Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Bulik, Dhik Bawa punapa sampun bidhal?
  2. Mas, Mbak. Ratih punapa sampun mantun?

E. Wacanen banjur turunen!

  1. Rus, adhimu goncengna!
  2. Sri, lampune sumeden!
  3. Mbang, pitike pakanana!
  4. Jan, adhimu paranana!
  5. Mur, krambile paruten!
  6. Ning, potelot iki ongotana!
  7. Nung, pitike cekelen!
  8. Ris, kolahe kurasen!
  9. Ton, adhimu tarinen!
  10. Sum, entenana!

IV. Tembangna bebarengan!

Bocah-bocah Dolan
Bocah-bocah dolan dha mrenea!
Padhang-padhang mbulan kaya rina.
Latare jembar njingglang padhange.
Kareben bingar akeh rewange.
Ayo padha keplok plok: Surak hore!
Ayo padha keplok plok: Surak hore!

91