Kaca:Wedhatama.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

II Sinom

1. Nulada laku utama
Tumrap ing wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngèksiganda
Panembahan Sénapati ;
Kapati amarsudi h
Sudané hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri |
Amamangun karyénak tyasing sasama

2. Samangsané pasamuwan
Mamangun marta martani
Sinambi ing saben mangsa
Kala-kalaning asepi
Lalana tèki-tèki
Gayuh géyonganing kayun
Kayungyun eninging tyas
Sanityasa pinrihatin
Puguh panggah cegah dhahar lawan néndra

3. Saben méndra saking wisma
Lalana laladan sepi
Ngingsep sepuhing sopana
Mrih pana pranawèng kapti
Tis-tising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu rèh kasudarman
Nèng tepining jalanidhi
Sruning brata kataman wahyu dyatmika

4. Wikan wengkoning samodra
Kèderen wus dèn-ideri
Kinemat kamot ing driya
Rinegem sagegem dadi
Dumadya angratoni
Nenggih Kangjeng Ratu Kidul |
Dedel gayuh gagana
Umara marek maripih
Sor prabawa lan wong agung Ngèksiganda