Kaca iki wis divalidasi
- Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati, patitis teteping kawruh, meruhi marang kang momong.
- Sucine tanpa banyu, amung nyenyuda ardaning kalbu, pambukane tata titi ngati-ati, atetep telaten atul, tuladan marang waspaos.
- Mring jatining pandulu, panduking don dedalanan satuhu, lamun lugu legutaning reh maligi, lagiyane tumlawung, wenganing alam kinaot.
- Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng ening eling, ilange rasa tumlawung, kono adil ing Hyang Manon.
- Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.
- Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Suksma, suksmanen saari-ari, arahen dipun kacakup, sembahing jiwa sutengong.
- Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuwan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan awas emut, mring alaming lama maot.
- Ruktine ngangkah ngukud, ngiket ngruket tri loka kakukud, jagad agung ginulung lan jagad alit, den kandel kumandel kulup, lan kalaping alam kono.
- Keleme mawa limut, kalamatan jroning 'alam kanyut, sanyatane iku kanyatahan kaki, sajatine yen tan emot, sayekti tan bisa amor.
- Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani, tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.
- Nging aywa salah surup, kono ana sajatining urub, yeku urub pangarep uriping budi, sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton.
8
Weddhatama