Kaca:Wedhatama.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

9. Mangkono mungguh ingsun
Ananging ta saréhning asnafun
Béda-beda panduk panduming dumadi
Sayektine nora jumbuh
Tékad kang padha linakon

10. Nanging ta paksa tutur
Rèhné tuwa tuwasé mung catur
Bok lumuntur lantaraning rèh utami
Sing sapa temen tinemu
Nugraha geming kaprabon

11. Samengko sembah kalbu
Yèn lumintu uga dadi laku
Laku agung kang kagungan narapati
Patitis teteping kawruh
Meruhi marang kang momong

12. Sucine tanpa banyu
Amung nyunyuda ardaning kalbu
Pambukané tata titi ngati-ati
A tetep talatèn atul
Tuladan marang waspaos

13. Mring jatining pandulu
Panduking don dadalan satuhu
Lamun lugu legutaning rèh maligi
Lagehané tumalawung
Wenganing alam kinaot

14. Yèn wus kambah kadyeku
Sarat sarèh saniskarèng laku
Kalakoné saka eneng ening éling
Ilanging rasa tumlawung
Kono adiling Hyang Manon

15. Gagaré ngunggar kayur
Ngayun-ayun mring ayuning kayun
Bangsa anggit yèn ginigit nora dadi
Marma dèn-awas dèn-émut
Mring pamurunging lalakon