Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Bebukaning Atur

Nuwun, para nupiksa.

Wontenipun kula sakanca ndhapuk Buku Wulang Basa Kangge Sekolah Dasar punika, esthining manah kula amung kepengin ndherek nguri-uri Basa Jawi tetilaraning para leluhur, ingkang satuhu adi luhung.

Wedaling Buku Wulang Basa punika nyerangi saha nyengkuyung dhateng cak-cakaning Kurikulum Sekolah Dasar 1975 ing babangan Basa Jawi. Mila, pandhapukipun buku punika sampun kadamel keplok, salaras kaliyan GBPP-nipun pisan ingkang dipun wedalaken dening Kantor Wilayah Departemen P dan K Propinsi Jawa Tengah.

Mugi-mugi Buku Wulang Basa punika saged suka sumbangsih sawatawis tumraping kemanjenganipun Basa tuwin Bangsa punapa dene Negari ingkang nedheng-nedhengipun sengkut gumregut ngyahi Pembangunan Agung adhedhasar Pancasila tuwin Undang-Undang Dasar 1945.

Nuwun.


Semarang, surya kaping 1 Nopember 1980

Aturipun para pandhapuk