Kaca iki wis divalidasi
- Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendhet ing ri, apese kesandhung padhas, babak bundhas anemahi.
- Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wus bucik duweya kawruh sabodhag, yen tan nartani ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
- Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
- Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib-gaib, kasliring thithik tan kena, mancereng alise gathik, apa pandhita antiga, kang mangkono iku kaki.
- Mangka ta kang aran laku, lakune 'ilmu sejati, tan dahwen patiopenan, tan panasten ora jail, tan ujurungi ing kaardan, amung eneng amrih ening.
- Kaunang ing budi luhung, bangkit ajur-ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bener kawruh ira, yen ana kang nyulayani.
- Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala angemori, mung ngenaki tyas ing liyan, aywa esak aywa serik.
- Yeku ilafating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuhing nugraha, saking Hep Kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
- Mangkono kang tinamtu, tampa nugrahaning Widdhi, marma ta kulub den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
- Pantes tinulad tinurud, laladare mrih utami, utawa kembanging mulya kamulyaning jiwa dhiri, ora ta yen ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
- Ananging ta kudu kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tetuladhan, lamun tan mangkono kai, yekti tuna ing tumitah poma kaestokna kaki.
Weddhatama
11