Menyang kontèn

Kaca:Weddha Tama Jinarwa.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

13b. Marang kang aparing pangan, manawa kasuwen didukani, abubar kuwur atiku kaya kiyamat saben dina, abot Allah apa Gusti, salahku ora karuhan, lawas-lawas mudheng, sarehne aku anak priyayi, manawa maedah dadi kaum temah asor.

14a. Tuwin ketip suragama, pan ingsun nora winaris, angsur baya ngantepana, pranatan wajibing urip, lampahan angleluri, aluraning pra leluhur, kuna kumunanira, kongsi tumekeng samangkin, kikisane tan liyan mung ngupaboga.

15a. Bonggan kang ora merlokke, mungguh ugering ngaurip, ajine saka ing telung prakara, luhur (darajat) arta (dunya) pinter, manawa nganti sepi, saka ing wilangan katelu, entek tilasing manusa, aji godhong jati garing, ngadhepi sepi anjejaluk kaya ula nalosor.

16a. Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing jiwangga, melok tanpa aling-aling, kang ngalingi kalingling, wenganing rasa tumlawung, kaeksi saliring jagad, angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Suksma.

16b. Kang wis waspada marang patrap, ngimpuni karep ora kewran, putus marang uwosing badan nyawa, ceta ora mawa weweranan kang ngalingi katon, wenganing rasa gumawang, katon sakehing lelakon, angalangi tanpa antara, iya iku ingaran tapa labeting Pangeran.

17a. Mangkono janma utama tuman tumanen ing sepi, ing saben rikala masa, mangsah amemasuh budi, laire anetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anur raga, wignya met tyasing sasami, yeku aran wong barek berag agama.

17b. Mangkono iku wong linuwih, matuh manggon marang pasepen, ing saben kala masa, mangsah amemasuh budi, laire netepi, ing panggawening kasatriyan, tetep ngasorake sarira bisa ngupaya panggalihing liyan, iya iku wong barek birahi agama.

22

Weddhatama