Kaca iki wis divalidasi
- Yeku wenganing kalbu, kabuka ta kang wengku winengku, wewengkone wus kawengku ing sireki, nging sira uga winengku, mring kang pindha kartika byor.
- Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah rasa karasa rosing dumadi, dadine wus tanpa tuduh, mung kalawan khasing batos.
- Kalamun durung lugu, aja pisan wani ngaku aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, kena uga wenang muluk, kalamun wus padha melok.
- Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelanging kalbu, amung kandel kumandel ngandel ing takdir, trima lila ambek sadu, weruh wekasing dumados.
- Sabarang tindak tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami, sumimpango ing laku dur, ardaning budi kang ngrodon.
- Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, ingkang mbuka ing kijabu'llah gaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.
- Rasaning urip iku, krana momor pamoring sawujud, wujudu'llah sumarambah 'alam sakalir, lir manis kalawan madu, andi anane ing kono.
- Endi manis ndi madu, yen wus bisa nuksmeng pasang semu, pasamuwaning Hep Ingkang Maha Suci, kasikeping tyas kacakup, kasatmata lair batos.
- Ing batin tan kaliru, kedhap kilat liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang Widdhi, widadaning budi sadu, pandak panduking lirwenggon.
- Nggonira mamrih tulus, kalaksitaning reh kang ginuruh, nggyanira mrih wiwal warananing gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.
Weddhatama
9