Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik

[ 4 ]
Iki buku Katechismus anjar, kang dienggo ana ing Vikariat Semarang.
Katechismus iki ngemot tjekak-aosé piwulanging Pasamuwan Sutji, kang kudu dingertèni ing saḍéngahwong Katulik.
Saja munḍak kawruh lan kapinterané ing prakara lija, uga kudu saja munḍak pangertiné ing prakara agama, sarana napisaké lan ndjerokaké kawruhé ing mubarang prakara, kang diwulangaké ana ing buku Katechismus iki. Sing sapa bisa ndjadjagi sakabèhé piwulanging Katechismus ing sadjero-djeroné, satemené wis bisa nemu wangsulané pitakon manéka-warna, kang kerep dadi tjangkrimané ngaurip lan sok ngrudjit ati.
Sarèhné Katechismus iku kențelané piwulangé Pasamuwan Sutji, kang ngrembug prakara kang angèl-angèl, mulané menawa dipigunakaké kanggo mulang, kudu didjèr lan diratjik disik kang laras karo kawruh lan kapinterané kang diwulang.
Déné menawa diwulangaké marang botjah-botjah ana ing pamulangan, prajoga diprintji-printji manut unḍa-usuking para murid.
Ing buku Katechismus iki saben pitakon ditengeri angka urut-urutan, wiwit 1 nganti 548. Déné ing ngarepé angka urut-urutan mau diwènèhi angka 3, 4, 5 utawa 6. Angka-angka iku mertanḍani pangkat utawa klas, kang patut nampa piwulang mungguhing prekara kang kamot ing pitakon samburiné angka mau.
† A. Soegijapranata S. J.
Vic. Apost. de Semarang.
Kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama, saha Hjang Putra, tuwin Hjang Roh Sutji. Amin.
Kangdjeng Rama ing swarga, Mugi Asma Dalem kaluhurna; Kraton Dalem kawijarna. / Ing donja inggih kalampahana Karsa Dalem kados ing swarga.
Abdi Dalem sami njaḍong paring Dalem redjeki ing samenika. / Sakaṭahing lepat njuwun pangapunten Dalem; déné kawula inggih angapunten dateng sesami./Abdi Dalem njuwun lepat saking panggoḍa, saha tinebihna saking piawon. Amin.
Sembah bekti kawula, Dèwi Marijah, kekasihing Allah, Pangéran nunggil ing (Pandjenengan dalem./ Sami-sami wanita Sang Dèwi pinudji pijambak, saha pinudji ugi wohing salira Dalem, Sri Jésus.
Dèwi Marijah Ibuning Allah, kawula tijang dosa sami njuwun pangèstu dalem, /samangké tuwin béndjing dumugining pedjah. Amin.
- Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Maha kuwasa, ingkang nitahaken bumi langit.
- Saha ing Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Putra Dalem ontang-anting, Pangéran kawula;
- Ingkang mijos saking Kenja Dèwi Marijah,/ kagarba déning kuwaosing Hjang Roh Sutji.
- Ingkang nandang sangsara nalika djamanipun Ponsius Pilatus,/saha kapentang, séda sarta kasarèkaken;
- Tedak ḍateng naraka, /tigang dintenipun wungu saking séda;
- Mékrad ḍateng swarga,/pinarak satengening Allah, Rama Sang Mahakuwasa;
- Saking ngriku baḍé rawuh angadili para tijang gesang utawi pedjah.
- Kawula pitados ing Hjang Roh Sutji;
- Pasamuwan Katulik ingkang Sutji / lan panunggiling para Sutji;
- Pangapuntening dosa;
- Tangining badan;
- Saha gesang langgeng. Amin.
- Aku Gusti Allahmu;
- Adja nembah brahala; mung nembaha marang Aku waé lan tresnaa marang Aku ngungkuli sakabèhé.
- Adja ngutjapaké Asmané Gusti Allahmu tanpa perlu.
- Élinga enggonmu kudu nutjèkaké dinaning Pangéran.
- Ngurmatana bapa-bijungmu.
- Adja gawé radja pati.
- Adja laku djina.
- Adja njenjolong.
- Adja goroh.
- Adja mélik prakara djina.
- Adja mélik darbèking lijan.
ḍawuhé Pasamuwan Sutji.
- Muljakna dina geḍé, kang dipaḍakaké dina Ngahad.
- Ing dina Neahad lan ing dina gedé kang dipadakaké dina Neahad, ndértka Mis Sutji lan adja nandangi pagawéjan kang diwaleri.
- Pasaa lan njirika daging miturut dawuh.
- Ngakua dosa apesé setaun sepisan.
- Tampaa Saliraning Gusti ing mangsa Paskah.
Gusti kawula lan Allah kawula,/kawula pitados, bilih Sampéjan Dalem Allah satunggal, Djedjer tiga: Hjang Rama, Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji./Kawula pitados, bilih Djedjer ingkang kaping kalih sampun karsa mandjalma sarta séda kasalib amrih wiludjeng kawula./Kawula pitados bilih Sampéjan Dalem nggandjar pandamel saé, njiksa pandamel
awon./
Kawula pitados dateng sadaja wedaran Dalem, ingkang dados piwulangine Pasamuwan Sutji./Kawula pitados dateng sadaja wau kanti mantep, awit Sampejan Dalem ingkang ngendikakaken, ingkang priksa samukawis, saha tansah ngandika ingkang njata./
Gusti, kawula aturi ngagengaken pitados kawula!
Allah ingkang Maha saé,/krana lelabetan Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, kawula gadah pengadjeng-adjeng badé nampi saking Sampéjan Dalem:/ kamuljan langgeng tuwin sadaja sih-nugraha ingkang kawula betahaken kangegé ndjangka menika./Anggén kawula ngadjeng-adjeng wau kanti pitados, awit Sampéjan Dalem ingkang sagah, Allah ingkang Maha kuwasa, bérbudi tanpa wates dateng kawula, sarta tuhu temen ing kasagahan Dalem.
Gusti, kawula aturi njantosakaken pangadjeng-adjeng kawula!
Gusti Allahing Katresnan, /kawula tresna ing Sampéjan Dalem ngungkuli samukawis kanți gumolonging manah, awit Sampéjan Dalem menika maha saé sarta sakalangkung pantes sanget dipun tresnani./ Margi kawula tresna ḍateng Sampéjan Dalem, kawula ugi tresna ḍateng sesami kados dateng badan kawula pijambak./
Gusti, kawula aturi tansah nginḍakaken katresnan
kawula!
Allah ingkang Maha welas, /kawula keduwung déné kawula, margi dosa kawula, pantes kapatrapan siksa saking Sampéjan Dalem, /langkung-langkung déné kawula ngantos adamel gerahing panggalih Dalem, ingkang misaèni dateng kawula tanpa wangenan sarta djumeneng tuking sadaja kasaénan./ Kawula geting dateng sadaja dosa kawula saha gaḍah nijat, sarana sih pitulungan Dalem, /badé ngleresaken gesang kawula, tuwin boten badé nglampahi dosa malih-malih./
Gusti, kawula tijang dosa, njuwun kawelasan Dalem!
Mugi linuhurna Hjang Rama, saha Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji./Kados ing mulabuka, samenika, sarta ing salami-laminipun.
- Gusti Allah iku mung sidji.
- Djedjer Dalem Gusti Allah iku telu: Hjang Rama, Hjang Putra, Hjang Roh Sutji.
- Hjang Putra wis karsa mandjalma lan séda sinalib.
- Gusti Allah anggandjar penggawé betjik lan njiksa penggawé ala.
- Sakramèn Baptis.
- Sakramèn Kasantosan.
- Sakramèn Maha Sutji (Ékaristi Sutji).
- Sakramèn Ngaku dosa.
- Sakramèn Lenga Sutji.
- Sakramèn Kaimaman.
- Sakramèn Idjab.
Malaékating Allah nglantaraken dawuh dateng Dèwi Marijah.
Ladjeng Sang Dèwi anggarbini saking kuwasaning
Hjang Roh Sutji.
Sembah bekti kawula.........
Kawula abdining Allah.
Sandika ing dawuh Dalem.
Sembah bekti kawula......
Sang Sabda ladjeng dados manungsa.
Jektos nunggil kalijan kawula.
Sembah bekti kawula.....
Dèwi Ibuning Allah, njuwun pangèstu dalem.
Supados pantes nampèni gandjaran kasagahan Dalem Sang Kristus.
Gusti, sarèhning kawula sampun dipunwartosi ing Malaékat, bilih Putra Dalem jektos mandjalma, [ 10 ]mila sami njuwun sih pitulungan Dalem, supados sarana saking sangsara saha pamentanganipun ingkang Putra, béndjing satangining badan, kawula sageda nḍèrèk kamuljakaken. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.
Kangdjeng Ratu ing Swarga kawula aturi suka-suka, alélujah.
Awit ingkang sampun naté wonten ing guwa garba dalem, alélujah.
Sampun wungu saking séda kados pangandikanipun, alélujah.
Kula njuwun pangèstu dalem, alélujah.
Kenja Dèwi Marijah, kawula aturi suka-suka saha bingah-bingah, alélujah.
Awit Gusti jektos wungu saking séda, alélujah.
Allah ingkang karsa damel bingahing djagad sarana wungunipun Putra Dalem Gusti kawula Jésus Kristus, kawula sami njuwun ing Sampéjan Dalem, supados lantaran ingkang Ibu Kenja Dèwi Marijah, kawula sageda angsal kabingahan langgeng. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.
I. Kabungahan Dalem:
- Sang Hjang Putra mandjalma.
- Dèwi Marijah tuwi Élisabèt.
- Sang Kristus mijos.
- Sang Timur katjaosaké marang Padaleman Sutji ing Jérusalèm.
- Sang Kristus kepanggih ana ing Padaleman Sutji ing Jérusalèm.
- II. Kasangsaran Dalem.
- Kangdjeng Gusti ariwé rah.
- Kangdjeng Gusti kasapu.
- Kangdjeng Gusti diagemi makuta eri.
- Kangdjeng Gusti ngasta pamenṭangan, sarta bandjur kapangul.
- Kangdjeng Gusti kapenṭang bandjur séda.
- III. Kamuljan Dalem.
- Kangdjeng Gusti wungu saka séda.
- Kangdjeng Gusti mékrad menjang Swarga.
- Sang Roh Sutji teḍak.
- Salirané Dèwi Marijah kainggahaké menjang Swarga.
- Dèwi Marijah kamakuṭanan ana ing Swarga.
Kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama, saha Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji. Amin.
Gusti kawula lan Allah kawula, abdi Dalem sowan wonten ing ngarsa Dalem perlu tjaos sembah sudjud ing sahandap Sampéjan Dalem, ingkang Maha luhur.
Kawula mundjuk sembah nuwun, langkung-langkung déné kala wau dalu kawula sampun ginandjar wiludjeng.
Sadaja padamelan, ingkang baḍé kawula lampahi ing dinten menika, kawula undjukaken ing Sampéjan Dalem, amrih kamuljan Dalem saha andadosaken rahadjenging sukma kawula, menapa malih kawula kepéngin nampi sudaning siksa ingkang boten langgeng, ingkang kagamblokaken ing pakarjan kawula wau.
Bapa kawula ingkang sutresna, sarta baḍé nglampahi kuwadjiban kawula kanti saé.
Allah ingkang ambeg welas, wontena karsa Dalem maringi sih pitulungan dateng kawula, supados tuhu temen netepi nijat kawula menika.
Kangdjeng Rama......
Kawula pitados......
mBangun Pengandel......
mBangun Pengarep-arep......
mBangun Katresnan......
Malaékating Allah ingkang dados pamomong kula, saha saking sih kadarman Dalem dipun pasrahi ngreksa kula, kula aturi maḍangi, ndjagi, ngirid tuwin nuntun kula. Amin.
Sembah bekti kawula......... Dèwi Marijah ingkang pinurba mulus tanpa tjiri, mugi karsaa adamel murnining badan kula tuwin sutjining sukma kula.
(Sembah bekti lan Sembahjangan tjekak iki diambali ping telu minangka ngurmati Dèwi Mariah kang dahat murni: dikanṭèni sudaning siksa: 300 dina).
Gusti, mugi wontena karsa Dalem paring berkah tuwin pangajoman ḍateng kawula minangka nanggulang sadaja piawon saha karsaa nuntun ingkang abdi ngantos dumugi ing kalanggengan. Amin.
Mugi sukma-sukma ing latu pangresikan krana sih kawelasan Dalem sami manggiha katentreman langgeng. Amin.
Kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama, saha Hjang Putra, tuwin Hjang Roh Sutji. Amin.
Gusti, mugi wontena karsa Dalem aparing berkah ḍateng kawula sadaja tuwin ḍateng peparing Dalem menika, ingkang baḍé sami kawula tampi saking kamirahan Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.
Gusti njuwun kawelasan.
Sang Kristus njuwun kawelasan.
Gusti njuwun kawelasan. Kangdjeng Rama.........
Ratuning kamuljan langgeng, kalilana kula sami nḍérék kembul andrawina wonten ing swarga. Amin.
Allah ingkane Maha kuwasa, abdi Dalem sami mundjuk sembah nuwun, margi sadaja kasaénan saking Sampéjan Dalem, ingkang gesang sarta djumeneng Ratu ing salami-laminipun. Amin.
Gusti njuwun kawelasan.
Sang Kristus njuwun kawelasan.
Gusti njuwun kawelasan. Kangdjeng Rama.........
Mugi sukma-sukma ing latu pangresikan krana sih kawelasan Dalem sami manggih katentreman langgeng. Amin.
Gusti, mugi wontena karsa Dalem aparing berkah ḍateng kawula sadaja tuwin ḍateng peparing Dalem menika, ingkang baḍé sami kawula tampi saking kamirahan Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.
Gusti njuwun kawelasan. Sang Kristus, njuwun kawelasan. Gusti njuwun kawelasan.
Kaja bakda mangan awan.
Kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama, saha Hjang Putra, tuwin Hjang Roh Sutji. Amin.
Allah ingkang Maha kuwasa, abdi Dalem sowan wonten ing ngarsa Dalem, perlu tjaos sembah sudjud ing sahanḍap Sampéjan Dalem, ingkang Maha luhur.
Kawula mundjuk sembah nuwun, margi sadaja kasaénan saking Sampéjan Dalem, langkung-langkung déné kawula ing dinten menika sampun ginandjar wiludjeng.
Hjang Roh Sutji, mugi karsaa rawuh maḍangi budi kawula, supados kawula ngertos dateng dosa kawula, sarta karsaa paring sih nugraha, supados kawula saged keduwung terus ing manah.
(Limbang-limbangen, keprijé tandang-tandukmu ing dina ki, supaja kowé ngerti, dosa endi kang wis kok lakoni ing dina iki sarana gagasan, pepénginan, tetembungan lan pagawéjan kang ala utawa marga enggonmu nglirwakaké kang betjik. Jen wis, mbangun keduwung).
Malaékating Allah, ingkang dados pamomong kula, saha saking sih kadarman Dalem dipunpasrahi ngreksa kula, kula aturi maḍangi, ndjagi, ngirid, tuwin nuntun kula. Amin.
Sembah bekti kawula............ Dèwi Marijah, ingkang pinurba mulus tanpa tjiri, mugi karsaa adamel murnining badan kula tuwin sutjining sukma kula. (Diambali ping telu minangka ngurmati Dewi Marijah kang dahat murni dikan tèni sudaning siksa 300 dina).
[ 15 ]Gusti, mugi wontena karsa Dalem paring berkah tuwin pangajoman dateng kawula minangka nanggulang sadaja piawon, saha karsa nuntun ingkang abdi ngantos dumugi ing kalanggengan. Amin.
Mugi sukma-sukma ing latu pangresikan krana sih kawelasan Dalem manggiha katentreman. Amin.
Kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama, saha
Hjang Putra, tuwin Hjang Roh Sutji. Amin.
(Ajo pada njembahjangaké Russia).
B : Sembah bekti kawula......... (ping telu).
Sembah bekti kawula, duh Kangdjeng Ratu, Ibuning kamirahan.
W: Ingkang djumeneng gesang, kabingahan tuwin angadjeng-adjeng kula.
B: Abdi dalem tijang butjalan, turuning Kawa,
sami sambat-sambat ing Pandjenengan dalem.
W: Kawula njenjuwun, ngesah tuwin nangis dateng. Pandjenengan dalem wonten ing pasétran menika.
B : Pramila Déwi, lantaran kawula, wontena karsa dalem melasi abdi dalem.
W: Saha sawangsulipun saking butjalan, katedahana wohing salira dalem, ingkang pinudji-pudji Sri Jésus.
B: Duh Kenja Déwi Marijah, ingkang palimirma;
W: Ingkane saé, ingkang manis.
B: Ibuning Allah njuwun pangèstu dalem,
W: Supados pantes nampéni gandjaran kasagahan
Dalem Sang Kristus.
13
| B | : | Duh Allah, ingkang djumeneng pangungsén tuwin kekyatan kawula, wontena karsa Dalem mriksani kawula Dalem ingkang sami njenjuwun wonten ing ngarsa Dalem; punapa déné lantaran Déwi Mariah, Kenja saha Ibuning Allah, ingkang mulja sarta mulus, tuwin ingkang Raka Santo Jusup, punapa malih Rasul-Rasul sinutji Pétrus kaliyan Paolus, sarta para Sutji sadaja. Sampéjan Dalem kersaa ngabulaken panjuwun kawula margi kamirahan saha keparenging panggalih Dalem, murih tobatipun tijang duraka saha mardika tuwin luhuripun Ibu kawula Pasamuwan Sutji. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. |
| W | : | Amin. |
| B | : | Maha Malaékat Santo Michaél, ngamping-ampingana kawula ing salebetipun perang, mitulungana kawula mengsah goda-rentjananing sétan. Pasambat kula kanti andap-asor: mugi Gusti Allah kersaa ngatingalaken panguwaos Dalem dateng roh awon wau. |
| W | : | Duh Sénapatining bala-Swarea, krana kasekténing Allah, mugi sétan saha roh awon sanésipun ingkang sami klambrangan ngrisak sukma-sukma, Pandjenengan Dalem ungsir wangsul dateng naraka. Amin. |
| B | : | Tyas Dalem Sri Jésus, ingkang Maha Sutji, |
| W | : | Njuwun kawelasan. |
| B | : | Tyas Dalem Sri Jésus, ingkang Maha Sutji, |
| W | : | Njuwun kawelasan. |
| B | : | Tyas Dalem Sri Jésus, ingkang Maha Sutji, |
| W | : | Njuwun kawelasan Dalem. |
Rama, kula njuwun berkah. Kula ngakenaken dosa kula wonten ngarsaning Allah ingkang Mahakuwasa tuwin wonten ing ngarsanipun Rama; anggèn kula ngaken dosa ingkang kantun pijambak sapriki sampun........... Dosa kula.........
Sadaja dosa menika, tuwin dosa-dosa sanèsipuningkang sampun naté kula lampahi, kula getunisaèstu; samenika kula njuwun absolisi tuwin denḍaning dosa.
(Sadjroning Rama maringi absolisi, sembahjanga mBangun Keduwung).
[ 18 ]
| 1] | 1. Wong ana ing donja iku perluné apa? |
Tyang wonten ing donja menika perlunipun ngabdi Gusti Allah lan margi menika mangegih begdja wonten ing donja ngriki tuwin wonten ing ngakérat.
| |
| 2] | 2. Sapa sing paring piwulang, keprijé enggonku kudu pada ngabdi marang Gusti Allah? |
Ingkang paring piwulang, kados pundi anggén kula kedah sami ngabdi dateng Gusti Allah, menika langkung-langkung Kangdjeng Gusti Jésus Kristus.
| |
| 5] | 3. Keprijé enggonku kudu ngrungokaké marang piwulang Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus? |
| Anggén kula mirengaken dateng piwulang Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus kedah mawi pitados ingkang ageng tuwin raos urmat ingkang lebet. | |
| 5] | 4. Piwulang Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus iku tinemu ana ing ngendi? |
| Piwulang Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus menika pinanggih wonten ing piwulangipun Pasamuwan Sutji; déné ringkesanipun kamot wonten ing Katechismus. |
Bab:
Sahadaté Para Rasul
utawa:
rolas prekara bab Iman
(„Kawula pitados”)
„Aku iki kasunjatan”
(Joann. 14: 6)
„Sing sapa ngrungokaké kanḍaKu,
lan ngandel marang Pandjenengané
kang ngutus Aku, nduwèni urip
langgeng.” (Joann. 5: 24).
[ 20 ]
BAB GUSTI ALLAH.
- Prakara kang kapisan:
- „Kawula pitados ing Allah Rama Sang Maha-kuwasa, ingkang nitahaken bumi langit.”
3] 5. Gusti Allah iku sapa?
- Gusti Allah menika Rama kita ingkang dedalem ing swarga.
- Gusti Allah menika Rama kita ingkang dedalem ing swarga.
5] 6. Kaprijé ngertiku jén Allah iku ana?
- Menawi Gusti Allah menika wonten, ngertos kula:
- langkung-langkung saking weḍaran Dalem Gusti Jésus.
- ugi saking samukawis ingkang tumitah.
3] 7. Apa Gusti Allah iku luwih saka sidji?
- Boten, Gusti Allah menika namung sawidji.
- Boten, Gusti Allah menika namung sawidji.
6] 8. Apa Gusti Allah iku katingal?
- Boten Gusti Allah menika boten katingal, awit boten kagungan salira; Pandjenenganipun djumeneng Roh, ingkang Maha sampurna.
- Boten Gusti Allah menika boten katingal, awit boten kagungan salira; Pandjenenganipun djumeneng Roh, ingkang Maha sampurna.
- „Durung tau ana wong kang weruh Gusti Allah; Putra Dalem ontang-anting kang ana ing pangkon Dalem Hjang Rama iku kang ngandaraké bab Pandjenengané”.
Joann. 1: 18.
6] 9. Apa sebabé Gusti Allah iku disebut Maha sampurna?
- Gusti Allah menika dipun sebat Maha sampurna, awit Pandjenenganipun kagungan sadajaning sipat saé ingkang tanpa wates.
- Gusti Allah menika dipun sebat Maha sampurna, awit Pandjenenganipun kagungan sadajaning sipat saé ingkang tanpa wates.
4] 10. Apa Gusti Allah iku ing salawasé tansah ana?
- Inggih, Gusti Allah menika ing salaminipun tansah wonten. Pandjenenganipun menika langgeng.
- „Kaurmatan lan kamuljan ing salawas-lawasé kondjuka marang Ratuning kalanggengan, kang djumeneng Allah sawidji kang ora katingal lan ora owah gingsir”. I Tim. 1 : 7.
- Inggih, Gusti Allah menika ing salaminipun tansah wonten. Pandjenenganipun menika langgeng.
4] 11. Apa Gusti Allah iku saged samubarang?
- Inggih, Gusti Allah menika saged samukawis. Pandjenenganipun menika Mang Kuwasa.
- Inggih, Gusti Allah menika saged samukawis. Pandjenenganipun menika Mang Kuwasa.
3] 12. Gusti Allah iku ana ing ngendi?
- Gusti Allah menika wonten ing swarga, wonten ing donja tuwin wonten ing pundi-pundi. Gusti Allah menika ngèbeki saben panggénan.
- Gusti Allah menika wonten ing swarga, wonten ing donja tuwin wonten ing pundi-pundi. Gusti Allah menika ngèbeki saben panggénan.
4] 13. Apa Gusti Allah iku ngertos lan priksa samubarang?
- Inggih, Gusti Allah menika ngertos sarta priksa samukawis, inggih ingkang saé, inggih ingkang awon; Pandjenenganipun menika Maha Wikan.
- Inggih, Gusti Allah menika ngertos sarta priksa samukawis, inggih ingkang saé, inggih ingkang awon; Pandjenenganipun menika Maha Wikan.
4] 14. Apa Gusti Allah iku adil?
- Inggih, Gusti Allah menika adil; Pandjenenganipun nggandjar ingkang saé saha njiksa ingkang awon kanti murwat. [ 22 ]
4] 15. Apa Gusti Allah iku ambek welas?
- Inggih, Gusti Allah menika ambek welas; Pandjenenganipun sakalangkung rena paring pangapunten dateng tijang dosa, ingkang keduwung.
- Inggih, Gusti Allah menika ambek welas; Pandjenenganipun sakalangkung rena paring pangapunten dateng tijang dosa, ingkang keduwung.
4] 16. Apa Gusti Allah iku saé?
- Inggih, Gusti Allah menika saé; pandjenenganipun tresna ḍateng kula sadaja kanṭi katresnan ingkang tanpa wates; sarta samukawis ingkang saé asalipun inggih saking Pandjenenganipun.
- „Gusti Allah iku katresnan”. I Joann. 4 : 8.
- Inggih, Gusti Allah menika saé; pandjenenganipun tresna ḍateng kula sadaja kanṭi katresnan ingkang tanpa wates; sarta samukawis ingkang saé asalipun inggih saking Pandjenenganipun.
ALLAH SIDJI DJEDJER-TELU.
3] 17. Apa kang tak anḍaraké krana tetembungan tanḍa-pamenṭangan?
- Krana tetembungan tanḍa-pemanṭangan ingkang kula andaraken inggih menika, bilih Allah menika adjedjer tiga: Hjang Rama, Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji.
- Krana tetembungan tanḍa-pemanṭangan ingkang kula andaraken inggih menika, bilih Allah menika adjedjer tiga: Hjang Rama, Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji.
3] 18. Kaprijé ngertiku jen Allah iku adjedjer telu?
- Ngertos kula, jen Allah menika adjedjer tiga saking piwulang Dalem Gusti Jésus pijambak.
- Ngertos kula, jen Allah menika adjedjer tiga saking piwulang Dalem Gusti Jésus pijambak.
3] 19. Sidji-sidjining djedjer telu mau apa ija Allah temenan?
- Inggih, satunggal-satungaling djedjer tiga wau inggih Allah sajektos: Hjang Rama inggih Allah, Hjang Putra inggih Allah, Hjang Roh Sutji inggih Allah. [ 23 ]
6] 20. Apa sebabé déné djedjer telu mau mung Allah sidji?
- Djedjer tiga wau namung Allah satunggal, awit tetiganipun wau nunggil sa-dat.
4] 21. Apa sidji-sidjining djedjer iku ngungkuli lijané?
- Boten; tetiganing djedjer ka-Allahan wau sami sampurnanipun.
3] 22. Allah sawidji adjedjer telu mau paḍa daksebut apa?
- Allah sawidji adjedjer tiga wau sami kula sebat Hjang Trinidji ingkang Maha Sutji utawi Hjang Trimulja ingkang linangkung.
- „Sih Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Katresnan Dalem Gusti Allah lan panunggal-Dalem Hjang Roh Sutji anaa ing kowé kabéh”. II Kor. 13: 13.
- Rijaja Hjang Trinidji kang Maha Sutji iku dimuljakaké ing dina Ngahad kang kapisan bakda Pèntékostah.
- Anggonku ngakoni piandelku bab Hjang Trinidji kang Maha Sutji iku krana gawé tanḍa pamenṭangan lan sembahjang: Mugi linuhurna Hjang Rama, sapituruté. [ 24 ]
3] 23. Sebab apa Gusti Allah iku diarani kang nitahaké samubarang kabeh?
- Gusti Allah menika dipunwastani ingkang nitahaken samukawis, sebab Pandjenenganipun menika ingkang ngwontenaken sadajanipun namung krana Karsa Dalem ingkang Maha kuwasa kémawon.
