Kaca:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
11
ꦠꦿꦸꦏ    — ꦠꦸꦠꦿꦸꦏ꧉
ꦮꦺꦏ   — ꦮꦺꦮꦺꦏ꧉
ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦠ꧀ — ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦠ꧀꧈

nanging: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ — ꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉ Boten: ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉


VI. DWI-LINGGA

Temboeng ingkang poerwanipoen: ꦲ꧈ sarta wandanipoen wekasan sigeg, manawi kadamel dwi-lingga, poerwanipoen temboeng ingkang wingking boten éwah dados sisigeg waoe, kadosta:
ꦲꦭꦸꦤ꧀  — ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ boten: ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦭꦸꦤ꧀꧈
ꦲꦭꦁ  — ꦲꦭꦁꦲꦭꦁ     ꦲꦭꦁꦔꦭꦁ꧉


VII. TJAMBORAN.

Boentoetipoen akalijan bab VI. (Dwi-lingga), temboeng tjamboran ingkang temboengipoen ing ngadjeng wandanipoen ing wingking sigeg, sarta temboengipoen ingkang wingking apoerwa: ꦲ꧈ poerwa: ꦲ waoe boten éwah, kadosta:
ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦲꦫꦸꦩ꧀ boten: ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦤꦫꦸꦩ꧀꧈
ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀      ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦠꦧꦺꦴꦤ꧀꧉


VIII. TEMBOENG: ꦲꦶꦁ꧉

Temboeng ingkang apoerwa: ꦲ꧈ ꦫ꧈ ꦭ꧈ manawi