Tembunge karengga tembang Pangkur
Jarwane kawantah gancaran
1a. Mingkar mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining 'ilmu luhur, kang tumraping tanah Jawa, agama ageming aji.
1b. Sumingkir (ora karsa) mungkur ing (tumoleh) nepsu (duka), asabab (jalaran) kademenan angrih (marentah) putra kaembanan (karengga) karesepan ing lelagon tembang, kabebungah kabecikake, supaya putus pangulahing kawruh dhuwur, kang kaanggo ing tanah Jawa, tatakrama ageming Nata.
2a. Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi, mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rahsa, yekti sepi sepa lir sepah asamun, samasane pakumpulan, gonyak ganyuk nglelingsemi.
2b. Binuka ana paugeran putra, murih ora kemba kembenganing panggalih, dadi utawa sanadyan tuwa ciklu, manawa ora nyumurupi rasa, sayekti sepi sepa kaya sepah garing, peparengane pakumpulan, tanpa deduga amirangake.
3a. Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling, lumuh ingaran balilu, uger guru aleman manjing janma, ingkang wus waspadeng semu, sinamuning samudana, sesadoning adu manis.
3b. Anggugu karepe dhewe, ora mawa tetakeran manawa ngandika, lumuh ingaranan bodho, ugere mung kaburu ing pengalembana, ananing wong kang wis awas ing pasemon,
kailangake samudanane, dipasah ingadu memanisan.14
Weddhatama