Menyang kontèn

Kaca:Weddha Tama Jinarwa.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4a. Sipengung nora nglegewa, sangsayarda denira cecariwis, ngandhar-andhar angendhukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pingging.

4b. Wong bodho ora anyana, saya banget anggone umuk ing pangucap, ngandhar-andhar nganti mengger, pangucape ora mufakat ora jimrah, banget mokal kamokalan antarane, wong pinter putusing rasa ngalah, ngalingi marang wong busuk.

5a. Mangkono 'ilmu kang nyata, sanyatane mung weh reseping ati, bungah ingaran cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.

5b. Mangkono kawruh sajati, sajatine mung suka resepe ing ati, bungah ingaranan bodho, bungah manawa diina, ora kaya wong bodho tansah gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkon wong urip.

6a. Uripe sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi guwa gung asirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumunggung, pindha padhane si mudha, prandene kudu kumaki.

6b. Uripe sapisan rusak, ora dawa nalare pating saluwir, kaya guwa gedhe singid, katrajang dening angin, gumarenggeng anggereng tansah gumrunggung, upama pepadhane wong bodho, paran dene kudu kumaki.

7a. Kikisane mung sapala, palayune ngandelke yayah bibi, bangkit tatabasa luhur, telesih tatakrama, balik sira sarawungan bae durung, wruh atining tatakrama, nggon anggon agama suci.

7b. Kikisane mung sapele, palayune ngandelake bapa biyung rama ibu pinter tatabasa dhuwur, resik marang tatakrama, beda kowe sarawung bae durung, sumurup ing tembung satata (ing mangka tegese tatakrama iku, obahing badan kedaling lesan, dadi anak anan-anandakake solah demes tembung manis), pangageman tatakrama prayoga becik.

Weddhatama

15