Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 4

II. A. Pacelathon
Tindakna!

Raden Gathutkaca karo
Buta Rambutgeni
Buta : He he he he he! Ora ana udan, thik ana bledheg nyamber-nyamber!
Gathutkaca : Tamatna, iki satriya Pringgadani, dudu bledheg!
Buta : Hehehehe he! Bojleng-bojleng, sapa jenengmu?
Gathutkaca : Bima putra, ya Gathutkaca!

Sapa pracekamu, Buta?

Buta : He lha dalah! Ora ana loro, mung aku sing jeneng Buta Rambutgeni.
Gathutkaca : Aja ganggu gawe, prajuritku arep liwat!
Buta : Ora kena liwat ngalas kene! Ayo, balia bae!
Gathutkaca : Besuk ora gelem, saiki ora gelem!
Buta : Wani karo aku, Gathut?

27