4] 24. Apa sebabé déné Gusti Allah kersa nitahaké samubarang kabeh?
- Gusti Allah menika karsa nitahaken samukawis perlunipun minangka ngatingalaken kaluhuran sarta katresnan Dalem.
4] 25. Sebab apa Gusti Allah iku disebut Pangéran?
- Gusti Allah menika dipunsebat Pangéran, sebab sadaja menika dados kagungan Dalem.
5] 26. Sawisé nitahaké djagad Gusti Allah nuli nindakaké apa?
- Bakda nitahaken djagad Gusti Allah nunten nglestantunaken tuwin ngerèh djagad wau.
5] 27. Apa tegesé Gusti Allah nglestarekaké djagad?
- Gusti Allah nglestantunaken djagad menika tegesipun Gusti Allah ngladjengaken wontenipun djagad krana Maha kuwasa Dalem. [ 25 ]5] 28. Apa tegesé Gusti Allah ngerèhaké djagad?
- Gusti Allah ngerèhaken djagad tegesipun Gusti Allah nata lan ngener samukawis tumudju dateng antjas ingkang dipun kersakaken nalika nitahaken djagad.
3] 29. Pangreksa Dalem Gusti Allah marang djagad iku djenengé apa?
- Pangreksa Dalem Gusti Allah ḍumateng djagad menika dipun wastani „Rumeksa Dalem Gusti Allah”.
- „Rumeksa Dalem Gusti Allah nḍepani wates sidji lan sidjiné kanți kentjeng apa manèh ngerèhaké djagad rat kanți kesaénan”.
Sap. 8: 1.
6] 30. Apa gunané mikir-mikir marang Rumeksa Dalem Gusti Allah?
- Mikir-mikir ḍateng Rumeksa Dalem Gusti Allah menika suka panglipur lan pambombong ing salebetipun nanḍang sangsara tuwin karibedan, menapa malih murugaken tansah pitadjeng dateng Gusti Allah.
- „Ruwet rentengmu bjukna ing ngarsa Dalem, awit Pandjenengané iku kang ngreksa kowé”.
I Petr. 5 7.
5] 31. Jen Gusti Allah iku rumeksa ing sakabèhé, sebab apa déné donja iku kebak sangsara?
- Wontenipun donja kebak sangsara menika kabekta saking wontenipun dosa. [ 26 ]
3] 32. Titah-titah kang wigati iku sing endi?
- Titah-titah ingkang wigatos inggih menika Malaékat lan manungsa.
- „Menapa ta manungsa menika, déné kok Sampéjan Dalem karsa menggalih; menapa ta tijang menika, déné Sampéjan Dalem karsa rumeksa? Ewa semanten Sampéjan Dalem rengkuh méh ngèmperi para Malaékat”.
- Titah-titah ingkang wigatos inggih menika Malaékat lan manungsa.
Ps.8 : 5.6.
PARA MALAÉKAT LAN DOSANÉ.
4] 33. Malaékat iku apa?
- Malaékat menika roh ingkang luhur sarta lepat ing pedjah.
4] 34. Gusti Allah nitahaké Malaékat iku sedyané apa?
- Gusti Allah nitahaken Malaékat menika sedyanipun supados sami tjaos urmat tuwin ngabdi ḍateng Pandjenenganipun, lan margi nindakaken mekaten wau sageda sami rahadjeng.
3] 35. Nalika Malaékat mau katitahaké kahanané kapriye?
- Nalika Malaékat wau katitahaken kawontenanipun sami saé lan rahadjeng.
3] 36. Apa para Malaékat mau kabeh paḍa tulus betjik lan rahaju?
- Boten, para Malaékat wau boten sadaja tulus saé lan rahadjeng, katah ingkang sami nglam[ 27 ]
- pahi dosa, wasana ladjeng sami katjemplungaken ing naraka langgeng.
3] 37. Malaékat kang pada tumiba ing dosa mau diarani apa?
- Malaékat ingkang sami ḍumawah ing dosa wau dipun wastani sétan utawi roh awon.
- Malaékat ingkang sami ḍumawah ing dosa wau dipun wastani sétan utawi roh awon.
5] 38. Kaprijé pangrengkuhé sétan marang aku kabeh?
- Sétan menika gaḍah kadjeng awon ḍateng kula sadaja menggahing badan tuwin sukma, awit sami sengit sarta méri dateng kula sadaja.
- Sétan menika gaḍah kadjeng awon ḍateng kula sadaja menggahing badan tuwin sukma, awit sami sengit sarta méri dateng kula sadaja.
5] 39. Kaprijé bisaku ngalang-langi sétan enggoné gawé ala marang aku kabeh?
- Saged kula ngalang-alangi sétan anggénipun damel awon ḍateng kula sadaja, inggih menika srana waspada, sembahjang sarta nanggulang panggoḍanipun.
- Saged kula ngalang-alangi sétan anggénipun damel awon ḍateng kula sadaja, inggih menika srana waspada, sembahjang sarta nanggulang panggoḍanipun.
„Sing nalar lan waspada! Si sétan mungsuh-
mu, klintar-klinter kaja singa barong gera-
gero golèk sing arep dimangsa, lawanen kanṭi
tatag-ḍaḍag krana piandel”. I. Petr.5 : 8.9.
3] 40. Gusti Allah nggandjar apa marang para Malaékat kang betjik?
- Gandjaran ingkang dipun paringaken Gusti Allah ḍateng para Malaékat ingkang saé inggih menika swarga, papan panggènanipun para Malaékat wau rahadjeng langgeng ing samudajanipun.
- Gandjaran ingkang dipun paringaken Gusti Allah ḍateng para Malaékat ingkang saé inggih menika swarga, papan panggènanipun para Malaékat wau rahadjeng langgeng ing samudajanipun.
„Para Malaékat ing swarga tansah paḍa
njawang pasurjan Dalem Ramaku, kang ana
ing swarga”. Mt.18 : 10.
3] 41. Apa ana Malaékat kang pinidji ngreksa aku kowé?
- Inggih, ugi wonten Malaékat, ingkang sami pinidji ngreksa kula sadaja wiwit kula sami dumados ngantos dumugining pedjah; saben tijang nggaḍahi Malaékat satunggal ingkang kapatah ngemong, inggih menika Malaékat pamomongipun.
- „Pandjenengané bakal ḍawuh marang para Malaékat Dalem, supaja ngawat-awati lakumu. Kowé bakal pada didjundjung supaja adja nganti kesandung watu”. Ps.90: 11. 12.
- „Pandjenengané bakal ḍawuh marang para Malaékat Dalem, supaja ngawat-awati lakumu. Kowé bakal pada didjundjung supaja adja nganti kesandung watu”. Ps.90: 11. 12.
3] 42. Kapriyé pangemonging Malaékat mau marang manungsa?
- Malaékat pamomong wau ngajomi kita menggahing badan lan sukma. Pandjenenganipun paring pitulungan sadangunipun kula taksih sami gesang, tuwin samangsa sami pedjah.
4] 43. Apa kuwadjibanku marang Malaétkat pamomongku?
- Kula kedah sami ngurmati Malaékat pamomong kula, njuwun pangéstunipun kanti pitadjeng, sarta mirengaken dateng osikipun.
- Rijaja kanggo ngurmati para Malaékat pamomong: 2 Oktober.
- Rijaja kanggo ngurmati para Malaékat pamomong: 2 Oktober.
MANUNGSA KANG SAPISANAN LAN
4] 44. Manungsa iku apa?
- Manungsa menika titah ingkang kadadosan, saking sukma ingkang boten saged pedjah, kalijan badan ingkang baḍé pedjah. [ 29 ]6] 45. Mungguhing manungsa iku kang perlu ḍéwé
apané?
- Menggahing manungsa menika ingkang perlu pijambak sukmanipun, awit sukma menika roh, ingkang boten baḍé pedjah, katitahaken miturut wudjud lan tjitraning Allah.
- „Ajo paḍa nitahaké manungsa manut wudjud lan tjitraku; poma mbawahna iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing langit, kéwan-kéwan kang asikil papat, lan manèh salumahé bumi sarta kabèh waé kang pada gumremet ing kono”. Gen. 1: 26.
3] 46. Manungsa kang wiwitan iku sapa?
- Manungsa ingkang wiwitan menika Bapa Adam tuwin Ibu Kawa.
3] 47. Manungsa kang wiwitan mau paḍa manggon ana ing ngendi?
- Manungsa ingkang wiwitan wau sami manggèn kanṭi rahadjeng wonten ing taman Pirdus.
4] 48. Gusti Allah nitahaké manungsa iku kersané apa?
- Gusti Allah nitahaken manungsa menika supados manungsa ngurmati tuwin ngabdi Pandjenenganipun, lan margi mekaten wau manggih rahadjeng, ing samangké wonten ing donja sarta béndjing wonten ing swarga langgeng.
4] 49. Peparing Dalem Gusti Allah marang Bapa Adam lan Ibu Kawa kang luhur ḍéwé iku apa?
- Peparing Dalem Gusti Allah dateng Bapa Adam tuwin Ibu Kawa ingkang luhur pijambak inggih menika sih kasusantan. [ 30 ]4] 50. Marga sih kasusantan mau Bapa Adam lan Ibu Kawa apangkat apa?
- Margi sih kasusantan menika wau Bapa Adam tuwin Ibu Kawa apangkat putraning Allah sarta dados ahli waris swarga.
5] 51. Bebarengan karo sih kasusantan mau Bapa Adam lan Ibu Kawa pinaringan apa?
- Sesarengan kalijan sih kasusantan wau Bapa Adam lan Ibu Kawa pinaringan sih mirunggan inggih menika:
- mulunging manah ḍateng ingkang saé.
- waskita.
- lepat ing sangsara tuwin pedjah.
5] 52. Apa sih kasusantan lan sih mirunggan mau mung kanggo Bapa Adam lan Ibu Kawa déwé?
- Boten, sih kasusantan sarta sih mirunggan wau boten namung kanggé Bapa Adam tuwin Ibu Kawa pijambak, nanging kanggé tijang sadaja.
5] 53. Apa Bapa Adam lan Ibu Kawa lestari mbangun-turut marang Gusti Allah?
- Boten, Bapa Adam lan Ibu Kawa boten lestantun mbangun-turut dateng Gusti Allah, nanging sami ḍumawah ing dosa ageng.
3] 54. Sapa sing mbudjuk Bapa Adam lan Ibu Kawa nglakoni dosa?
- Sétan ingkang mbudjuk Ibu Kawa nglampahi dosa, déné Ibu Kawa mbudjuk Bapa Adam. [ 31 ]5] 55. Bapa Adam lan Ibu Kawa kélangan apa marga nglakoni dosa geḍé mau?
- Margi nglampahi dosa ageng wau Bapa Adam tuwin Ibu Kawa kétjalan sih kasusantan sarta sih mirunggan.
3] 56. Apa Bapa Adam marga dosané mung gawé tjilakané déwé waé?
- Boten. Margi dosanipun Bapa Adam namung damel tjilakanipun pijambak, nanging ugi tijang sanésipun sadaja.
6] 57. Apa sebabé déné Bapa Adam marga dosané uga gawé tjilakané wong lijané kabéh?
- Margi dosanipun Bapa Adam ugi damel tjilakanipun tijang sanésipun sadaja, awit Bapa Adam kinodrat ing Gusti Allah dados bapa-babuning bangsa manungsa.
- ,,Kaja déné marga wong sidji si dosa tumeka ing donja lan marga dosa mau si pati, mengkono uga si pati namani sakabehé manungsa, sebab kabéh waé pada nglakoni dosa”’.
- Margi dosanipun Bapa Adam ugi damel tjilakanipun tijang sanésipun sadaja, awit Bapa Adam kinodrat ing Gusti Allah dados bapa-babuning bangsa manungsa.
Rom, 5: 12.
4] 58. Dosa asal iku apa?
- Dosa asal menika kawontenan ing salebeting dosa, utawi kawontenan ing salebeting satron kalijan Gusti Allah, ingkang dipunwarisaken ḍateng sadaja manungsa.
29
- Boten, boten wonten tijang ingkang lepat saking dosa asal, kedjawi Sang dahat sinutji Kenja Dèwi Marijah.
- Dèwi Marijah pinurba mulus tanpa tjiri: rijajané tanggal 8 Désèmber.
5] 60. Marga dosa asal iku aku pada kelangan apa?
- Margi dosa asal menika kula sami kétjalan sih kasusantan lan sih mirunggan, ingkang tinampi ing Bapa Adam tuwin Ibu Kawa.
5] 61. Apa wong-wong ing saterusé bandjur tansah kélangan sih kasusantan?
- Boten, tijang-tijang ing saladjengipun boten tansah kétjalan sih kasusantan, awit Gusti Allah karsa melasi ḍateng bangsa manungsa.
6] 62. Apa wong-wong pada lestari kelangan sih mirunggan?
- Inggih, wonten ing donja ngriki tijang-tijang sami lestantun kétjalan sih mirunggan, nanging baḍé sami nampi menika wau malih, wonten ing swarga lan ing samangsa pun badan tangi saking pedjah kanṭi kamuljan.
3] 63. Kaprijé-enggoné Gusti Allah karsa melasi marang manungsa? Gusti Allah karsa melasi dateng manungsa sarana ngutus Sang Panebus.
- „Samono katresnan Dalem Gusti Allah marang donja, nganti karsa maringaké Putra Dalem ontang-anting, supaja sing sapa ngandel ing Pandjenengané ora bakal tiwas, nanging bakal urip langgeng”. Joann. 3: 16. [ 33 ]Piwulang kang kapitu.
4] 64. Apa Gusti Allah tumuli énggal ngutus Sang Panebus sawisé Bapa Adam nglakon dosa?
- Boten, Gusti Allah senadjan sanalika menika ugi paring kasagahan badé ngutus Sang Panebus, éwa semanten saweg let pinten-pinten abad anggénipun maringaken Sang Panebus wau.
4] 65. Kaprijé anggené Gusti Allah njawisaké djagad minangka nampa rawuh Dalem. Sang Panebus?
- Gusti Allah anggénipun njawisaken djagad minangka nampi rawuh Dalem Sang Panebus sarana Pradjandjian Lami.
4] 66. Pradjandjian lawas tku apa?
- Pradjandjian lami menika Pradjandjian, ingkang katindakaken Gusti Allah kalijjan bangsa Jahudi ingkang pinilih.
- ,,Wruhanamu, iki pradjandjianku marang kowé: kowé bakal dadi bapa-babuné bangsa akéh! Aku bakal djumeneng Gusti Allahmu lan anak putumu run-tumurun, minangka dadi Pradjandjian langgeng”’. Gen. 17 : 4, 7.
5] 67. Apa Gusti Allah njawisaké bangsa Fahudi murih nampa rawuh Dalem Sang Panebus?
- Inggih, Gusti Allah njawisaken bangsa Jahudi murih nampi rawuh Dalem Sang Panebus:
- sarana ngémutaken wongsal-wangsul, saja dangu saja tjeṭa, bab kasagahan Dalem baḍé ngutus Sang Panebus.
31
- 2. sarana medaraken prekawis-prekawis, ingkang dados titikanipun Sang Panebus ingkang baḍé Rawuh.
4] 68. Rawuh Dalem Sang Panebus mau diwartakaké marang sapa?
- Rawuh Dalem Sang Panebus wau kawartosaken dateng Sang Kenja Déwi Mariah, nalika Malaékat Gabriél nglantaraken dawuh, menawi Pandjenenganipun pinilih dados Ibu Dalem Sang Panebus.
- Pawarta mau dipéngeti ing rijaja Dewi Marijah tampi ajahan, tg. 25 Maret, apa manéh sarana sembahjang sadina ping telu: Malaékating Allah.
- Nalika pakarjan Dalem Sang Panebus wis rampung, sanalika iku uga Pradjandjian lawas diganti Pradjandjian Anjar. Ing Pradjandjian Anjar iki Gusti Allah paring sih nugraha marang sakabéhing manungsa supaja pada bisa rahaju lantaran Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, kang djumeneng Pantaraning Pradjandjian Anjar.
- KANGDJENG GUSTI JESUS KRISTUS.
- Prakara kang kapinḍo:
- ,,saha ing Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Putra Dalem ontang-anting Pangéran kawula”.
3] 69. Sang Panebus iku sapa?
- Sang Panebus menika Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Pangéran kita,
32 [ 35 ]3] 70. Gusti Jésus Kristus iku sapa?
- Gusti Jésus Kristus menika Allah Hjang Putra, ingkang sampun mandjalma dados manungsa margi kula sadaja.
4] 71. Apa Gusti Jésus Kristus iku ija Allah ija manungsa?
- Inggih, Gusti Jésus Kristus menika inggih Allah, inggih manungsa, Pandjenenganipun djumeneng: Allah-manungsa.
5] 72. Apa Sang Kristus iku kagungan dat loro?
- Inggih. Sang Kristus menika kagungan dat kalih, inggih menika dat ka-Allahan tuwin dat kamanungsan.
5] 73. Apa djedjer Dalem Sang Kristus iku uga loro?
- Boten. Djedjer Dalem Sang Kristus menika namung satunggal, inggih menika: djedjer kaallahan, Allah Hjang Putra.
5] 74. Apa tegesé Asma „Jésus” lan Asma „Kristus”?
- „Jésus” tegesipun: „Pangéran nebus”;
- „Kristus” tegesipun: „djinebadan”.
- Rijaja: Asma Dalem ingkang manis.
- „Malaékating Pangéran ngandika marang St. Jusup: Pandjenenganipun katjaosana Asma Jésus, awit baḍé nebus umat Dalem saking sadaja dosanipun”.
Mt. 1: 20, 21.
5] 75. Apa sebabé Gusti Jésus Kristus iku tak sebut Pangéran? Gusti Jésus Kristus menika kula sebat Pangéran, awit Pandjenenganipun sampun karsa nebus [ 36 ]
- kula sadaja, lan margi saking menika kula sadaja, sampun dados kagungan Dalem babar pisan.
- Prakara kang katelu:
- Ingkang mijos saking Kenja Déwi Marijah, kagarba déning kuwaosing Hjang Roh Sutji".
4] 76. Apa tegesé Allah Hjang Putra mandjalma?
- Allah Hjang Putra mandjalma tegesipun:
- Allah Hjang Putra mundut sukma lan badan manungsa.
4] 77. Apa Hjang Allah-manungsa iku pada karo aku kowé ing sakabehé?
- Inggih, Hjang Allah-manungsa menika sami kalijan kula sadaja ing samukawisipun, kedjawi menggahing dosa.
6] 78. Kaprijé anggéné Allah Hjang Putra mandjalma?
- Allah Hjang Putra anggènipun mandjalma saking ingkang dahat sinutji Kenja Dèwi Marjah, margi saking pakarjan Dalem Hjang Roh Sutji, ingkang ngistiméwani.
3] 79. Ibu Dalem Gusti Jésus Kristus iku sapa?
- Ibu Dalem Gusti Jésus Kristus menika Sang Kenja Dèwi Marijah. [ 37 ]4] 80. Apa Dèwi Marijah iku Ibuning Allah temenan?
- Dèwi Marijah menika Ibuning Allah saèstu, awit Gusti Jésus, Putra dalem menika, njata Allah saèstu.
5] 81. Sebab apa Dèwi Marijah disebut Kenja sinutji?
- Dèwi Marijah menika kasebat Kenja sinutji, djalaran pandjenenganipun menika sami-sami manungsa murni tuwin sutji pijambak sarta ing salaminipun lestantun kenja.
3] 82. Santo Jusup iku sapa?
- Santo Jusup menika rama-emban-Dalem Gusti Jésus Kristus.
3] 83. Gusti Jésus iku mijos ana ing ngendi?
- Gusti Jésus menika mijos wonten ing Bètlekèm ing salebeting kandang.
3] 84. Kapan anggonku pada muljakaké Rijaja wijosan Dalem Gusti Jésus?
- Anggèn kula sami muljakaken Rijaja Wijosan Dalem Gusti Jésus menika ing dinten Kèrsmis: tanggal 25 Ḍésèmber.
5] 85. Apa sebabé Allah Hjang Putra mandjalma dadi manungsa? Allah Hjang Putra mandjalma dados manungsa menika sebabipun:
- perlu tjaos pepulih kondjuk Rama Dalem ingkang bendu margi saking dosaning manungsa. [ 38 ]
- perlu labet ngangsalaken sih-nugraha sarta wewenang ing ngatasipun swarga kanggé kula sadaja.
- perlu nedahaken marginipun dateng swarga sarana tulada tuwin piwulang Dalem dateng kula sadaja.
LAN SUGENG DALEM MEMPEN.
4] 86. Kaprijé anggené Gusti Allah paring priksa bab mijosé Putra Dalem?
- Gusti Allah paring priksa bab miosipun Putra Dalem dateng para pangén ing Bètlekèm lantaran Malaékat, déné ḍateng para Sardjana tanah Wétanan sarana lintang ingkang nganèh-anèhi.
- Rijaja: Gusti ngatingal utawa Ratu tetelu: tanggal 6 Djanuari.
4] 87. Dek kapan anggené Gusti Jésus ditjaosaké ana ing Padaleman sutji?
- Anggénipun Gusti Jésus katjaosaken kondjuk Gusti Allah wonten ing Padaleman sutji menika kawandasa dintenipun bakda mijos Dalem.
- Rijaja: Wiladah dalem Déwi Marijah tanggal 2 Fébruari.
4] 88. Ora let suwé bakda mijos Dalem Gusti Jésus dianiaja sapa?
- Boten let dangu bakda mijos Dalem, Sri Jésus dipunaniaja Heérodès, ratu ambeg sija, ingkang ngudi baḍé njédani Gusti Timur.
4] 89. Kaprijé anggèné Gusti Jésus saged ontjat saka panganiajané Hérodes?
- Anggènipun Gusti Jésus saged ontjat saking panganiajanipun Hérodès, margi Santo Jusup dipunḍawuhi Malaékat djengkar tindak dateng Mesir ngampil Sang Timur tuwin Ibu Dalem.
4] 90. Bakda kondur saka Mesir, Gusti Jésus dedalem ing ngendi?
- Bakda kondur saking Mesir, Gusti Jésus dedalem ing Nasarèt, dados satunggal kalijan Santo Jusup tuwin Dèwi Marijah wonten ing dalem limrah sarwa prasadja, kagunganipun Santo Jusup tuwin Dèwi Marijah.
Rijaja Brajat Minulja: Ngahad bakda Ratu tetelu.
5] 91. Apa kang dadi piwulang Dalem Gusti Jésus marang aku kabèh ana ing Padaleman sutji kalané juswa rolas taun?
- Kalanipun juswa kalih welas taun wonten ing Padaleman sutji, Gusti Jésus paring piwulang dateng kula sadaja, supados ngèstokaken karsa Dalem Gusti Allah ngungkuli samukawis.
,,Menapaa pandjenengan sami ngupadosi kula? Menapa pandjenengan boten sami priksa, bilih kula kedah wonten ing ngarsa Dalem Kangdjeng Rama?" Luk. 2 : 49.
4] 92. Ana ing Nasarèt Gusti Jésus nindakaké sugeng apa?
- Wonten ing Nasarèt Gusti Jésus nindakaken sugeng mempen mempen kalijan sembahjang tuwin njambut damel, langkung-langkung kanți mbangun-turut.
- ,,Pandjenengané mbangun-turut. Gusti Jésus mindak-minḍak menggahing kawitjaksanan lan juswa Dalem, apa manèh saja damel rena- ning Allah lan manungsa". Luk. 2 : 51, 52.
SUGENG DALEM GUSTI JÉSUS
3] 93. Kapan wiwité Gusti Jésus sugeng ana ing masarakat?
- Gusti Jésus miwiti sugeng wonten ing masarakat, nalika kinten-kinten ndungkap juswa tigangdasa taun.
4] 94. Apa sing ditindakaké Gusti Jésus nalika wiwit sugeng ana ing masarakat?
- Nalika Gusti Jésus wiwit sugeng wonten ing masarakat, ngersakaken dipunbaptis Santo Joannes wonten ing lèpèn Jordan. Bakda menika ladjeng sijam kawandasa dinten kawandasa dalu wonten ing ara-ara samun, sarta wonten ing ngriku dipungoda ing sétan.
4] 95. Apa sing ditindakaké Gusti Jésus sasuwéné sugeng ana ing masarakat?
- Sadangunipun sugeng wonten ing masarakat, Gusti Jésus paring piwulang Dalem ingkang sutji. Pandjenenganipun ngangkat Rasul kalih-welas sarta jasa Pasamuwan sutji.
4] 96. Kaprije anggèné Gusti Jésus mbuktèkaké, jèn Pandjenengané iku Utusan Dalem Hjang Rama?
- Anggènipun Gusti Jésus mbuktèkaken, jèn Pan- djenenganipun menika Hjang Allah-manungsa, Utusan Dalem Hjang Rama, srana nindakaken pangéram-éram katah sanget, mawi kuwaos Dalem pijambak, blak-blakan, wonten ing ngadjengipun tijang katah.
4] 97. Pangéram-éram Dalem sing gedé déwé iku sing endi?
- Pangéram-éram Dalem ingkang ageng pijambak, inggih menika: anggènipun wungu saking séda, mawi panguwaos Dalem pijambak, kados ang- gènipun sampun paring pametja.
SANGSARA LAN SÉDA DALEM GUSTI JÉSUS.
- Prakara kang kapat:
,,Ingkang nanḍang sangsara nalika djaman- ipun Ponsius Pilatus, saha kapenṭang, séda sarta kasarèkaken".
3] 98. Anggèné Gusti Jésus wiwit nandang sangsara iku ana ngendi?
- Anggènipun Gusti Jésus wiwit nandang sangsara menika wonten ing Patamanan Djaétun.
4] 99. Ana ing Patamanan Djaétun Gusti Jésus nemahi kasangsaran apa?
- Wonten ing Patamanan Djaétún Gusti Jésus miris gumeter ketir-ketir ngantos mèh séda. Ladjeng dipuntjidrani Judas, sarta kaulungaken dateng tijang-tijang Jahudi.
4] 100. Sawisé ditjidrani, Gusti Jésus nemahi kasangsaran apa?
- Sasampunipun dipuntjidrani Judas, Gusti Jésus ladjeng dipuntangkep tijang-tijang Jahudi, sarta dipunukum séda, dipunpepojoki Hérodès, saking préntahipun Pilatus dipunsapu, lan dipunmaku- țani eri, ladjeng dipunsédani.
3] 101. Séda Dalem Gusti Jésus iku dikapakaké?
- Séda Dalem Gusti Jésus menika margi dipun- pentang ing Salib.
3] 102. Anggèné Gusti Jésus disalib ana ing ngendi?
- Gusti Jésus anggènipun dipunsalib wonten ing redi Kalpari, boten tebih saking kita Jérusalém.
3] 103. Sédané Gusti Jésus iku dek kapan?
- Sédanipun Gusti Jésus menika ing dinten Djumuwah-Adi, kinten-kinten djam tiga sijang.
4] 104. Apa sing kelakon nalika Gusti Jésus séda?
- Nalika Gusti Jésus séda, Sukma Dalem pisah kalijan Salira Dalem; nanging ka Allahan Dalem lestantun manunggil kalijan kalih-kalihipun.
3] 105. Sawisé Gusti Jésus séda, Salira Dalem dikapakaké?
