Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 3

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Ngingu Pitik
Swara Pitik : Gong gong petog! Gong gong petog!
Praba : Dhik Aji, pitike ngendhog maneh, Dhik!
Aji : Nek petog-petog ki ngendhog ta, mas?
Praba : Iya, mesthi!
Itak : Ngendhoge wis pila, Mas!
Praba : Ya ben, Dhik, Dhik Itak isih pelo kok!
Aji : Wis lolas! Ngleti pa ola lolas?
Itak : Ngleti wae! Cepuluh kalo lolota!
Praba : Dhik Aji aja nakal! Aja nirokake dhik Tak!
Aji : Mesakke ta, Mas?
Praba : Lha iya! Malah wurukana! Suk, yen endhoge wis netes takwenehi!