Kaca:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
13
  1. ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦈ꧈ ꦎ꧈ Boten wenang dados pasangan, mila sisigeg ing ngadjengipoen kapangkoe, kadosta: ꦮꦸꦭꦤ꧀​ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧈ ꦊ꧈ manawi dados pasangan kawangsoelaken: ꧀ꦭꦼ꧈ kadosta: ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦔ꧈ ꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦤ꧀꧈
    ꦉ꧇ pasanganipoen lastantoen ꧀ꦉ꧉


XII. AKSARA RÉKAN.
  1. Aksara rékan kanggé njerati temboeng mantja manawi parloe baḍé katjeṭakaken
  2. Aksara rékan ingkang soemambet ing wanda sigeg, manawi pasanganipoen aksara rékan waoe boten kaleres kaserat wonten sawingkinging sisigeg, aksaranipoen sisigeg kedah kapangkoe, kadosta: ꦩꦸꦏ꧀​ꦠ꦳ꦶꦂ꧈ ꦔꦧ꧀ꦢꦸꦭ꧀​ꦒ꦳ꦤꦶ꧉
  3. Aksara rékan manawi angsal sanḍangan: woeloe, pepet, tjetjak oetawi lajar, tjetjakipoen tiga wonten ngadjeng (kiwa) sanḍangan, kadosta: ꦢ꦳ꦶꦏ꦳ꦶꦂ꧈ ꦥ꦳ꦂꦭꦸ꧉


XIII. ANGKA DJAWI.

Angka Djawi amoeng kénging kanggé oeroet-oeroetaning bab sarta kanggé titi-mangsa.


XIV. ANGKA ROEM.

Angka Roem kénging kaanggé wonten ing seratan sastra Djawi, inggih poenika kanggé oeroet-oeroetan, angka taoen, sasaminipoen, déné aksara Latin kénging kasamboet kanggé oeroet-oeroetan.