- Sasampunipun Gusti Jésus séda, Salira Dalem dipundjodjoh mawi tumbak, kaeḍakaken saking Salib, wusana dipunsarèkaken ing pasaréan séla ingkang taksih énggal.
6] 106. Sebabé apa déné Séda Dalem mau ngolèhaké pepulihing sakabèhing dosa lan ngolèhaké sakabèhing sih Dalem?
- Séda Dalem wau ngangsalaken pepulihing sadaja dosa lan ngangsalaken sadaja sih Dalem, awit nalika gumantung wonten ing Salib, Gusti Jésus djumeneng Imam Agung ingkang ngundjukaken Salira Dalem dados Kurban sedjati.
6] 107. Sebabé apa déné Kurban Salib iku Kurbaning Pradjandjian Anjar kang sampurna?
- Kurban Salib menika Kurbaning Pradjandjian Énggal ingkang sampurna, awit dalah Imam Agung tuwin kurbanipun nggaḍahi aos ingkang tanpa wates.
4] 108. Anggèné Gusti Jésus séda iku kanggo rahajuné sapa?
- Anggènipun Gusti Jésus séda menika kanggé rahadjengipun tijang sadaja.
4] 109. Sebab apa kok ora kabèh wong bakal nampa karahajon?
- Boten sadaja tijang baḍé nampi karahajon, awit boten sadaja tijang badé migunakaken sih Dalem.
Ngéling-éling Sangsara Dalem iku kelakoné luwih-luwih: ing sadjroning Minggu Adi lan jèn sembahjang Dalan Pamentangan.
GUSTI JÉSUS WUNGU SAKA SÉDA.
Prakara kang kalima:
,,Teḍak ḍateng naraka, tigang dintenipun wungu saking séda".
4] 110. Sawisé Gusti Jésus séda, Sukma Dalem menjang ngendi?
- Sasampunipun Gusti Jésus séda, Sukma Dalem teḍak ḍateng naraka, inggih menika Papan pangentosan.
4] 111. Papan pangentènan iku apa?
- Papan pangentosan menika panggènanipun para sukmaning tijang mursid ngentosi anggènipun katebus ing Gusti Jésus.
3] 112. Salira Dalem mau apa lestari ana pasaréan terus?
- Boten. Salira Dalem wau boten lestantun wonten pasaréan, nanging Gusti Jésus wungu saking séda.
5] 113. Anggèné Gusti Jésus wungu saka séda, iku kaprijé?
- Gusti Jésus ngempalaken Sukma lan Salira Dalem dados satunggal, wungu saking pasaréan ingkang taksih mineb, sampun boten saged séda malih lan ngagem kamuljan.
3] 114. Anggèné Gusti Jésus wungu saka séda iku kapan?
- Anggènipun Gusti Jésus wungu saking séda menika tigang dintenipun bakda séda, ngleresi Ngahad éndjing.
3] 115. Rijajané Wungu Dalem iku kapan?
- Rijajanipun Wungu Dalem menika: dinten Paskah.
5] 116. Sawisé Gusti Jesus wungu saka séda, bandjur nindakaké apa?
- Sasampunipun Gusti Jésus wungu saking séda, wongsal-wangsul ngetingali para Rasul lan murid-murid Dalem salebetipun kawandasa dinten: ngendikakaken bab Pasamuwan Sutji lan sagah baḍé ngutus Hjang Roh Sutji.
- „Sarana bukti warna-warna Gusti nedahaké jen sabakdané sangsara Pandjenengané isih sugeng. Sadjroning patangpuluh dina bola-bali ngetingali para murid, lan ngendikakaké bab Kratoning Allah”. Acta. 1 : 3.
- „Aku kabéh pada ngandel marang Pandjenengané, Kangdjeng Gusti Jésus Pangéranku, kang wis kaulungaké krana kadurakanku, lan kang wus wungu Saka séda murih karahajonku”. Rom. 4 : 25.
- „Sarana bukti warna-warna Gusti nedahaké jen sabakdané sangsara Pandjenengané isih sugeng. Sadjroning patangpuluh dina bola-bali ngetingali para murid, lan ngendikakaké bab Kratoning Allah”. Acta. 1 : 3.
- GUSTI MÉKRAD MENJANG SWARGA.
Prakara kang kanem:
„Mékrad ḍateng Swarga, pinarak satengening Allah Rama Sang Maha kuwasa”.
3] 117. Ḍék kapan anggéné Gusti mékrad menjang Swarga?
- Anggénipun Gusti Jésus mékrad dateng Swarga [ 46 ]
- menika kawandasa dinten bakda Wungu-Dalem saking séda.
- Dina rijaja: Mékrad-Dalem.
- Dina rijaja: Mékrad-Dalem.
4] 118. Angèné Gusti mékrad iku kaprijé?
- Anggènipun Gusti mékrad menika ngagem panguwaos Dalem pijambak, wonten sangadjengipun para Rasul lan murid-murid Dalem kaṭah.
6] 119. Apa tegesé „Gusti Jésus pinarak satengening Allah Rama Sang Mahakuwasa”?
- „Gusti Jésus pinarak satengening Allah Rama Sang Mahakuwasa” tegesipun: Gusti Jésus, ingatasipun manungsa, mengku panguwaos kamuljaning Allah,.
- „Jèn kowé tangi saka ing pati nḍèrèk karo Sang Kristus, gelèkana barang-barang kang asalé saka nḍuwur, papané Sang Kristus lenggah ing satengené Asta Dalem Gusti Allah”.
- „Jèn kowé tangi saka ing pati nḍèrèk karo Sang Kristus, gelèkana barang-barang kang asalé saka nḍuwur, papané Sang Kristus lenggah ing satengené Asta Dalem Gusti Allah”.
Col.3 : 1.
6] 120. Panguwaos Dalem Sang Kristus kang diasta ing salawas-lawasé iku djenengé apa?
- Panguwaos Dalem Sang Kristus ingkang kaasta ing salami-laminipun menika namanipun „Kaprabon Dalem Sang Kristus”.
- Dina rijaja: Sang Kristus Nata: Ngahad kang pungkasan ing sasi Oktober.
- Dina rijaja: Sang Kristus Nata: Ngahad kang pungkasan ing sasi Oktober.
6] 121. Sang Kristus ana ing Swarga nindakaké apa tumrapé bangsa manungsa?
- Sang Kristus wonten ing Swarga dados lantaranipun tijang sadaja, wonten ing ngarsa Dalem [ 47 ]
- Allah Hjang Rama; Pandjenenganipun dados Imam Agung, tansah njembahjangaken para umat manungsa.
- „Anak-anakku anggonku nulis lajang iki, supaja kowé adja paḍa nglakoni dosa. Ewasemono, jen ana wong sing tumiba ing dosa, isih ana Kang paring pitulungan ana ngarsa Dalem Hjang Rama, ija iku Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Sang Sinutji. Pandjenengané dadi Pitempahing dosa, ora mung dosaku baé, uga dosané wong sadjagad”.
I Jo. 2 : 1, 2.
GUSTI JÉSUS DJUMENENG
Prakara kang kapitu:
„saking ngriku baḍé rawuh angadili para tijang gesang utawi pedjah”.
6] 122. Anggené Gusti bakal rawuh maneh iku bésuk kapan?
- Gusti Jésus baḍé rawuh malih ing pungkasanipun djagad, perlu nḍawahaken pengadilan ḍateng sadaja tijang sesarengan. Pengadilan menika dipunwastani Pengadilan Umum, utawi Pengadilan Pungkasan.
- „Pandjenengané pinidji ing Gusti Allah djumeneng Maha Djeksa kang bakal ngadili wong urip lan wong mati”. Acta. 10: 42.
- „Hjang Rama masrahaké Pengadilan Dalem marang Hjang Putra, supaja kabeh wong tjaos pakurmatan marang Pandjenengane”.
- „Pandjenengané pinidji ing Gusti Allah djumeneng Maha Djeksa kang bakal ngadili wong urip lan wong mati”. Acta. 10: 42.
Jo. 5 : 22, 23
- Kelampahanipun Pengadilan Umum menika ing pungkasaning djagad, nanging dintenipun boten wonten ingkang ngertos.
6] 124. Apa sing bakal kelakon ngarepaké Pengadilan Umum?
- Ingkang badé kelampahan ngadjengaken Pengadilan Umum, inggih menika:
- baḍé wonten panguja-uja ingkang nggegirisi saking pun anti-krist.
- djagad badé lebur.
- tijang ingkang sampun pedjah badé tangi.
5] 125. Ing Pengadilan Umum Gusti Jésus bakal ngendika kaprijé marang para mursid?
- Ing Pengadilan Umum Gusti Jésus badé ngendika ḍateng para mursid mekaten:,,Pada mrénéa, wong kang pada djinangkung ing Ramaku, tampanana Kraton, kang disediakaké kanggo kowé kabèh wiwit saka dumadining djagad".
5] 126. Ing Pengadilan Umum Gusti Jésus bakal ngendika kaprijé marang wong duraka?
- Ing Pengadilan Umum Gusti Jésus badé ngendika dateng tijang duraka mekaten:
,,Minggata saka kéné, hèh wong duraka, kang kena ing musibat, njemplunga ing geni langgeng".
- Prakara kang kawolu:
- „Kawula pitados ing Hjang Roh Sutji”.
5] 127. Sawisé Mékrad Dalem, apa sing diparingaké Gusti Jésus kang disik ḍéwé?
- Sasampunipun Mékrad Dalem, ingkang dipun paringaken Gusti Jésus ingkang rumijin pijambak, inggih menika Hjang Roh Sutji, ingkang sampun kasagahaken ing sadèrèngipun.
- Dina rijaja: Pèntékostah, tedak Dalem Hjang Roh Sutji: 50 dina bakda Paskah.
3] 128. Tedak Dalem Hjang Roh Sutji ing dina Pèntékostah, iku warna apa?
- Teḍak Dalem Hjang Roh Sutji ing dinten Pèntékostah menika awarni ilat-ilatan latu.
5] 129. Nalika Hjang Roh Sutji teḍak ing rijaja Pèntékostah para Rasul paḍa pinaringan apa?
- Nalika Hjang Roh Sutji teḍak ing rijadi Pèntékostah, para Rasul pinaringan pepaḍang, kekendelan, lan kasantosan anggènipun baḍé mentjaraken piwulang Dalem Sang Kristus ḍateng sadaja bangsa.
5] 130. Apa sing pinaringan Hjang Roh Sutji kuwi mung para Rasul waé?
- Ingkang pinaringan Hjang Roh Sutji menika boten namung para Rasul kémawon; miturut [ 50 ]
- kasagahan Dalem Sang Kristus, Hjang Roh Sutji ing saladjengipun kaparingaken ḍateng Pasamuwan Sutji sawarga-warganipun sadaja minangka dados Panglipur sarta Kekijatan saking nginggil.
6] 131. Hjang Roh Sutji iku nindakaké apa tumrapé Pasamuwan Sutji?
- Hjang Roh Sutji menika ngerèhaken, nutjèkaken Pasamuwan Sutji sarta paring pitulungan sampun ngantos kesasar. Pandjenenganipun djumeneng Sukmaning Pasamuwan Sutji.
6] 132. Hjang Roh Sutji iku nindakaké apa tumrapé warganing Pasamuwan Sutji?
- Hjang Roh Sutji dedalem ing warganing Pasamuwan Sutji ingkang kasinungan sih kasusantan; nutjèkaken inggih sukmanipun inggih badanipun tuwin nenuntun ngambah margining ngagesang tjara putraning Allah.
- „Sapa baé kang katuntun ing Rohing Allah, iku putraning Allah”.
Rom. 8 14.
- „Apa kowé ora ngerti jèn awakmu iku padaleman Dalem Hjang Roh Sutji kang dedalem ana ing kowé lan wis kok tampa saka ing Allah?”
I Cor. 6: 19.
- „Sang Roh pijambak wis paring paseksèn bareng karo rohku, jèn aku iki putraning Allah”.
Rom. 8 16.
- „Sang Roh paring pitulungan marang kasèkènganku. Pandjenengané njenjuwunaké aku kanți ngrerintih”.
Rom. 8: 26.
- Hjang Roh Sutji menika pantes dipunurmati kanṭi mirunggan, awit Pandjenenganipun menika Daja ingkang nutjékaken tumrap Pasamuwan Sutji lan kula sadaja.
- Aku pada tjaos pakurmatan marang Hjang Roh Sutji Srana sembahjang: ,,Duh, Roh ingkang Sutji, sumangga kawula aturi tedak ing manahipun abdi Dalem tijang ingkang pitados, saha angurubaken katresnanipun srana urubing katresnan Dalem".
- Prakara kang kasanga:
- ,,Pasamuwan Katulik ingkang sutji, lan Panunggiling para Sutji".
4] 134. Gusti Jésus jasa apa supaja pakarjan Dalem ing donja kéné dilestarèkaké?
- Supados pakarjan Dalem wonten ing donja ngriki dipunlestarekaken, Gusti Jésus jasa Pasamuwan Sutjl.
- ,,sang Kristus tresna marang Pasamuwan Sutji. Pandjenengané wis karsa ngulungaké Salira Dalem pribadi, perlu nutjekaké lan ngresikaké Pasamuwan Dalem, amrih njawisaké anggéné bakal kagungan Pasamuwan kang kuntjara. Pandjenengané gumatos lan rumeksa marang Pasamuwan Dalem, marga aku-kowé pada dadi gegelitané Salira Dalem".
Eph. 53 25-30.
49
- Pasamuwan Sutji menika Pakempalan jejasan Dalem Sang Kristus, amrih ndjumenengaken Kratoning Allah wonten ing tengah-tengahing sadaja manungsa ngantos sarampungipun.
3] 136. Pasamuwan, jasan Dalem Sang Kristus, iku djenengé apa?
- Pasamuwan, jasan Dalem Sang Kristus, menika namanipun: Pasamuwan Sutji Rum Katulik.
6] 137. Pasamuwan Sutji iku diarani apa manèh?
- Pasamuwan Sutji menika ugi dipun wastani: Salira Dalem Sang Kristus ingkang winados, ginaib utawi tasawup. (Mystic).
6] 138. Pasamuwan Dalem Sang Kristus iku apa katon?
- Inggih, Pasamuwan Dalem Sang Kristus menika katingal, awit kaparingan Pangrèh ingkang katingal, Panguwaos memulang ingkang katingal tuwin Kaimaman ingkang katingal.
5] 139. Pasamuwan Dalem Sang Kristus iku sipat-sipaté kaprijé?
- Pasamuwan Dalem Sang Kirstus menika sipat-sipatipun: sawidji, sutji, katulik lan apostolik.
5] 140. Anggoné Pasamuwan Dalem asipat sawidji iku dunungé ana ing ngendi?
- Anggènipun Pasamuwan Dalem asipat sawidji menika dumunung wonten ing: [ 53 ]
- piwulangipun.
- srana-srana anggènipun tijang saged angsal sih Dalem.
- panuntunipun.
- „Raga sidji Djiwa sidji, kaja déné enggonmu pada tinimbalan uga ana ing sadjroné pangarep-areping timbalanmu sidji; Gusti sidji, piandel sidji, baptis sidji; Allah sidji lan Ramané kabèh waé, kang ngungkuli kabèh waé, nrabas kabèh waé lan ana ing sadjroné kabèh waé”.
Eph. 4 4, 5, 6.
5] 141. Kaprijé katerangané déné Pasamuwan Sutji iku asipat sutji?
- Pasamuwan Sutji menika asipat sutji, awit:
- memulang piwulang sutji,
- paring sakațahing srana sagedipun dados sutji,
- tansah apeputra tijang Sutji.
- „Wus tinulis: Sing pada sutji, awit Aku déwé sutji”.
I. Petr. 1: 16.
5] 142. Kaprijé katerangané déné Pasamuwan Sutji iku asipat katulik utawa umum?
- Pasamuwan Sutji menika asipat katulik utawi umum, awit kakersakaken Sang Kristus kanggé sadaja bangsa lan sumebar ing saindenging djagad.
- Sabda Dalem Gusti Jésus marang para Rasul kang wekasan:„Pada sumebara lan mulanga sakabèhing bangsa, baptisen kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama saha Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji; pada wurukana [ 54 ]
- ngèstokaké kabèh kang dadi ḍawuhKu. Wruhanamu: Aku bakal nunggal karo kowé nganti tekan wekasaning djagad”.
Matt. 28: 19, 20.
5] 143. Kaprijé katerangané déné Pasamuwan Sutji iku asipat apostolik?
- Pasamuwan Sutji menika asipat apostolik, awit ing salaminipun madeg, lan ing pundi kémawon sumebaripun, tansah manunggil kalijan Pasamuwan Dalem nalika djamanipun para Rasul.
- „Kowé iku diedegaké ana ing dasaring para Rasul lan para Nabi”.
Eph. 2 20.
3] 144. Wong dadi warganing Pasamuwan Sutji iku sranané kaprije?
- Tijang dados warganipun Pasamuwan Sutji menika srananipun: dipunbaptis.
5] 145. Kaprijé tjarané anggonku kudu mèlu ndjembaraké Pasamuwan Sutji?
- Anggèn kula kedah tumut ndjembaraken Pasamuwan Sutji menika tjaranipun: sembahjang lan kurban tuwin njokong pakempalan-pakempalan ingkang dipunwontenaken kanggé sumebaring Pengandel Sutji.
- Pakumpulan papat murih pentjaring Pengandel sutji sing perlu ḍéwé, ija iku:
- Pakumpulan „Pentjaring Pengandel Sutji” kagungan Dalem Kangdjeng Paus, — murih mertobaté wong abangan utawa kang ora ngibadah.
- Pakumpulan „Sri Jésus Sang Timur” kagungan Dalem Kangdjeng Paus, — ngudi panggulawențahing botjah-botjah, anaké wong abangan. [ 55 ]
- Pakumpulan ,,Rasul Pétrus” kagungan Dalem Kangdjeng Paus, — mitulungi pangupakarané para Imam pribumi.
- Tindak rasul ,,Ngumpulaké manèh”, — supaja Agama-agama Kristen kang wis paḍa misah, pada mulih ing kanḑangé nunggal dadi sidji karo Pasamuwan Katulik ing Negara Ngerum.
5] 146. Sapa sing ditetepaké Gusti Jésus ngeréh Pasamuwan Dalem?
- Ingkang dipuntetepaken Gusti Jésus ngeréh Pasamuwan Dalem menika: para Rasul lan sadaja ingkang nggentosi.
3] 147. Sapa sing ditetepaké Gusti Jésus dadi Panggedéné Pasamuwan Dalem?
- Ingkang dipuntetepaken Gusti Jésus dados Pengagengipun Pasamuwan Dalem inggih menika Santo Pétrus.
5] 148. Anggené Gusti Jésus sagah arep paring panguwasa kang duwur déwé marang Rasul Pétrus ku ngagem tetembungan kaprijé?
- Anggénipun Gusti Jésus sagah badé paring panguwaos ingkang inggil pijambak dateng Rasul Pértus menika ngagem tetembungan: ,,Kowé iku Pétrus, lan ing sanduwuring karang padas iki Aku bakal ngedegaké Pasamuwanku’’. [ 56 ]
4] 149. Anggèné Gusti Jésus paring panguwasa kang ḑuwur ḑéwé marang Rasul Pétrus iku ngagem tetembungan kaprijé?
- Anggènipun Gusti Jésus paring panguwaos ingkang inggil pijambak ḍateng Rasul Pétrus menika ngagem tetembungan: ,,Engonen tjempé-tjempéKu, engonen weḑus-weḑusKu”’.
5] 150. Apa Gusti Jésus pijambak dudu Panggeḍéné Pasamuwan Sutji?
- Inggih. Gusti pijambak djumeneng, lan salaminipun lestantun djumeneng, Pengagengipun Pasamuwan Sutji, nanging Santo Pétrus katetepaken dados Wakil Dalem ingkang katingal wonten ing donja ngriki.
3] 151. Sapa sing nggenténi Santo Pétrus?
- Ingkang nggentosi Santo Pétrus, inggih menika: Kangdjeng Paus.
4] 152. Kangdjeng Paus iku apa?
- Kangdjeng Paus menika Kangdjeng Biskopipun kiṭa Ngerum, gegentosipun Santo Pétrus ingkang absah; Wakil Dalem Sang Kristus ing donja ngriki.
5] 153. Sapa sing nggenténi para Rasul?
- Ingkang nggentosi para Rasul menika: para Biskop. Para Biskop menika sami katetepaken Hjang Roh Sutji ngerèhaken Pasamuwan Dalem Sang Kristus wonten ing kabiskopanipun pijambak-pijambak ing sanganḍaping Panguwaosipun Kangdjeng Paus, ingkang inggil pijambak. [ 57 ]
- „Pada rumeksa marang awakmu ḍéwé lan marang weḍus-weḍus, kang dipasrahaké marang kowé saka Karsa Dalem Hjang Roh Sutji, supaja kowé ngerèhaké Pasamuwan Dalem Gusti, kang anggèné angsal krana Rah Dalem”.
Acta. 20: 28,
5] 154. Sapa kang mbantu pakarjané para Biskop?
- Ingkang mbantu pakarjanipun para Biskop inggih menika para Rama Pastur ing salebeting wewengkon-parokinipun pijambak-pijambak, samanten ugi para Imam sanès-sanèsipun.
6] 155. Sing diarani skismatik iku wong apa?
- Ingkang dipunwastani skismatik menika tijang ingkang sampun kabaptis, lan inggih lestantun ngaken tijang Kristen, nanging boten purun mbangun miturut dateng Kangdjeng Paus ing Ngerum.
PANGUWASA MEMULANG.
5] 156. Ing Pasamuwan Sutji sing diparingi panguwasa memulang iku sapa?
- Ing Pasamuwan Sutji ingkang pinaringan panguwaos memulang menika: Kangdjeng Paus lan para Biskop. [ 58 ]
5] 157. Apa Pasamuwan Sutji bisa kléru jen ngandaraké Piwulang Dalem Sang Kristus?
- Pasamuwan Sutji boten saged kléentu jen ngandaraken Piwulang Dalem Sang Kristus. Ing prekawis pengandel lan kasusilan Pasamuwan Sutji menika lepat ing kléntu.
5] 158. Anggoné Pasamuwan Sutji ora bisa kléeru ing babagan Pengandel lan Kasusilan iku marga apa?
- Anggénipun Pasamuwan Sutji boten saged klentu ing babagan pengandel lan kasusilan menika saking pitulungan Dalem Hjang Roh Sutji ingkang mirunggan.
6] 159. Ing Pasamuwan Sutji sing pinaringan panguwasa memulang tanpa bisa kleru iku sapa?
- Ing Pasamuwan Sutji ingkang pinaringan panguwaos memulang tanpa saged kléntu menika : Kangdjeng Paus pijambak utawi para Biskop sesarengan, nunggil kalijan Kangdjeng Paus.
- ,,sing sapa ngrungokaké kowé, ngrungokaké Aku; sing sapa nampik kowé, nampik Aku.
Luc. 10 : 16.
6] 160. Anggéné Kangdjeng Paus ora saged klèntu iku jèn pinudju apa?
- Anggénipun Kangdjeng Paus boten saged klentu menika menawi Pandjenenganipun saweg migunakaken kalenggahan dalem djumeneng Tetungguling Pasamuwan Sutji, paring putusan ingkang ngrampungi, menggahing prekawis Piandel utawi Kasusilan, lan madjibaken dateng sadaja warganing Pasamuwan Sutji nampi putusan wau. [ 59 ]
- ,,Lan Aku, Aku pitutur ing kowé: kowé iku Pétrus, lan ing sanduwuré karang padas iki aku arep ngedegaké Pasamuwanku; déné gapuraning naraka ora bakal bisa nelukaké”.
Mt. 16: 18.
- ,,Para Rasul lan para sepuh paḍa nglumpuk, perlu nitipriksa prakara iku. Bareng ora paḍa bisa sarudjuk, Rasul Pétrus bandjur djumeneng lan medar sabda, Nalika iku wong-wong kang pada ngumpul nuli tjep-klakep meneng kabèh”.
Acta 15 : 6, 7, 12.
6] 161. Dohma iku apa?
- Dohma menika satunggiling prekawis pengandel, ingkang dipunwutjalaken Panguwaosipun Pasamuwan Sutji bab mulang-muruk, sarana putusan ingkang. boten saged klèntu.
6] 162. Sing diarani kètter iku wong apa?
- Ingkang dipunwastani kètter menika: tijang ingkang sampun kabaptis, lan inggih lestantun ngaken tijang Kristen, nanging mbregedud nampik kasunjataning piandel, ing prekawis satunggal utawi langkung.
5] 163. Ngertiné Pasamuwan Sutji marang Piwulang Dalem Sang Kristus iku saka ngendi?
- Ngertosipun Pasamuwan Sutji ḍateng Piwulang-Dalem Sang Kristus menika saking: Gețok-tular run-tumurun Illahi sarta saking Kitab Sutji.
57
- Geṭok-tular run-tumurun I[lahi menika prekawis-prekawis weḍaran Dalem Gusti Allah ingkang kawulangaken para Rasul kanti idjeman, sarta ladjeng sumrambah dateng tijang sadaja
lumantar Pasamuwan Sutji.
5] 165. Kitab Sutjt tku apa?
- Kitab Sutji menika: buku-buku sinerat kanṭi wangsit Dalem Hjang Roh Sutji ingkang mirunggan, lan sumrambahipun dateng tiang sadaja lantaran Pasamuwan Sutji.
5] 166. Kitab Sutji iku kapérang dadi pirang golongan?
- Kitab Sutji menika kapérang dados kalih golongan, inggih menika: Kitab Sutji Pradjandjian Lami sarta Kitab Sutji Pradjandjian Enggal.
5] 167. Buku-buku end: sing kagolong Pradjandjian Lawas?
- Ingkang kagolong Pradjandjian Lami menika: buku-buku ingkang kaserat sadèrèngipun Sang Kristus rawuh.
5] 168. Buku-buku endi sing kagolong Pradjandjian Anjar.
- Ingkang kagolong Pradjandjian Énggal menika: buku-buku ingkang kaserat sasampunipun Sang Kristus rawuh.
6] 169. Kaprijé bisaku ngerti tanpa klèru marang Geṭoke tular run-tumurun Illahi lan marang Kitab Sutji?
- Ngertos kula ḍateng Geṭok-tular run-tumurun
- Ilahi lan dateng Kitab Sutji tanpa klèntu
menika namung saking Pasamuwan Sutji.
6] 170. Apa wong lumrah kena matja Kitab Sutji?
- Tijang limrah kénging maos Kitab Sutji, menawi buku-buku wau medalipun mawi idinipun Pasamuwan Sutji.
6] 171. Matja Kitab Sutji iku apa ana paédahé?
- Maos Kitab Sutji menika maédahi sanget, sarta murugaken angsal panglipuring manah, awit Kitab Sutji menika ngemot Pangandika Dalem Hjang Roh Sutji dateng tijang sadaja. Pandjenenganipun dados Pepaḍanging Pasamuwan Sutji sarta Tuking sadaja kasunjatan.
- „Manungsa iku uripé ora mung saka redjeki ṭok, nanging saka sawernané Sabda kang midjil saka Tutuk Dalem Gusti Allah”.
Mat. 4 : 4
- „Sakèhing Kitab Sutji iku wangsit Dalem Gusti Allah, lan maédahi kanggo memulang, ngalahaké, ngélikaké, semono uga kanggo ngupakara marang kasutjian”.
