Kaca:Wedhatama.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

16. Samengko kang tinutur
Sembah katri kang sayekti katur
Mring Hyang Suksma suksmanen saari-ari
Arahen dipun kacakup
Sembahing jiwa sutengong

17. Sayekti luwih parlu
Ingaranan pupuntoning laku
Kalakuwan kang tumrap bangsaning batin
Sucine lan awas émut
Mring alaming lama amot

18. Ruktiné ngangkah ngukut
Ngiket ngruket triloka kakukut
Jagad agung ginulung lan jagad alit
Den-kandel-kumandel kulup
Mring kelaping alam kono

19. Kelemé mawi limut
Kalamatan jroning alam kanyut
Sanyatané iku kanyataan kaki
Sajatiné yèn tan émut
Sayekti tan bisa amor

20. Pamèté saka luyut
Sarwa sarèh saliring panganyut
Lamun yitna kayitnan kang miyatani
Tarlèn mung pribadinipun
Kang katon tinonton kono

21. Nging aywa salah surup
Kono ana sajatiné urub
Yeku urub pangarep uriping budi
Sumirat-sirat narawung
Kadya kartika katonton

22. Yeku wenganing kalbu
Kabuka ta kang wengku-winengku
Wewengkoné wus kawengku neng sireki
Nging sira uga winengku
Mring kang pindha kartika byor