Menyang kontèn

Kaca:Weddha Tama Jinarwa.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

10a. Nanging ta kudu tutur, rehne tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lelantaran murih linuwih, sapa temen tinemu, nugraha geming keprabon.

10b. Ananging kudu wewarah, rehne tuwa tuwase mung pangan-dika, bok ngelingi lelantaran murih linuwih, sapa kang temen-temen ketemu, wahyu gedhe agem agem ing karaton.

11a. Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagunan Narapati, patitis teteping kaweruh, meruhi marang kang among.

11b. Samengko sembahing ati, manawa lumintu uga dadi laku, laku gedhe kang kagungan Sang Ratu, patitis tetep ing ilmune nyumurupi marang kang ngemong.

12a. Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda kaardaning kalbu, pambukane tata titi ngati-ati, atete talaten atul tuladan maring waspaos.

12b. Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda kamurkaning ati, pambukane tata ngentakake pangati-ati, atetek talaten kulina, tuladan marang waspada.

13a. Mring jatining pandulu, panduking don dedalan satuhu, lamun lugu legutaning reh maligi, lageyane tumalawung, wenganing alam kinaot.

13b. Maring sajatining pangawruh, raketing don marganing kajaten, manawa temen-temen kulina oleh panggawe temen, lageyane gumawang wenganing 'alam kang linuwih.

14a. Yen wus lampah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone eneng ening awas eling, ilanging rasa tumlawung, kono adiling Hyang Manon.

14b. Manawa wis laku kaya mangkono, sarate ati sareh samu-barang laku, kalakone wijange mangkene : 1. eneng, kang diakoni jasad ora pradulen kang dudu wajibe, 2. eneng, kang dilakoni ati, darbeaya panggalih sabar tawakal, 3. awas kanga dilakoni roh nyawa, nyumurupake ala beciking sifat, 4. eling, kang dilakoni rahsa, engeta marang ala beciking karsa, ilanging rasa gumawang, ing kono adile Pangeran.

28

Weddhatama