II. Tim. 3: 16.
PASAMUWAN SUTJI KADUNUNGAN
5] 172. Ing Pasamuwan Suljt sing diparingt panguwasaning Imam iku sapa?
- Ingkang dipunparingi panguwasaning Imam menika; para Rasul lan gegentosipun, semanten ugi para Pembantunipun, (Imam limrah).
- Inggih, Sang Kristus pyambak tansah lestantun
djumeneng Imam Agung ingkang asipat langgeng, nanging sadaja Imam dipunkersakaken nḍèrèk keduman Kaimaman Dalem ingkang asipat langgeng menika.
5] 174. Anggoné Pasamuwan Sutji ngetjakaké Panguwasaning Imam iku kapriyé?
- Anggènipun Pasamuwan Sutji ngetjakaken Panguwasaning Imam menika: sarana ngundjukaken Kurban Mis Sutji, nampèkaken Sakramèn-Sakramèn, nutjèkaken lan paring berkah, menapa malih srana sembahjangan atas namanipun warganing Pasamuwan Sutji.
- „Aku wis pada dipasrahi Sang Kristus laku-lakuning tjaos Pepulih”.
- „Tanpa ngéna-ngéné aku kabèh kudu dianggep kaja déné abdi Dalem Sang Kristus lan kang nguwasani Kekeraning Allah.
I Cor. 4 : 1.
PANUNGGALING PARA SUTJI.
6]175. Panunggiling para Sutji iku apa?
- Panunggiling para Sutji menika panunggil
ngungkuli kodrat, ingkange wonten ing Sang Kristus, kadadosan saking para warganing Pasamuwan Sutji: ingkang saweg perang, ingkang
- saweg nanḍang sangsara, lan ingkang sampun sasap ing perang.
5] 176. Wargané Pasamuwan Sutji sing lagi perang iku sapa?
- Warganipun Pasamuwan Sutji ingkang saweg perang menika: sadaja warga ingkang taksih gesang wonten ing donja ngriki.
5] 177. Wargané Pasamuwan Sutji sing lagi nanḍang sangsara iku sapa?
- Warganipun Pasamuwan Sutji ingkang saweg nanḍang sangsara menika: sukma-sukma ing Latu Pangresikan.
5] 178. Wargané Pasamuwan Sutji sing wus menang ing perang iku sapa?
- Warganipun Pasamuwan Sutji ingkang sampun sasap ing perang menika para Sutji ing Swarga.
5] 179. Para warga kang isih ana ing donja kéné iku anggoné lung-tinulung kaprijé?
- Anggénipun lung-tinulung para warga ingkang taksih wonten donja ngriki menika: srana sembahjangan, pendamel saé lan matiraga, langkung-langkung srana Kurban Mis Sutji.
- „Dipaḍa lung-tinulung nggawakaké gawané: ija kaja mengkono iku anggonmu ngèstokaké Ḍawuh Dalem”.
Gal. 6 : 2.
5] 180. Anggonku bisa tetulung para Sukma ing Geni Pangeresikan iku kaprijé?
- Anggèn kula saged tetulung para Sukma ing Latu-Pangresikan menika: srana sembahjangan, [ 64 ]
- pendamel saé, pamatiraga lan aflat, langkung-langkung srana Kurban Mis Sutji.
- Méngeti para Sukma ing Geni Pangresikan 2 Nopember.
- Méngeti para Sukma ing Geni Pangresikan 2 Nopember.
5] 181. Anggonku paḍa ditulung para Sutji ing Swarga iku kaprijé?
- Anggén kula sami dipuntulungi para Sutji ing Swarga menika: srana dipunlantaraken panjuwunan kula wonten ing ngarsaning Allah.
- Mèngeti para Sutji ing Swarga: 1 Nopémber.
- Mèngeti para Sutji ing Swarga: 1 Nopémber.
PANGAPURANING DOSA.
Prakara kang kasepuluh:
,,Pangapuntening dosa".
5] 182. Apa Pasamuwan Sutji pinaringan panguwasa ngapura dosa?
- Inggih, Pasamuwan Sutji dipunparingi Sang Kristus panguwaos saged ngapunten sadajaning dosa, kados menapa kémawon agengipun utawi kaṭahipun.
5] 183. Anggoné Pasamuwan Sutji ngapura dosa iku kaprijé?
- Anggènipun Pasamuwan Sutji ngapunten dosa menika langkung-langkung lumantar Sakramén Baptis lan ing Sakramén Pangakening dosa. [ 65 ]
- „Gusti Jésus ndamoni para Rasul lan ngendika: Paḍa tampanana Hjang Roh Sutji. Sing sapa kok-apura dosané ia bakal diapura, sing sapa kok-lestarèkaké dosané, ya bakal dilestarèkaké”
Joann. 20 : 22, 23.
PATI LAN TANGINING BADAN.
Prakara kang kasewelas:
,,Tangining badan".
4] 184. Kanggoné wong Katulik pati iku apa?
- Kanggénipun tijang Katulik pedjah menika: pinḍah ḍateng gesang ingkang langkung saé.
- „Kanggoné aku: urip iku Sang Kristus, déné pati iku baṭi. Aku kepéngin diuwalaké lan kumpul karo Sang Kristus”.
Phil. 1 : 21, 23.
4] 185. Apa wong ngerti bésuk kapan anggoné bakal mati?
- Boten; tijang boten ngertos béndjing menapa angegénipun baḍe pedjah. Pramila Gusti Jésus ngémutaken: „Dipada tjumawis, awit kowé ora ngerti dinané utawa wajahé”.
5] 186. Jen wong iku mati, bandjur kaprijé?
- Jén tijang menika pedjah, sukmanipun pisah kalijan badanipun; sanalika menika ugi sukma dipunadili, déné badanipun ladjeng dados siti, nanging béndjing baḍé tangi malih. [ 66 ]
4] 187. Pengadilaning sukma kang mentas ontjat saka badan iku djenengé Pengadilan apa?
- Pengadilaning sukma ingkang mentas ontjat saking badan menika namanipun Pengadilan saking satunggal.
4] 188. Sawisé diadili saka sidji sukmané bandjur menjang ngendi?
- Sasampunipun dipunadili saking satunggal sukmanipun ladjeng ḍateng Swarga, utawi ḍateng Naraka, utawi malih ḍateng Latu-Pangresikan.
5] 189. Apa sing ditindakaké Pasamuwan Suti kanggoné wong adjal?
- Kanggénipun tijang ingkang adjal, Pasamuwan Sutji ngundjukaken Kurban Mis Sutji, murih tentreming sukmanipun, déné badanipun dipunpetak ing kuburan ingkang sampun dipunberkahi.
6] 190. Apa tegesé „tangining badan”?<
- „Tangining badan” menika tegesipun: badan lan sukmanipun para tijang ingkang sampun sami pedjah baḍé dipundadosaken satunggal malih ing Sang Kristus, ladjeng sami gesang malih nilar kuburan.
6] 191. Kaprijé kahanané badané para Sutji kalané tangi?
- Nalikanipun tangi badanipun para Sutji kawontenanipun baḍé mulja lan ngèmperi Salira Dalem Sang Kristus ingkang sampun kamuljakaken. [ 67 ]
- „Aku kabèh paḍa ngarep-arep rawuh Dalem Sang Kristus Panebus Gustiku, saka Swarga, kang bakal ngrémbak badanku kang diasoraké, lan bakal dièmperaké karo Salira Dalem kang kamuljakaké”.
Phil. 3 : 20 : 21.
6] 192. Kapriyé kahanané badané wong kang pada kena ing sébat, kalané tangi?
- Badanipun tijang ingkang sami kénging ing sébat, nalikanipun tangi: sami kawirangan, katjirèn mawi tetenger ingkang nggegilani, bilih sami kasébrataken ing salaminipun.
SWARGA, NARAKA LAN
Prakara kang karolas:
„Saha gesang langgeng. Amin.”
4] 193. Swarga iku apa?
- Swarga menika papanipun para Sutji ingkang sami ngraosaken katentreman lan karahajon langgeng djalaran anggénipun njawang lan tresna ḍateng Gusti Allah.
- Saiki aku kabeh paḍa dadi putraning Allah. Nanging saiki durung kawijak kaja ngapa bakalé kahananku ing bésuké. Bésuk aku bakal paḍa ngèmperi Gusti Allah, awit aku bakal pada njawang Pandjenengané ing sadjatiné.
I Joann. 3 : 2.
3] 194. Sing munggah Swarga iku sapa?
- Ingkang minggah Swarga menika tijang ingkang nalika pedjahipun kasinungan sih kasusantan sarta sampun boten usah nglampahi siksaning dosanipun babar pisan.
5] 195. Apa badan iku uga bakal mélu ngrasakaké karahardjaning Swarga?
- Inggih; badan menika ugi badé tumut ngraosaken karahajoning Swarga, inggih menika bakda Pangadilan Umum.
- Ora mung kang dumadi baé, nanging aku ḍéwé kang wus paḍa kadunungan wohing Roh kang sepisanan, uga sesambat sadjroning ati lan ngarep-arep kanti adreng, marang pangkat dradjating putra kang sampurna, ya iku luwaring badanku.
- Ora mung kang dumadi baé, nanging aku ḍéwé kang wus paḍa kadunungan wohing Roh kang sepisanan, uga sesambat sadjroning ati lan ngarep-arep kanti adreng, marang pangkat dradjating putra kang sampurna, ya iku luwaring badanku.
Rum. 8 : 23.
5] 196. Karahajoning wong kang ana ing Swarga iku apa paḍa geḍéné?
- Karahajoning tijang ingkang wonten ing Swarga menika boten sami agengipun: saben tijang tampi gandjaran samurwat kalijan pendamelanipun.
- „Awit Putraning - Manungsa bakal rawuh ngagem kamuljan Dalem Hjang Rama, diḍèrèkaké para Malaékat, lan Pandjenengané bakal paring gandjaran marang saben wong miturut tindak-tanduké ḍéwé-ḍéwé”.
- „Awit Putraning - Manungsa bakal rawuh ngagem kamuljan Dalem Hjang Rama, diḍèrèkaké para Malaékat, lan Pandjenengané bakal paring gandjaran marang saben wong miturut tindak-tanduké ḍéwé-ḍéwé”.
Matt. 16 : 27
4] 197. Naraka iku apa?
- Naraka menika papanipun tijang duraka ingkang [ 69 ]
- sami kasiksa srana anggènipun kétjalan Gusti Allah ing salami-laminipun tuwin anggènipun ngraosaken latuning Naraka.
- „Menawa tanganmu andjalari anggonmu tumiba ing dosa, keṭoken. Luwih betjik tjiri mlebu ing urip langgeng tinimbang nduwé tangan loro ditjemplungaké Naraka, tumiba ing geni kang ora bisa mati”.
Marc. 9 42.
3] 198. Sing bakal ketjemplung Naraka iku sapa?
- Ingkang baḍé katjemplung Naraka menika tijang ingkang nalika pedjahipun nganḍut dosa ageng.
5] 199. Apa si badan ija bakal mèlu ngrasakaké siksaning Naraka?
- Inggih; pun badan ugi baḍé tumut ngraosaken siksaning Naraka, inggih menika bakda Pengadilan Umum.
5] 200. Nasibé wong duraka langgeng ana ing Naraka iku diarani apa?
- Nasibipun tijang duraka langgeng wonten ing Naraka menika dipunwastani: „musibat langgeng”.
5] 201. Kasangsarané wong kang ana ing Naraka iku apa pada gedéné?
- Kasangsaraning tijang ingkang wonten ing Naraka menika boten sami agengipun: saben tijang dipunsiksa samurwat kalijan dosanipun [ 70 ]4] 202. Geni Pangresikan tku apa?
- Latu Pangresikan menika papanipun sukma-sukmanipun para sutji ingkang sami kedah nglunasi siksa-siksaning dosanipun sarana nanḍang sangsara.
3] 203. Kang bakal disiksa ing Geni Pangresikan iku sapa?
- Ingkang baḍé dipunsiksa ing Latu Pangresikan menika tijang ingkang nalika pedjahipun kasinungan sih kasusantan, nanging dèrèng lunas babar pisan saking siksa-siksaning dosa.
5] 204. Anggone sukma-sukma nandang sangsara ing Geni Pangresikan iku sapira lawasé?
- Anggènipun sukma-sukma nandang sangsara ing Latu Pangresikan menika laminipun ngantos lunas anggènipun nindakaken paukumaning dosanipun sarana nanḍang sangsara utawi dipunluwaraken margi pitulunganipun tijang sanès.
„Pada manunggala karo Aku, lan Aku manungegal karo kowé. Kaja déné gragèh saka dajané déwé ora bisa ngetokaké woh, kedjaba jén manunggal karo wité anggur, semono uga kowé ija ora kuwagang, jén ora manunggal karo Aku".(Joannes 15 : 4).
SIH DALEM GUSTI ALLAH.
5] 205. Sih Dalem iku apa?
- Sih Dalem menika peparing ngungkuli kodrat kaparingaken dateng tijang supados saged nggajuh karahajon langgeng.
5] 206. Sih Dalem iku peparing saka sapa?
- Sih Dalem menika peparing saking Kangdjeng Gusti Jésus Kristus ingkang sampun ngangsalaken sadajaning Sih kanggé sadaja tijang srana lelabet Dalem.
5] 207. Sih Dalem iku ana pirang warna?
- Sih Dalem menika wonten kalih warni, inggih menika: Sih kasusantan tuwin Sih pitulungan.
6] 208. Sih kasusantan iku apa?
- Sih kasusantan menika peparinging Allah ingkang ngungkuli kodrat, lestantun mandjing ing sukma lan ndjalari kula sami nḍèrèk kepanduman gesang Dalem Gusti Allah wonten ing Sang Kristus.
- ,,Peparinging Sih Dalem iku urip langgeng ing Sang Kristus Pangéranku". Rom. 6: 23.
5] 209. Sih kasusantan iku ngolèhaké apa?
- Sih kasusantan menika:
- ngresikaken sukma saking dosa.
- maringi gesanging sukma ingkang ngung- kuli kodrat, sarta:
- murugaken Hjang Trinidji Sutji dedalem wonten ing sukma.
3] 210. Wong kasinungan Sih kasusantan iku dadi apa?
- Tijang kasinungan Sih kasusantan menika dados putraning Allah lan ahli-warising Swarga.
3] 211. Anggonku tampa Sih kasusantan sing sepisanan iku ḍèk kapan?
- Anggèn kula tampi Sih kasusantan ingkang sepisanan menika nalika kula dipunbaptis.
3] 212. Ilangé Sih kasusantan iku marga apa?
- Itjalipun Sih kasusantan menika margi dosa ageng.
4] 213. Baliné Sih kasusantan kaprijé?
- Wangsulipun Sih kasusantan menika margi tampi Sakramèn Pangakening dosa lan margi keduwung ingkang sampurna.
5] 214. Undaking Sih kasusantan iku kaprijé?
- Inḍaking Sih kasusantan menika srana: nḍèrèk Mis Sutji, nampèni Sakramèn-Sakramèn, utawi nindakaken pendamel saé amrih kaluhuran- Dalem, sauger sukmanipun boten kadunungan dosa ageng.
3] 215. Kasinungan Sih kasusantan iku karepé kaprijé?
- Kasinungan Sih kasusantan menika kadjengipun: boten gaḍah dosa ageng.
5] 216. Sih pitulungan iku apa?
- Sih pitulungan menika: pitulunganing Allah ngungkuli kodrat, ingkang maḍangi budi, ngo[ 74 ]
- sikaken lan njentosakaken manah sagedipun nindakaken ingkang saé sarta nilar ingkang awon.
3] 217. Apa saben wong pinaringan Sih Dalem?
- Inggih, saben tijang pinaringan Sih Dalem, apesipun njekapi kanggé minggah ḍateng Swarga.
- ,,Gusti Allah ngersakaké supaja kabèh wong bisa olèh karahajon lan bisa ngerti marang kanjataan". I Tim. 2: 4.
4] 218. Jèn wong ora gelem migunakaké Sih Dalem apa ija bisa munggah Swarga?
- Jèn tijang boten purun migunakaken Sih Dalem inggih boten saged minggah Swarga.
- ,,Aku kang paḍa mbantu pakarjaning Allah awèh pamrajoga: adja nganti pada nampa Sih Dalem kalawan muspra". II Cor. 6: 1
- ,,Para sedulur, paḍa ngudia ing sagadug- gadugmu, amrih tetepé anggonmu wis paḍa tinimbalan lan pinilih". II Petr. 1: 10.
SAKRAMÈN-SAKRAMÈN.
5] 219. Sakramèn iku apa?
- Sakramèn menika pakarjan tuwin tetembungan jasan Dalem Sang Kristus, ingkang mratandani lan inggih ngangsalaken Sih Dalem. [ 75 ]
4] 220. Gusti jasa Sakramèn pira?
- Gusti jasa Sakramèn pitu, inggih menika: 1) Baptis, 2) Kasantosan, 3) Ékaristi Sutji utawi Sakramèn Maha Sutji, 4) Pangakening dosa, 5) Lisah Sutji, 6) Kaimaman lan 7) Idjab.
4] 221. Sakramen endi kang paring tetenger langgeng?
- Ingkang paring tetenger langgeng, inggih menika: Sakramèn Baptis, Sakramèn Kasantosan lan Sakramèn Kaimaman. Milanipun Sakramèn tiga menika boten kénging katampi langkung saking sepisan.
6] 222. Tetenger iku marakaké apa?
- Margi tetenger menika kula ladjeng sami katunggilaken kalijan Sang Imam Agung Kristus ing salami-laminipun tjara mirunggan.
5] 223. Sakramèn-Sakramèn iku ngolèhaké sih apa?
- Sakramèn-Sakramèn menika ngangsalaken Sih kasusantan utawi inḍaking Sih kasusantan wau; kedjawi menika saben Sakramèn ngangsalaken Sih pitulungan ingkang béda-béda tumrap Sakramèn satunggal-satunggalipun.
5] 224. Apa saben wong kang nampa Sakramèn, hija mesṭi olèh Sih Dalem?
- Inggih, saben tijang ingkang nampi Sakramèn kalajan absah, mesti angsal Sih Dalem; kedjawi ta jèn anggènipun nampi menika boten kalajan pantes. [ 76 ]
4] 225. Jèn wong nganḍut dosa gedé bisa nampa Sakramèn apa?
- Jèn tijang nganḍut dosa ageng, saged nampi Sakramèn Baptis lan Sakramèn Pangakening dosa.
4] 226. Jèn nampa Sakramèn ora pantes iku nglakoni apa?
- Jèn nampi Sakramèn boten pantes menika nglampahi dosa ageng, ingkang kawastanan dosa nradjang angker.
6] 227. Jèn sing nampakaké iku ora pantes, apa Sakramen bandjur kelangan dajané?
- Jèn ingkang nampèkaken Sakramèn menika boten pantes, Sakramèn boten kétjalan dajanipun babar pisan, awit dajaning Sakramèn, manut jejasan Dalem Sang Kristus, pinanggih wonten ing Sakramèn pijambak.
SAKRAMÈN BAPTIS.
3] 228. Sakramèn kang ḍisik ḍéwé lan kang perlu ḍéwé iku endi?
- Sakramèn ingkang rumijin pijambak lan ingkang perlu pijambak menika: Sakramèn Baptis.
5] 229. Jagéné Baptis iku Sakramèn kang disik déwé?
- Mila Baptis menika Sakramèn ingkang rumijin pijambak, awit menawi tijang dèrèng dipunbaptis boten saged nampi Sakramèn sanèsipun kalajan absah. [ 77 ]
5] 230. Jagéné Baptis iku Sakramèn kang perlu ḍéwé?
- Mila Baptis menika Sakramèn ingkang perlu pijambak, awit itjaling dosa asal lan wangsulipun wewenang minggah Swarga menika djalaran Sakramèn Baptis.
- ,,Jèn wong kuwi ora dilahiraké manèh saka banju lan roh, ora bakal bisa mlebu Kratoning Allah".
Joann. 3 : 5.
5] 231. Sakramèn Baptis iku apa?
- Sakramèn Baptis menika Sakramèn ingkang murugaken tijang lahir malih angsal gesang ngungkuli kodrat, sarta dados warganing Pasamuwan Sutji.
3] 232. Sing nampakaké Sakramèn Baptis sapa?
- Ingkang nampèkaken Sakramèn Baptis menika Imam; nanging jèn kepèpèt, saben tijang kénging lan kedah mbaptis.
3] 233. Sing dienggo mbaptis iku apa?
- Ingkang dipunanggé mbaptis menika toja limrah.
5] 234. Wong mbaptis iku rékané kaprijé?
- Tijang mbaptis menika rékanipun mekaten: Toja dipuntjuraken ing sirahipun tijang ingkang kabaptis, (utawi jèn kapeksanipun boten saged ing sirah, kénging ing salah satunggiling pé- ranganing badan sanèsipun); déné tijangipun ingkang ngetjuraken toja wau kedah ngutjapaken tetembungan,,Kowé takbaptis kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama saha Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji" njarengi ilining toja. [ 78 ]
4] 235. Sakramèn Baptis iku ngilangaké apa?
- Sakramèn Baptis menika ngitjalaken dosa asal, dosa-dosa sanèsipun tuwin sadaja siksaning dosa.
- ,,Salaras karo Sih-palimirma Dalem Pandjenengané wis nebus aku-kowé kalané dilairaké manèh krana didusi lan dianjaraké ing Hjang Roh Sutji, kang wis dirawuhaké ngampil nugraha matumpa-tumpa lantaran Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Sang panebus".
Tit. 3 : 5. 6.
5] 236. Sakramèn Baptis iku ngolèhaké apa?
- Sakramèn Baptis menika ngangsalaken:
- tetengering sukma ingkang boten baḍé sirna, sarta Sih kasusantan ingkang murugaken dados Katulik, dados putraning Allah, lan warganing Pasamuwan Sutji;
- Sih pitulungan sagedipun gesang netepi Piwulang Dalem Sang Kristus.
4] 237. Nalika aku dibaptis saguh apa?
- Nalika kula dipunbaptis sagah:
- baḍé gesang salaras kalijan Pengandel Katulik,
- baḍé sélak ḍateng sétan.
- ,,Marga Baptis aku paḍa nḍèrèk dikubur bareng Sang Kristus, nunggal Séda Dalem; supaja, kaja déné Sang Kristus srana Kamuljan Dalem Hjang Rama diwungokaké saka séda, semono uga aku bandjur paḍa ngrasuk urip anjar".
Rom. 6 : 4.
- Jèn ingkang dipunbaptis baji, anggènipun sagah lantaran sesulihipun, inggih menika Emban-baptis.
5] 239. Wadjibé Bapa-bijung lan Emban-baptis iku apa?
- Bapa-bijung lan Emban-baptis menika wadjib istijar, supados pun laré kagula-wențah salaras kalijan Agami Katulik, lan gesang tjara tijang Katulik.
6] 240. Apa dosa asal iku ana kalané bisa diapura tanpa Sakramèn Baptis?
- Inggih, dosa asal menika wonten kalanipun saged dipunapunten tanpa Sakramèn Baptis, inggih menika lantaran Baptis-batos utawi Baptis-rah, nanging menika namung tumindak jèn kapeksa boten saged tampi Sakramèn Baptis.
6] 241. Baptis batin iku apa?
- Baptis-batos menika: katresnan ḍateng Gusti Allah ingkang sampurna; katresnan ingkang kados mekaten menika sampun ngemot kepéngin ḍateng Sakramèn Baptis.
6] 242. Baptis-getih iku apa?
- Baptis-rah menika: nemahi pedjah sahid krana Sang Kritus, mangka dèrèng dipunbaptis. [ 80 ]
3] 243. Sakramèn Kasantosan iku apa?
- Sakramèn Kasantosan menika Sakramèn ingkang murugaken Hjang Roh Sutji rawuh mirunggan neḍaki tijang, perlu njentosakaken pengandelipun.
- „Wong-wong mau mung lagi dibaptis baé. Para Rasul bandjur numpangaké astané, lan wong-wong mau nampani Hjang Roh Sutji”.
Acta 8 16. 17.
3] 244. Sing nampakaké Sakramèn Kasantosan iku sapa?
- Ingkang nampèkaken Sakramèn Kasantosan menika Kangdjeng Biskop; nanging jèn wonten tijang nemahi bebaja pedjah, ingkang nampèkaken Sakramèn wau kénging ugi Rama-Pastur ing wewengkoning parokinipun.
6] 245. Jen ora nampa Sakramèn Kasantosan apa ija bisa munggah Swarga?
- Jèn boten nampi Sakramèn Kasantosan inggih saged minggah Swargi; nanging sinten ingkang boten nampi Sakramèn wau, kapitunèn Sih Dalem ingkang ageng sanget.
4] 246. Sakramèn Kasantosan iku ngolèhaké apa?
- Sakramèn Kasantosan menika ngangsalaken:
- tetengering sukma ingkang salaminipun boten baḍé itjal sarta inḍaking Sih kasusantan, ingkang murugaken kula sami dados tijang Katulik ingkang sampun diwasa. [ 81 ]
- Hjang Roh Sutji, ingkang ndjebadi sukma mawi peparing Dalem pepitu kanți mirunggan.
- Sih pitulungan amrih sadjeg kula gesang tanpa mèngèng suka paseksèn menggahing Sang Kristus.
6] 247. Awèh paseksèn mungguhing Sang Kristus iku karepé kaprijé?
- Suka paseksèn menggahing Sang Kristus menika kadjengipun:
- srana gesang tjara Katulik sedjati, ugi wonten ing masarakat.
- srana nindakaken pakarjaning rasul.
- srana, jèn perlu, boten adjrih mbélani Sang Kristus, malah purun pedjah dados martir.
3] 248. Jèn nampa Sakramèn Kasantosan kanṭi pantes iku sukmané kudu kaprijé?
- Jèn nampi Sakramèn Kasantosan kanți pantes menika sukmanipun kedah kasinungan Sih kasusantan.
4] 249. Jen wong dibaptis lan jèn nampa Sakramèn Kasantosan iku diparingi asmané para Sutji, iku perluné apa?
- Jèn tijang dipunbaptis lan jèn nampi Sakramèn Kasantosan dipunparingi asmanipun para Sutji, menika perlunipun: supados angsal pengajomanipun, lan supados tijang kagugah manahipun nulad kautamènipun para Sutji wau. [ 82 ]
- Anggoné Kangdjeng Biskop maringaké Sakramèn Kasantosan iku mengkéné: Pandjenengané njenjuwun Hjang Roh Sutji karsaa rawuh aneḍaki wong sing tjalon diparingi Sakramen Kasantosan; sawisé iku wong-wong mau saka sidji ditumpangi astané; batuké saka sidji didjebadi nganggo Krisma, sarta dingandikani: ,,kowé taktengeri nganggo tanḍaning Salib, lan tak sentosakaké nganggo Krismaning karahajon, kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama saha Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji. Amin".
5] 250. Ekaristi Sutji iku apa?
- Ékaristi Sutji menika inggih Kurban inggih Sakramèn, ingkang dados marginipun Gusti Jésus pijambak ngurbanaken Salira Dalem asesinglon warni roti lan anggur, binukti (dipunteḍa), sarta lestantun wonten ing ngriki.
4] 251. Anggèné Gusti jasa Ekaristi Sutji iku dèk kapan?
