Kaca:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
23

Temboeng: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈ dados: ꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈ amargi sanḍangan taling-taroeng ing temboeng: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈ sasaminipoen poenika dédé taling-taroeng loegoe, tanḍanipoen, manawi dipoen-panambangi itjal:
ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ — ꦒꦤ꧀ꦢꦤꦺ꧉


VI—VII.

Temboeng ingkang apoerwa aksara: ꦲ꧈ manawi kadamel rimbag: dwi-lingga, sanadjan paketjapanipoen aksara: ꦲ꧈ poerwaning lingga ing temboeng ingkang wingking malih dados sisigeging wanda wekasan ing temboeng ingkang ngadjeng, nanging panjeratipoen kalastantoenaken aksara: ꦲ꧈ preloenipoen soepados katingal tjeṭa manawi poenika temboeng dwi-lingga. Makaten oegi aksara: ꦲ꧈ poerwaning temboeng ingkang wingking temboeng tjamboran.


IX.

Gemboeng poenika kala kinanipoen kalebet sanḍangan, ananging ing djaman sapoenika sampoen limrah kaanggep pasangan, mila boten kénging kaserat roemaket ing pasangan ingkang doemoenoeng wonten sanganḍaping aksara, amargi baḍé awoedjoed aksara soengsoen tiga.


X.
  1. Aksara moerda kanggé ing seseratan, kadosta: ꦏꦂꦟ꧈ ꦏꦂꦰ꧈ ꦏꦟ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀ ꦲꦺꦰ꧀ꦛꦶ꧈ poenika noelad tjara