Kaca iki wis divalidasi
- Sajatine kang mangkana, wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi, bali 'alaming asuwung, tan karem karameyan, ingkang sifat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.
SINOM
- Nulada laku utama, tumraping wong tanah Jawi, priyagung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapati, kapati amarsudi, sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi ing siyang ratri, amemangun karyenak tyasing sasama.
- Samasane pasamuwan, memangun marta-martani, sinambi ing saben masa, kala-kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas, sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dahar lawan nendra.
- Saben mendra saking wisma, lelana laladan sepi ngingsep sepuhing sopana, mrih pana pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulús, mesu reh kasudarman, neng tepining jalanidhi, sruning brata kataman wahyu jatmika.
- Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamoting driya, rinegem sagegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kangjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan priyagung Ngeksiganda.
- Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanthi, jroning 'alam palemunan, ing pasaban saben sepi, sumanggem anyanggemi, ing karsa kangwus tinamtu, pamrihe mung ameminta, supa'ate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
- Prajangjine abipraya, saturun turuning wuri, mangkono trahing awirya, yen amaksih mesu budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, Priyagung Ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah darahe padha wibawa.
Weddhatama
3