Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi

A. Wacanen batin

Raden Gathutkaca karo Buta Rambutgeni

Raden Gathutkaca satriya ing Pringgadani. Raden Gathutkaca kondhang peng-pengan, sekti mandraguna. Otot kawat, balung wesi, sungsum gegala. Kulit tembaga, driji gunting, sikut palu, dhengkul paron.

Raden Gathutkaca ngagem kotang antrakusuma, marakake bisa mabur tanpa elar. Nalika samana Raden Gathutkaca pinuju ngarak prajurite. Raden Gathutkaca ngam-

29