Kaca iki wis divalidasi
- Mangkono 'ilmu kang nyata, sanyatane mung weh reseping ati, bungah ingaranan cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.
- Uripe sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadita guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha kandhane si mudha, prandene paksa kumaki.
- Kikisane mung sapala, palayune ngandelken yayah wibi, bangkit tur bangsane luhur, lah iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, ring artining tatakrama, nggon-anggon agama suci.
- Socaning jiwangganira, pan katara lamun pocapan pasti, lumuh asor kudu unggul, sumengah sesongaran, yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawira, nora enak iku kaki.
- Kekeraning 'ilmu karang, kekarangan saka bangsaning gaip, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, yen kapengkok pancabaya, ubayane mbalenjani.
- Marma ing sabisa-bisa, bebasane muriha tyas basuki, puruhita kang patut, lan traping angganira, ana uga angger uger ing kaprabun, abon-aboning panembah, kang kambah ing siyang ratri.
- Iku kaki takokena, marang para sarjana kang maratapi, mring topaking tepa tulus, kawawa nahan hawa, wrehanira mungguh sanyataning 'ilmu, tan pasti neng janma wredha, tuwin mudha sudra kaki.
- Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ilmu bangkit, bangkit mikat reh mangukud, kukudanganing jiwangga, yen mangkono kena sinebut wong sepuh, lire sepuh sepi hawa, awas roroning atunggil.
- Tan samar pamoring suksma, sinuksmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu, pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping aluyut, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati.
2
Weddhatama