10a. Lamun sira paksa nulad, tuladhane Kangjeng Nabi, ongger! kadohan panjangkah, wateke tan betah kakil, sarehne sira Jawi, sathithik bae wus cukup, aja guru aleman nelad khas ngeplegi Pekih, lamun pengkuh pangangkah yekti karamat.
10b. Manawa angger peksa aneniru, tuladhane Kangjeng Nabi, aduh angger! kadohan panjangkah, watake ora betah, angger! sarehne angger iku priyayi Jawa, sathithik bae wus cukup, aja dadi guruning Pangaleman, angger gelem, telad para wanter netepi kaya para alim, manawa kukuh pangarahe sayekti katarima dhewe.
11a. Nanging enak ngupa boga, sarehne tinitah la'if, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi gegrami, mangkono mungguh mami, padune wong dahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku bae tan ngenting, parandene paripaksa mulang putra.
11b. Mung enak ngupaya pangan, sarehne tinitah apesan, apa angabdi sang ratu, tetandur tuwin dedagang layar, mangkono mungguh yen aku padune wong luwih bodho, durung sumurup tembung, Arab Jawaku bae durung ngentek, parandene kumapeksa memulang anak.
12a. Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggere khaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan akhir jaman, tan tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tinimbalan.
12b. Saka nalika isih anom, sadhela wis anglakoni, birahi marang agama, saben khaji den ginuron, wadine atiku, banget wediku ing besuk, pangkataning jaman akhir, durung tumeka kabanjur wis ngawula, ora kober sembahyang banjur tinimbalan.
13a. Marang ingkang angsung pangan, yen kasuwen den dukani, abubar kuwur tyasingwang, lir kiamat saben ari, bot Allah apa Gusti, tambah-tambuh solahingsun, lawas-lawas nggrahita, rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nistha.Weddhatama
21