Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 6

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Prabu Dewatacengkar


Aji : Mas aku dongengana!
Baswara : Aja nakal ya!
Aji : Aku pa nakal, mas?
Baswara : Lha mau, mbalang bathuke dhik Tak?
Aji : Dhik Tak mbalang sikilku dhisik!
Baswara : Cah gede ya ngalah, no!
Aji : Iya, Mas, besuk maneh ora!
Baswara : Bagus! Takdongengke Prabu Dewatacengkar, ya?
Aji : Prabu Dewatacengkar kuwi bagus, mas?
Baswara : Huh, medeni! Rupane kaya buta, gawene mangan uwong!
Aji : Emoh, Mas! Aku wedi nek dipangan!
Baswara : Aja wedi! Wong Prabu Dewatacengkar saiki wis mati!

46