- Anggènipun Gusti jasa Ékaristi Sutji menika ing dalunipun ngadjengaken Sangsara Dalem, inggih menika nalika Bodjana ingkang wekasan.
- Dina Kemis Putih.
4] 252. Nalika Gusti ngasta roti, ngendika kaprijé?
- Nalika Gusti ngasta roti, ngendika:,,Pada ndjupuka lan mangana: Iki Saliraku, kang diulungaké krana kowé kabèh".
4] 253. Bareng ngasta tuwung isi anggur, Gusti ngendika kaprijé?
- Sareng ngasta tuwung isi anggur, Gusti ngendika:,,Pada ngombéa kabèh waé saka tuwung iki: „Iki Getihku, kang diesokaké minangka pangapuraning dosa".
5] 254. Anggèné Gusti paring panguwasa marang para Rasul malihaké roti lan anggur dadi Salira lan Rah Dalem, iku ngendika kaprijé?
- Anggènipun Gusti paring panguwaos ḍateng para Rasul malihaken roti lan anggur dados Salira lan Rah Dalem menika srana ngandika: ,,Iki mau pada tindakna minangka pangéling-éling marang Aku".
5] 255. Marga Gusti ngendika: „Iki Saliraku..... Iki Getihku" mau, apa sing klakon?
- Margi Gusti ngendika:,,Iki Saliraku iki Getihku" wau, roti lan anggur malih dados Salira lan Rah Dalem; ing ngriku Gusti ngun- djukaken Kurban Salib Dalem tanpa akuṭah Rah.
5] 256. Gusti jasa Ékaristi Sutji iku apa sing dikersakaké?
- Gusti jasa Ékaristi Sutji menika ingkang dipunkersakaken:
- supados wonten ing kurban Mis Sutji Gusti tanpa kenḍat ngundjukaken Salira Dalem krana kula sadaja, sarta ngemutaken dateng kula sadaja menggahing sangsara Dalem ingkang sutji.
- Supados wonten ing Kumini Sutji Gusti dadosa redjekining gesangipun sukma kula ingkang ngungkuli kodrat.
- supados Gusti tansah wonten ing tengah- tengah kita.
- ,,Saben-saben kowé mangan Roti iki lan ngombé saka Tuwung iki, kowé nganḍaraké Séda Dalem, nganti Pandjenengané rawuh manèh".
I Cor. 11 26.
ÉKARISTI SUTJI IKU KURBAN:
KURBAN MIS SUTJI.
4] 257. Kurban Mis Sutji iku apa?
- Kurban Mis Sutji menika sami kémawon kalijan Kurban Salib Dalem Sang Kristus, kaundjukaken mawi lantaraning Imam, nanging boten ngedalaken Rah Dalem malih.
,,Wiwit mletèking srengéngé nganti tekan surupé Asmaku diluhuraké ing bangsa-bangsa, lan ing saenggon-enggon Asmaku katjaosan Kurban murni."
Mal. 1: 11.
4] 258. Sebabé apa Kurban Mis Sutji iku pada wać karo Kurban Salib?
- Kurban Mis Sutji menika sami kémawon kalijan Kurban Salib, awit kalih-kalihipun, dalah Kurban lan ingkang ngurbanaken, sami kémawon, inggih menika Sang Kristus pijambak.
- Anggènipun Sang Kristus ngundjukaken Salira Dalem dados Kurbaning Mis Sutji menika jèn pinudju Konsekrasi.
- Sadèrèngipun Konsekrasi ingkang wonten ing Altar menika; roti lan anggur.
3] 261. Sawisé Konsekrasi sing ana ing Altar iku apa?
- Sasampunipun Konsekrasi ingkang wonten ing Altar menika: Salira lan Rah Dalem, inggih Sang Kristus pijambak.
4] Sawisé Konsekrasi apa hija isih ana roti lan anggur?
- Sasampunipun Konsekrasi sampun boten wonten roti lan anggur; ingkang kantun namung wewarnèning roti lan anggur.
- Ingkang dipunwastani wewarnèning roti lan anggur menika: warni, ganda, raos lan samukawis watak wantuning roti lan anggur ingkang kénging dipunsipati mawi pantjadrija.
4] 264 Anggèné Sang Kristus ana ing wewarnan roti utawa ing wewarnan anggur iku kaprijé?
- Anggènipun Sang Kristus wonten ing wewarnèn roti menika: wetah sa-Kamanungsan lan Ka-allahan Dalem; semanten ugi anggènipun Gusti wonten ing wewarnèn anggur.
5] 265. Jen Imam njuwil-njuwil Hosti Sutji, apa Sang Kristus hija katut ditjuwil-tjuwil?
- Boten, jèn Imam njuwil-njuwil Hosti Sutji menika Sang Kristus pijambak boten katut katjuwil; ingkang dipun tjuwil-tjuwil namung wewarnèning roti; déné Sang Kristus lestantun wetah wonten ing tjuwilan satunggal-satunggalipun.
5] 266. Ngundjukaké Kurban Mis Sutji iku perluné apa?
- Ngundjukaken Kurban Mis Sutji menika perlunipun:
- tjaos sembah sudjud dateng Gusti Allah;
- matur nuwun margi kasaénan Dalem Gusti Allah, ingkang sampun katampi.
- tjaos pepulih menggahing dosa lan siksanipun.
- njenjuwun wewahing Sih Dalem lan kasaénan Dalem.
PÉRANG-PÉRANGANÉ KURBAN MIS SUTJI.
3] 267. Ngaranana pérangané Kurban Mis Sutji.
- Kurban Mis Sutji menika kapérang dados kalih: pérangan minangka njawisaken ngundjukaken kurban (Mis tjetjawis), pérangan kanggé ngundjukaken Kurbanipun (Mis kurban).
4] 268. Sadjroning ,,Mis tjetjawis" prajogané nindakaké apa?
- Salebeting Mis tjetjawis prajoginipun sami tataseḍija tumudju ḍateng Kurban Mis ingkang [ 87 ]
- baḍé dipunundjukaken sarana sembahjang lan mirengaken Sabdaning Allah.
3] 269. Pérangané Mis kurban tetelu kang perlu-perlu iku sing endi?
- Péranganipun Mis kurban tetiga ingkang perlu-perlu inggih menika:
- njaosaken roti lan anggur,
- malihipun roti lan anggur dados Salira lan Rah Dalem (Konsekrasi),
- nḍahar Salira lan ngundjuk Rah Dalem (Kumini Sutji).
4] 270. Njaosaké roti lan anggur iku kaprijé karepé?
- Njaosaken roti lan anggur menika kadjengipun: roti lan anggur katjaosaken lan kasutjèkaken kondjuk Gusti Allah, awit boten let dangu malih roti lan anggur badé dados Salira lan Rah Dalem Sang Kristus.
3] 271. Menawa pinudju njaosaké roti lan anggur apa kang prajoga pada tak tindakaké?
- Menawi pinudju njaosaken roti lan anggur kula prajogi sami nḍèrèk njaosaken badan kula pijambak dateng Gusti Allah sa-nijat sarta pedamelan kula sadaja.
4] 272. Pérangané Kurban Mis Sutji sing perlu déwé iku sing endi?
- Péranganipun Kurban Mis Sutji ingkang perlu pijambak menika Konsekrasi, awit kala Konsekrasi menika roti lan anggur malih dados Salira lan Rah Dalem, lan Kurban Salib kaundjukaken nanging boten akutah rah. [ 88 ]
3] 273. Jèn pinudju Konsekrasi sing pada ndèrèk Mis Sutji prajogané nindakaké apa?
- Jèn pinudju Konsekrasi ingkang sami nḍèrèk Mis Sutji prajoginipun pasrah djiwaraga kondjuk ing Allah Hjang Rama, sesarengan kalijan Sang Kristus.
3] 274. Jèn mbeneri Kumini Sutji iku apa sing kelakon?
- Jèn ngleresi Kumini Sutji menika Imam lan umat Katulik sami nampi Salira lan Rah Dalem kados déné redjekining Kurban.
- „Apa Tuwung, sing binerkahan lan pada tak pundi-pundi iku, dudu pandumanku ing ngatasé Rah Dalem Sang Kristus? Apa roti sing pada tak tjuwil-tjuwil iku dudu pandumanku ing ngatasé Salira Dalem Sang Kristus?”
Cor. I 10: 16.
4] 275. Kurban Mis Sutji iku diundjukaké kanggo sapa?
- Kurban Mis Sutji menika dipunundjukaken kanggé tijang Katulik ingkang taksih gesang, sarta ingkang sampun adjal, menapa malih kanggé karahajonipun saindenging djagad.
5] 276. Sing nampa panduman wohing Kurban Mis Sutji iku luwih-luwih sapa?
- Ingkang nampi panduman wohing Kurban Mis Sutji menika langkung-langkung:
- tijang ingkang sami nḍèrèk Kurban Mis Sutji;
- tijang ingkang ugi nampi Kumini Sutji ing salebeting ndèrèk Mis Sutji;
- tijang ingkang dipunsembahjangaken Imam mawi udjub mirunggan.
ÉKARISTI SUTJI ING NGATASÉ SAKRAMÈN:
5] 277. Ékaristi Sutji ing ngatasé Sakramèn diarani apa?
- Ékaristi Sutji ing ngatasipun Sakramèn dipunwastani: Sakramèn Maha Sutji ing Altar.
5] 278. Wong nampa Ékaristi Sutji ing ngatasé Sakramen iku jèn pinudju apa?
- Tijang nampi Ékaristi Sutji ing ngatasipun Sakramèn menika menawi pinudju Kumini Sutji.
4] 279. Jen nampa Kumini Sutji iku nampa apa?
- Jèn nampi Kumini Sutji menika nampi Salira lan Rah Dalem minangka redjekining sukma tumrap gesang ngungkuli kodrat.
5] 280. Kumini Sutji iku ngolèhaké apa?
- Kumini Sutji menika:
- ngraketaken kula sadaja kalijan Sang Kristus ingkang supeket sarta lantaran Sang Kristus ngraketaken kula sadaja satunggal kalijan satunggalipun;
- nginḍakaken Sih Kasusantan;
- ngresikaken kula saking dosa alit, sarta nebihaken kula saking dosa ageng.
- „Sing sapa mangan Saliraku, lan ngombé Rahku, manunggal karo Aku, lan Aku karo wong mau”.
Jo. 6: 56.
- „Marga iku Roti sidji, mulané aku kabéh kaja ngapa akehé hija mung sa-Salira. Awit kabéh paḍa tampa panduman saka Roti sidji mau”.
I Cor. 10 : 17
5] 281. Wohé Kumini Sutji marakaké apa maneh?
- Wohipun Kumini Sutji menika:
- meperaken pepénginan ingkang awon lan asung greget lan kijating manah ḍateng tindak ingkang saé;
- suka tanḍa-pikekah anggèn kula baḍé tangi saking pedjah kanṭi kamuljan.
- „Sing sapa mangan Saliraku lan ngombé Rahku, kadunungan urip langgeng, lan bakal Daktangèkaké ing dina kijamat”.
Jo. 6 : 54.
3] 282. Jèn arep pantes anggoné tampa Kumini Sutji kudu kaprijé?
- Jèn baḍé pantes anggénipun tampi Kumini Sutji,
kedah:
- kasinungan Sih kasusantan;
- boten neḍa utawi ngombé wiwit tengah dalu, kedjawi toja wantah.
- nggaḍahi sedya ingkang saé.
4] 283. Jèn wong nganḍut dosa geḍé, apa kena tampa Kumini Sutji?
- Jèn tiyang nganḍut dosa ageng, boten kénging tampi Kumini Sutji sadéréngipun ngaken dosa; malah keduwung sampurna kémawon dèrèng njekapi.
- „Saben wong kudu nliti atiné ḍisik; jèn wis, lagi kena mangan Roti iku lan ngombé saka Tuwung iku. Déné jèn ora ngadjéni kaja [ 91 ]
- samestiné marang Salira Dalem, wong mau mangan lan ngombé putusané prekarané ḍéwe.
I Cor. 11 : 28, 29.
4] 284. Sing ora pantes anggoné tampa Kumini Sutji iku nglakoni dosa apa?
- Ingkang boten pantes anggénipun tampi Kumini Sutji menika nglampahi dosa ageng nradjang angker.
- „Sing sapa ora pantes anggoné mangan Rotiné lan ngombé Tuwunging Pangéran, nglakoni dosa tumrap Salira lan Rah Dalem Gusti”.
I Cor. 11 : 27.
5] 285. Apa dosa tjilik iku dadi alangané tampa Kumini Sutji?
- Boten, dosa alit menika boten dados alanganipun tampi Kumini Sutji, nanging jèn dosa alit wau boten dipungetuni, suda anggènipun nampi wohing Kumini Sutji.
5] 286. Apa ana kalané kena tampa Kumini Sutji senadjan mentas mangan utawa ngombé?
- Inggih, wonten kalanipun tijang kénging tampi Kumini Sutji, senadjan mentas neda utawa ngombé, inggih menika:
- Jèn ḍumawah ing bebaja pedjah;
- Jèn nanḍang sakit dangu, utawi ganḍéng kalijan prekawis warni-warni sanèsipun, nanging tansah kedah miturut pemanggihipun Rama-bih.
3] 287. Tjetjawis arep tampa Kumini Sutji sing apik ḍéwé iku kapriyé?
- Tjeyawis baḍé tampi Kumini ingkang saé pijambak menika: nḍèrèk Kurban Mis Sutji.
3] 288. Supaja murakabi banget anggonmu tampa Kumini Sutji apa kang kudu taklakoni?
- Supados murakabi sanget anggèn kula tampi Kumini Sutji, kula kedah tjetjawis lan tjaos atur panuwun ingkang saé.
5] 289. Anggonku diwadjibaké tampa Kumini Sutji iku jèn pinudju apa?
- Anggèn kula kuwadjiban tampi Kumini Sutji menika:
- setaun sepisan salebetipun mangsa Paskah;
- samangsa manggih bebaja pedjah.
4] 290. Sing pada kerep tampa Kumini Sutji iku luwih-luwih kudu mékani apa?
- Ingkang sami kerep tampi Kumini Sutji menika langkung-langkung kedah wewéka, sampun ngantos kemba urmatipun lan sungkemipun. Ibu Pasamuwan Sutji ngadjengaken sanget, supados tijang samia kerep tampi Kumini.
PAKURMATAN KONDJUK SAKRAMÈN
5] 291. Sebabé apa Sakramèn Maha Sutji iku Sakramèn kang luhur ḍéwé?
- Sakramèn Maha Sutji menika Sakramèn ingkang luhur pijambak, awit ingkang wonten ing [ 93 ]
- ngriku: Sang Kristus pijambak kanți ka-Allahan lan kamanungsan Dalem sawetahipun, inggih ingkang samangké kamuljakaken wonten ing Swarga.
5] 292. Anggèné Sang Kristus ana ing Sakramèn Maha Sutji iku sepira suwéné?
- Anggènipun Sang Kristus wonten ing Sakramèn Maha Sutji menika sadangunipun wewarnèn roti utawi wewarnèn anggur taksih wonten.
5] 293. Kaprijé anggonku ngatonaké bektiku marang Sang Kristus ing Sakramèn Maha Sutji?
- Anggèn kula ngetingalaken bekti kula ḍateng
Sang Kristus ing Sakramèn Maha Sutji menika:
- srana urmat kula jèn pinudju wonten ing grédja;
- srana tjaos tanḍa-pakurmatan jèn pinudju nglangkungi grédja;
- srana sowan ngaḍep Gusti ing sadintendintenipun;
- srana nḍèrèk Astuti lan nḍèrèk Arak-arakan.
Kemis Putih;
Ngabektèn sadjroné patang puluh djam.
Rijaja Sakramèn Maha Sutji;
4] 294. Sakramen Pengakuning dosa iku apa?
- Sakramèn Pengakening dosa menika Sakramèn ingkang dados srananipun Sang Kristus angapunten dosa-dosa, ingkang dipunlampahi bakda baptis, lantaran kuwasaning Imam. [ 94 ]
3] 295. Anggèné Gusti Jésus jasa Sakramèn Pengakuning dosa iku kapan?
- Anggènipun Gusti Jésus jasa Sakramèn Pengakening dosa menika ing dinten Wungu-Dalem saking séda.
- ,,Gusti bandjur ndamoni para Rasul, karo ngendika: Pada tampanana Hjang Roh Sutji. Sing sapa dosané kok apura, hija diapura, sing sapa dosané kok lestarèkaké, hija bakal dilestarèkaké.
Joann. 20 : 22, 23.
3] 296. Jen ana wong ngaku dosa, kapan anggoné olèh pangapuraning dosané?
- Jèn wonten tijang ngaken dosa, anggènipun angsal pangapuntening dosanipun nalika Imam paring absolisi.
3] 297. Wong ngaku dosa iku kudu nindakaké apa baé?
- Tijang ngaken dosa menika kedah:
- keduwung,
- mblakakaken dosanipun,
- njaosi dendan.
5] 298. Sakramèn Pengakuning dosa iku ngolèhaké apa?
- Sakramèn Pengakening dosa menika ngangsalaken:
- pangapuntening dosa-dosanipun tuwin lunasing siksa langgeng;
- lunas utawi sudaning siksa ingkang boten langgeng;
- wangsulipun Sih kasusantan utawi inḍaking Sih kasusantan;
- Sih pitulungan sampun ngantos dawah ing dosa malih. [ 95 ]
4] 299. Sing kudu ngaku dosa iku sapa?
- Ingkang kedah ngaken dosa menika tijang ingkang nglampahi dosa ageng sasampunipun dipunbaptis.
4] 300. Kerep ngaku dosa iku apa prajoga?
- Kerep lan adjeg ngaken dosa menika maédahi sanget; langkung - langkung jèn ḍumawah ing dosa ageng; kedah ngaken dosa sa-énggal- énggalipun.
4] 301. Apa prajoga jèn wong kuwi duwé Rama-Bih kang adjeg?
- Prajogi sanget jèn tijang menika gaḍah Rama-Bih ingkang adjeg, awit Rama-Bih ingkang kados mekaten menika saged nuntun kebatosan ingkang prajogi pijambak.
KEDUWUNG LAN NIJAT.
3] 302. Kanggoné wong ngaku dosa, sing perlu déwé iku apa?
- Kanggenipun tijang ngaken dosa ingkang perlu pijambak menika keduwung.
3] 303. Sebabé apa déné keduwung iku sing perlu déwé?
- Mila keduwung menika ingkang perlu pijambak, awit tanpa keduwung, dosanipun boten dipun-apunten.
,,Pada nelangsaa lan mertobata supaja dosamu diapura".
Acta 3: 19.
4] 304. Wong sing keduwung temenan iku sing kaprijé?
- Tijang ingkang keduwung saèstu menika ingkang:
- nggetuni dosanipun, awit damel dukaning Allah.
- gaḍah nijat ingkang saèstu: boten badé nglampahi dosa malih.
4] 305. Jèn ngaku dosa, sing kudu dikeduwungi dosa endi?
- Jèn ngaken dosa, ingkang kedah dipun keduwungi: apesipun sadaja dosa ageng ingkang dèrèng dipunaturaken.
5] 306. Keduwung-sampurna iku keduwung sing kaprije?
- Keduwung-sampurna menika keduwung ingkang nuwuhaken getun margi saking tresna ḍateng Gusti Allah ingkang Maha-tresna.
5] 307. Keduwung-ora-sampurna iku keduwung sing kaprijé?
- Keduwung-boten-sampurna menika keduwung ingkang nuwuhaken getun margi saking adjrih dateng Gusti Allah ingkang badé njiksa dosa.
5] 308. Jen wong ngaku dosa iku apa wis tjukup menawa mung keduwung kang ora sampurna baé?
- Inggih. Jèn tijang ngaken dosa menika sampun tjekap menawi namung keduwung ingkang boten sampurna kémawon.
5] 309. Apa keduwung-sampurna iku nduwèni daja kang istiméwa?
- Inggih. Keduwung sampurna menika nggaḍahi daja ingkang istiméwa, awit sarana keduwung
- ingkang sampurna tijang saged angsal pangapuntening dosa ageng ing sadjawinipun Sakramèn Pengakening dosa.
5] 310. Jèn wis keduwung sampurna apa hija isih kudu nampa Sakramèn Pengakuning dosa?
- Inggih. Sanadjan sampun keduwung ingkang sampurna inggih taksih kedah nampi Sakramèn Pengakening dosa. Awit Gusti Allah ngersakaken, bilih sadaja dosa ageng, ingkang dipunlampahi bakda Baptis, kedah dipunbihaken.
5] 311. Sing diarani djalaraning dosa kang adakan iku apa?
- Ingkang dipunwastani djalaraning dosa ingkang aḍakan menika: menapa-menapa kémawon ingkang murugaken tijang gampil ḍumawah ing dosa.
5] 312. Jen wong ora gelem nglungani (njingkiri) djalarané dosa gedé kang adakan, apa anggoné bih olèh pangapuraning dosa?
- Jèn tijang boten purun ngésahi (njingkiri) djalaraning dosa ageng ingkang aḍakan, anggènipun bih boten angsal pangapuntening dosanipun.
NGEBIHAKÉ DOSA, PASOK DENDANING DOSA.
4] 313. Sing kudu dibihaké iku dosa apa?
- Ingkang kekah dipunbihaken menika sadaja dosa ageng, ingkang dèrèng naté dipunbihaken
kados samesținipun; kados mekaten karsa Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus.
- Jèn aku pada ngebihaké dosaku, Pandjenengané nuhoni kasagahan Dalem lan adil, karsa ngapura dosaku lan ngresikaké sakabèhing kadurakan".
I Joann. 1 9.
4] 314. Ngebihaké dosa tjilik iku diwadjibaké apa ora?
- Ngebihaken dosa alit menika boten dipunwadjibaken, nanging maédahi sanget.
- ,,Kabèh waé pada ketjengklok ing prakara
warna-warna".
Jac. 3: 2.
4] 315. Sebabé apa ngebihaké dosa tjilik iku ora diwadjibaké?
- Ngebihaken dosa alit menika boten dipunwadjibaken, awit dosa alit menika ugi saged angsal pangapunten tanpa Sakramèn Pangakening dosa.
4] 316. Sebabé apa ngebihaké dosa tjilik iku maédahi banget?
- Ngebihaken dosa alit menika maédahi sanget, awit Sakramèn Pangakening dosa menika srana ingkang saé pijambak kanggé merangi dosa.
5] 317. Ngebihaké dosa gedé iku apa tjukup mung ngaturaké djenengé dosa baé?
- Ngebihaken dosa ageng menika boten tjekap namung ngaturaken namaning dosa kémawon: ugi kedah dipunaturaken:
- tjatjahipun,
- golonganipun dosa menapa,
- papan-panggénan lan kawontenan ingkang perlu.
- bilih Rama-bih menika dados Sesulih-Dalem Sang Kristus, ingkang penuh katresnan dateng tijang dosa;
- bilih langkung saé samenika ngebihaken dosanipun kanți sesiḍeman, tinimbang béndjingipun kepeksa nandang wiranging dosa salami-laminipun.
- bilih Rama-bih dipunwadjibaken njiḍem prekawisipun ing sarapet-rapetipun.
- ngebihaken dosa ingkang dipunumpetaken wau, kalijan dosa-dosa ageng sanèsipun, ingkang dipunlampahi wiwit anggènipun bih kalajan pantes ingkang kantun pijambak.
- ngaturaken: sampun kaping pinten anggènipun bih, nampi Kumini Sutji utawi Sakramèn sanèsipun, kalajan boten pantes.
- Inggih, jèn sampun ngemen-emenaken anggènipun nliti dosa, meksa kesupèn ngebihaken dosanipun ageng, anggènipun bih wau inggih bèrès, mandar dosa ageng ingkang kelangkip wau inggih katut dipunapunten.
- Inggih, dosa ageng ingkang kelangkip wau, samangsa kèmutan inggih taksih kedah dipunanḍaraken ing bih tjanḍakipun.
- Bakda ngaken dosa kula kedah njaosi dendan ingkang dipunḍawuhaken Rama-bih.
- Ḍenḍan wau wudjud: sembahjangan, utawi pendamelan saé sanèsipun ingkang dipunḍawuhaken Rama-bih, minangka tetempahing siksaning dosa ingkang boten langgeng.
- Tijang ngaken dosa menika lampah-lampahipun mekaten:
- 1. njenjuwun ḍateng Hjang Roh Sutji, supados saged ngaken dosa kados samesṭinipun;
[ 101 ]
- 1. njenjuwun ḍateng Hjang Roh Sutji, supados saged ngaken dosa kados samesṭinipun;
- naliti kebatosan;
- mbangun keduwung ingkang saèstu.
- Naliti batos menika rékanipun mekaten: manah-manah dosa menapa lan pinten tjatjahipun ingkang sampun dipunlampahi, nerak:
- Angger-angger dawuhing Allah,
- Angger-angger dawuhing Ibu Pasamuwan Sutji,
- kuwadjiban-kuwadjiban saben dintenipun.
- Rékanipun mbangun keduwung ingkang prajogi pijambak menika srana nglelimbang:
- bilih tijang dosa menika baḍé dipunsiksa Gusti Allah ingkang Maha - Adil;
- bilih djalaran dosaning manungsa Gusti Jésus sampun nandang Sangsara ingkang kados mekaten sangetipun.
- bilih dosa menika damel gerahing penggalih Dalem Gusti Allah, ingkang Maha Luhur tuwin djumeneng Tuking sadaja kasaénan.
- Sadèrèngipun nganḍaraken dosanipun prajoginipun matur mekaten:
- ,,Rama, kula njuwun berkah". Sasampunipun menika ladjeng matur: ,,Kula ngakenaken dosa kula wonten ngarsaning Allah ingkang Maha [ 102 ]
- kuwasa tuwin wonten ing ngarsanipun Rama; anggèn kula ngaken dosa ingkang kantun pijambak sapriki sampun..........".
- Panutuping bih saénipun mekaten:,,Sadaja dosa menika, tuwin dosa-dosa sanèsipun ingkang sampun naté kula lampahi, kula getuni saèstu; samenika kula njuwun absolisi tuwin denḍaning dosa".
- Jèn Imam paring absolisi, prajoginipun sembahjang,,mBangun keduwung".
- Jèn sampun bih, ladjeng sembahjang matur nuwun dateng Gusti, sarta njaosi denḍan ingkang dipunḍawuhaken Rama-bih.
- Aflat menika sandéning siksa-siksa ingkang boten langgeng, saking kuwasaning Pasamuwan Sutji sak-djawining Sakramèn Pangakening dosa.
- Boten, aflat menika boten ngangsalaken pangapuntening dosa; nanging namung ngangsalaken [ 103 ]
- sandéning siksa-siksa ingkang boten langgeng, ingkang taksih kedah dipuntemah sasampunipun dosanipun dipunapunten.
- Jèn Pasamuwan Sutji paring aflat menika ingkang dipuntandjakaken tetempah Dalem Sang Kristus ingkang tanpa wates katahipun tuwin tetempahipun para Sutji ingkang langkung saking katah.
- Aflat menika warni kalih:
- Aflat lunasing siksa,
- Aflat sudaning siksa.
- Aflat lunasing siksa menika ngangsalaken sandéning sadaja siksaning dosa ingkang sampun dipunapunten.
- Sagedipun angsal aflat menika kedah:
- kasinungan Sih kasusantan;
- nggaḍahi kadjeng badé tampi aflat;
- nindakaken pakarjan ingkang kaḍawuhaken.
