina. Ananging terus lara sing nrenyuhake.
Rada suwe anggone padha lara, mbok randha loro mau, kaya-kaya wus mbadal saliring usada. Mula kekarone wis padha nglenggana manawa wis cepak puputing umure. Sadurunge padha ngajal, mbok randha tuwa aweh piweling marang sing padha ngrumat, supaya sawise ngajal, jasade dipetak dadi sakluwat karo jasade mbok randha kulon. Piweling sing padha, uga diwenehake dening mbok randha anom.
Mbokmanawa pancen wis dadi karsaning Kang Murbeng Urip, kacihna oncating sukma sejati saka mbok randha loro iku, meh bareng. Bab patine mbok randha loro kuwi age-age dilapurake marang Carik ing Kuwu. Carik nyaosi kabar marang Lurahe. Pak Lurah lan Pak Carik padha sarujuk andum karya. Pak Lurah mandhegani ngrukti layone mbok randha wetan. Dene Pak Carik mandhegani ing pondhoke mbok randha kulon. Pak Lurah lan Pak Carik, kekarone padha cekat-ceket nindakake jejibahane dhewe-dhewe. Ora let suwe kabeh wus miranti. Tumuli diadani upacara pambudhaling layon.
Rehne mbok randha sakloron njaluk supaya jasade dikubur nunggal sakluwat, mula budhaling layone mbok randha anom luwih dhisik, tumuju menyang pasarean ing lor-wetan bledhug. Ora antara suwe layone mbok randha tuwa uga dibudhalake, tumuju pasarean sing padha. Layon loro iku tekan ing pasarean meh bareng. Sawise diadani upacara satataning panembah, layon sakloron padha disarekake dadi sakluwat. Wiwit iku, pasarean mau kawentar ingaran pasareane Nyai Dhukun. Pasarean sing saben sasi Ruwah tansah dadi jujugane wong-wong sing padha nyadran." [ 124 ]Sawuse meneng sadhela, Pak Lurah Sagotra kandha marang Laras, "Makaten, Nak Laras, dedongengan ingkang kula pireng saking para leluhur kula ing dhusun Kuwu ngriki. Mugi wonten pigunanipun tumarap Ndika." Dene laras, amarga kasengsem anggone Pak Sagotra nyaritaake, nganti ora nggagas yen critane wis rampung.Mula bareng dingandikani mangkono mau, Laras rada gragapan. Mung caos wangsulan, "O, inggih Pak Lurah. Matur nuwun." Sabanjure Laras nerusake ature," Sasampunipun kula migatosaken dedongengan ingkang kawedharaken Bapak, lajeng tuwuh pitakenan salebeting batos kula, wewarah menapa ingkang saged kula tular-tularaken dhateng para kanca tuwin mitra pitepangan kula ing Ngayogyakarta? Ingkang menika, Pak Lurah, kula sepisan malih ngaturaken agunging panuwun. Lan ugi nyuwun pangapunten, bokbilih sadangunipun kula cumondhok wonten ing Kantor Kalurahan Kuwu ngriki, wonten bab-bab ingkang boten ndadosaken karenaning panggalihipun Bapak. Salajengipun, keparenga kula nyuwun pamit, wangsul dhateng Ngayogyakarta. Mugi sanes wekdal kula saged sowan mriki malih." Mungkasi atur mangkono Laras njawat astane Pak Sagotra. Pak Lurah njawat tangane Laras karo ngandika, "Sami-sami, Nak Laras. Wilujeng tindak. Mugi rahayu ing margi ngantos dumugi nggriya Ndika. Sokur menawi purun ngabari mriki."
Laras mung manthuk, caos urmat, tumuli budhal. Diuntapake Pak Lurah Sagotra nganti Laras munggah ing bis. -@ [ 125 ]Mangir, Tanah Perdikan
Piet Hari Santosa
Mangir mono jeneng sawijining laladan talatah Bantul ing Ngayojakarta. Mangir diliwati kali sawatara cacahe. Kali Praga, kali Bedhog, kali Winanga lan Code, kali Opak lan kali Oya. Kabeh kali mau mili ngidul, anjok ing Segara Kidul. Mangir dikubengi dening sawetara gunung. Ing sisih kidul-wetan ana Gunung Kidul, dene sisih kulon Gunung Menoreh. Ing sisih kidul diwatesi dening samodra gedhe yaiku Samodra Indonesia, lan pesisire kasebut Parangtritis. Mula Mangir kuwi sawijining laladan subur, thukul kang sarwa tinandur, gemah ripah, wargane padha urip tetanen, ambebedhag lan golek iwak, awit kajaba lemahe subur, akeh kali, ana pesisire, uga akeh kewane, kewan iber-iberan lan kewan buron warna-warna. Malah kala samana ing pesisir kidul ana jinising asu ajag kang urip gegerombolan ing kono lan kasebut ronggeng.
