Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 10

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Watuk
Sasana : Uhuk, uhuk, uhuk!
Ibu : Apa Sas sing kogawa kuwi?
Kuntadi : Es, Bu!
Ibu : Piye ta, Kun, adhike kok ditukokake es?
Sasana : Uhuk,uhuk, uhuk!
Kuntadi : Kula boten ngertos, Bu!
Sasana : Bu, tula tumbah eh. Uhuk, uhuk!
Ibu : Hara ta! Kene, Lik, ese diasta Ibu!
Sasana : Tampun telah, Bu. Uhuk, uhuk!
Kuntadi : Dhik Sas dipun jampeni kemawon, Bu!
Ibu : Kae, jupukna sirup obat batuk ana lemari obat kae!
Sasana : Dipun obati, Bu? Uhuk, uhuk,uhuk!
Ibu : Enya Sas, iki diemik, legi kok, Lik!
Sasana : Endih, Bu!


85