Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

A. Wacanen sing titi!

Embah Rawuh

 Embahipun Itak, Aji lan Praba rawuh.
 Dalemipun Embah ing dhusun Gesi.
 Manawi rawuh sok sekaliyan, kala-kala piyambak.
 Anggenipun ngasta angsal mbrengkut.
 Angsal-angsalipun warni-warni.
 Pisang ambon, pisang raja, lan pisang kepok.
 Embah ugi ngasta rambutan.
 Jadah inggih ngasta.
 Jadahipun gurih sanget.
 Praba, Aji, lan Itak sami bingah manahipun.
 Lare tiga lucu sadaya.
 Ibu lan embahipun boten kendel-kendel anggenipun
 nggujeng.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Sapa sing rawuh?
    Ingkang rawuh .....
  2. Embahe Praba daleme ngendi?
    Embahipun Praba dalemipun .....


11