Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Bapak mundhut buku catur kaliyan majalah.
  2. Kala wingi Embah kondur, nitih sepur.
  3. Kula badhe sowan Pak Guru.
  4. Kula dereng mudheng, badhe matur boten wantun.
  5. Bapak mriksani ringgit tiyang, kula ndherek.
  6. Embah nyare wonten ing griya kula.
  7. Pakdhe tindak Surabaya, tuwi Mas Bima.

C. Tuladha:
 a. Brahmana punika asmanipun Ajisaka.
 b. Brahmana punika asmanipun sinten?
Gawenen pitakon kaya dalaha, nganggo tembung sinten, pinten, utawa punapa!

  1. Bapak mundhut majalah kaliyan buku catur.
  2. Sabin celak kreteg punika kagunganipun Bapak.
  3. Putranipun Pak Mantri tiga.
  4. Buku punika reginipun sekawan atus rupiyah.
  5. Ingkang ngagem ageman bathik punika Pak Camat.
  6. Tegilipun dipun tanemi wijen.



52