Kaca iki wis divalidasi
- Putih lan kuningipun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair, bisa aliru wujud, kadadiyane ing kono.
- Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dening jro wekasane dadi jawi, rasakena kang tuwajuh, aja kongsi kabesturon.
- Karana yen kabanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi wong ina tan weruh, dheweke den anggep dhayoh.
KINANTI
- Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, dadya wiryaning dumadi, supadi niring sang saya, yeku pangreksaning urip.
- Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak panduking dumadi, mbengkas kaardaning driya, supadya dadya utami.
- Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samasa wis kawistara, lelandhepe mingis-mingis, pasah kukir reksamuka, kekes srabedaning budi.
- Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang mukitani sakarsa, gumelar'alam sakalir.
- Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwusireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sambadeng sedya, wawasen praptaning uwis.
- Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saking sathithik, pamothahing napsu hawa, linalatih mamrih titih.
- Aywa mematuh nalutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing rubeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rencananira sambekala den kalingling.
10
Weddhatama