Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

A. Wacanen sing titi!

Watuk
Sasana dereng gadhah duga. Dipun tuturi dereng mudheng. Asring sanget Sasana ngendheg bakul tetedhan. Ngertos-ngertos sampun nyomak-nyamuk kaliyan nudingi bakulipun. Sampun nate Sasana ngendheg tiyang sade es, lajeng nembung tumbas. Sasana dipun lungi es. Ingkang sade lajeng nyuwun arta dhateng tiyang sepuhipun.

Sasana lajeng watuk-watuk. Sasana dipun ombeni sirup obat batuk sedinten kaping tiga, satunggal sendhok teh.
Sekawan dinten Sasana saweg mantun watukipun.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Sasana lara apa?
    Sasana sakit . . . . .
  2. Geneya Sasana lara watuk?
    Amargi Sasana ngombe . . . . .
  3. Sasana ditambani apa?
    Sasana dipun jampeni . . . . .
  4. Larane nganti pirang dina?
    Sakitipun ngantos . . . . .

87