Kaca:Wedhatama.pdf/1

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

I Pangkur

1. Mingkar mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngèlmu luhung
Kang tumrap nèng tanah Jawa
Agama ageming aji

2. Jinejer neng Wédhalama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsané pakumpulan
Gonyak-ganyuk nglilingsemi

3. Gugu karsané priyangga
Nora nganggo paparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadèng semu
Sinamun ing samudana
Sasadon ingadu manis

4. Si Pengung nora nglegéwa
Sangsayarda dénira cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandhané nora kaprah
Saya élok alangka longkangipun
Si Wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si Pingging