Kaca iki wis divalidasi
GAMBUH
- Samengko ingsun tutur, sembah catur supaya lumuntur, dingin raga cipta jiwa rasa kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
- Sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, sesucine saranane saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wewaton.
- Ing nguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa khas metokken anggit, mintonken kawignyanipun sari'ate elok-elok.
- Titik kaya santri dul, gajeg kadi santri brata kidul, saurute pacitan pinggir pasisir, ewon wong kang padha nggugu, anggere padha nyalemong.
- Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep arep kurup arsa den kurebi, tan weruh yen urip iku, akale kaliru enggon.
- Yenta jaman rumuhun, tata titi lumraha tumaruntun, bangsa sri'at, tan winor lan laku batin, dadi nora duwe bingung kang padha nembah Hyang Manon.
- Lire sari'at iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe putraningsun, nyenyeger badan mrih kaot.
- Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, lumrahing rah memarah antenging ati, nenungku angruwat ruweding batos.
- Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne sampun, beda-beda panduk panduming dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
- Nanging ta paksa tutur, rehne tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantarane ring utami, sing sapa temen tinemu nugraha geming kaprabon.
Weddhatama
7