Kaca:Wedhatama.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca


5. Dahat dénira aminta
Sinupeket pangkat kanthi
Jroning alam palimunan
Ing pasaban saben sepi
Sumanggem anyanggemi
Ing karsa kang wus tinamtu
Pamrihé mung aminta
Supangaté tèki-tèki
Nora kétang teken janggut suku jaja

6. Prajanjiné abipraya
Saturun-turun ing wuri
Mangkono trahing awirya
Yèn amasah mesu budi
Dumadya glis dumugi
Iya ing sakarsanipun
Wong agung Ngèksiganda
Nugrahané praptèng mangkin
Trah-tumerah darahé padha wibawa

7. Ambawani tanah Jawa
Kang padha jumeneng aji
Satriya dibya sumbaga
Tan lyan trahing Sénapati
Pan iku pantes ugi
Tinulad labetanipun
Ing sakuwasanira
Enaké lan jaman mangkin
Sayektiné tan bisa ngepleki kuna

8. Lowung kalamun tinimbang
Aurip tanpa prihatin
Nanging ta ing jaman mangkya
Pra mudha kang dèn-karemi
Manulad nélad Nabi
Nayakèng rat Gusti Rasul
Anggung ginawé umbak
Saben séba mampir masjid
Ngajap-ajap mujijat tibaning drajat