Menyang kontèn

Kaca:Werdining Lembu Handini.pdf/1

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Werdining Lembu Handini



Ing tlatah Ngayogyakarta lan Magelang ana sawatara papan panggonan kang gegayutan karo patilasan-patilasan dhek jaman kuno kang diarani jaman Hindu. Warisan patilasaning para leluhur ing jaman. Hindu iku wujude Candhi Borobudur, Mendut, Prambanan, utawa ana sing nyebut Candhi Roro Jonggrang.

Akeh sing wis padha nyumurupi lan mangreteni anane Candhi Prambanan. Candhi iki ora kalah kasuwure karo Candhi Borobudur kang dumunung ing tlatah Kabupaten Magelang. Candhi Prambanan dununge ing desa lan kapanewon Prambanan, tapel watese leladan Ngayogyakarta lan Surakarta. Cethane ana sawetane Kali Opak.

Candhi Lembu Handinl (Mangini) dununge isih klebu ing plataran Candhi Prambanan. Ana sawetane babonanging Candhi Prambanan. Lembu Handini ana ing babad Hindu dadi titihane Sang Hyang Girinala uga kasebut Sang Hyang Guru yaiku Bathara Syiwa. Ana ing nagara Hindu, lembu utawa sapi iku dianggep kewan sing suci lire anggone bisa ngasilake pohan. Pohan pigunane kanggo nganakake sesaji marang para dewa. Kejaba kuwi ya kanggo nyugata para tamu Brahmana sing aran Argya. Argya yaiku pasukan kang wujude pohan karo maa. Iki minangka pasugatan kang dianggep luhur dhewe.

Ana ing crita, Handini (Mandini) iki klebu putraning dewa.