Kaca:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

WAWATON PANJERATIPOEN TEMBOENG DJAWI    
MAWI SASTRA DJAWI DALASAN ANGKA,
MITOEROET POETOESAN PAREPATAN
KOEMISI KASOESASTRAN ING
SRIWEDARI (SOERAKARTA).

________

I. TEMBOENG LINGGA.

  1. Temboeng lingga kaserat boten ngrangkep aksara. Kadosta: ꦠꦸꦤ꧈ ꦮꦤꦶ꧈ ꦱꦼꦫꦠ꧀ ꦊꦔ꧈ ꦧꦚꦸ꧈ ꦢꦲꦤ꧉
    Boten kaserat: ꦠꦸꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦱꦼꦂꦫꦠ꧀ ꦊꦁꦔ꧈ ꦧꦤ꧀ꦚꦸ꧈ ꦢꦃꦲꦤ꧉
    Wonten ingkang njebal: ꦠꦤ꧀ꦚ꧉
    Déné: ꦫꦲꦪꦸ꧈ sanadyan sanès temboeng lingga oegi boten kaserat: ꦫꦃꦲꦪꦸ꧈ awit saking temboeng lingga: ꦲꦪꦸ꧈ angsal ater-ater: ꦫ꧉
    Makaten oegi: ꦫꦲꦂꦗ꧈ ꦫꦲꦗꦼꦁ꧈ lan sapanoenggilanipoen.
  2. Temboeng lingga nigang wanda ingkang poerwanipoen menga nglegena. Sanadyan oengelipoen poerwaning lingga waoe mawi sanḍangan pepet, inggih kaserat nglegena. Kadosta: ꦤꦒꦫ꧈ ꦱꦭꦏ꧈ ꦮꦠꦫ꧈ ꦩꦤꦮ꧈ ꦧꦝꦪ꧉