Kaca:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
18
ꦏꦺꦴꦭꦸ꧈ manoet wawaton sandi saking: ꦏ + ꦲꦸꦭꦸ Boten saking: ꦏꦼ + ꦲꦶꦭꦶ꧈ ꦏꦼ + ꦲꦸꦭꦸ꧈ dados sampoen tétéla ater-ateripoen: ꦏ꧉ Nanging ing djaman sapoenika ater-ater: ꦏ꧈ toemrap ing temboeng ingkang poerwanipoen boten loeloeh, paketjapanipoen warni kalih: ꦏ (tanggap) kalijan: ꦏꦼ (bawa), soeraosipoen béda. Mila ater-ater: ꦏ (bawa) toemrap ing temboeng ingkang poerwanipoen boten loeloeh, kédah kapepet, manawi baḍé damel tjawoehing soeraos kalijan tanggap: ꦏ꧉
Dados: katjemploeng, kablasoek, kadjeglong, ater-ateripoen boten perloe kapepet: ꦏꦕꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ꧈ ꦏꦧ꧀ꦭꦱꦸꦏ꧀ ꦏꦗꦼꦒ꧀ꦭꦺꦴꦁ꧉
  1. Temboeng ingkang apoerwa: ꦲ꧈ angsal ater-ater: ꦥꦶ꧈ ꦥꦿꦶ꧈ manawi lingganipoen taksih tjeṭa sanget, poerwanipoen lastantoen kaserat: ꦲ꧈ ingkang lingganipoen sampoen kirang tjeṭa, éwah dados: ꦪ꧉


III. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI SESELAN.
  1. Moerih roentoet kalijan panoenggilanipoen seselan: ꦤ꧈ sarta: ꦩ꧈ panjeratipoen temboeng ingkang angsal seselan: ꦫ꧈ oetawi: ꦭ꧈ kedah kaoeloer: ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ manawi wonten parloenipoen kénging katjekak: ꦗ꧀ꦭꦼꦫꦶꦠ꧀꧈