- Aflat menika kénging kanggé nulungi sukma-sukma ing Latu - Pangresikan, kedjawi menawi wonten dawuhing Pasamuwan ingkang boten ngéngingaken. [ 104 ]
- Sakramèn Lisah Sutji menika Sakramèn ingkang paring kekijatan ḍateng tijang sakit amrih saged tilar donja kados tijang Katulik sedjati.
- Menawi ingkang sakit taksih ènget, anggènipun tampi Lisah Sutji kedah kadunungan Sih kasusantan.
- Sakramèn Lisah Sutji menika ngangsalaken:
- wangsulipun Sih kasusantan utawi inḍakipun;
- Sih pitulungan sagedipun sabar nandang sakit tuwin sagedipun tilar donja kados tijang Katulik sedjati.
- pangapuntening dosa-dosa alit, lan ugi pangapuntening dosa-dosa ageng, menawi ingkang sakit wau sampun boten saged ngaken dosa;
- sarasing badanipun, semanten menika jèn damel rahadjenging sukmanipun.
- ,,Jen ana wong lara, ngaturana Imaming Pasamuwan Sutji, aturana njembahjangaké sing lagi lara, lan nglisahi atas Asmaning Pangéran. Lan sembahjangané sarta piandelé bakal awèh slamet marang sing lagi lara; déné [ 105 ]
- Pangéran bakal paring panglipur. Jèn wongé nganḍut dosa, dosané bakal diapura".
- Sakramèn Lisah Sutji menika kedah dipunparingaken ḍateng tijang ingkang sampun saged migunakaken budinipun sarta margi sakit utawi sepuhipun, wonten ing bebaja pedjah.
- Anggènipun ngaturi Imam menika jèn sakitipun wonten bebajanipun pedjah, lan boten kénging ngentosi ngantos mèh pedjahipun.
- Ing salebetipun sakit ingkang wonten bebajanipun pedjah menika anggènipun kénging nampi Sakramèn Lisah Sutji namung sapisan. Déné jèn sampun senggang, ladjeng sakit sanget malih lan nemahi bebaja pedjah malih, ladjeng kénging, malah kedah, nampi Lisah Sutji malih.
- Jèn sampun paring Sakramèn Lisah Sutji, Imam ladjeng paring Berkah Dalem Kangdjeng Paus; ingkang sakit ladjeng tampi aflat lunasing siksa ing wekdal dumugining djandji.
- Jèn Imam ngladèkaké Sakramen Lenga Sutji, sing lara diusar-usari Lenga Sutji ing pantjadrijané karo sembahjang mangkéné:,,Marga [ 106 ]
- djebadan Sutji iki lan marga gunging Sih kawelasan Dalem, muga-muga Gusti ngapura dosa-dosamu kabèh, kang koktindakaké marga anggonmu ndeleng (ngrungu, ngambu, ngrasakaké lan ngutjap, nggrajang, lan memarani). Amin”.
- „Iki mau paḍa tindakna minangka pangéling-éling marang Aku”.
- cngundjukaken Kurban Mis Sutji,
- nampèkaken Sakramèn-Sakramèn,
- mentjaraken Piwulang Dalem Sang Kristus.
- Ingkang nampèkaken Sakramèn Kaimaman menika: namung Kangdjeng Biskop.
- Sakramèn Kaimaman menika ngangsalaken:
- tetengering sukma ingkang langgeng sarta murugaken nampi dum-duman saking Kaimaman Dalem Sang Kristus ingkang Sutji.
- inḍaking Sih Kasusantan, dipunkanțèni Sih Pitulungan sagedipun dados Djurulados Dalem Sang Kristus lan Pasamuwan Sutji ingkang sedjati.
- Kula sami dipunprajogèkaken njenjuwun ḍateng Gusti Allah kanți adrenging manah supados dipunparingi Imam ingkang sutji lan mungguh, awit Imam ingkang kados mekaten badé katah djasanipun menggahing Kaluhuran Dalem lan rahadjenging sukma.
- Dina Kwatertèmper.
- Kemis-Imam lan Setu-Imam.
- Gusti Jésus njenjuwun:,,Kados déné kawula Sampéjan Dalem utus dateng donja, mekaten ugi tijang-tijang wau sami kawula kèngkèn dateng donja. Lan kawula nutjèkaken badan kawula pijambak krana tijang-tijang wau, supados ugi samia sinutjèkaken saèstu".
- Kuwadjibanipun tijang Katulik dateng para Imam, abdi lan utusan Dalem Gusti Allah:
- urmat lan mbangun-miturut;
- njekapi kabetahaning sugengipun.
- Sakramèn Kaimaman iku sing nampakaké Kangdjeng Biskop srana numpangaké asta lan sembahjang, apa manèh srana maringaké tanda-tandané panguwasa lan dradjading Imam marang kang diberkahi.
- Sakramèn Idjab menika Sakramèn ingkang andjalari tijang djaler lan èstri sami manunggil ing katresnan, supados kanți Sih pitulungan Dalem ngawontenaken Brajat Katulik.
- Ingkang jasa Idjab menika Gusti Allah pijambak wonten Petamanan Pirdus; déné ingkang ngangkat dados Sakramèn, Gusti Jésus.
- Jèn nampi Sakramèn Idjab, sukmanipun kedah kasinungan Sih Kasusantan.
- Sakramèn Idjab menika ngangsalaken: [ 109 ]
- inḍaking Sih Kasusantan;
- Sih Pitulungan sagedipun sesémahan tjara Katulik, tresna - tinresnan, lan sesarengan nggulawențah anakipun kados samesţinipun.
- tijang ingkang dèrèng dipunbaptis;
- tijang ingkang taksih gaḍah sémah;
- sadèrèk pijambak utawi saḍèrèk-ipé ing grad ingkang dipunawisi.
- kanggé ingkang Katulik wonten bebajanipun kétjalan Pengandelipun ingkang Sutji, utawi boten merduli babar pisan menggahing Pengandelipun;
- sesémahan kados mekaten menika angèl sanget badé nggulawențah anak-anakipun tjara Katulik èstu;
- limrahipun Idjab-tjampuran menika ngalang-alangi rahadjenging brajat.
- ngudi resiking manah lan gesang tjara katulik saèstu;
- sesrawunganipun kalijan tjalon-sémah kedah sutji, lan boten prajogi kedangon, menapa malih kedah mawi sarudjukipun tijang sepuh.
- langkung-langkung dipunkatahi anggènipun sembahjang lan nampi Sakramèn-Sakramen.
- ,,Sing sapa nḍèrèk Aku, ora bakal ngambah ing pepeteng, nanging bakal kadunungan pepaḍanging urip". Joann. 8 : 12.
- Boten, jèn namung ngertos piwulang Dalem Sang Kristus kémawon, namanipun dèrèng tjekap: tijang inggih kedah gesang manut piwulang Dalem wau.
- ,,Ora angger wong sing mundjuk,,Gusti, Gusti" bakal munggah ing Kratoning Swarga, nanging sing ngèstokaké karsa Dalem Ramaku, kang ana ing Swarga".
- Gesang manut piwulang Dalem Sang Kristus menika: ngèstokaken angger-angger kados déné ingkang kawulangaken Sang Kristus.
- ,,Sing sapa ngerti lan ngèstokaké angger-anggerku, ija iku kang tresna marang Aku".
- Ngèstokaken angger-angger kados ingkang dipun wulangaken Sang Kristus menika kadjengipun: nggegulang kautamèn Katulik sarta njingkiri dosa.
- ngGegulang kautamèn Katulik menika kelampahanipun: boten namung ing lahir kemawon, [ 115 ]nanging kedah terus ing manah: boten margi adjrih nanging margi tresna.
- Kautamèn-illahi, utawi kautamèn menggahing Allah.
- Kautamèn ingkang mrenata lampah-lampahing ngagesang, tindak-tanduking tijang, kelakuanipun; naminipun kautamèn-kasusilan.
- Sih kasusantan.
- Dradjat anggènipun dados putraning Allah.
- Wewenang minggah Swarga.
- nerak angger-anggering Allah menggah ing prakawis ingkang alit.
- nerak angger-anggering Allah ing prekawis ageng, nanging boten kanți ngertos ingkang terang sarta boten kanți gumolonging pikadjengan ingkang èstu merdika.
- Allah menika namung satunggal.
- Allah menika djedjer tiga: Hjang Rama, Hjang Putra, Hjang Roh Sutji.
- Allah Hjang Putra sampun mandjalma, lan séda wonten ing salib amrih wiludjengipun tijang sadaja.
- Allah menika anggandjar pendamel saé, niksa pendamel awon.
- menawi kula nanggapi Sabdaning Allah kalajan ḍanganing manah.
- menawi kula gesang salaras kalijan pengandel kula.
- boten purun ngandel, ngenut penasaran, ndjarag godjag-gadjeg;
- murugi bebaja tumraping pangandel.
- margi boten naté nḍèrèk wutjalan agami;
- margi mirengaken tijang ingkang mengsah agami.
- margi maos buku lan kalawarti ingkang merangi agami.
- srana sembahjang salebetipun kénging panggoḍa, manggih reribed tuwin bebaja.
- srana ngutjapaken kapitadosan kula, samangsa perlu.
- Gusti Allah menika maha saé sarta pantes dipuntresnani tanpa wates.
- Gusti Allah menika misaèni dateng kula sadaja tanpa upami.
- langkung-langkung margi sengit dateng Gusti Allah tuwin ḍateng sesami.
- Anggèn kula saged nglampahi dosa nradjang kawiludjenganing sukmanipun sesami kula menika tumindakipun srana suka sanḍungan.
- Suka sanḍungan menika ndjarag mbudjuk tijang sanès supados nglampahi dosa, utawi margi tindak kula ingkang awon ngantos dados ḍaḍakan tijang sanès nglampahi dosa.
- „Adja nembah brahala, mung nembaha marang Aku baé, lan tresnaa marang Aku ngungkuli sakabèhé”.
- Manembah dateng Gusti Allah menika tegesipun ngakeni lan ngluhuraken, bilih Gusti Allah menika ingkang nitahaken lan mangérani kula, [ 127 ]
- saha bilih kula menika babar pisan gumantung saking Pandjenenganipun.
- Pangibadah ingkang kedah kula undjukaken dateng Gusti Allah menika: pangibadah batos tuwin lahir, menapa malih pangibadah umum.
- Ngibadah batos menika ngibadah ingkang kula tindakaken wonten ing salebeting manah.
- ,Tresna marang Allah kanți ngetog ati,ngetog budi lan ngetog kekuwatané, apadéné tresna marang pepada kaja marang awaké déwé, iku luwih betjik tinimbang kurban obong lan kurban sembelèhan". Marc. 12: 33.
- ,,Gusti Allah iku Roh, lan sing pada ngabekti ing Pandjenengané, kudu manembah krana roh lan kasunjatan".
- Pangibadah lahir menika pangibadah ingkang kaundjukaken dateng Gusti Allah srana tandang-tanduk, ingkang katindakaken mawi lantaran badan, kados déné: damel tanḍa-pamentangan, djèngkèng, ngutjapaken sembahjangan.
- ,,Pangibadah umum" menika: pangibadah ingkang katindakaken atas asmanipun Pasamuwan Sutji.
- ,,Jèn ana sadulur loro utawa telu ngumpul atas Asmaku, Aku ana ing tengah-tengahé".
- Pusering „pangibadah umum” menika Kurban Mis Sutji.
- Mila Tyas Dalem Sri Jésus ingkang Maha sutji menika tjinaosan pangabekti lan pakurmatan ingkang mirunggan, awit Tyas Dalem menika dados perlambanging katresnan Dalem.
- Tjaranipun ngabekti lan ngurmati Tyas Dalem menika: langkung-langkung males tresna lan tjaos pepulih kiranging pakurmatan.
- Dina-rijajané Tyas Dalem.
- Djumuwah kapisan.
- Nerak angger-angger ingkang kapisan menika:
- njembah brahala, gugon tuhon, lan nradjang angker;
- dosa-dosa ingkang tjengkah kalijan pangibadah lan tawakup utawi sumarah dateng karsaning Allah.
- Njembah brahala menika: ngabekti dateng titah kados déné ḍateng Allah.
- Gugon tuhon menika: nganggep dateng tijang utawi barang anggadahi daja ingkang pantjèn boten dipungaḍahi. [ 129 ]5] 434. Nradjang angker iku apa?
- Nradjang angker menika: damel tjamahing tijang utawi barang ingkang sampun kasutjèkaken kondjuk ing Allah kanți mirunggan.
- Dosa nradjang pangibadah inggih menika: boten naté sembahjang utawi sembahjang boten urmat, nglirwakaken nḍèrèk kurban Mis Sutji, kasekeḍiken nampi Sakramèn-sakramèn.
- Dosa boten sumarah dateng karsaning Allah menika: boten narimah, langkung-langkung jèn manggih kasusahan lan reribed.
- „Gusti Jésus ngendika: panganku jaiku ngèstokaké ḍawuhé Pandjenengané, kang ngutus Aku, lan nindakaké pakarjané”. Joh. 4: 34.
- „Pandjenengané nebih setitik, ungkep-ungkep sembahjang lan ngendika:„Rama, menawi saged, kalilana tuwung menika sumingkir, éwa semanten boten kados ingkang kawula kadjengaken, nanging kadosa ingkang sampéjan Dalem kersakaken”. Matt. 26: 39.
- Sembahjang menika: satunggiling tindak ngibadah, ingkang ngadepaken budi tuwin manah kula ḍateng Allah. [ 130 ]
- „Kawula aturi ngesokaken kabingahan wonten ing manahipun ingkang abdi, awit ḍumateng Sampéjan Dalem kawula ngaḍepaken budi kawula, ḍuh Gusti. Djer Sampéjan Dalem, ḍuh Pangéran, ambeg saé tuwin welas, sugih sih palimirma ḍumateng sinten kémawon ingkang njebut Asma Dalem”.
- Sembahjang menika perlu, awit:
- kula kedah ngluhuraken Allah;
- Sang Kristus pijambak ingkang ḍawuh;
- sembahjang menika srana ingkang limrah minangka angsal sih Dalem ingkang kula betahaken kanggé nggajuh karahadjengan.
- Jèn sembahjang menika kedah urmat, migatosaken, pitados lan tlatos, mawi lantaran Dalem Sang Kristus.
- „Aku pitutur ing kowé: samubarang kang koksuwun sadjroning sembahjang, pitajaa jèn wis kaleksanan; mengko rak mesti diparingi”.
- Salebetipun sembahjang kula kedah:
- tjaos pangabekti, pangalembana tuwin atur panuwun dateng Gusti Allah.
- njuwun pangapuntening dosa kula ḍateng Allah.
- njuwun sih pitulungan sarta nugraha kanggé badan kula pijambak tuwin kanggé tijang sanès.
- Pandjenenganipun sampun karsa nitahaken kula miturut pepetan sarta tjitra Dalem.
- Pandjenenganipun sampun karsa ngangkat kula dados putranipun margi sih Dalem.
- tjaos pakurmatan ḍateng Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah.
- supados Kangdjeng Ibu karsa nglantaraken panjuwun kula kondjuk ing Allah.
- jèn tangi lan jèn mapan tilem;
- ngadjengaken lan bibar neḍa;
- jèn wonten ing grédja;
- jèn dipungoḍa lan jèn manggih bebaja.
,,Gusti, kula aturi muruki sembahjang". - Ngabekti dateng para Sutji menika mekaten:
- njuwun pangèstunipun lan muljakaken dinten rijajanipun;
- ngurmati retja lan rélikwinipun;
- langkung-langkung nulad tulaḍanipun.
- Ingkang dipunwastani rélikwi menika:
- tilas-tetilaranipun para Sutji, utawi barang ingkang sampun kasutjèkaken margi magepokan kalijan para Sutji.
- Ingkang kedah dipunbektèni nglangkungi para Sutji sadaja menika: Dèwi Marijah, Kenja ingkang dahat Sutji tur Ibuning Allah.
- ,Wiwit saiki aku bakal diluhuraké ing sakabèhing bangsa; awit Kang Maha kuwasa wis karsa nindakaké prakara kang luhur-luhur marang aku".
- Dina Setu - Sasi Mei - Sasi Oktober.
- Mila Sang Kenja Sinutji menika kedah dipunbektèni nglangkungi para Sutji sadaja, awit:
- Pandjenenganipun menika Ibuning Allah lan ugi Ibu kula sadaja.
- Pandjenenganipun menika ngungkuli para Malaékat lan para Sutji sadaja menggah ing sih lan kasutjianipun. [ 134 ]
- Pandjenenganipun menika dados lantaranipun sadajaning sih; sarta margi pangèstunipun-tjaraning-Ibu-sedjati, saged ngangsalaken samukawis saking Gusti Allah.
- muljakaken rijajanipun kalijan Pasamuwan Sutji;
- njuwun pangèstunipun saben dinten, langkung-langkung jèn dipungoḍa utawi manggih bebaja;
- ingkang saé pijambak: nulad sugengipun.
- jèn tanpa djalaran ingkang maton;
- jèn namung goroh - gorohan;
- jèn prasetya kanți sumpah baḑé nindakaken prekawis ingkang dosa.
- ngutjapaken Asmaning Allah boten urmat;
- supata;
- njenjamah ḍateng Gusti Allah;
- sumpah goroh-gorohan;
- tjidra ing prasetya.
- tresna ḍateng Ibu kita Pasamuwan Sutji tjaraning putra sedjati.
- mbangun-miturut ḍateng paréntahipun tanpa wonten kekiranganipun.
- Ngatingalaken katresnan kula ingkang sedjati ḑateng tanah tuwin bangsa kula;
- mbangun-miturut ḑateng paréntahipun ingkang absah sawetah-wetahipun.
- pengageng menika, jèn pengageng mréntahaken prekawis ingkang dosa.
- ,,Rasul Pétrus lan para Rasul lijané paḍa paring wangsulan:,,Manungsa kedah langkung mbangun-miturut dateng Gusti Allah tinimbang dateng tijang".
- ,,Adja gawé radja pati".
- Angger-angger ingkang kaping gangsal menika nḍawuhaken: urmat dateng gesang lan kasarasaning badanipun pijambak tuwin sesami.
- ndjarag nenatoni badanipun pijambak utawi nglalu.
- kaduk wani mbekta gesang utawi kasarasanipun dateng papaning bebaja.
- Nandukaken awon dateng badanipun tijang sanès menika: tanpa nggadahi panguwaos ingkang absah utawi tanpa djalaran ingkang maton: [ 141 ]
- misakiti, natoni utawi medjahi tijang sanès;
- njengkakaken pedjahipun utawi damel ngenesipun tijang sanés.
- Nerak angger-angger ingkang kaping gangsal mawi tetembungan menika: njerikaken tijang sanès, njupatani, mojoki, njenjenggring.
- Nerak angger-angger ingkang kaping gangsal ing salebeting manah menika: nesu, sengit lan mèri.
- Jén wonten tijang ingkang nandukaken awon ḍateng kula, kula kedah nulad Sang Kristus, inggih menika: terus ing manah ngapunten lepatipun, sarta boten kénging males awon.
- ,,Rasul Pétrus mareg ing ngarsané Gusti sarta mundjuk: ,,Gusti, jèn wonten saḍèrèk nandukaken awon ḍateng kula; anggèn kula ngapunten lepatipun kedah kaping pinten? Menapa ngantos kaping pitu?” Gusti paring wangsulan: ,,Aku kanḍa ing kowé: ora mung ping pitu, nanging ping pitung puluh kaping pitu", Matt. 18 : 21, 22, [ 142 ]
- sebab kula sami boten kénging migunakaken badan kula tjengkah kalijan karsa Dalem Gusti Allah.
- sebab badan kula menika gegelitan-Dalem Sang Kristus sarta pedalemaning Hjang Roh Sutji.
- sawernaning lampah djenes;
- samukawis ingkang nenarik dateng dosa djenes, kadosta: solah-tingkah, neningali, pawitjantenan, menjanjian lan waosan, tonil lan gambar-hidup ingkang saru. [ 143 ]5] 490. Angger-angger kang kasanga iku nglarangi apa?
- Angger-angger ingkang kaping sanga menika ngawisi: sawernining dosa djenes ingkang kabatos, kadosta:
- kepéngin dateng prekawis djenes;
- mikir-mikir prekawis djenes kalajan ndjarag lan seneng.
- nDjagi kamurnèn ingkang prajogi pijambak menika menawi kita njingkiri sadaja gagasan tuwin tandang-tanduk ingkang saru-saru tur mawi kadjarag, menapa malih manganggé, ingkang murang tata-trapsila,
- Gesang murni menika: njentosakaken kadjeng, mulungaken manah dateng ingkang luhur lan ingkang saé, sarta murugaken damel tentrem-ajeming manah.
- Lampah djenes menika ngrisak burus lan lurusing manah, lan nenuntun ḍateng dosa werni-werni.
- Jèn baḍé gesang murni menika kedah:
- njingkiri samukawis ingkang mbebajani;
- matiraga;
- kerep ngaken dosa lan nampi Kumini Sutji;
- sungkem-bekti ḍateng Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah. [ 144 ]5] 495. Tjongkoging urip murni kang kukuh thu apa?
- Tjongkogipun gesang murni ingkang kekah menika: purun dipuntuntun tijang-sepuh sarta Rama-bih ingkang baku, menapa malih tanpa odjrah-adjrih njuwun pitedahipun.
- ,,Adja njenjolong”’.
- ,,Adja mélik darbèking lijan".
- Angger-angger ingkang kaping pitu lan ingkang kaping sedasa menika nḍawuhaken: bilih kita tijang Katulik kedah nggegulang kautamèn kaadilan.
- Nglampahi kautamèn kaadilan menika kadjengipun: njukakaken ḍateng saḍéngah tijang samukawis ingkang dados hakipun, tuwin lega-lila ngéklasaken hak wau.
- Menggahing milik Pasamuwan Sutji mulang: [ 145 ]
- bilih tijang menika wenang nggaḍahi barang-darbé, ingkang nama milikipun pijambak;
- bilih kita kedah tumut ngudi ḍateng adiling pembagéanipun barang darbé.
- njolong utawi ngréntjangi tijang njolong;
- tumbas utawi njimpen barang tjolongan;
- njolong wekdal salebeting njambut-damel, mendet sareman (anakan) boten mekakat kaṭahipun, utawi ngapusi. [ 146 ]
- Angger-angger ingkang kaping wolu menika madjibaken, bilih kita kedah barés ing ginem lan tindak-tanduk; menapa malih kedah tansah urmat ḍateng saéning namanipun lan prekawis wewadosing sesami.
- suka paseksén ingkang boten njata, langkung-langkung wonten ngadjengipun pradata;
- goroh;
- njatur awon ingkang boten njata;
- njatur awoning tijang;
- gumampil nginten awoning tang;
- nganḍaraken prekawis ingkang dipundamel wados tijang sanès.
- Goroh menika: njrijosaken barang ingkang boten njata; mangka inggih ngertos saéstu, jén ingkang dipuntjrijosaken wau boten njata.
- „Paḍa njingkirana goroh lan kandaa sing njata Marang pepadamu, sidji-sidjiné kanggo awaké ḍéwé-ḍéwe; awit aku kabéh wis dadi gegelitan, sidji tumrap sidjiné". Eph. 4: 25.
- Boten; malah wonten kalanipun tijang kuwadjiban njidem prekawis ingkang njata. [ 148 ]5] 511. Njatur ala kang ora njata tku kaprijé?
- Njatur awon ingkang boten njata menika kadjengipun: ngandaraken piawonipun tijang ingkang boten katindakaken; utawi: piawon ingkang dipunlampahi, katjarijosaken, nanging mawi dipunbumboni (dipunageng-agengaken).
- Njatur awoning tijang menika kadjengipun: njrijosaken awoning tijang, ingkang taksih winados, tanpa sebab ingkang maton.
- Gumampil nginten awoning tijang menika kadjengipun: tanpa bukti-bukti ingkang njekapi sampun netepaken ing salebeting manah bab awonipun tijang sanès.
- Jèn damel kusuting namanipun sanés tanpa sebab ingkang maton, menika ladjeng kuwadjiban mulihaken kapitunèn wau saénggal-énggalipun lan sa-saged-sagedipun; jèn boten purun, dosanipun boten dipunapunten. [ 149 ]ANGGER - ANGGER LIMA ḌAWUHÉ
- „Muljakna dina geḍé kang dipaḍakaké dina Ngahad!”
- Ing Vikariat ngriki dinten ageng ingkang dipunsamèkaken dinten Ngahad inggih menika:
- Rijaja Mijos Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus; utawi Rijaja Kèrsmis.
- Rijaja Mékrad Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus.
- Rijaja Dalem Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah kapunḍut ḍateng Swarga.
- „Ing dina Ngahad lan ing dina gedé kang dipaḍakaké dina Ngahad nḍèrèka Mis Sutji lan adja nandangi pagawéan kang diwaleri”. [ 150 ]4] 518. Sing diwadjibaké nḍèrèk Mis Sutji ing dina Ngahad lan ing dina geḍé kang dipaḍakaké dina Ngahad iku sapa?
- Ingkang dipunwadjibaken nḍèrèk Mis Sutji ing dinten Ngahad lan ing dinten-dinten ageng ingkang dipunsamèkaken dinten Ngahad menika: sok tijanga ingkang sampun umur pitung taun minggah; semanten wau jèn boten wonten alangan ingkang absah.
- Anggènipun nḍèrèk Mis Sutji wau kedah: wetah, urmat lan nggatosaken.
- Nglampahi dosa ageng nerak angger-angger ḍawuhing Pasamuwan Sutji ingkang kaping kalih menika:
- nglirwakaken nḍèrèk Mis Sutji utawi boten ndèrèk péranganipun ingkang perlu tanpa sebab ingkang absah;
- nindakaken padamelan ingkang dipunwaleri sawetawis dangu.
- Saged kula nutjèkaken dinten Ngahad lan dinten ageng kanți mirunggan menika srana tampi Kumini Sutji, ndèrèk Mis Ageng, prajoginipun wonten ing Parokinipun pijambak, sarta nḍèrèk Astuti utawi Vesper. [ 151 ]
- Ingkang damel tjamahing dinten Ngahad menika boten namung pedamelan ingkang dipunawisi kémawon, nanging ugi: sesrawungan ingkang sembrana tuwin kasukan-kasukan ingkang saru.
- Matiraga menika perlunipun: tjaos pepulihing dosa-dosa, menapa malih ngudi ngerèhaken badanipun pijambak, supados saja langkung saé malih anggenipun nulad Sang Kristus.
- ,,Patènana samubarang kang ndonjani ing gegelitanmu: djina, djedjenes, hawa nepsu, pakareman mblasar lan kamurkan".
- ,,Sing wis dadi kagungan Dalem Sang Kristus, pada njalib dagingé sa-hawanepsuné lan pikaremané".
- Ingkang dipunwadjibaken Pasamuwan Sutji menika langkung - langkung matiraga srana: sijam lan sesirik.
- ,,Pasaa lan njirika daging miturut dawuh". [ 152 ]4] 526. Ing dina-sesirik Pasamuwan Sutji ora marengaké ара?
- Ing dinten-sesirik Pasamuwan Sutji boten marengaken: neḍa ulam daging lan duduh ulam daging; nanging teteḍan ingkang dipunratengi mawi gadjih dipunparengaken.
