Tembunge Karengga Tembang Sinom
Jarwane kawantah gancaran
1a. Nulada laku utama, tumrapinh wong tanah Jawi. Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapati kapati amarsudi, sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, nenepi ing siang ratri, amemangun karyenak tyas ing sasama.
1b. Tuladha lakon becik, tumrape priyayi Jawa, Wong Gedhe ing Mataram, Kangjeng Panembahan Senopati, abanget mesugalih, sudane hawa deduka, dipesu kalayan laku tapa, anyenyepen ing rina wengi, anamur gawe enaking atining sapadha.
2b. Samasane sarasehan karsa, amangun sarembug wirasa kasambi ing saben wayah, saben peparinganing asepen, akesah tetapa, anggayuh gandhulaning karep, (iya iku poke), kepencut enenging galih, ora pegat diprihatinake, santosa tekat cegah dhahar lan sare.
3a. Saben mendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngingsep sepuhing sopana, mrih pana pranaweng kapti, titis tyas mamarsudi, mardawaning budya tulus, mesu reh kasudarman, neng tepining jalaniddhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
3b. Saben kesah saka padaleman, lelampah ing ambah ambahan ing asepan, angingus sepuhing bebener, murih awas sucining karep, melenging galih amesu, lestarining panggalih rahayu, mesu panggawe prayoga, ana pinggiring sagara, bantering laku kakenan lairing batin.
18
Weddhatama