Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Baswara : O iya, bung pring kae isih ana slumpringe.

Saiki genti, kowe takbedheki. Dikethok malah mundhak dhuwur.
Apa hara? Ha ha ha ha ha!

Praba : Wah kok. terus diengel-engel!

Ora ana kuwi!

Baswara : Ana bae! Kathok kae yen kedawan, dikethok ngisor rak saya munggah dadi dhuwur, ta!
Praba : Ha ha ha! Iya iya! Wis ah, Mas, kesel aku!

B. Wacanen kang patitis, kedalna sing trep!
1. a. Aku tuku pitik.
  b. Pitikku tukung.
2. a. Bapakku guru.
  b. Gurungku lara.
3. a. Pitikku kuru-kuru.
  b. Pitike Praba dikurung.
4. a. Murti ngethoki kuku.
  b. Tanganku dakkukur, nglecep.
5. a. Kowe milih endhas apa pupu?
  b. Uler kuwi ngrikiti pupus gedhang.


67