- Ingkang dipunwadjibaken sesirik menika: sok tijanga ingkang sampun umur pitung taun minggah; kedjawi jèn dipunmerdikakaken margi sebab-sebab ingkang absah.
- Ing dinten-sijam Pasamuwan Sutji boten marengaken: neḍa tuwuk ngantos langkung saking sepisan; nanging éndjing lan sonten dipunparengaken neḍa sawatawis miturut kalimrahan, ingkang sampun dipunlilani ing tanahipun pijambak. (Padakna katja 157).
- Ingkang kedah sijam inggih menika sadaja ingkang sampun umur 21 dumugi 59 tahun, kedjawi ta jèn dipunmerdikakaken margi sakit, pedamelan awrat utawi sebab sanèsipun ingkang absah.
- „Ngakua dosa apesé setahun sepisan”. [ 153 ]
- Wonten ing angger-anggeripun ingkang kaping sekawan Pasamuwan Sutji dawuh, supados sadaja tijang Katulik ingkang sampun tinarbuka budinipun, ngakenaken sadaja dosanipun ageng apes setaun sepisan kanți éklasing manah.
- Angger-angger dawuhipun Pasamuwan Sutji ingkang kaping gangsal menika ungelipun mekaten: „Tampaa Saliraning Gusti ing mangsa Paskah”.
- Angger-angger wau nḍawuhaken: uger tijang Katulik ingkang sampun saged mbédakaken awon lan saé, dipunwadjibaken tampi Salira-Dalem kalajan pantes ing salebeting mangsa Paskah; prajoginipun wonten Grédja-parokinipun pijambak.
- Menawi kula namung mligi ngudi rahadjenging sukma kula pijambak kémawon, kula boten nama tijang Katulik sedjati: awit tijang Katulik inggih kuwadjiban ngarah rahadjenging sukmanipun sesami, sarana nindakaken apostolat, inggih menika pakarjaning rasul. [ 154 ]
- Tjaranipun lampah apostolat menika:
- sembahjang lan njukani tulada saé;
- kurban lan tumandang ing damel.
- ,,Para sadulur, menawa ana sadulurmu kang njimpang saka dalaning kabeneran lan ana sadulur lijané kang mertobataké, wruhanamu sadulur kang mertobataké wong dosa saka penasaran, iku ngentasaké sukmané wong mau saka pati lan nutup dosa pirang-pirang".
- ,,Para sadulur, menawa ana sadulurmu kang njimpang saka dalaning kabeneran lan ana sadulur lijané kang mertobataké, wruhanamu sadulur kang mertobataké wong dosa saka penasaran, iku ngentasaké sukmané wong mau saka pati lan nutup dosa pirang-pirang".
- ,,Mengkono uga paḍangmu kudu sumunar ing ngarepé wong-wong, supaja paḍa njawang pakarjanmu kang betjik lan ngluhuraké Ramamu, kang ana ing swarga".
- Anggèn kula nindakaken apostolat menika langkung-langkung kanggé tanah missi lan tanah wutah-rah kula pijambak.
- Tjaranipun nulung Tanah-missi menika: sembahjang lan kurban, ugi dados warganing pakempalan-pakempalan - Missi, jejasan - Dalem Kangdjeng Paus.
- Ngahad Missi.
- Tjaranipun lampah apostolat tumrap Tanah-wutah-rah menika: gesang tjara Katulik saèstu, [ 155 ]
- ngantos dados tulaḍanipun tijang sanès, ngertos ngertosaken tijang sanès bab Pengandel Katulik lan njembahjangaken tijang ingkang dèrèng Katulik.
- ,,Sing tansah seḍija awèh tanggung djawab samangsa ana wong ndjaluk katerangan bab Pengarep-arep kang urip ing sadjroning ati-mu".
- Tijang mila inggih wadjib nglampahi pendamel saé, supados margi mekaten wau nampèni gandjaran swarga.
- ,,Kabèh wong bakal ngaḍep ana ngarsa pradatan Dalem Sang Kristus, perlu nampa pituwasé tindaké kang betjik utawa kang ala, kang wus dilakoni ḍéwé-ḍéwé, kalané isih urip ana ing badané".
- Manut pitedahing Kitab Sutji pendamel saé ingkang prajogi sanget dipunlampahi menika, kadosta: sembahjang, matiraga, tindak-kawelasan lan tindak-kasudarman.
- Sagedipun pakarjan saé menika angsal gandjaran, ingkang nglampahi kedah kasinungan sih [ 156 ]
- kasusantan lan dipunlampahi murih kaluhuran Dalem Gusti Allah.
- ,,Anggonmu mersudi pakarjan betjik iku adja ana ing ngarepé wong supaja disawang; mundak ora tampa gandjaran saka Ramamu kang ana ing Swarga".
- Jèn tijang nganḍut dosa ageng nglampahi saé, menika boten tanpa gina babar pisan; awit tindak saé menika dados srana mertobat ingkang limrah.
- ,,Sadaja ingkang badé kawula lampahi ing dinten menika kawula undjukaken ing Sampéjan Dalem. Sadaja wau badé kawula tindakaken murih kaluhuran Dalem saha rahadjenging sukma kawula". (Sembahjang ésuk).
- Kasampurnan Katulik menika: tanpa kenḍat mbudidaja sampun ngantos ndjarag nglampahi dosa, kalijan ngulah sampurnaning kautamèn.
- Rahaju wong kang ngelih lan ngelak marang kabeneran, awit bakal pinaringan wareg".
- Inggih; Sang Kristus ngersakaken sadaja tijang samia ndjangka dateng kasampurnan.
- ,,Dipada sampurna kaja Ramamu ing Swarga anggèné sampurna".
- Marginipun nggajuh ḍateng kasampurnan menika: kedah nulad sugeng Dalem Sang Kristus, utawi: gesang miturut semangat Dalem Sang Kristus.
- Ngertos kula ḍateng semangat Dalem menika saking Sabda Dalem Rahaju wewolu:
- Rahaju wong kang ambeg mlarat,
- awit bakal nduwéni Kratoning Swarga;
- Rahaju wong kang lembah manah,
- awit bakal nduwéni Tanah;
- Rahaju wong kang paḍa nangis,
- awit bakal oleh panglipur;
- Rahaju wong kang paḍa ngelih lan ngelak marang kabeneran,
- awit bakal pinaringan wareg;
- Rahaju wong kang ambeg welas,
- awit bakal pinaringan kawelasan;
- Rahaju wong kang resik atiné,
- awit bakal njawang Allah;
- Rahaju wong kang ngudi marang katentreman,
- awit bakal disebut putraning Allah;
- Rahaju wong kang dikuja-kuja krana kabeneran,
- awit bakal ndarbéni Kratoning Allah.
- Inggih, Sang Kristus sampun karsa nedahaken srana mirunggan kanggé nggajuh kasampurnan, inggih menika Pitedahing Indjil. [ 158 ]6] 548. Pitedahing Indjil iku sing endi?
- gesang mlarat kanti tinemaha;
- gesang murni sawetah-wetahipun;
- mbangun miturut kanṭi sampurna.
- Rijaja Mékrad Dalem Gusti Jésus.
- Rijaja Salirané Dèwi Marijah kainggahaké menjang Swarga (15 Agustus).
- Rijaja Wijosan Dalem Gusti Jésus
- Saben Djumuwah ing sadjroning mangsa pasa, (pitu tjatjahé).
- Setu Paskah.
- Vigili Wijosan Dalem Gusti Jésus,
5] 318. Jen wong ndjarag, upamané marga wedi utawa isin, anggoné bih ngumpetaké dosa gedé, wong mau nglakoni dosa apa?
- Jèn tijang ndjarag, upaminipun margi adjrih
utawi isin, anggènipun bih ngumpetaken dosa ageng, namanipun dosa nradjang angker; kedjawi menika dosa-dosa ingkang dipunakenaken ing bih wau boten angsal pangapunten.
6] 319. Kaprijé bisané gampang ngalahaké rasa wedi utawa isin mau?
- Sagedipun gampil ngawonaken raos adjrih utawi isin wau, menawi tijang tansah ènget:
5] 320. Jen wong ndjarag ngumpetaké dosa gedé, mbandjur kudu apa?
- Jèn tijang sampun ndjarag ngumpetaken dosa ageng, kedah:
5] 322. Apa dosa geḍé sing kelangkip mau ija isih kudu dibihaké?
3] 323. Apa sing kudu taktindakaké bakda ngaku dosa?
4] 324. Ḍenḍan mau wudjud apa?
4] 325. Laku-lakuné wong ngaku dosa iku kaprijé?
5] 326. Naliti batin iku rékané kaprijé?
6] 327. Rékané mbangun keduwung kang prajoga déwé iku kaprijé?
3] 328. Sadurungé ngandaraké dosané prajogané matur kaprijé?
3] 329. Panutupé bih iku apiké kaprije?
3] 330. Jèn Imam paring absolisi, prajogané sembahjang apa?
3] 331. Jen wis bih, bandjur kaprijé?
5] 332. Aflat iku apa?
6] 333. Apa aflat iku ngolèhaké pangapuraning dosa?
6] 334. Jèn Pasamuwan Sutji paring aflat, iku apa sing ditandjakaké?
5] 335. Aflat iku warna pira?
5] 336. Aflat lunasing siksa iku ngolèhaké apa?
6] 337. Bisané olèh aflat iku kudu kaprijé?
6] 338. Apa aflat iku kena dienggo nulungi sukma-sukma ing Geni-Pangresikan?
4] 339. Sakramèn Lenga Sutji iku apa?
4] 340. Jen nampa Sakramèn Lenga Sutji iku, sukmané kudu kaprijé?
6] 341. Sakramèn Lenga Sutji iku ngolèhaké apa?
Jac. 5 14. 15.
4] 342. Sakramen Lenga Sutji iku kudu diparingaké marang sapa?
5] 343. Anggoné ngaturi Imam iku jèn larané kaprijé?
5] 344. Ing sadjroné lara ana bebajané pati, kenané nampa Lenga Sutji ping pira?
5] 345. Jèn wis paring Sakramèn Lenga Sutji, Imam bandjur paring apa manèh?
- Jèn ana wong lara arep nampa Sakramèn Lenga Sutji, sing rumeksa ngomah kudu njepakaké: médja tjilik satjeḍaké sing lara; médja mau dislèmèki taplak putih, ditumpangi salib, lilin loro (disumed), waḍah isi banju sutji, kapuk kapas lan banju ngombé seṭiṭik.
5] 346. Sakramèn Kaimaman iku apa?
- Sakramèn Kaimaman menika Sakramèn ingkang paring panguwaos ḍateng tijang ingkang tampi timbalan Dalem: minangka ngladjengaken Kaimaman Dalem Sang Kristus.
Luc. 22 19. I Cor. 11: 24.
4] 347. Bubuhané Imam kang perlu ḍéwé iku apa?
- Bebahanipun Imam ingkang perlu pijambak menika:
4] 348. Sing nampakaké Sakramen Kaimaman iku sapa?
6] 349. Sakramen Kaimaman iku ngoléhaké apa?
5] 350. Apa sebabé déné aku pada diprajogakaké njenjuwun marang Gusti Allah kanți adrenging ati, supaja diparingi Imam kang sutji lan mungguh?
Jo. 17 : 18, 19.
6] 351. Kuwadjibané wong Katulik marang para Imam iku apa?
SAKRAMÈN IDJAB.
6] 352. Sakramèn Idjab iku apa?
5] 353. Sing jasa Idjab iku sapa?
6] 354. Jèn nampa Sakramèn Idjab, sukmané kudu kaprijé?
6] 355. Sakramèn Idjab iku ngolèhaké apa?
6] 356. Dèk kapan anggoné wong lanang Katulik lan wong wadon Katulik pada nampakaké lan nampani Sakramèn mau?
- Anggènipun tijang djaler Katulik lan tijang èstri Katulik sami nampèkaken lan nampèni Sakramèn wau, inggih menika nalika sami ngu- tjapaken kasagahanipun badé dados sémah, wonten ing ngarsanipun Rama Pasturing Parokinipun, dipunseksèni saḍèrèk kalih.
6] 357. Omah-omah olèh angger wong iku apa mesti kalilan lan apa mesti absah idjabé?
- Émah-émah angsal uger tijang menika boten temtu kalilan lan boten temtu absah idjabipun, awit wonten alangan ingkang murugaken boten absah idjabipun.
6] 358. Ngaranana alangan sawatara kang marakaké Idjabé ora absah.
- Alangan ingkang murugaken idjabipun boten absah, upaminipun tijang Katulik angsal:
5] 359. Ngaranana alangan sing gedé déwé kang marakaké Idjabé ora kalilan?
- Alangan ingkang ageng pijambak ingkang murugaken Idjabipun boten kalilan, inggih menika tijang Katulik angsal tijang ingkang sampun baptis nanging boten Katulik. (Idjab-tjampuran).
6] 360. Sebabé apa Idjab - tjampuran iku banget ditjatjad lan dilarangi Ibu Pasamuwan Sutji?
- Idjab-tjampuran menika sanget dipuntjatjad lan dipunawisi Ibu Pasamuwan Sutji, awit:
6] 361. Apa Idjab-kantor iku kanggoné wong Katulik wis djeneng absah?
- Kanggenipun tijang Katulik Idjab-kantor menika dèrèng absah.
5] 362. Idjab iku bisané pegat kaprije?
- Idjab menika sagedipun pegat namung jèn pedjah salah satunggal; dados pegatan wonten ing kantor boten damel bataling Idjab.
,,Marang kang pada sesomahan Pangéran pijambak, dudu aku, sing paring dawuh: sing wadon ora kena pisah karo sing lanang: éwadéné jèn meksa pepisahan karo sing
- lanang, kudu lestari ora idjab manèh, utawa mbalèni sing lanang; semono uga wong lanang ora kena megat bodjoné".
I Cor. 7: 10. 11.
6] 363. Tjetjawis sing apik déwé ngarepaké Idjab iku kaprijé?
- Tjetjawis ingkang saé pijambak ngadjengaken Idjab menika:
SAKRAMENTALI.
6] 364. Sakramentali iku apa?
- Sakramentali menika barang utawi pakarjan, ingkang dipunpigunakaken Pasamuwan Sutji, supados krana dajaning sembahjanganipun ngangsalaken langkung-langkung nugraha rohani.
6] 365. Sing nganakaké Sakramentali iku sapa?
- Ingkang ngawontenaken Sakramèntali menika Pasamuwan Sutji.
6] 366. Sebab apa déné Sakramentali iku maédahi banget marang aku - kowe?
- Sakramentali menika maédahi sanget ḍateng kula - pandjenengan, awit Pasamuwan Sutji pijambak ingkang njenjuwunaken berkahing Allah kanggé tijang ingkang nampi utawi migunakaken Sakramèntali wau.
5] 367. Penganggoné barang sing wis diberkahi iku kudu kaprijé?
- Penganggenipun barang ingkang sampun dipunberkahi menika kedah kanți urmat lan pitadjeng; boten kénging dipunanggep nggaḍahi daja-daja sanèsipun kedjawi ingkang dipunparingaken margi saking berkahipun Pasamuwan Sutji.
Sakramentali sawetara:
mBerkahi banju, lilin (2 Febr.), awu (dina Rebo-awu), godong palem (Ngahad-palem), lenga-lenga sutji (Kemis Putih), geni (Setu sepi). mBerkahi omah, wong lara, barang-barang sing dienggo.
,,Apa baé kang koklakoni, embuh srana tetembungan embuh srana solah-tingkah, tindakna kondjuk ing Asma-Dalem Sri Jésus, Pangéranmu, lan Hjang Rama tjaosana atur panuwun lantaran Pandjenengané".
Col. 3: 17.
PÉRANGAN KATELU
Kaprijé rékané
urip tjara Katulik.
Gusti Jésus ngendika:
„Aku iki Dalan”
(Joann. 14: 6).
[ 114 ]
KAUTAMAN KATULIK.
5] 368. Jen mung ngerti piwulang Dalem Sang Kristus waé, apa iku wis djeneng tjukup?
Matt. 7 : 21.
4] 369. Rékané urip manut piwulang Dalem Sang Kristus iku kaprijé?
Jo. 14: 21.
5] 370. Ngèstokaké angger-angger kaja sing diwulangaké Sang Kristus iku karepé kaprijé?
6] 371. ngGegulang kautaman Katulik iku kaprije kelakoné?
- „Sing diparingaké Gusti Allah iku dudu semangat wedi, nanging semangat katresnan, kang metu saka ati murni, kabatinan kang betjik, lan pengandel kang ora lamis”.
II Tim. 1 7 lan I Tim. 1: 5.
6] 372. Kautaman Katulik iku ana warna pira?
Kautamèn Katulik menika wonten warni kalih, inggih menika:
6] 373. Kautaman - illahi iku ana pira?
Kautamèn-illahi wonten tiga, inggih menika: pengandel, pengadjeng-adjeng lan katresnan.
6] 374. Sebabé apa: kautaman pengandel, pengarep-arep lan katresnan iku diarani kautaman - illahi?
Mila kautamèn: pengandel, pengadjeng-adjeng lan katresnan menika dipunwastani kautamèn-illahi, awit tiga-tiganipun terus tumudju dateng Gusti Allah pijambak, lan inggih mligi karana Gusti Allah.
6] 375. Lah sing diarani kautaman-kasusilan iku sing endi?
Ingkang dipunwastani kautamèn-kasusilan menika kautamèn-kautamèn ingkang mrenata kasusilan salaras kalijan pengandel Katulik. [ 116 ]6] 376. Kautaman-kasusilan iku kang baku sing endi?
- Kautamèn-kasusilan menika ingkang baku inggih menika: pengatos-atos, keadilan, kasantosan, lan duga-watara.
4] 377. Dosa iku apa?
- Dosa menika: nerak angger-anggering Allah kanți ndjarag.
5] 378. Dosa iku kelakoné kaprije?
- Dosa menika kelampahanipun: margi gagasan lan pepénginan, margi tetembungan lan tindak-tanduk, mekaten ugi margi nglirwakaken kewadjibanipun.
3] 379. Apa sakabèhing dosa pada gedéné?
- Boten sadaja dosa sami agengipun: wonten ingkang ageng, wonten ingkang alit.
5] 380. Jagéné dosa gedé iku diarani dosa kang agawé pati?
- Mila dosa ageng dipunwastani dosa ingkang damel pedjah, awit dosa ageng menika damel itjaling Sih kasusantan; mangka Sih kasusantan menika dados gesanging sukma ingkang ngungkuli kodrat.
5] 381. Dosa gedé iku kaprijé?
- Dosa ageng menika nerak angger-anggering Allah ing prekawis ageng, kanți ngertos terang lan ndjarag saèstu.
- Nglampahi dosa ageng menika kétjalan:
Matt. 16 26.
3] 383. Wong nglakoni dosa gedé iku siksané apa?
- Tijang nglampahi dosa ageng menika siksanipun siksa langgeng wonten ing nraka.
5] 384. Dosa tjilik iku kaprijé?
- Dosa alit menika:
5] 385. Dosa tjilik iku gawé kapitunan apa?
- Dosa alit menika damel kembaning katresnan dateng Allah, lan danguning-dangu nggampilaken dumawah ing dosa ingkang langkung ageng.
3] 386. Wong nglakoni dosa tjilik iku siksané apa?
- Tijang nglampahi dosa alit menika siksanipun siksa ingkang boten langgeng wonten ing donja utawi ing latu pangresikan.
- Dosa menika kedah kula sengiti, kados déné prakawis ingkang awon pijambak, ingkang saged kula temahi.
5] 388. Wewatekan ala iku dumadiné kaprijé?
- Wewatekan awon menika dumadosipun margi wongsal-wangsul nuruti mulunging manah dateng piawon.
6] 389. Wewatekan ala kang pokok iku sing endi?
- Wewatekan awon ingkang pokok menika wonten pitu: umuk, tjețil, djenes, panastèn, nggrangsang, nepson lan kesèd.
5] 390. Panggoda iku apa dosa?
- Panggoda menika sanès dosa, sa-uger boten
dipun-sengadja dipunturuti.
- ,,Adja nganti kalah karo piala, nanging ngalahna piala marga laku betjik". Rom. 12 21.,,Sing rumangsa ngadeg, dingati-ati adja nganti ambruk. Gusti Allah iku tuhu.
Pandjenengané ora nglilani, jèn kowé digoḍa ngluwihi kekuwatanmu, nanging bebarengan karo panggoḍa Pandjenengané bakal paring srana kanggo nanggulangi". I Cor. 10: 12. 13.
PENGANDEL KATULIK.
5] 391. Jagéné pengandel iku kautaman - illahi kang disik déwé?
- Pengandel menika kautamèn - illahi ingkang rumijin pijambak, awit pengandel menika dados leladjer lan tetalesing gesang Katulik.
- Kautamèn pengandel menika peparinging Allah ingkang ngungkuli kodrat, ingkang murugaken tijang nganggep njata dateng sadaja ingkang dipunweḍaraken Gusti Allah.
4] 393. Apa sebabé déné anggonku ngandel iku kudu kanti mantep?
- Anggèn kula ngandel kedah kanti mantep, awit ingkang paring pangandika menika Gusti Allah pijambak, ingkang ngawuningani samukawis sarta tansah ngendika ingkang njata.
4] 394. Ngertiku apa sing kudu takandel kanți maton iku kaprijé?
- Ngertos kula menapa ingkang kedah kula-andel kanți maton, menika lantaran Pasamuwan Sutji.
5] 395. Jagéné pengandel iku perlu?
- Mila pengandel menika perlu, awit tanpa pengandel boten saged damel renaning Allah, boten saged begdja wonten ing donja ngriki, lan boten saged minggah Swarga.
3] 396. Patang prekara kang kudu disumurupi ing saben wong iku endi?
- Kawan prekawis ingkang kedah dipunsumerepi ing saben tijang menika:
5] 397. Kapan anggonku pada nggegulang kautaman pengandel?
- Anggèn kula nggegulang kautamèn pengandel inggih menika:
5] 398. Apa ana kalané wong iku kewadjiban nglahiraké pengandelé ana ing ngarepé wong akèh?
- Inggih, wonten kalanipun tijang menika kewadjiban nglahiraken pengandelipun wonten ing ngadjengipun tijang katah, inggih menika jèn tindak wau pantjèn perlu murih kaluhuraning Allah utawi rahadjenging sesami.
6] 399. Dosa nerak pengandel iku kaprijé?
- Dosa nerak pengandel menika:
6] 400. Ilangé pengandel iku djalaran saka apa?
- Itjaling pengandel menika:
- Semangating piandel menika watak-wantuning tijang, ingkang kulina nglelimbang samukawis miturut piwulanging Indjil sarta Pasamuwan Sutji, menapa malih tumindak salaras kalijan sadaja wau.
- ,,Sajekti pituturku ing kowé: sing sapa ngandel,
nduwèni urip langgeng". Jo. 6: 47.
,,Kang ngandel ing Aku bakal urip krana pengandelé". Hebr. 10 38.
PENGAREP-AREP KATULIK.
5] '402. Kautaman pengarep-arep iku apa?
- Kautamèn pengadjeng-adjeng menika sih-pepa-ring-Dalem Gusti Allah ingkang ngungkuli kodrat, saha murugaken kanți kumandeling manah ndjagèkaken baḍé nampi karahadjengan
langgeng saking Gusti Allah sasadaja srana-srananipun ingkang perlu-perlu.
- ,,Gusti Allah iku misaèni marang wong kang pada pertjaja ing Pandjenengané lan nggolèki Pandjenengané'.' Kitab Pangesah. 3: 25.
,,Muga-muga Gusti Allah, kang djumeneng pengarep-arepmu krana pengandelmu, nglubèraké sakèhing kabungahan lan katentreman marang kowé, supaja kowé pada penuh ing pengarep-arep krana kekijatan Dalem Hjang Roh Sutji". Rom. 15: 13.
mBangun pengarep-arep.
4] 403. Sebabé apa déné pengarep-arep iku kudu kanți tetep - mantep?
- Pengadjeng-adjeng menika kedah kanti tetep mantep, awit ingkang paring kasagahan menika
- Gusti Allah; mangka Pandjenenganipun menika Mahakuwasa, Mahasaé, lan tuhu-temen ing kasagahan Dalem.
- „Pitulunganku suménḍé ing Asmaning Pangéran, Kang nitahaké bumi lan langit".
Ps. 123 8.
5] 404. Pengarep-arep mau séndéan apa?
- Pengadjeng-adjeng kula wau sénḍéan Sang Kristus, ingkang sampun ngangsalaken karahadjengan langgeng kanggé kula sadaja.
6] 405. Kaprijé bisaku mitontonaké kapretjajanku marang maha kuwasa lan kasaénan Dalem Gusti Allah?
- Saged kula ngatingalaken kapitadosan kula ḍateng maha kuwasa sarta kasaénan Dalem Gusti Allah menika:
6] 406. Dosa nerak pengarep-arep iku kaprijé?
- Dosa nerak pengadjeng-adjeng menika tumindakipun srana boten perdulèn, telas ing pengadjeng-adjeng, utawi kaduk-wani ndjagèkaken sihing Allah.
KATRESNAN KATULIK.
5] 407. Apa sebabé déné Katresnan iku paḍa-paḍa kautaman kang luhur ḍéwé?
- Katresnan menika sami-sami kautamèn ingkang luhur pijambak, awit katresnan menika
- ngraketaken manungsa kalijan Gusti Allah ingkang supeket pijambak.
- „Sing kèri mung telu: pengandel, pengarep-arep lan katresnan. Déné sing luhur déwé iku katresnan".
I Cor. 13: 13.
5] 408. Kautaman katresnan iku apa?
- Kautamèn katresnan menika peparing Dalem Gusi Allah ingkang ngungkuli kodrat, sarta murugaken tijang tresna dateng Allah ngungkuli samukawis, lan tresna dateng badanipun pijambak saha dateng sesami krana Gusti Allah.
- ,,Aku paring angger-angger anjar marang kowe: Dipada tresna-tinresnan. Anggonmu pada tresna-tinresnan dikaja anggonku tresna marang kowe. Iki titikané anggonmu pada
dadi muridku, jèn kowé pada tresna-tinresnan"
Jo. 13: 34. 35.
5] 409. Apa sebabé déné aku kudu pada tresna marang Gusti Allah ngungkuli sakabèhé?
- Mila kula kedah sami tresna dateng Gusti Allah ngungkuli samukawis, awit:
4] 410. Kaprije tandané, jèn aku pada tresna marang Gusti Allah ngungkuli sakabèhé?
- Tandanipun, bilih kula sami tresna dateng Gusti Allah ngungkuli samukawis, menika menawi kula sami ngèstokaken sadaja dawuh Dalem.
endi?
- Dawuh Dalem ingkang kedah dipunèstokaken, menika: Angger-angger sedasa ḍawuhing Allah; sarta Angger-angger gangsal ḍawuhing Pasamuwan Sutji.
4] 412. Ringkesané angger-angger dawuhing Allah iku kaprijé?
- Ringkesanipun angger-angger ḍawuhing Allah menika wonten ing ḍawuh Dalem Sang Kristus:
- ,,Ditresna marang Gusti Allahmu kanți ngetog atimu, ngetog sukmamu lan ngetog kekuwatanmu, apa manèh marang pepaḍamu kaja marang awakmu ḍéwé”.
4] 413. Pepadamu iku sapa?
- Sesami kula menika sadaja manungsa, ugi satru kula.
