Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 8
I. A. Pacelathon
Tindakna!
Cangkriman
| Praba | : | Mas Bas, takbedheki ya! |
| Baswara | : | Iya! Kok elok Dhik, Kowe nantang cangkriman. |
| Praba | : | Ora nantang kok! Aku ajar kareben pinter! |
| Baswara | : | Iya iya. Ning sok-sok aku ya ora ngerti lho! |
| Praba | : | Apa iya? Coba ya! |
| Baswara | : | Iya. |
| Praba | : | Anake jaritan, emboke malah wuda, apa Mas? |
| Baswara | : | Ya saru no! Sing tuwa kok malah wuda. Kleru sajake, Dhik! |
| Praba | : | Ora bae yen kleru! |
| Baswara | : | Wis, Dhik, aku trima kalah. Coba aku tuduhanal! |
| Praba | : | Pring kae lho, Mas, Rak wuda ta, wong ora ana slumpringe. Ning anake rak malah jaritan. |
66