Kaca:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
14
XV. AKSARA LATIN DALAH ANGKANIPOEN.

Aksara Latin dalah angkanipoen manawi kaserat amor kalijan aksara Djawi: kadjèdjèr, dados toemoet kaserat sanganḍap garis.


XVI. AKSARA ARAB DALAH ANGKANIPOEN.

Aksara Arab dalah angkanipoen, manawi kaserat awor kalijan aksara Djawi, kadjèdjèr, dados toemoet kaserat sanganḍap garis.


XVII. ANGKA: 2.

Angka: 2 boten kénging kanggé njekak temboeng: ꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ oetawi temboeng dwi-lingga, kadosta:
ꦥꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ boten kénging kaserat: ꦥꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ2​ꦪꦤ꧀꧈
ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ boten kénging kaserat: ꦲꦭꦸꦤ꧀2