Kaca:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
12

doemoenoeng wonten sawingkingipoen: ꦲꦶꦁ꧈ boten éwah, kadosta: ꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ ꦲꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦭꦠꦂ꧉

Wonten temboeng sawatawis ingkang njebal, kadosta: ꦲꦶꦁꦔꦶꦱꦺꦴꦂ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ ꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀ ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦠꦱ꧀ꦱꦺ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈ ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧉


IX. GEMBOENG (PASANGAN: ꦮ).

Gemboeng boten kénging toemrap ing pasangan ingkang kaserat wonten sanganḍapipoen sisigeg, kadosta:
ꦲꦤꦏ꧀​ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ boten kaserat: ꦲꦤꦏ꧀ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀꧈
ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀​ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦸꦂꦮ        ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦸꦂꦮ


X. AKSARA MOERDA.
  1. Aksara moerda namoeng kanggé wonten ing tata proenggoe, tegesipoen kanggé pakoermatan, seseratan sanèsipoen boten kenging nganggé aksara moerda waoe.
  2. Boten ngwontenaken aksara moerda: ꦦ tjerek, sarta: ꦨ tjerek.
  3. Seratan: ꦕꦟ꧀ꦝꦶ꧈ ꦏꦟ꧀ꦛꦶ꧈ ꦏꦂꦟ꧈ ꦏꦂꦰ꧈ ꦲꦺꦰ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀ kedah kaserat: ꦕꦤ꧀ꦝꦶ꧈ ꦏꦤ꧀ꦛꦶ꧈ ꦏꦂꦤ꧈ ꦏꦂꦱ꧈ ꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀꧈


XI. AKSARA SWARA.
  1. h. Aksara swara: ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦈ꧈ ꦎ꧈ kanggé njerati temboeng mantja, manawi soemedya katjeṭakaken.
    n. ꦉ꧈ kalijan: ꦊ꧈ lastantoen kanggé ing seseratan.