8a. Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasti, lumuh kasor dudu unggul, sumungguh sesongaran yen mangkana kena ingaran katungkul, kareming reh kaprawiran, nora enak iku kaki.
8b. Cacading nyawa lan raga, iya katara manawa ngandika mesthi lumuh kalah kudu menang, kumanggep ngebarake, manawa mangkono kena ingaran kalimpud kandhih marang panggawe 'ilmu jaya, ora enak iku, angger.
9a. Kekerane ilmu karang, kekarangan saking bangsaning gaib, yeku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, yen kapengkok pancabaya, ubaya-ne mbalenjani.
9b. Simpenane 'ilmu anggitan, gegaweyan saka ing bangsaning kawadi, iku mung upama boreh, ora manjing sarira, mung ana sajabaning daging, angger manawa kapepet ing limang pakewuh (kang katembungake limang pakewuh mau : 1. pesating rasa, 2. pesating ganda, 3. pesating pangrungu, 4. pesating pandulu, 5. pesating napás), ing janjine onya utawa malesed.
10a. Marmo ing sabisa bisa, bebasane muriha tyas basuki, puru-hitaa kang patut, lan traping angganira, ana uga angger ugering kaprabon, abon-aboning panembah, kang kambah ing siyang ratri.
10b. Mula ing sabisa-bisa bebasane muriya ati prayoga magu-ruwa kang pantes, utawa trepe ing badane, ana uga angger ugering karaton, pirantine ing panembah kang kalakon rina wengine.
11a. Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapa, mrih tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, wruhanira mungguh sanyataning ilmu, tan pasti neng janma wreda, tuwin mudha sudra kaki.16
Weddhatama