Kaca:Wedhatama.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

4. Taman limut
Durgamèng tyas kang wèh limput
Kérem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing suksma ngebda saardi gengira

5. Yeku patut
Tinulad-tulad tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna

6. Durung pecus
Kasusu kaselak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton Mesir
Pendhak-pendhak angendhak gunaning janma

7. Kang kadyèku
Kalebu wong ngaku-aku
Akalé alangka
Elok jawané dèn-mohi
Paksa langkah ngangkah mèt kawruh ing Mekah

8. Nora weruh
Rosing rasa kang rinuruh
Lumeket ing angga
Anggeré padha marsudi
Kana kéné kaanané nora béda

9. Uger lugu
Dénta mrih pralebdèng kalbu
Yen kabul kabuka
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahya sekar Srinata

10. Basa ngèlmu
Mupakaté lan panemu
Pasahé lan tapa
Yèn satriya tanah Jawi
Kuna-kuna kang ginilut tri prakara