Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sida kersa didhahar. Yen ora bisa mbatang, Ajisaka nyuwun bebana lemah saiket ambane.
Prabu Dewatacengkar nyagahi. Cangkrimane Ajisaka ngene: Wite adhikih wohe adhakah, wite adhakah wohe adhikih.
Prabu Dewatacengkar judheg, ora saged mbatang. Prabu Dewatacengkar trima kalah.
Ajisaka ngaturake batangane. Wite adhikih wohe adhakah iku semangka. Wite adhakah wohe adhikih iku ringin.
Ajisaka sida diparingi lemah. Ikete dijereng. Pojok loro lor dicekeli Ajisaka, pojok loro kidul diasta Sang Prabu.
Iket kuwi ora semeleh-semeleh ing lemah. Mulur terus, saya ngidul saya ngidul. Bareng tekan gisiking segara kidul, iket kuwi dikebutake Ajisaka. Prabu Dewatacengkar kecemplung ing segara Kidul, malih rupa salah kedaden dadi bajul putih. Bajul putih kuwi dadi balane Nyai Rara Kidul ratune segara Kidul.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Ratu ing Medhangkamolan jejuluk sapa?
    Ratu ing Medhangkamolan jejuluk . . . .

49