5] 414. Jagéné pepadamu iku kudu koktresnani kaja awakmu déwé krana Gusti Allah?
- Mila sesami kula kedah kula tresnani kados badan kula pijambak krana Gusti Allah: awit Gusti Allah pijambak inggih tresna dateng sadaja tijang.
- ,,Apa sing koktindakaké marang sedulurku kang asor déwé, iku koktindakaké marang Aku".
Matt. 25: 40.
5] 415. Tresna marang pepada kaja marang awaké déwé iku kaprijé?
- Tresna ḍateng sesami kados ḍateng badanipun pijambak menika kadjengipun: ngadjab lan najogjani menawi tijang sanès manggih sadajaning kabegdjan sarta ngrengkuh tijang sanès
- kados déné badanipun pijambak kepéngin karengkuh ing sanès.
6] 416. Kaprijé rékané anggonku kudu pada ngatonaké katresnan marang pepadaku tjara Katulik?
- Anggèn kula kedah sami ngatingalaken katresnan kula dateng sesami tjara langkung - langkung Srana Katulik menika rumeksa dateng gesang-luhuring sanès sarta asung tetulung ḍateng sanès, samangsa katjingkrangan ing prekawis rochani tuwin djasmani.
Pakarjan sih-kadarman.
6] 417. Katresnanku marang sadulur sing ora Katulik iku kudu kaprijé?
- Katresnan kula dateng saḍèrèk ingkang boten Katulik menika kedah terus ing manah; tijang-tijang wau prajogi kula sembahjangaken ingkang katah.
6] 418. Tumrap satru utawa mungsuh, Gusti Jésus mulangaké kaprijé?
- Tumrap satru utawi mengsah, Gusti Jésus dawuh: angapunten lepatipun, njembahjangaken, tuwin males saé dateng piawonipun.
- ,,Aku kanḍa ing kowé: mungsuhmu tresnanana, wong-wong kang paḍa nguman-uman lan nguja-uja uripmu sembahjangna, supaja kowé pantjèn dadi putrané Ramamu ing Swarga".
Matt. 5 44. 45.
6] 419. Dosa nerak katresnan Katulik iku kaprijé?
- Dosa nerak katresnan Katulik menika saben - saben menawi nglampahi dosa ageng;
6] 420. Anggonku bisa nglakoni dosa nradjang keslametané sukmaning pepaḍaku iku luwih-luwih kaprijé tumindaké?
6] 421. Awèh sanḍungan iku kaprije?
ALLAH.
MARANG ALLAH.
3] 422. Sebutna angger-angger kang kapisan!
5] 423. Apa tegesé manembah marang Gusti Allah?
6] 424. Pangibadah sing endi, kang kudu takundjukaké marang Gusti Allah?
6] 425. Ngibadah batin iku apa?
Jo. 4: 24.
6] 426. Pangibadah lahir iku apa?
6] 427.,,Pangibadah umum" iku apa?
Matt. 18 20.
6] 428. Kang dadi puseré „Pangibadah umum” iku apa?
6] 429. Généa Tyas Dalem Sri Jésus kang Maha sutji iku ditjaosi pangabekti lan pakurmatan kang mirunggan?
6] 430. Ngabekti lan ngurmati Tyas Dalem iku tjarané kaprijé?
5] 431. Nerak angger-angger kang kapisan iku kaprijé?
5] 432. Njembah brahala iku apa?
5] 433. Gugon tuhon iku apa?
6] 435. Dosa nradjang pangibadah iku sing endi?
6] 436. Dosa ora sumarah marang karsaning Allah iku kaprijé?
6] 437. Sembahjang iku apa?
Ps. 86. 4. 5.
5] 438. Sebabé apa sembahjang iku perlu?
4] 439. Jèn sembahjang iku kudu kaprijé?
Marc. 11 : 24.
5] 440. Apa kang kudu tak-lakoni sadjroning sembahjang?
5] 441. Sing kudu taksuwun iku luwih-luwih apa?
- Ingkang kedah kulasuwun menika: langkung-langkung samukawis ingkang perlu utawi maédahi dateng karahadjengan kula pijambak utawi karahadjenganipun sesami.
5] 442. Apa njuwun barang kadonjan iku ija kepareng?
- Njuwun barang kadonjan menika inggih kepareng kémawon, nanging kula kedah sumarah dateng karsaning Allah, ingkang pirsa pundi ingkang maédahi lan pundi ingkang mitunani gesang kula.
5] 443. Pada-pada sembahjangan, endi kang nduwèni daja mirunggan?
- Sami-sami sembahjangan ingkang nggaḍahi daja mirunggan menika sembahjanganipun Pasamuwan Sutji ingkang katindakaken ing upatjaraning pangibadah umum.
3] 444. Sembahjangan kang diwulangaké Gusti Jésus iku sembahjangan sing endi?
- Sembahjangan ingkang dipunwutjalaken Gusti Jésus menika sembahjangan ,,Kangdjeng Rama". Menika sampun ngemot samukawis ingkang kedah kula suwun.
5] 445. Apa sebabé déné aku pada njebut Gusti Allah ,,Kangdjeng Rama"?
- Mila kula sami njebut Gusti Allah,,Kangdjeng Rama", awit:
5] 446. Jèn wis sembahjang ,,Kangdjeng Rama" lumrahé bandjur sembahjang ,,Sembah bekti" iku perluné apa?
- Jèn sampun sembahjang ,,Kangdjeng Rama" limrahipun ladjeng sembahjang ,,Sembah bekti" menika perlunipun:
4] 447. Patuté sembahjang iku pendak apa?
- Pantesipun sembahjang menika:
Luc. 11 : 1.
PANGABEKTI MARANG PARA SUTJI.
6] 448. Apa sebabé déné para Sutji iku pada takbektèni?
- Para Sutji menika sami kula bektèni, sebab sih- ing Allah makarja kanṭi mirunggan wonten ing para Sutji, saha para Sutji menika sakelangkung tuhu ing pangabdinipun ḍateng Sang Kristus, menapa malih sami djumeneng lantaran kula wonten ing Swarga.
4] 449. Ngabekti marang para Sutji iku kaprijé?
4] 450. Sing diarani rélikwi iku apa?
3] 451. Sing kudu dibektèni ngluwihi para Sutji kabèh iku sapa?
Luc. 1 48, 49.
5] 452. Sebabé apa Sang Kenja Sinutji iku kudu dibektèni ngluwihi para Sutji kabèh?
5] 453. Nélakaké katresnan marang Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah kang prajoga déwé iku kaprijé?
- Nélakaken katresnan ḍateng Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah ingkang prajogi pijambak menika mekaten:
Sembahjangan Malaékating Allah.
Sembahjangan Rosario Sutji.
Nganggo sekapulir.
4] 454. Apa sebabé Santo Jusup iku prajoga dibektèni kanti istimếwa?
-
Santo Jusup menika prajogi dipunbektèni kanți istiméwa, awit: Santo Jusup menika Ramaemban Dalem Sang Kristus, Garwa Dalem Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah, Santo Pangajomaning Pasamuwan Sutji lan Santo Pangajomaning para berah.
Dina rijaja: 19 Maret, 1 Mei.
Rijajané Santo Jusup, Santo Pangajomaning Pasamuwan Sutji.
Sasi Maret.
Piwulang kang ping sèket loro.
ANGGER-ANGGER KANG KAPINḌO.
3] 455. Sebutna angger-angger kang kapinḑo.
- „Adja ngutjapaké Asmané Gusti Allahmu tanpa perlu”.
4] 456. Angger-angger kang kapinḑo iku madjibaké apa?
- Angger-angger ingkang kaping kalih menika madjibaken: saben ngutjapaken Asmaning Allah lan Asma Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus kedah tansah kanți urmat.
- „Ing sakurebing langit ora ana Asma lijané pinaringaké marang umat manungsa, kang dadi margané aku kudu paḍa nemu karahajon”.
Acta 4 12.
5] 457. Sing gawé luhuring Asma Dalem kang Mahasutji kanṭi mirunggan iku tindak apa?
- Ingkang damel luhuring Asma Dalem Ingkang Mahasutji kanți mirunggan menika: sumpah lan prasetya.
5] 458. Sumpah iku apa?
- Sumpah menika: njebut Gusti Allah kanți semuwa, supados karsa njeksèni, menawi baḑé gineman ingkang njata utawi baḍé netepi ingkang dados prasetya kula.
6] 459. Sumpah iku dadiné dosa jèn kaprijé?
- Sumpah menika dadosipun dosa:
6] 460. Prasetya iku apa?
- Prasetya menika: apredjandji nindakaken prekawis ingkang saé ḑateng Gusti Allah lan ngaken wadjib mawi kakantjingan dosa.
6] 461. Jèn arep prasetya iku prajogané kaprijé?
- Jèn baḍé prasetya menika prajoginipun njuwun pitedahipun Rama-bih rumijin.
6] 462. Nerak angger-angger kang kapinḑo iku kaprijé?
- Nerak angger-angger ingkang kaping kalih menika:
5] 463. Supata iku kaprijé karepé?
- Supata menika: mudjèkaken awon saking Gusti Allah ḑateng badanipun pijambak utawi ḍateng tijang sanès.
5] 464. Jèn kaprijé: supata iku mung dosa tjilik?
- Supata menika namung dosa alit menawi namung dipunanggé ngedalaken pitembungan ingkang kasar.
- Njenjamah dateng Gusti Allah menika: njepèlèkaken, memojoki, utawi ngadjap awon dateng Gusti Allah, para Sutji utawi barang sutji. Tindak mekaten menika dosa ageng.
ANGGER - ANGGER KANG KATELU.
3] 466. Sebutna angger-angger kang katelu.
- „Élinga, anggonmu kudu nutjèkaké dinaning
Pangéran”.
4] 467. Angger-angger kang katelu iku dawuh apa?
- Angger-angger ingkang kaping tiga menika ḍawuh: nutjékaken dinten-dinten, ingkang kaundjukaken ḍateng Gusti Allah kanṭi mirunggan.
5] 468. Sapa sing netepaké dina-dina, kang diundjukaké marang Gusti Allah kanṭi muirunggan mau?
- Pasamuwan Sutji ingkang sampun nampi panguwaos saking Sang Kristus minangka netepaken, dinten ingkang pundi kedah dipunmuljakaken lan kados pundi.
3] 469. Dina apa sing ditetepaké Pasamuwan Sutji dadi dinaning Pangéran?
- Ingkang dipuntetepaken Pasamuwan Sutji dados dintening Pangéran inggih menika dinten Negahad.
Piwulang kang ping sèket papat.
ANGGER-ANGGER KANG PING PAT.
URMAT MARANG PANGUWASA.
3] 470. Sebutna angger-angger kang ping pat!
- „Ngurmatana bapa - bijungmu”.
4] 471. Angger-angger kang ping pat iku nḍawuhaké apa?
- Angger-angger ingkang kaping sekawan menika nḑawuhaken: ngurmati bapa-bijung sarta pengageng rohani utawi djasmani.
4] 472. Kuwadjibané anak marang wong-tuwané iku apa?
- Kuwadjibanipun anak ḑateng tijang-sepuhipun menika: tresna, urmat, mbangun miturut lan nulungi ing kekiranganipun.
- „Kowé botjah-botjah, sing pada mbangun-miturut marang wong-tuwamu krana Gusti:awit iki kuwadjibanmu”.Eph. 6: 1.
4] 473. Anak sing urmat marang wong-tuwané iku gandjarané apa?
- Anak ingkang urmat ḑateng tijang-sepuhipun menika gandjaranipun: berkahing Allah wonten ing donja ngriki lan gandjaran langgeng wonten ing Swarga.
6] 474. Kuwadjibané wong-tuwa marang anak iku apa?
- Kuwadjibanipun tijang - sepuh ḑateng anak menika: ngupakara, nggulawentah tjara Katulik wonten ing grija, sarta lumantar pamulangan Katulik.
- „Déné kowé para bapa, adja gawé seriking anakmu; nanging perdinen manut aturan lan piwulanging Pangéran. Eph. 6 4.
6] 475. Sebabé apa déné penggeḑé rohani utawa djasmani iku kudu diurmati?
- Pengageng rohani utawi djasmani menika kedah dipunurmati, awit: panguwasa lan wewenangipun asalipun saking Allah.
6] 476. Kuwadjibanku marang Pasamuwan Sutji iku apa?
- Kuwadjiban kula ḍateng Pasamuwan Sutji menika:
6] 477. Kuwadjibanku marang Pradjaku ḑéwé iku apa?
- Kuwadjiban kula ḍateng Pradja kula pijambak menika:
5] 478. Kenané mbangkang marang ḑawuhing penggeḑé iku jèn kaprijé?
- Kéngingipun mbangkang ḑateng ḑawuhing
Acta 5: 29.
3] 479. Sebutna angger-angger kang kalima!
5] 480. Angger-angger kang kalima iku nḍawuhaké apa?
5] 481. Nandukaké ala marang badané déwé iku kaprijé? Nandukaken awon ḍateng badanipun pijambak menika :
5] 482. Nandukaké ala marang badané wong lija iku kaprijé?
5] 483. Nerak angger-angger kang kalima mawa tetembungan iku kaprijé?
5] 484. Nerak angger-angger kang kalima ing sadjroning ati iku kaprijé?
5] 485. Jén ana wong kang nandukaké ala marang aku, aku kudu kaprijé?
3] 486. Sebutna angger-angger kang kanem!
- ,,Adja laku djina!”
3] 487. Sebutna angger-angger kang kasanga!
- ,,Adja mélik prakara djina".
6] 488. Sebab apa aku kudu pada urip murni?
- Kula kedah sami gesang murni:
,,Gusti Allah ora nimbali aku marang djedjenes nanging marang kasutjian. Sing sapa njepèlèkaké prekara iki, njepèlèkaké Gusti Allah pijambak, kang uga wis maringaké Roh Dalem kang Sutji marang kowé".
T. Thess. 42" 7.6.
6] 489. Angger-angger kang kanem iku nglarangi apa? Angger- angger menang kaping nem menika ngawisi:
5] 491. nDjaga kamurnèn kang prajoga ḍéwé iku kaprijé?
5] 492. Urip murni iku maédahi apa?
5] 493. Laku djenes iku temahané kaprijé?
5] 494. Jèn arep urip murni iku kudu kaprijé?
3] 496. Sebutna angger-angger kang ping pitu!
3] 497. Sebutna angger-angger kang ping sepuluh!
4] 498. Angger-angger kang ping pitu lan kang ping sepuluh iku nḍawuhaké apa?
4] 499. Nglakoni kautaman kaadilan iku kaprijé karepé?
6] 500. Pasamuwan Sutji mulang apa mungguhing milik?
6] 501. Apa kang dadi piwulangé Pasamuwan Sutji prekara pagawéan?
- Pasamuwan Sutji mulang, bilih njambut damel menika kuwadjiban sutji kanggé saben tijang Katulik; Pasamuwan Sutji ngaosi sanget dateng sadaja petukangan, djer Sang Kristus sampun karsa paring tulada ing prekawis menika.
- ,,Nalika aku isih nunggal karo kowé, aku dawuh: jèn ana sadulur kang ora gelem njambut-gawé, lah ya adja mangan".
II Thess. 3 : 10.
6] 502. Pasamuwan Sutji mulang apa mungguhing bab buruh?
- Pasamuwan Sutji mulang, bilih saḍèrèk berah
menika wenang nampèni bajar ingkane adil sarta karengkuh sapantesipun manungsa; Pasamuwan Sutji ugi mulang, bilih kantja berah kedah nindakaken kuwadjiban ing sapantesipun.
6] 503. Tindak ora adil marang pepaḍa iku kaprijé?
- Tindak boten adil dateng sesami menika:
4. ngrisak barangipun tijang sanès, utawi damel kapitunanipun;
5. boten purun mangsulaken barang ingkang dipunpanggih, utawi ingkang dipunsambut;
6. boten purun nglunasi sambutanipun;
7. njahak épah ingkang adil sarta njengkerem épah ingkang sampun dados haking tijang sanés.
4] 504. Barang tjolongan iku apa kudu dibalèkaké?
- Inggih, Barang tjolongan menika kedah dipunwangsulaken, semanten wau menawi saged katindakaken; déné jén boten mekaten, dosanipun boten dipunapunten.
- ,,Sing sapa tindak ora adil, bakal disiksa marga anggoné ora adil; ing prekara iki ora ana bédané wong sidji karo lijané”.
Col. 3. 25.
4] 505. Apa pitunané uga kudu diganti?
- Menawi saged, kita ugi kedah nggantos pituni ingkang kita damel dateng tijang sanès kanṭi ndjarag; jèn boten mekaten dosanipun boten dipunapunten.
3] 506. Sebutna angger-angger kang kawolu!
- ,,Adja goroh’’.
5] 508. Angger-angger kang kaping wolu iku maleri apa? Angger-angger ingkang kaping wolu menika maleri:
5] 509. Goroh iku apa?
5| 510. Apa wong iku tansah wadjib ngandakaké kang njata?
5] 512. Njatur alaning wong iku kaprijé karepé?
5] 513. Gumampang ngira alaning wong iku kaprijé?
5] 514. Jèn gawé kusuté djenenging lijan tanpa sebab kang maton, iku bandjur kuwadjiban ngapa?
LAN KANG KAPINḌO
3] 515. Utjapna angger-angger ḍawuhé Pasamuwan Sutji kang kapisan!
3] 516. Ing Vikariat kéné: dina gedé kang dipaḍakaké dina Ngahad iku sing endi?
(25 Ḍésember).
(15 Agustus).
3] 517. Utjapna angger-angger ḍawuhé Pasamuwan Sutji kang kapinḍo!
4] 519. Anggoné nḍèrèk Mis Sutji mau kudu kaprijé?
4] 520. Nglakoni dosa geḍé nerak angger-angger ḍawuhé Pasamuwan Sutji kang kapinḍo iku kaprijé?'
5] 521. Kaprijé bisaku nutjèkaké dina Ngahad lan dina geḍé kanti mirunggan?
5] 522. Sing gawé tjamahing dina Ngahad iku apa mung pegawéan kang diwaleri baé?
6] 523. Matiraga iku perluné apa?
Col. 3: 5.
Gal. 5 24.
6] 524. Sing diwadjibaké Pasamuwan Sutji iku matiraga kang endi?
3] 525. Utjapna angger-angger dawuhé Pasamuwan Sutji kang katelu!
4] 527. Sing diwadjibaké sesirik iku sapa?
5] 528. Ing dina-pasa Pasamuwan Sutji ora marengaké apa?
5] 529. Sapa sing kudu pasa?
LAN KANG KALIMA
3] 530. Sebutna angger-angger dawuhé Pasamuwan Sutji kang ping pat!
4] 531. Pasamuwan Sutji dawuh apa ana ing angger-anggeré kang ping pat?
3] 532. Angger-angger dawuhé Pasamuwan Sutji kang kalima iku uniné kaprijé?
4] 533. Angger-angger mau nḍawuhaké apa?
6] 534. Apa aku djeneng wong Katulik sedjati, jèn aku mung ngudi rahajuné sukmaku ḍéwé baé?
6] 535. Laku apostolat iku kaprijé tjarané?
Jac. 5: 19. 20.
Matt. 5: 16.
6] 536. Anggonku nindakaké apostolat iku luwih-luwih kanggo tanah endi?
6] 537. Nulungi Tanah-missi iku kaprije tjarané?
6] 538. Laku apostolat umrap Tanah-wutah-rah iku kaprijé tjarané?
I Petr. 3 15.
5] 539. Apa wong iku wadjib nglakoni penggawé betjik?
II Cor. 5: 10.
5] 540. Manut pitedahé Kitab Sutji sing prajoga banget dilakoni iku penggawé betjik apa?
5] 541. Bisané pakarjan betjik iku olèh gandjaran, kudu kaprijé?
Matt. 6 : 1.
6] 542. Jen wong ngandut dosa gedé nglakoni betjik, apa iku tanpa guna babar pisan?
6] 543. Kasampurnan Katulik iku apa?
Matt. 5 : 6.
6] 544. Apa Sang Kristus ngersakaké supaja kabèh wong ndjangka marang kasampurnan?
Matt. 5 : 48.
6] 545. Dalané nggajuh marang kasampurnan iku endi?
6] 546. Ngertiku marang semangat Dalem iku saka ngendi?
Matt. 5 : 3-10.
6] 547. Apa Sang Kristus nedahaké srana kang mirunggan kanggo nggajuh kasampurnan?
- Pitedahing Indjil menika warni tiga:
- „Jèn kowé arep dadi sampurna, dolen barang darbèkmu, danakna marang wong mlarat, lan kowé bakal olèh radjabrana ing Swarga. Jèn wis, balia mréné lan nḍéréka Aku”. Mat. 19: 21.
TERUS MBEBANGUNA ADEDASAR PENGANDEL SUTJI, SEMBAHJANGA ING HJANG ROH SUTJI, LESTARIA ING KATRESNANMU MARANG ALLAH, NDJAGAKNA ING SIH KAWELASAN DALEM KANGDJENG GUSTI JESUS KRISTUS,
MURIH NGGAJUH URIP LANGGENG.
Jud. 20 - 21.
DINA GEḌÉ, DINA PASA LAN DINA SESIRIK
KANGGO WILAJAH VIKARIAT.I. Dina geḍé, kang dipaḍakaké dina Ngahad:
(25 Ḍésèmber).
II. Dina pasa ian sesirik.
(24 Ḍésèmber).
Déné tembung Pasa iku ditegesaké mengkéné:
ing dalem sadina - sawengi, mung mangan wareg sapisan. Déné enggoné mangan wareg mau kena ing wajah awan, utawa ing wajah soré.
Ing mangsa mangan kang wis kalumrah lijané, kudu njuda tadahé, kang wis dadi padatané ing samurwaté. Mulané bisa dianggep padatan kang absah, menawa kalané mangan kang ditjumpèni mau ndjupuk satjukupé, amrih bisa nglakoni kuwadjiban lan pagawéjané ing saben dinané tanpa pakéwuh, kang temen-temen.
III. Dina geḍé kang ora dipaḍakaké dina Ngahad.
Rijaja Supit Dalem. (1 Djanuari).
” Ratu tetelu. (6 Djanuari).
” Dèwi Marijah nutjékakeé Salira (Wiladah utawa Mis Padang. (2 Pébruari.).
” Santo Jusup. (19 Maret). [ 160 ]Rijaja Dèwi Marijah tampi pawarta kabungahan. (25 Maret).
” Paskah dina kang kapinḍo.
” Santo Jusup djumeneng Pangajomaning Pasamuwan Sutji.
” Santo Jusup krija (1 Mei).
” Pèntékostah dina kang kapindo.
”Dèwi Marijah djumeneng Ratu Putri (31 Mei).
”Tyas Dalem Gusti Jésus.
”Santo Pétrus lan Santo Paulus (29 Djuni)
”Wijosan dalem Dèwi Marijah (8 Sèpt.).
”Para Sutji. (1 Nopèmber).
”Dèwi Marijah pinurba mulus tanpa
tjiri. (8 Désèmber).
”Wijosan Dalem dina kang kapinḍo.
Katja
Purwaka. |
2 |
Sembahjangan Padinan |
3 |
Sembahjangan ésuk |
9 |
Sembahjangan bengi |
12 |
Bebuka. |
16 |
Piwulang:
1. Bab Gusti Allah. |
18 |
2. Allah Sidji Djedjer Telu. |
20 |
3. Gusti Allah kang nitahaké, mangérani lan ngerèhaké bumi langit. |
22 |
4. Para Malaékat lan dosané. |
24 |
5. Manungsa kang sepisanan lan enggoné tumiba ing dosa. |
26 |
6. Dosa asal |
29 |
7. Njawisaké Rawuh Dalem Sang Panebus |
31 |
8. Kangdjeng Gusti Jésus Kristus |
32 |
9. Pandjalma-Dalem Allah Hjang Putra |
34 |
10. Timur Dalem Gusti Jésus Kristus lan Sugeng-Dalem mempen |
36 |
11. Sugeng Dalem Gusti Jésus ana ing masarakat. |
38 |
12. Sangsara lan Séda - Dalem Gusti Jésus |
39 |
13. Gusti Jésus wungu saka séda |
42 |
14. Gusti mékrad menjang Swarga. |
43 |
15. Gusti Jésus djumeneng Maha-Djeksa. |
45 |
16. Hjang Roh Sutji. |
47 |
17. Pasamuwan Sutji |
49 |
18. Pangrèhing Pasamuwan Sutji |
53 |
Katja
19. Pasamuwan Sutji kagungan Panguwasa Memulang |
50 |
20. Getok tular run-tumurun illahi lan Kitab Sutji. |
57 |
21. Pasamuwan Sutji kadunungan Panguwasaning Imam. |
59 |
22. Panunggaling Para Sutji. |
60 |
23. Pangapuraning dosa. |
62 |
24. Pati lan tangining badan. |
63 |
25. Swarga, Naraka lan Geni-pangresikan. |
65 |
Piwulang:
26.Sih-Dalem Gusti Allah. |
70 |
27.Sakramèn-Sakramèn. |
72 |
28. Sakramèn Baptis. |
74 |
29.Sakramèn Kasantosan. |
78 |
30.Ékaristi Sutji. |
80 |
31.Ékaristi Sutji iku Kurban: Kurban Mis Sutji. |
82 |
32. Pérang-pérangané Kurban Mis Sutji. |
84 |
33. Ékaristi Sutji ing ngatasé Sakramèn: Sakramèn Maha Sutji ing Altar. |
87 |
34. Pakurmatan kondjuk Sakramèn Maha-Sutji ing Altar. |
90 |
35. Sakramèn Pengakuning Dosa |
91 |
36. Keduwung lan nijat |
93 |
37. Ngebihaké dosa, nindakaké dendaning dosa |
95 |
38. Laku-lakuné wong ngaku dosa. |
98 |
39. Aflat (Lunasing siksa utawa sudaning siksa kang ora langgeng). |
100 |
40. Sakramèn Lenga Sutji. |
102 |
41. Sakramèn Kaimaman |
104 |
42. Sakramèn Idjab. |
106 |
43. Sakramentali |
109 |
|
Piwulang: |
Katja
|
44. Kautaman Katulik. |
112 |
45.. Bab dosa |
114 |
46. Pengandel Katulik |
116 |
47. Pengarep-arep Katulik. |
119 |
48. Katresnan Katulik |
120 |
49. Pangabekti lan Panembah marang Allah |
124 |
50. Sembahjang |
127 |
51. Pangabekti marang Para Sutji. |
130 |
52. Ngluhuraké Asmaning Allah |
133 |
53. Dinaning Pangéran. |
135 |
54. Urmat marang Panguwasa |
136 |
55. Urmat marang uriping wong |
138 |
56. Kamurnèn Katulik |
140 |
57. Kaadilan Katulik |
142 |
58. Urmat marang kanjataan. |
144 |
59. Angger angger kang kapisan lan kang kapindo dawuhé Pasamuwan Sutji |
147 |
60. Angger-angger kang katelu dawuhé Pasamuwan Sutji |
147 |
61. Angger-angger kang kapat lan kang kalima dawuhé Pasamuwan Sutji |
150 |
62. Apostolat |
151 |
63. Panggawé betjik lan Kasampurnan Katulik |
153 |
Pèngetan |
157 |
Reimprimi potest :
✝ A. SOEGIJAPRANATA S. J.
Vic. Apost. de Semarang.
Semarang, 3 Oct. 1959.