Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 2

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Simbah Rawuh
Praba : Dhik Aji, Simbah kae Iho!
Aji : O iya! Simbah rawuh, Simbah rawuh!
Itak : Cimbah lawuh, Cimbah Tawuh, aku ceneng!
Simbah : Iya iya, kene kene, iki ditampani!
Praba : Inggih, Mbah! Kula tasipun!
Aji : Kula pisangipun, Mbah!
Itak : Kula lambutan, Mbah! Paleng, Mbah?
Ibu : Lho, Iho, iki piye ta! Kok oleh-olehe sing ketok! Cah-cah ki, wis ta nakale! Mangga mangga, Bu!
Simbah : Lumrah ta, wong bocah cilik!
Itak : Itak ola nakal kok, Bu! Itak pintel!
Simbah : Iya iya, Itak pinter! Kabeh pinter, kabeh bagus!


9