Kaca iki wis divalidasi
Banjir.
Udané deres. Sedina mbethethet ora
terang.
Kali cedhak désaku banjir. Mauné cilik,
suwé-suwe saya gedhé.
Banyuné butheg, nggawa sarah warna-
warna.
Ngendikané Bapak, jalarané banjir
iku, alas ing pagunungan padha gun-
dhul.
Mula, ayo padha njaga alas, aja di-
tebangi.
79