Warga Mangir urip tentrem, ayem, dipandhegani dening tetuwa kang kasebut Kiageng Mangir, ora panguwasa liya, awit Mangir mono tanah perdikan. Ora perlu asok glondhong pangareng-arang marang praja ngendi wae. Uga Pajang lan Demak. Tanah Mangir katetepake dadi perdikan dening Majapahit sanajan ora cetha titi-wancine lan sapa ratune kang netepake. Nanging mesthine Mangir akeh labuh-labete marang Majapahit kala semana. Mula Kiageng lan kabeh warga Mangir ora rumangsa dadi jajahane praja kang tuwuh anyar ing Jawa Tengah, kajaba mung ngayom marang Majapahit, sanajan wektu iku Majapahit wus lingsir. Marga kang mangkono iku, Mangir, minangka tanah perdikan, kaya-kaya dadi negara kang andarbeni punggawa lan kaprajuritane dhewe.
Kahanan kang ayom-ayem, suburing tetanen, angin gunung kang sumbribit ngadhemake jiwa-raga, jumleguring alun Segara Kidul kang gawe mareming ati, [ 126 ]endahing srengenge kang mlethek lang angslup sapungkuring gunung-gunung, suda kanikmatane, awit saloring Mangir, ana kraton anyar kang sinebut Mentaram utawa Mataram. Timbuling kraton Mataram kawiwitan dening Kiageng Pamanahan kang antuk alas Mentaok saka anggone ngabdi marang kraton Pajang. Kiageng banjur babat alas, gawe papan panggonan kanggo kulawargane, nganti tekan mangsane putrane kang karan Danang Sutawijaya madeg ratu lan jejuluk Senapati Ingalaga. Kratone sinebut Mentaram utawa Mataram, prenahe ana ing Kotagedhe saiki. Sajroning ngasta pusaraning adil, Senapati kampingan dening Tumenggung Mandaraka, kang kasebut Ki Jurumartani, paman saka ibune. Yuswane wus 90 tahun, nanging isih cakrak lan panggalihane isih padhang terawangan. Gegayuhane Sang Panembahan dadi panguwasa tunggal ing Tanah Jawa. Mula nalika negara anyar kuwi mau wus rumangsa kuat, Pajang ginebug ing yuda. Sultan Hadiwijaya kang kena diarani bapa angkate diperjaya. Tanah Jawa kudu lumebu panguwasaning Mataram. Ananging bareng Panembahan Senapati pirsa manawa sajangkah ngidul ana tanah perdikan kang subur, andarbeni sarana kang pepak, punggawa lan kaprajuritan, panggalihe goreh, jiwane ora tentrem. Mangir bakal karebut sarana alus utawa perang.
Rikala semana, kang amandhegani Mangir wus ganti. Wanabaya kapilih dadi pengareping Mangir, kasebut Kiageng Mangir Wanabaya. Wanabaya iku nom-noman kang lagi umur 23 tahun, pawakane gagah pideksa, mumpuni ing sakabehe. Limpat ing kridhaning yuda, wicaksana anggone ngereh wargane. Wanabaya kajaba dadi pepucuking para punggawa uga pepucuking ajurit. Warga lan prajurite suyut lan wedi-asih marang dheweke. Warga tansah kabombong anggone pada makarya, prajurite kaweleg gladhi perang lan anjaga katentremaning laladan. Prajurit Mangir dipandhegani dening Demang papat, Demang Patalan, Demang Jodhog, Demang Pandhak lan Demang Pajangan.
Kiageng Mangir kang wus lengser, banjur lumebu ing alaming asepi, ambangun teki ana ing ereng-erenging Merapi. Wanabaya lan Baro Klinthing, sedulure angkat padha anderek semedi sawetara wektu, awit bakal ngayahi kewajiban kang ora entheng, yaiku mandhegani Tanah Mangir. Wektu kuwi warga Mangir wus bisa ngrasakake anane ancaman saka Mataram.
Kacarita, Baro klinthing iku lahir saka rahime sawijining perawan desa, Sipon, kang tanpa sengaja amangku pusakane Kiageng Mangir sepuh. Mula bukane, Sipon mau nyuwun ngampil lading kanggo rajang-rajang nalika nedheng nyawisake pesta Suran. Marga wis ora ana lading maneh, Kiageng maringi ngampil Sipon pusakane kang awujud lading, kanthi weling, "Nyoh enggonen. Nanging welingku aja pisan-pisan kok pangku, bisa andrawasi". Wong wadon kuwi mau, lali welinge Kiageng. Wasana lading kapangku, ngendikane Kiageng kadadeyan. Sipon banjur ngandhut. Nalika ganep sasine, bayine lair kanthi slamet,