11b. Iki angger! kadangokena marang wong pinter kang mratapa amurih tilasing ukuran rahayu kuwawa anahan hawane, sumurupa mungguh sajatining ilmu ora mesthi ana wong tuwa utawa enom apadene mlarat, angger!
12a. Sapa entuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah 'ilmu bangkit, bangkit mikat reh mangukud, kukundang jiwangga, yen mangkana kena sinebut wong sepuh, lir ing sepuh sepi hawa, awas roroning atunggil
12b. Sapa kang oleh wahyuning Allah wahyuning rasa banjur padhang angulah 'ilmu bisa-bisa anyipta angrih kukudane, kukudaning jiwa jasad, manawa mangkono kena sinebut wong tuwa, tegesing tuwa sepi hawa anyepaki ing pangangsa tuwin deduka, awas loro loroning atunggal.
13a. Tan samar pamoring suksma, sinuksmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu, pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping aluyut, pincha pesting supena, sumusuping rahsa jati.
13b. Ora samar panunggaling rasa, rinasakake linairake ing asepen, kaenebake ana sajroning panggalih, wewenganing aling-aling ora luwih saka ing anteng pangrasaning pamepet, kaya pesating supena, sumusuping rasa ing dalem rasa
14a. Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widdhi, bali 'alaming asuwung, tan karem paremeyan, ing kang sifat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.
14b. Sajatine kang mangkono, wis kakenan wahyune ing Pangeran, bali marang 'alaming kasuciyan, ora karem marang parameyan, kang sifat wenang utawa kawasa (iya iku nepsu) uwis diuwisi bali witing sakawit, mulane wong anom kabeh.Weddhatama
17