Menyang kontèn

Kaca:Weddha Tama Jinarwa.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

7b. Amengkoni tanah Jawa, kang padha jumeneng Nata satriya luwih luhur (misuwur), ora liya darahe Kangjeng Panembahan Senapati, iku uga pantes, ditelad panggalihane, ing sakuwasane, enake karo lelakon saiki, sayektine ora bisa ngepleki biyen.

8a. Lowung kalamun tinimbang, gaurip tanpa prihatin, nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, anelad nulad Nabi, Nayakengrat Kangjeng Rasul, kanggep ginawe umbag, saben seba mampir masjid ngajab ajab mukjiyad tibaning drajad.

8b. Lowung manawa katimbang, ngaurip iku ora mawa prihatin, ananging ing jaman samengko, para nomnoman kang dikarepi, angenut enut ing Nabi nayakaning jagad Kangjeng Rasul dianggep kagawe umbag, saben seba mampir marang masjid, angajab ajab pamuja ing kanugrahan.

9a. Anggung anggubel sariat, saringane tan den wruhi, Dalil Chadis lan Idjemak, Qiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bingkrakan mring masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone Dhandhanggendhis, swara arum ngumandang cengkok palaran.

9b. Tansah angkraket sariat, syarae oradi sumurupi 1. Dalil pangandika tuduh, 2. Chadis seksi, 3. ljemak mufakat, 4. Qiyas-kanyatahan, ora nyumurupi (1. tuduh iku Kur'an pangandikaning Allah, 2. seksi iku kitab pangandikaning Rasul, 3. mufakat iku surat-surat pangandikaning para 'ulama, 4. kanyatahan iku 'ilmu pangandikaning para pandhita, sabab Kur'an iku 'ilmune kadapuk carita, dadi kanggo syara, kitab iku carita pepanggeran: surat iku petikan donga kang nganggo rasa: Qiyas mau kabeh ginulang kakeblat 'ilmu nganti kacekel kabeh) katungkul padha mungkul, songaran marang masjid gedhe, manawa maca kutbah, lelagone tembang Dhandhanggula, suwarane arum muluk acengkok Palaran.

20

Weddhatama