Kaca:Wulang Basa Jilid 1.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Bebukaning Atur

Nuwun, para nupiksa.

Wontenipun kula sakanca ndhapuk Buku Wulang Basa kangge Sekolah Dasar punika, esthining manah kula amung kepengin ndherek nguri-uri Basa Jawi tetilaraning para leluhur, ingkang satuhu adi luhung.

Wedaling Buku Wulang Basa punika nyarengi saha nyengkuyung dhateng cak-cakaning Kurikulum Sekolah Dasar 1975 ing babagan Basa Jawi. Mila, pandhapukipun buku punika sampun kadamel keplok, salaras kaliyan GBPP-nipun pisan ingkang dipun wedalaken dening Kantor Wilayah Departemen P dan K Propinsi Jawa Tengah.

Mugi-mugi Buku Wulang Basa punika saged suka sumbangsih sawatawis tumraping kemajenganipun Basa tuwin Bangsa punapa dene Negari ingkang nedheng-nedhengipun sengkut gumregut ngayahi Pembangunan Agung adhedhasar Pancasila tuwin Undang-Undang Dasar 1945.

Nuwun.

Semarang, surya kaping 1 April 1980

Aturipun para pandhapuk