Kaca:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
6
Ingkang njebal, poerwanipoen éwah dados: ꦪ꧈ kadosta: ꦥꦶꦪꦒꦼꦩ꧀ ꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦁꦒ꧉


III. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG NGANGGÉ SESELAN.
  1. Seselan: ꦫ꧈ ꦭ꧉
    Seselan: ꦫ꧈ ꦭ꧉ Kaserat mitoeroet pangrimbagipoen seselan, kadosta: ꦥꦽꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀꧈ ꦗ꧀ꦭꦼꦫꦶꦠ꧀ ꦒ꧀ꦭꦼꦉꦁ꧉ Boten kaserat: ꦥꦉꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ ꦒꦊꦉꦁ꧉
    Manawi wonten preloenipoen kénging kaserat: ꦥꦉꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ ꦒꦊꦉꦁ꧉
  2. Seselan: ꦤ꧈ kadosta: ꦥꦶꦤꦪꦸꦁꦔꦤ꧀ poenika kaserat tanpa pasangan: ꦤ꧉


IV. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI PANAMBANG.
  1. Panambang ingkang apoerwa aksara: ꦲ꧈ manawi toemrap ing wanda sigeg: ꦲ nipoen malih dados aksara sisigeg waoe, kakosta: ꦲꦮꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺ꧈ ꦊꦊꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꦤꦁꦒꦥ꧀ꦥꦶ꧈ ꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦩꦼꦤ꧀ ꦫꦲꦧ꧀ꦧꦤ꧉
  2. Panambang ꦲ
    h. Manawi wonten sawingkingipoen wanda menga nglegena, kaserat tetep: ꦲ꧈ kadosta: ꦧꦶꦱꦲ꧉