Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 1

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Handana : Ning, nong, ning! Ning, nong, ning!
Bapak : Apa ta Han, kok jogedan?
Handana : Kula seneng, Pak!

Ning, nong, ning, gung!

Bapak : Buku apa ta kuwi? Kok dienggo jaranan?
Handana : Jaran negar momot wajik, Handana bingar rapote apik!
Bapak : Ning, nong, ning, gung. Dlang gentak, dlang gung!

Ha ha ha ha ha!

Ibu : Tobil, tobil! Iki mau reyogan ta, Han?
Handana : Inggih, Bu, kula seneng sanget!
Bapak : Kuwi lho, Bu! Handana munggah klas loro, terus reyogan!
Ibu : Coba, gawanen rene! Rapot kok dienggo jaranan!
Handana : Mangga, Bu! Hi hi hik!

1